BAB I PURWAKA Bab iki ngandharake lelandhesane panliten, undhere panliten, tujuwane panliten, lan paedahe panlinten. Andharane sing luwih jangkep ing ngisor iki. 1.1 Lelandhesane Panliten Sastra yaiku ekspresi kang tuwuh saka pangangen-angen sajrone mujudake panguripan kang luwih becik. Penuangan ekspresi iki lumantar basa kang endah lan amba. Isi saka sastra kadang tersurat kadang uga tersirat, karya sastra ora mung dinikmati nanging uga dipahami lan dihayati, sastra asifat indah lan miguna. Pemahaman marang sastra isa dumadi yen dilakoni sacara totalitas, pamaca kudu isa awor sajrone semesta sastra. Sacara objektif minangka karya seni, karya sastra minangka karya kang mandiri kang duweni kabebasan tartamtu. Lan karya sastra minangka hasil saka pamikire manungsa dikarepake isa miguna tumrap manungsa liyane. Kang sabanjure dikarepake isa nuwuhake pamuji tartamtu. Lan maneh minangka hasil cipta karya kang disusun dening manungsa, karya sastra duweni paugeran marang bentuk ciptaane yaiku arupa tulis lan lisan Minangka karya sastra kang tuwuh saka pamikire manungsa lan miguna tumrap manungsa, sastra kang isine ngenani seluk beluk panguripane manungsa, sastra ora isa uwal saka aspek dominan kang dadi lelandhesan tuwuhe karya kasebut. Aspek- aspek dominan kasebut kayata aspek religi, sosial, lan 1
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
BAB I
PURWAKA
Bab iki ngandharake lelandhesane panliten, undhere panliten, tujuwane panliten, lan
paedahe panlinten. Andharane sing luwih jangkep ing ngisor iki.
1.1 Lelandhesane Panliten
Sastra yaiku ekspresi kang tuwuh saka pangangen-angen sajrone mujudake
panguripan kang luwih becik. Penuangan ekspresi iki lumantar basa kang endah lan amba.
Isi saka sastra kadang tersurat kadang uga tersirat, karya sastra ora mung dinikmati nanging
uga dipahami lan dihayati, sastra asifat indah lan miguna. Pemahaman marang sastra isa
dumadi yen dilakoni sacara totalitas, pamaca kudu isa awor sajrone semesta sastra.
Sacara objektif minangka karya seni, karya sastra minangka karya kang mandiri kang
duweni kabebasan tartamtu. Lan karya sastra minangka hasil saka pamikire manungsa
dikarepake isa miguna tumrap manungsa liyane. Kang sabanjure dikarepake isa nuwuhake
pamuji tartamtu. Lan maneh minangka hasil cipta karya kang disusun dening manungsa,
karya sastra duweni paugeran marang bentuk ciptaane yaiku arupa tulis lan lisan
Minangka karya sastra kang tuwuh saka pamikire manungsa lan miguna tumrap
manungsa, sastra kang isine ngenani seluk beluk panguripane manungsa, sastra ora isa uwal
saka aspek dominan kang dadi lelandhesan tuwuhe karya kasebut. Aspek-aspek dominan
kasebut kayata aspek religi, sosial, lan personal, katelu aspek kasebut raket sesambungane
karo hakikat kodrati manungsa.
Sajrone mahami karya sastra kudu nggatekake kepriye karya kasebut gambarake
panguripan lan sikap pangriptane. Pemahaman karya sastra kudu nyakup pikiran, rasa,
pemgalaman, ide lan kapercayan pangripta, khususe tumrap mahami karya sastra pesisiran
kang raket marang kapitayan.
Sastra mujudake asiling cipta, rasa, lan karsane manungsa. Teges ngenani sastra nganti
dina iki ora bisa dipesthekake endi sing bener lan pener, gumantung saka endi punjering
pamikir. Sajrone bukune Luxemburg (1989:5) ana saperangan bab kang njlentrehake ngenani
sastra. Sastra mujudake sawijining karya, kreasi, dudu imitasi. Ing kene pangripta nyiptakake
jagading kang anyar, mbacutake sawijining proses pangriptaning alam, bisa uga asipat
nyampurnakake. Sastra ing kene utamane mujudake sawijining pametune pangrasa kang
asipat spontan.
1
Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi
kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku sastran Jawa Kuna, sastran Jawa Madya,
satran Jawa Anyar, lan sastran Jawa Modern. Sastra Jawa anyar utawa klasik tuwuh lan
ngrembaka wiwit mlebune Islam lan runtuhe Majapahit (Suwarni, 3013:1). Wujud reriptan
sastrane akeh-akehe yaiku tembang macapat minangka metrum asli Jawa. Salah sijine
reriptan sastra ing jaman iki yaiku Panji Wulung. Panji Wulung diripta dening KGPAA
Mangkunegara. Reriptan iki nyritakake uripe paraga utamane yaiku Panji Wulung dhewe.
Adhedhasar andharan ing ndhuwur, panliten iki bakal ngandharake salah sijine
reriptan Jawa klasik yaiku crita Panji Wulung. Kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kang
ditindakake lumantar tintingan kapustakan, crita Panji Wulung iku bakal dionceki struktur
wewangunan crita lan dijlentrehake isine mligine ngenani nilai-nilai kang kinandhut sajrone
crita Panji Wulung iku. Pangajabe, panliten iki bisa migunani tumrap pasinaon sastra Jawa
mligine sastra Jawa klasik kang isine bisa ditulad lan dilarasake ing panguripan sabendina.
1.2 Undheraning Panliten
Saka andharan kang wis kaandharake ing ndhuwur, panliti netepake undherane panliten
iki yaiku:
(1) Kepiye gambarane naskah Panji Wulung?
(2) Kepiye struktur crita sajrone crita Panji Wulung?
(3) Apa wae nilai sing kinandhut sajrone crita Panji Wulung?
1.3 Tujuwan Panliten
Saka undheraning panliten ing ndhuwur, tujuwan panliten iki yaiku:
(1) Ngerteni gambaran naskah Panji Wulung.
(2) Ngerteni struktur crita sajrone crita Panji Wulung.
(3) Ngerteni nilai sing kinandhut sajrone crita Panji Wulung.
1.4 Paedahing Panliten
Paedah sajrone panliten iki yaiku:
(1) Kanggo panliten sastra, panliten iki dikarepake bisa menehi sumbangan tumrap
panliten sastra mligine ngenani kasusastran Jawa Klasik.
(2) Kanggo pamaos, supaya bisa nambah kawruh ngenani jagading sastra Jawa Klasik
mligine sing nduweni gegayutan karo nilai lan pranatan sosial.
2
(3) Kanggo pasinaonan ing jagading sastra, bisa didadekake sumber-sumber kanggo
pasinaonan tumrape telaah kasusastran Jawa Klasik.
1.5 Landhesan Teori
Perangan iki njlentrehake lelandhesan teori kang digunakake kanggo ngonceki lan
nganalisis crita Panji Wulung ing bab sabanjure.
1.5.1 Sastra Jawa Klasik
Sastra Jawa sing umure wis luwih saka sepuluh abad mesthi ngalami owah-owahan
ngenani konsep sastrane. Konsep sajrone sastra kakawin mesthi ora padha karo konsep
sajrone sastra kidung. Konsep tembang macapat uga mesthi beda karo konsep sastra Jawa
sadurunge. Beda-bedane konsep sajrone sastra Jawa iki ora liya amarga ana owah-owahan
cara uripe wong Jawa lan menehi pengaruh marang reriptan sastra sing kasil diripta. Sastra
dianggep nduweni wilayahe dhewe lan beda karo apa-apa sing non-sastra. Sastra minangka
asil kreativitas. Kreativitas iki sing nuwuhake yen sastra kuwi nduweni wilayahe dhewe
(Purnama, 2012:4).
Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi
kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku sastran Jawa Kuna, sastran Jawa Madya,
satran Jawa Anyar, lan sastran Jawa Modern. Sastra Jawa anyar utawa klasik tuwuh lan
ngrembaka wiwit mlebune Islam lan runtuhe Majapahit (Suwarni, 2013:1, delengen uga
Poerbatjareaka, 1057:87).
Titikane sastra Jawa klasik yaiku nggunake metrum nusantara yaiku awujud tembang
lan prosa. Tembange yaiku manut paugeran guru lagu lan guru swara kang awujud tembang
macapat, tembangtengahan, utawa tembang gedhe. Saliyane iku yaiku nggunakake basa jawa
gagrag anyar lan isine akeh sing kaprabawan Islam. Ene ruanglingkupe miturut Pigeaud
(1967) yaiku isine ngenani 1) agama lan kasusilan, 2) sejarah lan mitologi, 3) susastra, lan 4)
bunga rampai. Dene miturut Darusuprapta (tt), isine digolongake kalebu 1) purana utawa
tutur, 2) niti, 3) sasana, 4) sastra, 5) wiracarita, lan 6) sejarah (sajrone Suwarni, 2015).
1.5.2 Crita Panji
Salah sijine isi saka reriptan sastra Jawa klasik yaiku ngenani bab kaprawiran.
Tuladhane crita Panji. Crita Panji sabenere wiwit ngrembaka ing jaman Jawa pertengahan
mligine jaman Majapahit. Upamane Serat Panji Anggraeni kanthi sengkalan taun guna-
paksa-kaswareng rat, 1732 C/1801 M. senajan taune kalebu enom nanging Poerbaatjaraka
(1957) nggolongake kalebu tengahan merga nitik saka isine. Crita Panji dhewe minangka
3
prototipe nusantara. Tegese crita iki minangka reriptan asli nusantara. Miturut Zoetmulder
ngandhut nilai moral sing sesambungan karo budi luhur lan nilai uga norma kamanungsan.
Sifat luhur iku asipat universal. Tegese diyakini lan dipercaya dening manungsa sajagad.
Miturut pamawase Nurgiyantoro uga (2010:323-324), nilai moral sesambungan karo
panguripane manungsa sing diperang dadi telu. Yaiku manungsa karo dhiri pribadhine,
manungsa karo sapadha, lan manungsa karo pengerane. Jinise sesambungane manugsa iku
isih bisa diperang maneh adhedhasar tumindak lan sikepe.
7
BAB II
ANDHARAN
2.1 Gegambaran Naskah Panji Wulung
Crita Panji Wulung sing didadekake sumber dhata sajrone panliten iki yaiku crita
Panji sing diterbitake dening penerbit Balai Pustaka taun 1981. Crita panji iki awujud
tembang macapat kang karakit saka 27 pupuh. Crita Panji Wulung iki dianggit dening Raden
Haji Mukhamad Musa saka Limbangan kanthi irah-irahan Hikayat Panji Wulung. Kaya
cuplikan ing ngisor iki.
Mrih sarkar a kan g makirty a nguni Rade n Panj i ra n Muhamma d Musaing Limbanga n pangulun engarang srat Panji Wulung basa Sund a jinarwa n Jaw i mring Dya n Suryadijay a Bante n Kandhawilu ting mangk e pirembagirakan g par a lid lukitanipu n kinard i
kacar a Surakart a (Dhandhanggula, Pupuh kaping I pada 1)
Saka cuplikan iku cetha menawa crita iki asale saka Sundha kang dijarwakake
menyang basa Jawa gagrag surakartan sawise dirembug bebarengan dening Dyan
Suryadijaya ing Banten Kandhawilut. Dene crita iki dhewe katulis kanthi sengkalan ngarsa
tan ngesthi marni (1806) kaya cuplikan ing ngisor iki:
Titi panulading kalaPanji Wulung Ditya Manis Sura kaping kalih dasa Mrakeh Je sangkaleng warsi ngrasa ta n ngesthi marni pamardawanireng tembun g neng praja Surakarta telenging Karaton Jawimun g ngleluri basa-Jawa kang sanyata (Sinom, Pupuh kaping 27 pada26)Saka cuplikan iku cettha menawa crita Panji Wulung iki ditulis dina Rebo Legi, 20
Sura Wuku Mrekeh Taun Je 1806. Ditulis ing Surakarta minangka punjere pamrentahan
Jawa kanthi tujuwan ngleuri basa minangka perangane budaya Jawa.
Crita Panji Wulung sabanjure kacitak awujud buku wacan nggunakake aksara Jawa
kanthi irah-irahan Panji Wulung-Mangkunegara IV 272 kaca nalika taun 1931 dening
percetakan Landsdrukkerij- Batavia Centrum. Ing kono uga diterangake menawa crita iki
asale saka Sundha banjur kajarwakake menyang basa Jawa dening KGPAA Mangkunegara
(katalog no 1113 progam digitalisasi sastra Jawa ing laman
http://www.sastra.org/katalog/judul%3Fti_id%3D1113, kadeleng 10 November 2015).
banjur nggawe sayembara gedhe. Akeh wong sing ngupaya kanggo menangake
sayembara iku. Salah sijine yaiku Andakasura. Dheweke nemokake panglima lan gajah
sing wis dipateni Panji Wulung mau banjur diaturke menyang kaprajan. Ratu Cempa
tetep sedhih merga panglima lan gajahe wis ditemokakae nanging putrane isih durung
ketemu.
8. Pupuh Sinom, Ki Jurutani sing krungu banjur ngandhani lan ngutus Daeng Bremani lan
Ki Jenggala Jenggali ngirim surat menyang kaprajan. Sawise matur dawa ngenani crita
ketemune putrane, ratu mau seneng banget lan ngutur patihe uga wadya balane supaya
mapag putrane lan calon mantu sing dadi isi sayembarane mau menyang omahe Ki
Jurutani.
9. Pupuh Dhandhanggula, isine nyritakake ketemune Dyah Ayu Handayaningrat klawan
rama ibune. Saise iku Panji Wulung diwisuda minangka Raja Anom lan dadi garwane
putrane uga kanugrahan setengah negara Cempa. Semono uga Daeng Bremani lan Ki
Jenggala Jenggali sing diwenehi hadiyah. Andakasura sing dikunjara aprep diukum mati
merga mis ngapusi, nanging dicegah lan dibebasake dening Panji Wulung menawa
dheweke gelem mertobat. Sawise iku Andakasura mlayu sakulawargane menyang
Giligwesi. Ing kono dheweke nggawe pitnah lan ngomong menynang Ratu Giligwesi
menawa Prabu cempa wis ngina dheweke kanthi nikahake putrane karo pemudha elek
lan bdho. Ratu Giligwesi sing muntab banjur nyiapake wadyabalane lan nuju Cempa
saperlu ngadani perang gedhe.
10. Pupuh Durma, pupuh iki nyritakake nalika Panji Wulung budhal perang lumawan raja
saka Gilingwesi. Perang iki dimenangake dening Panji Wulung. Raja Gilingwesi
dipateni dening Harya Sudarma adhine kyai patih sing males dhendham amarga kakange
sing ora nduweni dosa apa-apa dipateni dening sang prabu Gilingwesi.
11. Pupuh Kinanthi, pupuh iki nyritakake nganani Panji Wulung lan para prajurit Gilingwesi
sing kalah mau pinuju marang kerajaan Cempa. Ing kene Panji Wulung crita marang
ramane ngenani sapa Harya Sudarma kasebut. Panji Wulung nyuwun marang ramane
supaya ngangkat Harya Sudarma dadi raja ing Gilingwesi. Sang prabu ora bisa nuruti
15
kekarepane Panji Wulung, dadi raja dudu erkara sing gampang. Pungkasane Harya
Sudarma dilantik dadi patih ana ing Gilingwesi.
12. Pupuh Asmaradana, pupuh iki nyritakake nalika Harya Sudarma dilantik dadi patih ing
kerajaan Gilingwesi. Harya Sudarma diwenehi jeneng patih Suraludira. Sawise dilantik,
Panji Wulung matur yen saiki wis sayahe Harya Sudarma bali menyang Gilingwesi.
Sadurunge bali, Panji Wulung aweh pitutur marang Harya Sudarma kepriye carane dadi
pemimpin sing becik.
13. Pupuh Sinom, pupuh iki nyritakake nalika sawise Harya Sudarama bali menyaang
Gilingwesi, prabu Anom utawa Panji Wulung ngutus punggawane kanggo ngundang ki
Jurutani menyang kerajaane, kabeh kulawargane ki Jurutani diundang lan disuguhi
suguhan sing maneka werna. Iki kabeh kanggo atur panuwune Panji Wulung marang ki
Jjurutani sakulawarga sing wis kersa ngopeni dheweke. Sawijining dina, prabu Anom
rumangsa sedhih, sisihane, Dyah Ayu ora tega nyawang kahanane prabu Anom, banjur
ditakoni apa sing njalari Prabu Anom taah sedhih. Prabu Anom kandha yen dheweke
kapang banget marang rama lan biyunge ing Sorandaka. Prabu Anom banjur nguts ki
Jenggala lan Demang Ngurawan kanggo nyampekake layang kanggo rama lan biyunge
ing Sorandaka.
14. Pupuh Dhandhanggula pupuh iki ngandharake ngenani kahanan ing Sorandaka, sang
patih Sorandaka sing ora liya ramane prabu Anom nduweni putra maneh kanthi jeneng
Panji Pamekas, nanging Panji Pamekas diangkat anak dening Prabu Sorandaka. Nalika
sang patih lagi omong-omongan karo permaisuri, ki Jenggala teka kanthi tetangisan
weruh sang Patih. Sang Patih sing weruh Ki Jenggala teka, banjur takon endi
momongane (Panji Wulung). Ki Jenggala ngandharake yen dheweke sowan menyang
Sorandaka saerlu menehake surat saka prabu Anom sing isine ngenani kepriye kahanane
Prabu Anom ing Cempa. Ki Jenggala wis ana ing Sorandaka suwene rong wulan, banjur
pamitan mulih. Sang patih nitipake layang walesan kanggo prabu Anom.
15. Pupuh Megatruh, pupuh iki ngandharake cerita ngenani prabu Anom ing Cempa ngarep-
arep ki Jenggala lan Demang Ngurawan supaya enggal bali. Ki Jenggala lan Demang
Ngurawan teka ing kerajaan Cempa. Prabu Anom seneng banget. Ki Jenggala ngaturake
layang walesan saka patih Sorandaka. Esuke Dyah Ayu ditimbali dening sang Prabu, ing
kono Dyah ayu diwenehi wejangan ngenani kepriye tata carane wong wadon ngladeni
bojone.
16. Pupuh Kinanthi, pupuh iki ngandharake ngenani prabu Cempa ngangkat Panji Wulung
dadi prabu ana ing Cempa. Kabeh punggawa kerajaan nyarujuki. Panji Wulung
16
diwenehi ali-ali dening sang prabu sing minangka simbul kekuasaan raja Cempa. Sawise
iku, sang prabu kapundhut dening Gusti.
17. Pupuh Asmarandana, pupuh iki isine ngenani pelantikan Panji Wulung utawa prabu
Anom dadi Prabu ing kerajaan Cempa. Panji Wulung banjur ngutus mantrine saperlu
ngirim layang menyang kerajaan Sorandaka sing isine ngeneni kabar yen prabu Cempa
wis kapundhut dening Gusti. Pupuh iki uga ngandharake ngenani larah-larahane Niken
Tunjung Sari bisa ali menyang kerajaan Sorandaka.
18. Pupuh Dhandhanggula, pupuh iki nyritakake ngenani piwales kanggo permaisuri patih
Sorandaka sing wis kasil mitenah Niken Tunjung Sari. Pupuh iki uga nyritakake ngenani
kedadyena nalika Niken Tunjung Sari dikirim menyang kerajaan Cempa Saperlu nemoni
anake, Panji Wulung.
19. Pupuh Pucung, pupuh iki nyritakake nalika Sang Prabu arep budhal menyang negara
Sokadana amarga wis ana setengah sasi Sang Prabu lan permaisurine ana ing negeri
Campa. Sadurungu budhal menyang negara Sokadana, sang Prabu nyritakake nalika
dheweke mbiyen sinau ngenani tata negara lan kemakmuran nanging durung rampung
anggene sinau dheweke wis kesusu dadi pengelana. Sawise Sang Prabu crita ngenani
jaman cilikane, dheweke banjur pamit arep bali menyang negarane kanthi diiringi
prajurit kang nunggang jaran ing barisan ngarep dhewe lan diiringi para perwirane.
20. Pupuh Asmaradana, pupuh iki nyritakake perjalanane Raja Campa lan Patih Sokadana
menyang negara Campa. Sadurunge layar, para rombongan leren dhisik lan ngedhekake
tenda banjur ngunekake gamelan dadi swasanane dadi rame lan tambah akrab. Sawise
leren, para rombongan banjur numpak prahu kanggo nyebrang lan Sang Prabu bingung
kepriye carane nyambut rombongan kae mau amarga tekane dadakan. Pungkasane Si
Pamekas diangkat dadi Pangeran Adipati. Sawise diangkat dadi Pangeran Adipati,
dheweke diutus Ramanda kanggo nyusul Raja Campa ing pinggir pantai. Sawise
Ketemu karo rombongan, Pangeran Adipati lan rombongan banjur menyang istana
kanggo nemoni Ramanda. Sawise nemoni Ramanda lan ngadakake pesta penyambutan,
Ramanda banjur dhawuh marang Raja Campa ngenani sapa sing bakal dadi Raja ing
Sokadana amarga dheweke wis sepuh. Raja Campa banjur isih bingung mangsuli
amarga dheweke durung nduweni calon. Sawise mikir pirang-pirang dina, Raja Campa
nduweni usulan yen sing pantes dadi raja ing Sokadana yaiku Pangeran Adipati
Pamekas.
21. Pupuh Sinom, pupuh iki nyritakake nalika Ramanda nobatake Adipati Pamekas kanggo
dadi raja ing negara Sokadana lan nunjuk Adipati Jayabrata kanggo dadi pendhampinge
17
Adipati Pamekas amarga Jayabrata nduweni kecakapan kang apik nalika dheweke dadi
pejabat kerajaan. Adipati Pamekas banjur ganti jeneng dadi Maharaja Dewabrata.
22. Pupuh Kinanthi, Pupuh iki nyritakake ngenani kewicaksanaane Prabu Campa, dheweke
menengi wejangan kanggo Maharaja Dewabrata. Maharaja Dewabrata ora lali
ngucapake matur nuwun kanggo Prabu Campa. Sadurunge Prabu Campa mbalik
menyang negarane, dheweke ora lali menyang gunung Biku pamit marang bapak ibune
yen dheweke arep balik menyang negarane. Saliyane iku, pupuh iki uga nyritakake
pemberontakane Andakasura kang ora demen marang marang Prabu Campa,
Andakasura banjur mengaruhi Kyai Patih nanging Kyai Patih isih durung kepengaruh
karo Andakasura.
23. Pupuh Pangkur, Pupuh iki nyritakake ngenani usahane Andakasura kanggo mengaruhi
kyai Patih nanging kyai patih panggah ora bisa dipengaruhi karo Andakasura.
Andakasura ora ilang akal dheweke banjur mengaruhi Nyahi Patih. Andakasura
mengaruhi Nyai Patih kanthi cara menehi omongan yen sing cocok dadi raja ing campa
yaiku Kyai Patih. Nyai Patih banjur kepengaruh karo Andakasura, dheweke ndhesek
Kyai Patih kanggo maju nglawan raja, yen Kyai Patih ora gelem dheweke luwih becik
mati.
24. Pupuh Durma, Pupuh iki nyritakake ngenani Patih Andakasura lan Kyai Patih kang
nyuap para petinggi kerajaan supaya gelem mbantu dheweke kanggo ngalahake Panji
Wulung. Nalika Panji Wulung arep sandhar menyang negarane, dheweke kaget amarga
pasukan Andakasura lan Kyai Patih wis nyegat dheweke. Nalika pasukane Panji Wulung
arep nyerang pasukane Andakasura, ana pitung kapal kang nyedhaki dheweke pranyata
pasukane Gilingwesi siap mbantu Panji Wulung. Pungkasane pasukan saka Andakasura
lan Kyai Patih kalah klawan pasukan saka Gilingwesi.
25. Pupuh Dhandhanggula, Sang Prabu nyeluk para tumenggung, hulubalang,
demang, ngabei saka bala tentara Campa kang wis dikalahake kanggo kumpul lan
mbahas ngenani perang kang wis diliwati. Panji Wulung ora ngerti kena ngapa kok isa
dadi perang antarane dheweke lan Kyai Patih amarga Kyai patih iku dhewe minangka
wong kang dihurmati ing negara Campa. Permaisuri sedhung banget amarga Kyai Patih
bisa nglakoni tumindak kang kaya mengkana amarga Kyai Patih iku dhewe minangka
pamane. Panji Wulung banjur mrintahake para prajurit lan mantri kanggo nggoleki
jasade Andakasura lan Kyai Patih.
26. Pupuh Maskumambang, Pupuh iki nyritakake kahanan sawise Gilingwesi bali menyang
negarane, pupuh iki nyritakake kahanane Kyai Patih lan Andakasura kang isih urip. Kyai
18
Patih lan Andakasura ndhelik ing tengah alas, kalorone kaya kewan kang kalmbine
compang camping. Ana salah sawiji warga kang nemokake Kyai Patih lan Andakasura,
warga kasebut banjur lapor menyang petinggi desa. Sawise lapor menyang petinggi
desa, kabeh warga banjur menyang alas kasebut kanggo nangkep Kyai Patih lan
Andakasura, sawise ketanggep kalorone diarak menyang bale kota kanggo diserahake
menyang Raja Cempa.
27. Pupuh Sinom, Pupuh iki nyritakake ngenani Kyai Patih kang diwenehi ampunan marang
Raja, Kyai Patih mung dicopot saka kedudukane lan mung dadi masyarakat biyasa. Raja
malah bakal menehi dhuwit wulanan kanggo urip Kyai Patih. Kyai Patih banjur janji
marang raja yen dheweke ora bakal ngianati negarane. Andakasura banjur dikum mati,
dheweke dipateni kanthi cara awake diiris-iris lan sirahe ditancepake ing tombak lan
tombak kasebut dideleh menyang perempatan supaya dadi panginget kanggo sapa wae
supaya ora ngianati kerajaane. Sawise kuwi, petinggi desa lan wargane kang nangkep
Kyai Patih lan Andakasura diwenehi hadiyah kang arupa koin emas. Kerajaan Campa
saya suwe saya makmur, akeh nahkoda saka negara liya teka menyang negara Campa
amarga ing negara Campa dheweke ngrasa aman.
2.2 Struktur Crita Panji Wulung
Sistem religi yaiku unsur-unsur religi kang bisa mangun sawijine sistem religi.
Sistem yaiku antara dunya utawa urip lan akhirat utawa mati.
2.2.1 Tema
Tema sajrone serat iki diperang dadi loro, yaiku tema kaprawiran lan kawicaksanan. Andharane ana ing ngisor iki.2.2.1.1 Kaprawiran
Kaprawiran yaiku rasa kepahlawanan sing diduweni saben pawongan kanggo mbela negara. Salah sawijine Wujud kaprawiran iki dituduhake dening Panji Wulung. Wujud kaprawiran kasebut bisa dideleng ing cuplikan ngisor iki
Narpa mudha alon aturireng ramaKadanga jawatadiInggih bedhatiyaDedamel sabawanaKawula tan nedya mirisKalangkung sukaSang prabu Gilingwesi (Durma, pupuh 10 pada 2)Cuplikan ing ndhuwur nuduhake kepriye jiwa kaprawiran sing ana sjrone serat Panji
Wulung. Jiwa kaprawiran sing diduweni dening Panji Wulung kaya ing cuplikan ing nduwur
19
yaiku rasa pantang mundur, senajan alangane kaya ngapa wae, dheweke siap maju perang lumawan kerajaan Gilingwesi.
2.2.1.2 Kawicaksanan
Crita iki nyritakake kawicaksanan Panji Wulung minangka raja ing negara Campa. Panji Wulung kang dihurmati wong liya amarga kawicaksanane marang masalah-masalah kang diadhepi, salah sawiji tuladhane yaiku nalika dheweke ngadhepi masalah ngenani Kyai Patih lan Andakasura. Kyai Patih minangka paklik saka Dewi Kumala (bojone Panji Wulung) kang kepengaruh karo hasutane Andakasura, kalorone ngianati Panji Wulung kanthi cara nyerang Panji Wulung nanging panji wulung menehi sepura kalorone nanging kalorone uga ora luput karo ukuman. Para mantri kang ngianati negarane uga diwenehi ukuman kang sepadan.
Para mantri telukan den iring maksih rinekseng samarga binongkoka n gegamaneing tyas samya piduhung langkung merang saurut margi mangkana lampahirajr o pura wus rawu hlajeng manjing dhatulay asri narendra kanthe n asta lan kang rayi praptaning prabayasa (Dhandhanggula, pupuh 24, pada 13, kaca 370
2.2.2 Paraga lan pamaragan
Paraga lan pamaragan sajrone serat Panji Wulung bisa kaya ing andharan ngisor iki1. Panji Wulung, Panji Wulung minangka wong kang wicaksana, andhap asor lan
hurmat marang sapa wae uga ora sombong.,Kala timur akepara klumar-klumurnglemer lelingsemansareng jumeneng narpatiteka cucud kapencut lagu ing Campa (pucung, pupuh 19, pada 8, kaca 320-321)
Rikating duta lumaris kerid gya katur sang nata narendr a nimbali age mring sagung para nayaka angrembag praptanira paran pakurmatanipunratu mudha binathara (pucung, pupuh 19, pada 13, kaca 321)
2. Andakasura. Andakasura minangka wong kang licik, amarga dheweke gelem mengaruhi wong kang atine suci kaya Kyai Pati kanggo ngolehi apa kang dadi
20
kepenginane, salah sawijine manas-manasi Nyai Pati supaya gelem mbujuk Kyai Pati kanggo dadi raja lan nggulingake Panji Wulung.
Praptaning wisma antaralet saari gya marek nyai patih sarwi karuna umaturdhu h nyai kula eramraka tuwan kyai lurah teka cubluk ta n nggega atur prayoganrimah ngenger ing pengarit (Pangkur, pupuh 23, pada 2)
3. Kyai Patih. Kyai Patih minangka wong setya marang Panji Wulung lan dheweke didadekake suri tauladan ing negarane nanging amarga Nyai Wulung gampang dihasut dening Andakasura. Kyai Patih banjur ora tega marang bojone, pungkasane dheweke kepengaruh karo Andakasura lan wani nglawan rajane.
Patih mangu-manguning tyasrangu-rangu wungu re h kang ta n yekt i nanging sandeyaning kayu nrumangsa ta n kuwawaangembari kesantikanireng prabu yen anon mularing garwamadeg suraning panggalih (Pangkur, pupuh 23, pada 16)
4. Nyai Patih. Nyai Patih minangka wong kang gampang banget dihasut amarga mung diiming-imingi babagan kang endah dheweke banjur ngianati negarane
Nyi patih daha t tya s renawantun e dya h miyarsa atu r gampil rinasa sangsaya wimbu hkapengin awibawaneng jr o pura pinarak rinatu-ratu sinunggun sinungga-sunggasagung pra parekan cethi (Pangkur, pupuh 23, pada 7)
5. Permaisuri. Permaisuri minangka wong kang ramah lan santu marang sapa wae. Kabukti nalika Gilingwesi pamit bali menyang negarane, dheweke banjur muji Gilingwesi lan ngarep-ngarep supaya Gilingwesi ora cepet-cepet mulin=h menyang negarane
Prameswari mesem lingira ris sumawana pra kadangetek a kasesa kondu rmbo k den sranti ing sawetawis mangsa gek saben warsapu n kakang tetem ulan para sadherek Cemp amupun g mangk e wonte n jalarane ugi
21
prayogi radi lama (Dhandhanggula, Pupuh 25, pada 30).6. Prabu Gilingwesi. Giliwengsi minangka paraga kang nepati janji marang janji kang wis diucapake.
Jeng paduk a angestrenana kewala mring wadya Gilingwesikawula kang nangga inggih karya punika mapant a sampun ubanggi dhuk saking wismabadhe rerempo n juri t (Durma, pupuh 24, pada 22, kaca 362)
7. Adipati Pamekas. Adipati Pamekas minangka paraga kang nduweni rasa matur nuwun kanggo wong kang wis mbantu dheweke.
Datan antara kaeksi panganjuring wadya Cempa kady a narmada ilinedaledeg kang bala kuswa kapraban diwangkara mangkara-kara ngunguwung (Asmaradana, pupuh 20, pada 19)
8. Ki Jenggala Jenggali
Ki Jenggala Jenggali minangka abdine Panji Wulung. Dheweke digambarake minangka
paraga sing setya tuhu marang bendarane. Senajan kekarone wedi ngadhepi bebaya, nanging
dheweke isa dadi pamong tumrape bendharane.
9. Tanjung Sari
Tanjung Sari minangka paraga ibune Panji Wulung. Wateke yaiku nresnani putrane.
10. Patih Jayapati
Patih Jayengpati minangka patih negara Sokadana. Patih iki nduweni jiwa kesatriya.
Saliyane iku dheweke ndueni pamikir sing dawa.
11. Jayeng Pati
Jayeng Pati digambarake minangka prampok, nanging sawise ngrampok Panji Wulung
banjur dheweke tobat lan dadi abdine sing setya.
12. Ki Juru Tani
22
Ki Juru Tani minangka paraga sing ngramut lan dadi bendarane Panji Wulung nalika
manggon ing Cempa. Dheweke minangka bendara sing isa ngemog abdine.
13. Pendheta
Pandhita neng kene digambarake minangka paraga sing tumindake ala. Pandita nanging isih
kagodha karo donya.
2.2.3 Alur
Alur Maju
2.2.4 Setting
2.3 Nilai kang Kinandhut sajrone Crita Panji Wulung
1. Sakabehane tumindak iku ora kena grusa-grusu, kudu dipikir kanthi jero.Saben manungsa mesthi nduweni pepinginan dhewe-dhewe. Kaya sing dialami
dening Panji Wulung. Nalika dheweke weruh kepriye pangurbanane Harya Sudarma saperlu mbrantas Raja Gilingwesi sing tamak, Panji Wulung kepengin enggal-enggal ngangkat Harya Sudarma dadi ratu ing Gilingwesi. Panji Wulung nyuwun marang ramane supaya enggal-enggal ngangkat Harya Sudarma dadi Ratu. Ramane oraa bisa nuruti kekarepane Panji Wulung, sabab kabeh kuwi kudu dipikir kanthi jero, ora kena grusa-grusu. Mengko yen grusa-grusu banjur nemoni masalah ing tembe mburi, ora kena dibalekake menyang wiwitan, buktine ana ing cuplikan ngisor iki.
Kang rama ngendika arumSarehne dhingin kakiNora gampang karya rajaKudu pinikir kang slesihBok ing wuri gawe susahAja dumeh sira asih (Kinanthi, pupuh 11 pada 42)
2. Dadi pemimpin kudu adil lan wicaksanaDadi pemimpin dudu barang sing gampang. Dadi pemimpin iku kudu adil lan
wicaksana supaya bisa nuntun para masyarakate ing dalan sing bener, lan tansah adoh saka alangan. Pemimpin sing adil lan wicaksana bakal bisa mujudake negara sing aman, tentrem, adoh saka cecongkrahan. Kabukti ing cuplikan iki.
Lare wong mengku negariLamun adil paramariaAlus lulus pamengkuneDumadi karta kan praja
23
Yen ambek siya-siyaSayekti akarya kisruhResusuh dumunuh prapta (Asmaradana, pupuh 12, pada 14)
3. Urip iku kudu tansah prihatin, ora kena nuruti sakabehane panjaluk, amarga bakal ndadekake kita mbesuk dadi manungsa sing tamak.
Manungsa urip ing ndonya iki ora kena sakarepe dhewe. Urip iku kudu sawang sinawang supaya tuwuh rasa prihatin. Manungsa sing uripe wiwit cilik tansah diuja marang cumlerete bandha donya, mbesok ing tembe bakal ndadekake manungsa sing tamak. Mula saka iku, wiwit cilik kudu dibiyasakake urip sing prihatin.
Pan wwantuning pamudha punikiYen winilet ing pangela-elaLalu limut budayaneTan wande tembenipunBadhe ngangge kersa pribadiTan titi tilar caraCarane tumuwuhUgungan agung binaktaTanpa krama renaning pribadi pinrihNgemangi tibeng nistha (Dhandhanggula, pupuh 14 pada 6)
4. Wanita iku kudu bisa ngladeni bojone kanthi becik, kaya ngapa dhuwure titahe, tetep kudu ngabekti marang sisihane.
Wanita kaya ngapaa dhuwure titahe, yen wis nduwe bojo kudu tansah wajib ngabekti marang bojone. Wanita kudu manut marang apa sing dikarepake dening bojone. Wanita ora kena ngomong nyentak marang bojone, kabeh mau kudu dilakoni kanthi laku sing alus. Senajan dhuwura kaya ngapa derajade wanita kasebut, tunduk marang bojo minangka kuwajiban utamane wanita marang bojo. Kaya cuplikan ing gisor iki.
Ora kena ngendelken sutaning ratuKudu mantep anetepiIng sacara-caranipunWong minengki marang lakiDen awas marang tetekon (Megatruh, pupuh 15 pada 23)
5. Rasa Tanggung Jawab.Manungsa nalika nglakoni tumindak kudu mikirake untung lan rugine, kita kudu
nduweni rasa tanggung jawab marang apa kang wis dilakoni, ora kaya Andakasura sing isih isa-isane kabur nalika dikepung warga amarga dheweke wedi karo ukuan kang bakal diwenehake dheweke dening raja Campa.
Ki Andakasur a sumedya ngoncati nging sampun kinepangmlayuwa yekt i binandhil dady a amegeg kewala (Maskumambang, pupuh 26, pada 14,)
24
6. Kudu ikhlas lan welas asih marang liyanPatih nulya pinaringan pisalin busana adisri nata alon ngandika wruhanira pama n patih kalungguhanmu patih samengko manira pundhut mardikaa kewalaingsun kang peparing pancisri narendra nolih maring Surengpatya (Sinom, pupuh 27, pada 13)
7. TegesDadi wong iku kudu teges, ngukum wong kang salah. Andakasura diukum
mati amarga dheweke mangaribawani Kyai Patih kang atine suci kanggo nglawan raja mula dheweke pantes diukum mati
Kaliwat nggonmu duraka ngajak ala wong kang becik binuju k balela prajatu r praptaning ndo n ngoncati tete p mun g weh bilahi mengko sira kena ngukumpati neng pangadilan dadya tontonaning janmikang mangkno saka karsanta priyangga (Sinom, pupuh 27, pada 17)
25
BAB III
PANUTUP
3.1 Dudutan
Serat Panji minangka wujud salah sawijine reriptan sastra jawa ngandhut nilai-nilai
sing bisa dadi sarana piwulangan lan panggulawenthah ing aspek mental kepemimpinan
manungsa. Nilai-nilai kasebut dituduhake dening parag Panji Wulung sing tansah dadi
pemimpin sing adil, wicaksana, setya, lan ngurmati marang wong tuwane. Nilai-nilai
kepemimpinan Panji Wulung dadi tata uger norma lan adat nalika urip ing bebrayan saengga
nuwuhake rasa tentrem nalika sesambungan kaliyan Pangeran lan manungsa liyane.
3.2 Pamrayoga
Reriptan sastra saliyane ngandhut nilai estetik, uga ngandhut nilai etik lan saintik.
Kaya reriptan Tantu Panggelaran iki. Kita bisa nuladha apa kang dikarepake panulis sajrone
ngripta reriptan iku. Isen-isene bisa kita selarasake karo kahanan sing ana ing bebrayan
jaman saiki.
26
KAPUSTAKAN
Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.