Top Banner
Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 1) Katalog : Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 Sambung : 1 . Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 1). Agama dan Kepercayaan | Kebatina 2 . Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 2) . Agama dan Kepercayaan | Kebatina --- 1 : 0 --- Piwulang Teyosopi Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr, ingkang Cêkak sarta Aos Jilid 1 Tinêmbungakên Jawi dening Presidhèn Losê Wanagiri Kaêcap ing pangêcapanipun Sidyanho èn Son ing Surakarta 1921 --- 1 : 1 --- Piwulang Tiyosopi ingkang Cêkak sarta Aos Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr Jilid ôngka 1 Sangking têmbung Walandi tinêmbungakên Jawi dening Bêstiring Losè ing Wanagiri Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Sidyanho Sêtumdrikêri ing Surakarta Boekoe Tijosopi Tjitak (1) --- 1 : 2 --- Bêbuka Ingkang nêmbungakên Jawi sêrat punika nyuwun gunging pangaksama dhatêng para maos tumrap anggèn kula nêmpuh byat agahan nyara jawèkakên sêrat têmbung Wlandi wah babagan kasuksman. Tuwuhing kapurunan kula wau botên sabab sangking angrumaosi sagêd têmbung Wlandi sarta angêrtos kawruh kasuksman ananging labêt sangking sêruning pangajêng-ajêng murih kawruh teyosopi tumuntên sagêd sumêbar ing Tanah Jawi punapadene sabab sangking pandêdêlipus [1] para sadhèrèk bôngsa Jawi ingkang botên gadhah paitan têmbung Wlandi
72

Ajaran Teosofi

Apr 07, 2023

Download

Documents

Welcome message from author
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
Page 1: Ajaran Teosofi

Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 1)

Katalog : Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636

Sambung :1.Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 1). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #903.

2.Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 2). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #904.

--- 1 : 0 ---

Piwulang TeyosopiAnggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr, ingkang Cêkak sarta Aos

Jilid 1

Tinêmbungakên Jawi dening Presidhèn Losê Wanagiri

Kaêcap ing pangêcapanipun Sidyanho èn Son ing Surakarta 1921

--- 1 : 1 ---

Piwulang Tiyosopi ingkang Cêkak sarta Aos

Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr

Jilid ôngka 1

Sangking têmbung Walandi tinêmbungakên Jawi dening Bêstiring Losè ing Wanagiri

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Sidyanho Sêtumdrikêri ing Surakarta

Boekoe Tijosopi Tjitak (1)

--- 1 : 2 ---

Bêbuka

Ingkang nêmbungakên Jawi sêrat punika nyuwun gunging pangaksama dhatêng para maostumrap anggèn kula nêmpuh byat agahan nyara jawèkakên sêrat têmbung Wlandi wah babagankasuksman.

Tuwuhing kapurunan kula wau botên sabab sangking angrumaosi sagêd têmbung Wlandi sartaangêrtos kawruh kasuksman ananging labêt sangking sêruning pangajêng-ajêng murihkawruh teyosopi tumuntên sagêd sumêbar ing Tanah Jawi punapadene sabab sangkingpandêdêlipus[1] para sadhèrèk bôngsa Jawi ingkang botên gadhah paitan têmbung Wlandi

Page 2: Ajaran Teosofi

ananging kêpingin angudi kawruh wau, mila panyuwun kula dhatêng para maos mugi-mugisampun kirang pamêngku.

Bêstiring Losê Wanagiri.

--- 1 : 3 ---

Bab 1

Tigang dasa taun sadèrèngipun taun 1912 Tuwan M.A.P. Sinnett angarang sêrat nami "DeOcculte Wereld" inggih punika satunggaling sêrat ingkang wiwitan piyambak anggêlarakênbab teyosopi, ing dalêm sêrat wau panjênênganipun amêdharakên pangandika makatên:wontên satunggaling pamulangan bab sadarsana ingkang siningkur dening kamajênganenggal.

Kala jaman samantên kathah tiyang ingkang angudi kawruh ing pamulangan ngriku,ewasamantên kawruh wau dèrèng sagêd sumêbar ing akathah, punapa malih tumrap têgêsipunteyosopi samangke sampun wontên sêrat kêkalih ingkang suka katrangan bab wau inggihpunika sêrat Esot crisch Boeddhisme sarta oude wijsheid ananging mêksa taksih kathahtiyang ingkang tidha-tidha panampinipun tumrap jarwanipun têmbung teyosopi.

Anggèn kula ngarang sêrat punika, botên pisan-pisan gadhah sêdya badhe angrèmèhakêndhatêng lêrês saha prayogining sêrat-sêrat wau, ananging sumêdya andamêl katranganingkang cêkak ananging aos supados kenginga minôngka dados katêranganipun sêrat-sêratingkang kasêbat ing nginggil.

Kita sêring anggêlarakên manawi teyosopi punika botên amung [a...]

--- 1 : 4 ---

[...mung] agami kimawon ananging ugi kasunyatan ingkang dados têtalêsing agami,ananging manawi kita raosakên ingkang sayêktos têtela bilih teyosopi punikasatunggaling sadarsana, agami sarta kawruh (ngèlmu) mênggah katranganipun makatên:pramila teyosopi winastan sadarsana awit teyosopi anêrangakên bab kamajênganing jiwasarta sagunging badan-badan utawi sakathahing kawujudan ing dalêm cakrawala kitapunika, pramila teyosopi winastan agami amargi sagêd suka pitêdah dhatêng margi utami,sarta sagêd suka pitêdah ingkang langkung cêkak sagêdipun kalampahan dumugi ingkautamèn, pramila teyosopi winastan kawruh (ngèlmu) sabab sagêd suka pitêdah bilihpanggarapipun kalih bab ingkang sampun kajarwa ing ngajêng wau botên asaranakapitadosan dhatêng agami, ananging asarana anyinau kawruh sarta anitipariksa,langkung malih teyosopi suka pitêdah bilih kita sampun ngantos tumindak mutatuliananging kêdah tumindak alêlandhêsan kasunyatan awit salêbêting manusa wontênpanguwaos ingkang ginaib, manawi kita sagêd anggigah panguwaos ingkang ginaib wau,kita sagêd wuninga gaib sarta sagêd anitipariksa piyambak, langkung malih teyosopisagêd suka sasêrêpan [sasêrêpa...]

--- 1 : 5 ---

[...n] ingkang dados sarananipun anggigah panguwaos wau.

Page 3: Ajaran Teosofi

Kawruh teyosopi punika pinangkanipun sangking satunggiling sujana ingkang sampun sagêdanggigah panguwaos ginaib, amargi pinangkaning piwulangipun ingkang kagêlarakên punikabotên sangking anon tiron ananging sangking anggèning anyipati piyambak labêt sangkingsagêd anggigah panguwaos ginaib, teyosopi punika ugi sadarsana ingkang sagêdanêrangakên ing kita bilih cakrawala kita punika satunggiling masin ingkang tinatasampat pèni sarta sampurna, inggih gêlaraning suksma linuhung (tajalining Pangeran)dene kita manungsa amung cuwilanipun, kajawi sangking punika teyosopi anêrangakênkalihan titi tumrap cêcuwilan wau sambêtipun kalihan kita, gigah punika kawontênanipunsapunika, duk kinanipun sarta kadipundi badhenipun ing têmbe.

Mirit katrangan ingkang awêwaton sangking alusing pandulu, teyosopi sagêdanggancarakên punapa ingkang winastan manungsa punika, manawi miturut pamanggihingakathah, tiyang punika gadhah jiwa, sarèhning teyosopi anyatakakên sarta anitipariksapiyambak sarana alusing pandulu mila pamanggihipun kosok wangsul, sanès manungsapunika gadhah jiwa ananging satunggiling jiwa ingkang

--- 1 : 6 ---

gadhah badan rupi-rupi ingkang minôngka pirantos utawi têtumpakanipun wontênsarupining alam, dene alam punika botên apêpisahan satunggal lan satunggalipun tanpaêlêt-êlêt utawi botên dumunung wontên ing awang-awang ananging wontên ing ngriki,wontên ing padunungan kita sapunika sarta kenging kanyatakakên, alam wau satunggalingpêperanganipun kodrat jasmani (Stoffelijke zijde der natuur). Bedanipun satunggal-tunggaling alam wau amung saking alus sarta wadhaging jasat (Verschillende graden vandichtheid in de aggregadie van stof), bab punika ing wingking badhe katêrangakên.

Manungsa punika sayêktosipun botên amung gêsang wontên ing donya punika kemawon,ananging ugi wontên ing alam sanèsipun malih, amung kimawon limrahipun botênangrumaosi bilih sagêd gêsang ing alam sanès kajawi ing alam donya, sanadyan wontênpasaksènipun inggih punika duk kita supêna sarta luyut sanadyan pangungaking alamsanès amung sakêclapan, mênggah ingkang limrahipun winastan pêjah punika yêktosipunamung anyèlèhakên têtumpakan utawi pirantos ingkang kangge wontên ing alam jasmani,ananging jiwa utawi manungsanipun sajati ingkang gêsang wontên ing kaswargan botênmagêpokan punapa-punapa

--- 1 : 7 ---

rumaosipun botên beda manawi kita ambucal sinjang utawi rasukan ingkang sampunlungsêd, ingkang kajarwa ing nginggil punika sanès ngayawara utawi tuwuh sakingpangintên-intên ananging satunggaling kasunyatan ingkang pinanggihipun saking alusingpandulu (sidik), kajawi saking punika teyosopi ugi anêrangakên bab babadingkamanungsan ing jaman kina, sarta anêrangakên kadospundi mênggah kawontênanipunmanungsa ing salêbêting kamajêngan ngantos dumugi sapunika, katêrangan waupinangkanipun saking anitipariksa piyambak asarana alusing pandulu, ing dalêmparimboning bawana (lohmahpul) ingkang sêratanipun botên sagêd sirna ing salami-laminipun, sadaya kadadosan kacêtha wontên ing ngriku, sabab ingkang makatên wau parasidik paningalipun sagêd mirsa sagunging kadadosan kadidene ingkang kalampahan ingsamangke punika.

Page 4: Ajaran Teosofi

Labêt pathokanipun anggèn kita anitipariksa sadaya kakadosan ingkang sampun kapêngkêrmakatên têmahan kita lajêng mangêrtos bilih manungsa punika aslinipun saking Allah,sarta sampun dangu wiwit kina-makina anggèning tansah angambah alam donya, punapadenejiwa sarta raganipun tansah sagêd majêng, kajawi saking punika ugi kita sagêd antuksasêrêpan bilih gêsanging jiwa punika mawa watêsan, [watê...]

--- 1 : 8 ---

[...san,] têgêsipun botên tansah wongsal-wangsul kimawon, ananging labêt sakingsêringipun ngantos sajakipun tanpa wangênan, dene ingkang limrahipun kita wastanigêsang wontên ing donya punika tumraping jiwa amung sadintên, jiwa punika sampunpintên-pintên dintên anggèning gêsang wontên ing donya, sarta salajêngipun ugi badhegêsang pintên-pintên dintên malih.

Mênawi kita badhe mangêrtos sajatining gêsang sarta punapa têgêsipun kita kêdahangèngêti dhatêng pintên-pintên panggêsangan sarta pintên-pintên panggêsangan ingkangbadhe kalampahan, dados botên cêkap amung sapagêngan kimawon inggih punika wiwit lairdumugi tilar donya, piwulang ingkang anyariyosakên kawontênaning gêsang ing têmbepunika kathah rêroncènipun, mila kita kêdah anyinau kadospundi mênggah kawontênaningpagêsangan-pagêsangan ingkang dèrèng kalampahan, murih sagêd mangêrtos bab punikaprayogi amaosa pitêdahing para linangkung ingkang sampun langkung kasampurnanipuntinimbang kita, ingkang sampun lumampah ing margi utami, sarta sampun sagêd anyipatipiyambak sarana alusing pandulu, sarta awêwaton margi ingkang kasatmata inggih punikamargi ingkang sampun linangkungan dening para linangkung, sanadyan taksih têbih sangêtsawêg katingal [ka...]

--- 1 : 9 ---

[...tingal] lamat-lamat ewadene kita sampun sagêd andulu pungkasaning manungsa sajatianggèning lair marambah-rambah wontên ing donya, mênggah saking pamawang kita sanadyansampun sagêd andungkap ing pungkasaning lair marambah-rambah, ewasamantên manungsataksih kenging anglajêngakên ajêngipun malih sakanggêr sampun amirantos.

Mênggah pigunaning teyosopi ingkang agêng inggih punika sagêd asung pêpajar, têmahankita sagêd anjawab sagunging pitakenan ingkang angèl-angèl, sarta sagêd suka katrangantumrap kawruh ingkang rêmpit sarta andhêlik, punapadene sagêd anêdahakên adilingPangeran ing dalêm pintên-pintên kawontênan ingkang sajakipun bilih sinawang deningtiyang ingkang dèrèng mangêrtos katingal botên adil, gunggunganipun kimawon teyosopikenging binasakakên sagêd angêjum kawontênan ing donya ingkang botên turut punika.

Sanadyan pangaranging kawruh teyosopi punika awêwaton aniti pariksa kakiyatan ingkangtaksih ginaib tumrapipun tiyang limrah, ewadene prayogi kaanggêpa kadidenesatugiling[2] upami rumiyin, manawi sampun angangge katrangan sangking teyosopi ingngriku badhe sagêd amanggih pasaksèn ingkang nyata, amargi amung teyosopi ingkangsagêd suka katrangan sagunging

--- 1 : 10 ---

Page 5: Ajaran Teosofi

kawontênan sarta lampahing manungsa ing dalêm donya.

Kawruh tumrap wontênipun manungsa ingkang sampun sampurna, sarta kadospundirekadayanipun murih sagêd sumungkêm ing padanipun sarta tampi piwulang punika teyosopiingkang sagêd amanggihakên sarta anggiyarakên wontên tanah kilenan.

Kajawi saking punika teyosopi sagêd anêrangakên bilih kawontênan ing alam donyadalasan tiyangipun punika botên tumuju dhatêng kawontênan ingkang dahuru botên kantên-kantênan (anarchie) kimawon ananging sajatosipun kamajênganipun tinata sarta tinuntundening aras kursining Pangeran (Hierarchie) inggih punika satunggaling pamarentahingkang adil sarta sampurna, sabab ingkang makatên wau mila andupara bilih titahingPangeran ngantos botên kadumugèn ingkang ginayuh, manawi kita sampun wuninga utawimangêrtos tumrap kawontênaning pamarentah aras kursi ingkang sampurna wau, sampuntamtu manungsa lajêng katuwuhan cipta sumêja sumungkêm sarta ngabêkti ing padanipun,punapadene sanadyan kêdah anoraga ingkang kados punapa ewadene botên sagêd andamêlgingsiring sumungkêmipun, nêdya pasrah jiwa raga sabaya pêjah, andamêl santosaningpamarentah ingkang sampurna wau supados ing têmbe sagêda katampi ginolongakên [gi...]

--- 1 : 11 ---

[...nolongakên] dados nayakaning Pangeran, sabab ingkang makatên wau mila teyosopi ugikagolongakên babaganing agami, mila botên anggumunakên manawi tiyang sampun mangêrtossarta sampun lêbda panampinipun tumrap pitêdah ingkang sampun kajarwa ing ngajênglajêng santosa tekadipun sumêdya andêdêr lampahipun botên purun urut marginingkamajêngan mêdal margi lair marambah-rambah, awit katêbihên sarta kadangon, milalajêng nêmpuh byat urut margi ingkang sungil sarta andêdêr murih tumuntên dumugipanggenan ingkang sinêdya (wujudipun lajêng sami mêdal margi utami anglampahipiwulangipun Sang Krêsnamurti ingkang sampun kajarwa ing dalêm sêrat: PanguswapadaningSang Guru Dewa) sayêktosipun sadaya punika botên sagêd oncat saking sasanggêmaningkang sampun tinamtu, upaminipun satunggaling tiyang ingkang ngrêmbat awrat minggahing rêdi, wontên ingkang urut margi simpangan ingkang angèl sarta andêdêr nangingcêlak, wontên ingkang mêdal margi ingkang gampil ananging têbih, ananging sanadyanmêdala margi ingkang sakeca utawi botên sakeca ewasamantên sêsanggêman wau kêdahkarampungakên, têgêsipun babêktan wau kêdah karêmbat dumugi ing puncaking rêdi,sanadyan sapintên awratipun ewasamantên tiyang ingkang sampun anyobi angrêmbat mêdal[mêda...]

--- 1 : 12 ---

[...l] margi ingkang andêdêr sagêd cariyos bilih kinging linampahan, awit tôndhayêktinipun sampun sagêd kalêksanan, sarta piyambakipun sami angrumaosi bêgja sangêtlabêt andêdêr rêdi têmahan tumuntên dumugi ing pucak.

Watêsipun badan-badaning manungsa utawi sagunging têtumpakan saya dangu saya wiyar,dene para linangkung ingkang sampun antuk kamardikan inggih punika sampun uwal sakingbêbandan badhe sagêd dados juru amitulungi ajênging umating Pangeran.

Page 6: Ajaran Teosofi

Sababipun teyosopi kenging kaewokakên agami, aamargi[3] teyosopi sagêd asung piwulangbab anggêr-anggêring gêsang ingkang mêdal saking nalar amargi anyatakakênkawontênanipun, ananging botên awêwaton sêrat utawi anggêr kina cariyos ingkang sampuntimbal-tumimbal, anggèning teyosopi anuntun dhatêng para ingkang angudi anggêr-anggêring gêsang trapipun kadidene tiyang angudi kasarasaning badan ingkang awêwatonkawruh kadhoktêran, ananging botên miturut saringating agami, gunggunganipun kimawonpunapa ingkang sampun kajarwa ing ngajêng salaras kalihan karsaning Pangeran (kalihaniradatollah) awit iradatollah wau wujud gumêlaring dalêm kodratullah (anggêr-anggêringkodrat)

--- 1 : 13 ---

sarta kasat mata, awit iradatullah wau anata samukawis ingkang gumêlar awêwaton kawruhingkang sampurna, amila sintên ingkang anêrak anggêr-anggêr wau kenging tinêmbungakênnêrak iradatullah, inggih punika andamêl rêndhêting kamajênganipun piyambak, sartaanjalari papa cintraka ingkang dhumawah dhatêng dhiri pribadi utawi tiyang sanès,sabab ingkang makatên wau mila para sarjana sirik anêrak anggêr-anggêr ananging botênsabab saking ajrih dhatêng babênduning Pangeran ingkang dipun canthulani.

Mênggah sajatosipun teyosopi botên kenging manawi maligi amung kaewokakên agami, awitagami kalayan teyosopi punika wontên bedanipun, wujudipun para liding teyosopi botênkawajibakên pitados dhatêng punapa kimawon sadèrèngipun sumêrap nyata, lakar teyosopibotên angupaya kapitadosan kadidene limrahipun tiyang ingkang sami anglampahisatunggaling agami pitados dhatêng barang anèh ingkang kocap ing dalêm agami wau, paraolah ngèlmi gaib pangudinipun ngantos antuk kasunyatan sajati, manawi dèrèng sagêdanyatakakên piyambak dèrèng purun amastani lêrês utawi lêpatipun satunggalingpiwulang, sampun tamtu kimawon para ingkang amurwani angudi [angu...]

--- 1 : 14 ---

[...di] kawruh teyosopi dèrèng sagêd dumugi ing kasunyatan (dèrèng sagêd nyatakakên)sabab ingkang makatên wau mila amung kapurih maos utawi anyalêsihakên sasêrêpan babrupi-rupi salajêngipun sadaya pamanggihipun sadèrèngipun kanyatakakên kaanggêpasatêngah lêrês, ananging lajêng angangkah anyatakakên kasunyatanipun, kajawi punikateyosopi botên gadhah pangangkah supados tiyang lumêbêta dados warga teyosopi, sartaangrumaosi bilih teyosopi punika satunggaling kawruh ingkang lêrês, sanadyan tiyanganglampahi agami punapa kimawon tiyang botên anampik, kosok wangsulipun tiyang sagêddados sêsuluhing satunggal-tunggaling agaminipun piyambak-piyambak wau saya santosaing dalêm agaminipun awit antuk katêrangan ingkang langkung sampurna, sarta angsalpamanggih ingkang salami-laminipun dèrèng kawuningan, kalamôngsa teyosopi sagêd sukapajar dhatêng tiyang ingkang kapêtêngan ing dalêm agaminipun sarta asung pamrayogisupados tiyang anglampahana ibadah sarta anêtêpana parentahing agaminipun, botênangêmungakên teyosopi sagêd dados jalaraning tiyang sumungkêm anggènipun anglampahipitêdah ing agaminipun, ananging ugi sagêd angenggokakên [angenggoka...]

--- 1 : 15 ---

Page 7: Ajaran Teosofi

[...kên] tiyang ingkang sampun badhe murtat labêt saking botên mangêrtos dhatêngwêwarahing agaminipun têmahan dados kosokwangsul awit pinajaran dening teyosopi,inggih punika anêrangakên raosing anaminipun[4] asarana katêrangakên ingkang cêthasarta pinanggih ing akal.

Teyosopi punika ugi kinging kaewokakên ngèlmu, awit sajatosipun teyosopi punikasatunggaling kawruh bab gêsang utawi kawruh bab jiwa ingkang sampurna panitinipun,pangupayaning sadaya kawruh asarana anandukakên rekadaya ingkang adhêdhasarkasunyatan, salajêngipun manawi sampun pinanggih, lajêng katandhing sarta kacocokakên,asarana lampah ingkang makatên teyosopi sagêd aniti pariksa satunggal-tunggaling alamsarta angên-angên utawi raosing tiyang duk taksih gêsang tuwin sasampuning tilardonya, sanadyan sampun wongsal-wangsul katêrangakên ewasamantên botên wontên awonipunmanawi katêrangna malih bilih sadaya kawruh ingkang winêdalakên dening teyosopi punikasanès kawruh ingkang amung sangking pandamêling kintên-kintên, ananging saranakanyatakakên wujud sarta nyatanipun punapadene panggarapipun salêsih, para linuhungingkang angadani bab punika sok asring

--- 1 : 16 ---

kaparêng anitipariksa kawruh lair kadi ingkang kajarwa ing dalêm sêrat: bab kawruhpamisah gaib (occulte scheikunde) (karanganipun paduka Nonyah Ani Besan sarta padukaTuwan C.W. Lèbètêr, mawi rinêngga ing gambar-gambar, sêrat wau taksih têmbung Wlandidèrèng kacarajawèkakên).

Sarèhning sampun têtela bilih teyosopi adhêdhasar sadarsana, agami sarta kawruh, ingmangke wontên patakenan pitêdah utawi pawartos punapa ingkang kawartosakên dhumatêngjagat ingkang sampun lêsu marlupa punika, katrangan gaib ingkang kadospundi ingkangsampun tiniti dening teyosopi sarta tôndha yêkti ingkang kados punapa ingkang badhenyatakakên dhumatêng manungsa, wangsulaning pitakèn ingkang kajarwa ing nginggilkinging rinigkês dados tiga, ingkang nyata sarta langgêng sanadyan sajatosipunsakalangkung andhêlik sarta bêbasan botên wontên têmbung ingkang kangge anêrangakên.

1. Jiwaning manungsa punika langgêng tan kinging ing pralaya sarta ing têmbe panguwaostuwin kamulyanipun tanpa watês.

2. sipat ingkang asung daya gêsang punika dumunung ing jawi sarta ing salêbêt kita,tan kinging pralaya asipat langgêng sarta mirah, botên kinging dinulu asarana netra,pinirêng mawi karna, ginônda mawi grana, sanadyan [sana...]

--- 1 : 17 ---

[...dyan] punika wau kinging dinulu dening sintêna ingkang sumêja angawuningani.

3. Sadaya manungsa punika wênang amurba amisesa dhirinipun pribadi, inggih juru akaryaanggêr tuwin marentah sariranipun, punapadene tukang andamêl sakeca tuwin botênsakecaning badanipun piyambak, sarta anata anggêr-anggêring gêsangipun angganjar sartaangukum.

Page 8: Ajaran Teosofi

Tigang kasunyatan ingkang kajarwa ing ngajêng punika suraosipun botên kirang mulya,sampurna tuwin utami botên beda kadi ucap-ucapan utawi pitêmbungan ingkang kadarbedening Hyang Suksma, ananging sabab saking cêthanipun sanadyan tiyang ingkang bodhougi mangêrtos, tigang bab ingkang kajarwa ing ngajêng punika rêringkêsanipun makatên:manungsa sajati punika langgêng wontênipun botên sagêd pralaya, Gusti Allah asipatrahman sarta rokhim, sarta punapa ingkang kita sêbar kita badhe ngundhu[5] wohipun,sajatosipun gumêlaring alam dunya punika mawa pikajêng (mawa karsa ingkang tinamtu)anggèning anindakakên karsa wau adhêdhasar nalar ingkang sampurna sarta miturut anggêringkang jêjêg sarta langgêng, satunggal-tunggaling manungsa tinata kalihan sampurnadening anggêr, amila manawi tiyang [ti...]

--- 1 : 18 ---

[...yang] mangêrtos kadospundi têgêsipun anggêr-anggêr wau sarta botên anêrakwêwalêring anggêr sayêkti badhe rikat ajêngipun sarta magih[6] kabêgjan, kosokwangsulipun sintên ingkang botên mangêrtos suraosing anggêr sarta anêrak pêpacuhipunsanadyan botên sinêdya punika badhe randhat ajêngipun sarta nandhang papa cintraka,pitêdah punika botên tuwuh saking pangintên-intên ananging awêwaton katêrangan ingkangnyata, amila sintên ingkang dèrèng pajar utawi taksih tidha-tidha ing panampi prayogianglajêngna maos sêrat punika, awit badhe antuk sasêrêpan ingkang cêtha sarta icalsumêlangipun.

--- 1 : 19 ---

Bab 2

Wiwit saking Ywang Maha Agung dumugining manungsa.

Tumrap, Ywang Maha Agung ingkang tanpa wêkasan inggih ingkang Maha Kawasa kita botênsagêd wuninga kadospundi mênggah kawontênanipun ananging mêsthi wontênipun, mênawikita angrêmbag bab punika sampun mêsthi botên gadug dados tamtu kalèntu.

Ing dalêm Dat (Dat) isi bawana tanpa petangan kathahipun ing dalêm satunggaling bawanaisi cakrawala tanpa petangan kathahipun, sarta sabên cakrawala punika minôngka dadostajalining utawi gêlaraning wujud ingkang Maha Kawasa inggih punika kalammolah, inggihlogos, Gusti Allah anarambas cakrawala kita, dados ingkang gumêlar punika sadaya botênwontên ingkang kaèbêkan Dating Pangeran, Gusti Allah asasana ing saluhuring sartasajawining cakrawala sarta gêsang kalihan pribadinipun botên wontên ingkang anggêsangiwontên ing antawising wujud ingkang Maha Kawasa kadi panjênênganipun, ing dalêm SêratBagawatgita wontên ungêl-ungêlan makatên: sawuse paperangan saka kaanan Ingsunangèbêki bawana saisine kabèh, kaanan ingsun isih sampurna wutuh ora kurang sawijiapa.

--- 1 : 20 ---

Tumrap pagêsanganing panjênênganipun ingkang linuhung sajawining cakrawala, kita botênsagêd andungkap ananging saperangan saking gêsangipun ingkang anggêsangi cakrawalapunika sagêd kawuningan wontên ing alam ingkang andhap inggih alam dunungipun

Page 9: Ajaran Teosofi

gumêlaring kawontênanipun Pangeran Ingkang Maha Sukci, sanadyan kita botên sagêdanyipati wujuding Pangeran ananging kita sagêd wuninga kadadosan ingkang sakingkodratullah, amila sanadyan para ingkang sampun sidik paningalipun sampun tamtupitados mênggah wontênipun Allah, awit pasaksèn ingkang anêtêpakên wontênipun Allahpunika kathah sangêt.

Cakrawala ingkang agêng punika dumados saking sariranipun, dene kita ingkang ugikalêbêt dados peranganing cakrawala anambut karya ngajêngakên perangan sakinggêsangipun inggih palêtiking Gusti. Sadaya manungsa aslinipun saking panjênênganipunsarta ing têmbe badhe wangsul dhatêng panjênênganipun (inalilahi wa inalilahi[7]rojingun, Kor'an ayat: 151).

Kathah sangêt tiyang ingkang sami kodhêng, punapa sababipun têka panjênênganipun ayasaingkang makatên, angwontênakên sagunging cakrawala saking sariranipun sarta punapaprêlunipun, têka kita ginêlarakên [ginêlara...]

--- 1 : 21 ---

[...kên] wontên ing donya supados lumawan bêbayaning gêsang, sadaya punika kita botênsagêd andungkap sarta pitakenan wau sayêktosipun kirang amigunani, cêkap winangsulanbilih ing mangke kita dumunung wontên ing ngriki sarta kêdah angudi kalayan tumêmên,awit sajatosipun sampun kathah para sarjana ingkang sami angudi prakawis punika sartaanggêlarakên pamanggihipun.

Saking pamanggih kula sakathahing pamanggihipun para linangkung ing jaman kina ingkangprayogi piyambak kados ing ngandhap punika: Gusti Allah punika sipat asih, anangingmanawi sih punika kagêm pribadi têgêsipun manawi botên wontên ingkang badhe anampisarta amangsulakên sihing Gusti punika botên sampurna, sabab ingkang mêkatên wau milasaperangan saking panjênênganipun kaandhapakên ing dalêm jasat mawa winatêsancahyanipun, prêlunipun supados kita manungsa sagêd majêng sarta anyampurnakakênbadanipun, asarana lampah kamajêngan ingkang alon wêkasan kita lajêng sagêd anggayuhkaluhuraning Gusti, asarana lampah ingkang makatên sihing Gusti dados saya sampurnaamargi winutahakên dhatêng putranipun piyambak, kosok wangsulipun pun putra anggèninganampèni sih mangêrtos sayêktos botên tidha-tidha, wêkasan sagêd [sa...]

--- 1 : 22 ---

[...gêd] angaturakên wangsul sihing rama, inggih asarana lampah ingkang makatên wauingkang dados pangajêng-ajênging Gusti, sarta manawi lampahipun makatên sawêk kengingwinastan karsaning Gusti kalampahan.

Sapintên luhuripun dunung raosing Gusti (beuristzijn) sarta wujudipun ingkang sajatiwontênipun ing padunungan ngriku kita botên sagêd wuninga, ananging manawipanjênênganipun anggêlarakên kawontênanipun ing dalêm alam ingkang kinging ginayuhdening kartining pôncadriya kita, ing ngriku kacihna bilih wajahipun tiga (dat, sipat,apngal) mila dados piandêling sagunging agami bilih panjênênganipun punika tiga-tiganing tunggal (trimurti) sajatosipun namung satunggal, ananging wajahipun tiga (lasarikalahu), tiga tumrap paningal kita ingkang nyawang saking ngandhap amargi kacihna

Page 10: Ajaran Teosofi

bilih wontên tigang kawontênan ingkang beda-beda pakartinipun, anangingpanjênênganipun amung satungal awit panjênênganipun mirsa bilih tigang kawontênan wauwajahing sariranipun pribadi.

Ajênging cakrawala kita tuwin manungsa punika kasabab saking kodrat wiradating wajahtêtiga wau, kamajêngan punika inggih punika karsanipun, dene cara lampah-lampahipuntumindaking kamajêngan punika pangarsa-arsanipun.

--- 1 : 23 ---

Ingkang minôngka dados andhahanipun inggih punika malaikat pitu (Planeetgessten)sadaya wau ugi peranganing sariranipun, ananging kadospundi wijang-wijangipun tumrapkita taksih ginaib. Mênggah sêsambêtanipun utawi kawontênanipun para malaikat kalihanpanjênênganipun punika kinging kaupamèkakên kadi gathukipun otot-otot bayu kitaingkang langkung prêlu kalihan utêk, sadaya dhêdhawuhan babaganing kamajêngan ingkangmêdal saking panjênênganipun dhinawuhakên dening para malaikat, dene sangandhapingmalaikat pitu wau ugi taksih kathah wujud rohani inggih punika ingkang winastan paradewa sarta jim, ananging kadipundi cara-caranipun anggèning sami anindakakên karsaningPangeran punika kita botên sagêd wuninga, amung kimawon kita sagêd wuninga bilihsaperangan saking pakaryanipun punika asêsambêtan kalihan pamanguning cakrawala, sartaamêkrokakên gêsang ingkang dumunung ing nglêbêtipun.

Ing ngalam donya ngriki wontên wujud gêsang ingkang Maha Kawasa ingkang minôngka dadoswakilipun Gusti Allah rumêksa sagunging ewah-ewahan sarta kamajêngan ingkangkalampahan ing dalêm bumi kita punika (Pleneet aarde) mila kinging kita upamèkakênpanjênênganipun punika [puni...]

--- 1 : 24 ---

[...ka] satunggaling narendra binathara ing jagad sarta kagungan mantrimuka ingkangsami dipun ampili wawênang gadhah panguwaos ing dalêm kawajibanipun piyambak-piyambak(satunggal-tunggaling dhêpartêmèn) ing antawising mantrimuka wau wontên satunggalingkang tanggêlanipun anggarap kamajênganing kamanungsan ing dalêm satunggal-tunggaling bôngsa (ras) sabab ingkang makatên wau mila sabên satunggaling bôngsa (ras)ingkang agêng wontên ingkang dados pangagêngipun, inggih pangagêng wau ingkang ayasautawi amangun bôngsa ingkang dipun pangagêngi sarta ambedakakên kalihan bôngsa sanès-sanèsipun punapadene panjênênganipun ingkang rumêksa kamajênganipun, sawênèh wontêningkang kawajiban anata agami tuwin piwulang, inggih punika miyosipun para nabi sartarosul ingkang sami amêncarakên agami rupi-rupi, manawi ing donya ngriki kagalih prêlukêdah kawontênakên agami enggal ing ngriku para ingkang kajibah amangagêngi babaganpunika lajêng tumurun dhatêng ing donya utawi angintunakên muridipun prêlu angadaniagami enggal wau.

Sabab ingkang makatên wau duk sagunging agami ginêlarakên wontên ing donya têtelalampah anggèning anêrangakên kasunyatanipun beda-beda, awit satunggil-tunggilingbôngsa beda têmbung sarta

--- 1 : 25 ---

Page 11: Ajaran Teosofi

watakipun ananging raosipun sami, sabab saking tataraning kamajêngan sartakasusilanipun ingkang badhe anampèni botên sami la[8] prêlu lampah anggèninganêrangakên kasunyatan kadamêl beda sarta kêdah salaras kalihan kamajênganipun, manawidipun sawang kalairanipun têtela satunggal-tunggaling agami botên rujuk kaparakalamôngsa ngalèr kalihan ngidul, ananging mênggah khakekat sarta pinangkanipun sami,mila kalèntu agêng manawi kita sami arêbat unggul prakawis agami sarta amastani bilihNabi Isa langkung luhur tinimbang Nabi Mukamad, awit para nabi punika kaandhapakêndhatèng donya dening: pakêmpalan pasêdherekan sampurna (Groote Broederschap derAdepten) sarta pathining agami sadaya punika sami.

Mirid kadi ingkang sampun kasumêrêpan ing akathah ing dalêm donya punika wontênkasunyatan (khakekat) ingkang asêsingidan ing dalêm sakathahing agami sarta ingkangasuka katrangan sadaya pandamêling kodrat dhumatêng kita, sarèhning manungsa ing dalêmdonya botên mangêrtos utawi wuninga mila piyambakipun tansah darêdah, tidha-tidhadhatêng wontênipun Allah, dhatêng wontênipun manungsa sasampuning tilar donya(lêlampahan sampuning tilar donya) dhatêng anggêr-anggêr

--- 1 : 26 ---

kamajênganing jiwa punapadene kadipundi sambêtipun piyambakipun kalihan bawana,gagasan ingkang makatên wau tansah tumanêm ing dalêm sanubarinipun tiyang ingkangsampun wiwit diwasa pangraosipun, kathah-kathahipun tiyang sami gadhah pangintênmanawi ingkang dados pêtênging manahipun wau botên badhe antuk pajar, anangingsayêktosipun kalèntu, sadhengah ingkang sumêdya angudi katrangan ingkang dadosjawabaning pitakenanipun saèstu badhe antuk katrangan ingkang anyêkapi, sakagêr[9] yêktosan pangudinipun.

Sadèrèngipun manungsa ing donya punika wontên ingkang sagêd anggayuh darajatingpanutan (dados nabi) Gusti Allah tansah angandhapakên panutan (aras kursi) sakingperanganing cakrawala ingkang sampun sampurna, ananging manawi ing antawising manungsaing donya sampun wontên ingkang sagêd anggayuh panguwaos sarta kasampurnan ingkangsajati, saèstunipun panjênênganipun ingkang badhe tinanggênah anindakakên pakaryanwau.

Sagêdipun manungsa anggayuh kaluhuran ingkang makatên piyambakipun kêdah anggayuhdarajating adhèp, inggih punika manungsa ingkang kawasa tuwin kasampurnanipun sampunlinangkung jalaran panjênênganipun sampun dumugi ing puncaking kamajênganing manungsalimrah, panjênênganipun [panjênêngani...]

--- 1 : 27 ---

[...pun] sagêd angrampungi rantamaning Allah ingkang sampun sinanggêmakên dhatêngpanjênênganipun sampun ing wêdal punika, sarta panjênênganipun uwal saking bêbandaningkang nangsuli jiwa, ewasamantên panjênênganipun taksih anglajêngakên kamajênganipunngantos sagêd nunggil kawontênan kalihan Allah.

Sampun kathah sangêt manungsa ingkang sampun sagêd anggayuh darajad, adhèp, dene paraingkang sampun sagêd anggayuh kaluhuran wau botên ngêmingakên saking salah

Page 12: Ajaran Teosofi

satunggiling bôngsa, ananging saking bôngsa warni-warni ingkang sami anuntunkamajênganing manungsa, panjênênganipun punika satunggiling jiwa ingkang kuwaganglumawan ing kakiyataning kodrat ingkang lampahipun andêdêr, botên wangwang ing bêbayawêkasan sagêd jumênêng adhèp, darajating adhèp punika undha-usuk, pakaryanipun ugibeda-beda, ananging panjênênganipun wau sami dêdunung ing sacêlaking donya punika,sarta sami angadêgakên pakêmpalan, ingkang winastan pakêmpalan pasadherekan pêthak,dene kawajibanipun anata raharjaning jagad sarta anuntun kamajênganing jiwaningmanusa, para liding pakêmpalan wau botên sami adêdunung cêlak nunggil sanagari,sasaged-sagêd para adhèp sami anêbihi padununganing manusa supados botên kinging

--- 1 : 28 ---

ing pangridhu.

Sanadyan botên cêlak padununganipun ananging para adhèp inggih liding pakêmpalanpasêdherekan pêthak wau, sabên dintênipun sami atêtunggilan sarta asêsrawungan kalihaningkang dados pangagêngipun, labêt saking sampun sampurna kawruh tuwin kasêktènipunpanjênênganipun sami sagêd apêpanggihan ing dalêm alam kaalusan botên asarana badanjasmani, ingkang kathah para adhèp sami adêdalêm ing nagarinipun piyambak-piyambak,ewadene panguwaosipun botên kawuningan dening tiyang limrah ingkang nunggil sapraja,sadhengah tiyang sagêd angaturi utawi karawuhan panjênênganipun sak ugêr kasucianipuntiyang wau anyêkapi kangge anampèni panjênênganipun, dhuh para sadhèrèk sami anyobiaanucèkakên jiwa, sampun sumêlang bilih panyobinipun botên badhe kawuningan, awitsintên kemawon ingkang tumindak anindaki pakaryan ing Gusti, sampun tamtu jiwanipunlajêng manjila sangking jiwaning liyan satêmah jiwa wau angujwala kadidene dilahingkang dumunung ing papêtêng, ing antawising para adhèp ingkang tansah murih rahayuing jagad wontên ingkang kaparêng nampi murid ingkang sumêja puruhita, dene ingkangtinampi dados murid inggih punika [pu...]

--- 1 : 29 ---

[...nika] sujalma ingkang sampun têtêp manahipun sumêja nyambut damêl kanggekamajênganipun adhèp ingkang kaparêng nampi murid manungsa, dene panjênênganipun adhèpingkang kaparêng nampi murid punika winastan Sang Guru Dewa.

Ing antawising para murid-murid inggih punika panjênênganipun Nyonyah Helena, Petrona,Blaphatki, panjênênganipun punika satunggiling jiwa ningkang[10] mulya, kintên-kintênsampun sakawan dasa gangsal taun ingkang kapêngkêr kautus Sang Guru Dewa amêdharakênkawruh dhatêng ing ngalam donya, ingkang makatên wau mila panjênênganipun asêsarêngankalihan panjênênganipun Tuwan Kolonèl Han Risêti Lêolkot lajêng angadêgakên pakêmpalanteyosopi prêlu kangge anggêlarakên kawruh ingkang kapatêdhakakên dening Sang JagadGuru, ing wêdal punika Tuwan A.P. Cinèt ingkang angarang sêt: tepionir puruhitadhatêng panjênênganipun Nyonyah Blaphatki, labêt saking kamursidanipun sadaya ingkangwinulangakên sagêd anampèni kalihan sampurna.

Sanadyan panjênênganipun Nyonyah Blaphatki sampun angarang sêrat Ipis Ên Phèilèdhewadene kawruh wau dèrèng sagêd sumêbar wontên ing tanah kilenan, sagêdipun maratahsarêng kasêmbuh dening sêrat karanganipun Mistêr Cinèt nami Teokêl

Page 13: Ajaran Teosofi

--- 1 : 30 ---

Worl sarta Esotêri Budhismê.

Kula nyuwun pariksa dhumatêng panjênênganipun nyonyah kadospundi anggèn kulaaminangkani supados sasêrêpan kula sagêd tambah sarta kadipundi rekanipun murih kulasagêd angambah margi utami ingkang sampun tinêrangakên, dhawuh wangsulanipun sadayatiyang sagêd tinampi dados muriding guru kadi panjênênganipun sak anggêr anglampahiingkang dados sêsanggêmaning murid sarta anglampahi pandamêl ingkang sêpên sakingpamrih, punapadene tancêbing cipta amung kêdah maligi satunggal awit sanadyankadospundi anggèn kita minangkani saèstu botên badhe sagêd kadumugèn sêdya kita manawikita bakti dhatêng Pangeran ananging botên niyat ambucal kadonyan, Sang Jagad Guruangandika makatên: siswa kang angangkah katêkan kang dadi sêdyane kudu mungkur marangkadonyan lan anglêboni jamanku: têgêsipun piyambakipun kêdah gêsang botên kadilimrahing tiyang kathah, inggih punika angudi dhatêng kaluhuran sarta kasugihanananging kêdah ambucal kadonyan sarta piyambakipun kêdah tumungkul dhatêng sagungpandamêl ingkang akarya rahayuning bawana, kajawi punika panjênênganipun aparingpêpèngêt bilih margi wau sakalangkung gawat, kita badhe cineda sarta ingerang-erangdening para ingkang taksih mangeran [ma...]

--- 1 : 31 ---

[...ngeran] ing kadonyan mila inggih lêrês kimawon bilih sadaya ingkang ngambah margiwau pinacangan ing pakaryan ingkang sakalangkung awrat, sanadyan ing têmbenipun sampunmêsthi kita badhe kadumugèn ingkang dados sêdyaning manah ananging kita botên badhesagêd angintên-intên badhe pintên wulan utawi pintên taun laminipun sagêdipunkalampahan, sanadyan makatên kawontênanipun ewasamantên kita sami anglampahi akanthitumêmên sarta suka pirênaning manah.

Sasampuning sawatawis taun anggèn kula anglampahi sêsanggêman kanthi tumêmên têmahankula antuk nugraha sagêd sumungkêm ing padaning para guru sarta tampi piwulang rupi-rupi punapadene kacêthakakên kanyataning sagunging piwulangipun ingkang sampunpinaringakên sabab ingkang makatên wau mila sadaya ingkang kula andharakên punikasanès dongengan ananging kula anyipati piyambak wujut sarta kawontênanipun,ewasamantên taksih wontên piwulangipun ingkang dèrèng kula nyatakakên awit dayakakiyatan kula dèrèng gaduk, ewasamantên kula sagêd anêrangakên bilih kawontênaningkang dèrèng kula nyatakakên punika salaras kalihan ingkang sampun kula titipariksa, mila kula botên sumêlang malih manawi piwulang wau lêrês awit sagêd dadoskatranganipun sagunging

--- 1 : 32 ---

piwulang ingkang sampun kula nyatakakên.

Saking kamirahanipun Sang Jagad Guru kathah kawruh teyosopi ingkang winulangakêndhumatêng kula ingkang dèrèng kula nyatakakên nyatanipun, ananging sarêng kulanyatakakên saya pinanggih cocog, amila kula botên sumêlang bilih sadaya wulang ingkangdèrèng kula nyatakakên punika sampu[11] mêsthi lêrêsipun awit ingkang sampun kula

Page 14: Ajaran Teosofi

nyatakakên sadaya botên wontên ingkang nyalisip, dados manawi daya kakiyatan kulasampun nyêkapi kangge ambikak perangan ingkang langkung luhur sampun tamtu kula badheantuk kasunyatan kadi ingkang kajarwa ing piwulang.

Sadaya ingkang sami angudi kawruh teyosopi kalihan tumêmên sampun tamtu gadhahpangangkah mugi-mugi sagêda katampi dados muridipun Sang Jagad Guru, anangingsagêdipun kalampahan kêdah lair batos pangudi kita, sarèhning kathah sujanma ingkangtêmên pangudinipun mila inggih botên lôngka manawi wontên titah ingkang sagêd wuningaing kajatèn, sarèhning kawruh wau sayêktosipun kawruh linangkung, amila sintên ingkangsampun sagêd anggayuh kasunyatanipun saèstu badhe langkung sasamining tumitah, sartamahawan ing alam ingkang luhur.

--- 1 : 33 ---

Kawuningana para sadhèrèk, sarèhning kawruh punika ugi undha-usuk darajatipun milasintên ingkang sinêdya angudi kawruh kinging sinau dhatêng para sarjana ingkang ingmangke nêdhêng puruhita dhatêng Sang Jagad Guru, awit ingatasing manungsa punika samidumunung ing unton-untoning ôndha kamajêngan, wujudipun para ingkang sawêg amurwanikinging tinêmbungakên sawêk ngancik ing untuning ôndha ingkang ngandhap ananging kitaingkang sampun antuk kawruh kinging tinêmbungakên sampun amènèk ôndha sawatawisinggil, botên beda mênggah kawontênanipun manawi kita angungak mangandhap aningaliunton-unton ingkang sampun kapêngkêr, ananging manawi kita angungak manginggil ugitaksih kathah unton-unton ingkang kêdah kita pènèk.

Manawi kita tumolèh mangandhap kita wuninga para ingkang sami mènèk unton-untoningôndha kamulyan sarta wuninga sapintên inggiling inggahipun, sarèhning ing nginggilkita punika ugi wontên titah ingkang nêdhêng mènèk ôndha wau, sanadyan kita botênwuninga sapintên inggahipun ananging kita lajêng sagêd angintên-intên badheninginggahipun awit awêwaton inggahing tiyang ingkang dumunung ing unton-unton sangandhapkita, sabab ingkang makatên wau kita botên sumêlang malih bilih kita ugi badhe sagêdanggayuh [ang...]

--- 1 : 34 ---

[...gayuh] ing kamulyan.

Agunging prabawa tuwin sampurnaning ngèlminipun para ingkang sampun mancik ing tataransanginggil kita punika sampun apindha jawata, ewasamantên sami angandika bilih dèrèngdangu anggèning dumunung ing unton-unton ingkang kita anciki, sarta panjênênganipunugi aparing pitêdah unton-untoning ôndha ingkang kêdah kita pènèk manawi kita sumêdyaanggayuh kaluhuran kadi panjênênganipun.

--- 1 : 35 ---

Bab 3

Kawontênan sasampuning pêjah.

Page 15: Ajaran Teosofi

Ingkang limrahipun winastan pêjah punika sayêktosipun amung anyèlèhakên sandhangan,dados tumrapipun manungsa sajati (ego) botên magêpokan punapa-punapa botên bedakawontênanipun kadi tiyang kalanipun angglethakakên rasukanipun ingkang jawi piyambak,sasampunipun badan jasmani kasèlèhakên manungsa sajati anglajêngakên gêsangipun utawilampahanipun ngangge badan astral, dangunipun anggèning ego gêsang ing dalêm badan waupunika ngantos têlasipun kakiyataning pêpinginan sarta hawa napsunipun taksih gêsanging donya, manawi hawa napsunipun wau sampun têlas kakiyatanipun ing ngriku lajêngpêjah malih, inggih punika badan astral kasèlèhakên, salajêngipun manungsa sajatigêsang wontên ing dalêm badan pikiran, sarta dumunung ing alam pikiran peranganngandhap (kaswargan perangan ngandhap) dangunipun manusa sajati gêsang wontên ing alamngriku punika amung gumantung kalihan kakiyataning pikiranipun duk wontên ing donyasarta wontên ing alam astral, manawi pikiran wau sampun têlas kakiyatanipun badaningkang ôngka tiga wau lajêng kasèlèhakên salajêngipun manungsa sajati gêsang

--- 1 : 36 ---

wontên ing alamipun piyambak, inggih punika alam kaswargan ingkang perangan nginggilsarta angangge badan jalaran, dados limrahipun ingkang tinêmbungakên pêjah punikasayêktosipun botên wontên, ingkang wontên punika amung panggêsangan ingkang mindêngsarta kawontênan ingkang tundha-tundha ing dalêm alam têtiga ingkang dèn-ambah utawidinunungan dening manungsa sajati, enggal laminipun anggèning dumunung ing satunggal-tunggaling alam wau amung gumantung wontên ing kamajênganing jiwa, gêsanging tiyangwanan mèh sadangunipun wontên ing donya, satilaripun donya lajêng manggèn ing alamastral amung sawatawim[12] môngsa dangunipun lajêng wangsul malih dhatêng ing donya,manawi tiyang wau saya majêng, gêsangipun wontên ing astral saya dangu, langkung malihmênawi saya mursid sarta wiwit sinau amikir-mikir, satilaripun dunya piyambakipunbadhe gêsang wontên ing alam pikiran, sawatawis môngsa dangunipun, bôngsa têngahaninggih punika tiyang ingkang watakipun sampun alus gêsangipun langkung dangu wontêning alam dhewasan[13] tinimbang wontên ing alam donya (jasmani) tuwin alam khewani(astral) manawi tiyang wau saya diwasa anggèning kèndêl wontên ing alam astral amungsawatawis môngsa, ananging ingkang dangu wontên ing alam dhewasan (kaswargan) ingkanganjalari gêsang

--- 1 : 37 ---

wontên ing alam dhewacan (kaswargan), ingkang anjalari gêsang wontên ing alam astralpunika sangking pandamêling raosing manah ingkang adhêdhasar napsi (watak mikantukakênbadan piyambak) dados manawi gêsang kita wontên ing dunya punika tansah kaèbêkan ingwatak amung mikantukakên badan piyambak, ing têmbe gêsang kita wontên ing alam astralbadhe linimput dening pangraos ingkang botên sakeca (anyêdhihakên) sanadyan taksihkadunungan ing watak amung mikantukakên badan piyambak ananging mênawi manahipun saesarta botên nyanyêngit (Vriendelijk) ing têmbe gêsangipun kadunungan raos pangraossênêng ananging taksih linimput pangraos astral, dene cipta sarta raosing manahingkang adhêdhasar botên amung mikir dhiri pribadi (onzelfzuchtig) badhe tumuwuhwontên ing alam kaswargan amila tiyang ingkang kadunungan watak makatên ing têmbenipunbadhe kadunungan raos nikmat lan manpangat sarta rumaos bêgja, inggih punikaingka[14] winastan minggah sawarga, miturut wêwarahing agami ingkang winastan siksanaraka punika sayêktosipun raos pangraos ing dalêm astral ingkang anggêgirisi sarta

Page 16: Ajaran Teosofi

anyêdhihakên, dene ingkang winastan minggah sawarga punika raos pangraos nikmat sartamanpangat sampurna botên kirang satuga

--- 1 : 38 ---

l[15] punapa ing dalêm alam dhewacan ingkang ngandhap, kawontênan ingkang makatên waubotên sanès inggih sangking pandamêl kita pribadi, dados têtelanipun sawarga tuwinnaraka punika amung gumantung ing pandamêlipun piyambak, kawuningana sawarga tuwinnaraka punika sanès satunggaling papan utawi panggenan ananging kawontênaning raos,wontênipun têmbung sawarga tuwin naraka punika sayêktosipun amung saking pangothak-athiking agami, têmênipun botên wontên, ananging tiyang ingkang gêsangipun manahipunsasar kinging katêmtokakên gêsangipun wontên ing alam kabir badhe botên sakeca sartadangu sanadyan makatên kawontênaning sawarga tuwin naraka punika botên langgêng, awitsatunggaling jalaran ingkang mawa watêsan punika botên badhe anjalari kadadosaningkang tanpa watês, dene dangu cêlakipun pamanggènipun ing dalêm alam ngrikusatunggal-tunggaling manungsa botên sami, botên kinging dèn-ukur sarta cinêthakakênasarana peta awit amung badhe anjalari kalèntuning panampi, amila kula amung badheandamêl upami kados tatiyang ingkang kasagêdan sarta kasusilanipun sangandhapingsêdhêng inggih punika bangsaning toko alit-alitan utawi garap toko punika gêsangipunwontên ing alam astral 40 taun sarta [sar...]

--- 1 : 39 ---

[...ta] wontên ing dhewacan 200 taun, dene tiyang ingkang sampun kadunungan kasuciansarta sugih kawruh gêsangipun wontên ing astral amung kintên-kintên 20 taun anangingwontên ing kaswargan 1000 taun, manawi tiyang wau sampun saya diwasa wontênipun ingastral amung sawatawis jam utawi sawatawis dintên lajêng gêsang ing kasuwargan ngantos1500 taun.

Satunggal-tunggaling tiyang botên angêmungakên beda enggal sarta laminipun anggèningdumunung ing alam ngriku ananging ugi beda-beda mênggah kawontênanipun. Dhuh parasadhèrèk sampun kasupèn bilih jasat utawi anasir ingkang dados tapêling sagungingbadan punika gêsang wontên nyawanipun dados sanès barang pêjah, badan jasmani punikadumados saking pakêmpalaning sèl, satunggal-tunggaling sèl kadunungan gêsangpinangkaning gêsangipun wau sangking wajahing Gusti ingkang kaping kalih (sipat) sèl-sèl wau jinisipun awarni-warni sarta sami gadhah sêsanggêman pakaryan piyambak-piyambak, amila sintên ingkang badhe bagas kasarasan badanipun samia nyumêrêpanadhatêng pakaryan utawi garapanipun satunggaling sèl-sèl wau, mênggah kawontênaningbadan astral sarta badan pikiran botên beda kadi ingkang kajarwa ing ngajêng.

--- 1 : 40 ---

Gêsang ingkang anjiwani sèl-sèl wau sayêktosipun dèrèng gadhah pangêrtos utawi nalar,ananging sawêg kadunungan instinct (watak utawi tabiat) ingkang watakipun majêng,gêsang ingkang anjiwani anasir inggih ingkang anggêsangi sèl-sèl ingkang dados badan-badan wau dumunung wontên palêngkunging kamajêngan ingkang mandhap, têgêsipunlampahing kamajênganipun gêsang wau mandhap tumuju dhatêng wujud ingkang kandêl sartaatos supados sagêd sinau kawontênaning gêsang sarta anêdahakên kabatosanipun, ananging

Page 17: Ajaran Teosofi

kamajênganing manungsa botên makatên kapara kosok wangsul, inggih punika jasad anarikmangandhap ananging Ego (manungsa sajati) lampahipun anuju palêngkung manginggil badhewangsul dhatêng ajal kamulanipun, awit sampun dangu anggèning wontên ngandhap dumununging dalêm sêtop (jasat) labêt saking sami gadhah bêtah piyambak-piyambak amila lajênganjalari dhèncèng kajêng, ego sumêdya lumampah urut palêngkung ingkang manginggilananging sêtop ingkang jiniwanan ing gêsang adrêng lumampah mangandhap.

Anasiring badan astral utawi gêsang ingkang anjiwani molêkiling badan astral sagêdipunmajêng kêdah sagêd anggêtêr sarta anampèni gêtêr rupi-rupi sarta wadhag, mila manawimajêng satindak kawawa anggêsangi [anggê...]

--- 1 : 41 ---

[...sangi] sêtop ing badan jasmani satêmah badhe ngulinakakên pribadinipun kalihangêtêring jasmani ingkang rindhik, murih kasêmbadan sêdyanipun mila angupaya gêtêringastral ingkang wadhag piyambak, sanadyan piyambakipun (sêtop) dèrèng kasinungan nalaringkang sagêd andumugèkakên sêdyanipun ananging sarèhning sampun gadhah watak(instinct) ingkang sagêd amitulungi sêdyanipun mila kalihan gampil sagêdipun manggihgêtêr ingkang wadhag wau.

Molêkiling badan astral punika ugi tansah ewah gingsir kawontênanipun kadidenemolêkiling badan jasmani, sanadyan raosipun dèrèng cêtha taksih gagap-gagap ewadeneing ngriku gêsang ingkang anjiwani molêkiling badan astral sampun wiwit gadhahpangraos bilih piyambakipun dados wujud tunggal, inggih punika dados mujud satunggaling dalêm sawatawis môngsa, piyambakipun (molêkil-molêkiling badan astral) botênsumêrêp bilih piyambakipun samangke dados peranganing badan astraling manungsa,sakawit piyambakipun botên mangêrtos punapa ingkang winastan manungsa, sanadyan botênawêwaton nalar, dados amung amutatuli ananging samangke piyambakipun mangêrtos utawikaraos bilih sasampuning ewah kawontênanipun inggih kawontênan samangke punika lajêng[la...]

--- 1 : 42 ---

[...jêng] sagêd anampèni gêtêr langkung kathah sarta langkung rosa tinimbang duktaksih angalambrang ing dalêm swasana, ing nguni piyambakipun kalamôngsa sagêdanampèni gêtêring hawa napsu tuwin raosing manahipun tiyang sangking katêbihan,ananging samangke piyambakipun sagêd anampèni kalihan cêtha sarta botên wontên ingkangkacicir awit sapunika piyambakipun sampun adêdunung ing têngahing sagunging gêtêr-gêtêr, sabab ingkang makatên wau kawontênan samangke punika sakalangkung andadosakênkapanujoning manah, têmahan tansah anandukakên rekadaya supados sagêd awèt dumununging kawontênan enggal, ing mangke piyambakipun karaos mawi agêgathukan kalihankawontênan ingkang langkung alus inggih punika sêtoping badan mental, piyambakipunmangêrtos manawi sagêd angêlih badan mental dhatêng gêtêripun piyambak (manawi sagêdamêksa badan rohani sumusup ing dalêm gêtêripun piyambak) sampun tamtu gêtêr-gêtêrsaya wimbuh santosa sarta sagêd dangu.

Sarèhning jasating badan astral punika tumpakaning pêpinginan sarta jasating badanmental, tumpakaning pikiran kita, dados sampun têtela bilih wataking jasat astral wau

Page 18: Ajaran Teosofi

angangkah kita anunggil kajêng kalihan piyambakipun, supados saya gampil tuwin santosa[santo...]

--- 1 : 43 ---

[...sa] anggèning badhe anglêksanani ingkang dados kaniyatanipun, sabab ingkangmakatên wau mila badan pêpenginan (astral) tan kêndhat pangudinipun anggèninganêlukakên manungsa supados anunggil kajêng, amila tansah angajak manungsa samianglampahana pandamêl ingkang botên lêrês sarta wadhag, pangudining badan astraltumrap ingkang makatên wau kadidene tiyang kaluwèn ingkang botên gadhah tuwan,wujudipun tiyang ingkang brangasan tinuntun dhatêng kanêpson, dene tiyang ingkangkandêl luamahipun tinuntun dhatêng sagunging pandamêl ingkang botên sukci, mila tiyangingkang dèrèng mangêrtos dhatêng aluranipun asring kalèntu panampi wontên ingkangangintên bilih wataking badan astral ingkang makatên wau lakar kêrsaning Allah têmahanlajêng winastan watak awon bêktan (asal) sawênèh wontên ingkang gadhah pangintênmanawi punika panggodhaning jim setan, sadaya wau kalèntu, mênggah lêrêsipun dumununging têngah liripun makatên: pangajak utawi pandêdêl punika lakar lêrês anangingpandêdêling tumpakanipun sanès pangajakipun ingkang numpaki (tiyang) papinginan punikalakar prayogi tumraping tumpakan, ananging pituna tumraping manungsa ingkang dêdunungsasampunipun ingkang dêdunung ing dalêm tumpakan, amila manungsa kapêksa lumawananyêgah ingkang dados pikajênganipun tumpakan,

--- 1 : 44 ---

manawi manungsa sagêd anyêgah botên mituruti pikajênganing têtumpakan satêmahsaperangan saking badanipun ingkang gadhah bêtah gêtêr ingkang makatên wau lajêngtanpa daya amargi botên angsal tatêdhan sarta dangu-dangu lajêng pêjah, gogrog utawicuwil saking badanipun astral lajêng ginêntosan jasat ingkang gêtêripun salaraskalihan ingkang sabên linilan anglêbêti badanipun astral.

Sabab ingkang makatên wau mila gêsang padintênan utawi gêsang limrah punika winastanpikajênging watak asor, manawi tiyang amituruti têgêsipun botên purun anyêgahpikajênganing watak wau dangu-dangu saya wêwah kasantosanipun têmahan kita badhekuwalahên ananggulang kurdanipun wêkasanipun kita binoyong têluk nunggil karsa kalihanpiyambakipun, inggih makatên punika ingkang kinajêngakên dening pangraos saperanganingbadan astral (gêsanging pangraos kadi ing dalêm supênan) manawi badan jasmani pêjah,pangraosing badan astral ingkang dèrèng cêtha wau kagèt (badan astral kagèt sakinganggèning supêna) ing ngriku piyambakipun karaos bilih kawontênanipun kadidenesatunggiling tumpukan utawi pakêmpalan ingkang pisah sarta rumaos manawi ginantunganing panandhang, awêwaton watakipun instinct dados [da...]

--- 1 : 45 ---

[...dos] botên awêwaton nalar amung sangking pitulunganing (instinct) ing ngriku badanastral lumawan ing bêbaya ingkang badhe dhatêng murih sagêdipun lêstantunkawontênanipun.

Page 19: Ajaran Teosofi

Sêtop utawi jasating badan astral punika botên patos asêsambatan kadi badan jasmani,sabab ingkang makatên wau mila pangraos ingkang taksih gagap-gagap lajêng angêmpalakênsagunging perangan-perangan sangking badanipun lajêng tinata sakalangkung prayogimurih sagêd lumawan ing bêbaya ingkang sakalangkung agêng, sêtop utawi jasat ingkangwadhag sarta kêkêt (dicht) tinata wontên ing jawi minôngka dados kulitipun dene sêtopsanèsipun tinata mubêng lapis-lapis angubêngi têlêngipun (pertengahan) labêt sangkingsaening pangrakit têmahan badan wau kawawa ananggulang mêngsah wêkasan wujudipun sagêddangu botên tumuntên risak, kawontênan ingkang makatên wau pituna tumraping manusa.

Mênggah kawontênanipun gêsanging badan astral punika beda kalihan gêsanging badanjasmani, badan jasmani angraosakên samukawis ingkang sangking jawi saranapitulunganing pôncadriya, inggih punika peranganing badan kados ta mripat, irung,salajêngipun ingkang dados pirantosing indriya, ananging badan astral botên gadhahindriya gangsal [gangsa...]

--- 1 : 46 ---

[...l] ingkang amiyambak-miyambak kadi ingkang kasatmata punika, sagêdipun badanastral wuninga samukawis manawi molêkil-molêkiling badan wau sagêd wuninga sarta sagêdamangsuli panggêpoking molêkil-molêkil ingkang wontên ing jawi ingkang tunggil laras,upaminipun makatên, ing dalêm manungsa wontên sêtopipun astral ingkang saking sap-saping alam astral sabab ingkang makatên wau piyambakipun sagêd wuninga sagungingkawontênan ingkang dumados saking sêtop-sêtoping sap wau, awit gêtêring sêtop ingkangdumunung ing manungsa sagêd amangsuli gêtêring sêtop-sêtop wau, cêthanipun makatên,saupami satunggaling kawujudan astral ingkang sangking cêcampuraning sêtop kapisaningkang kaping kalih saha kaping tiga sampun tamtu tiyang ingkang gêsang dumunung ingalam astral sagêd wuninga kawujudan wau, sak anggêr badan astralipun piyambak lapising jawi wontên sêtopipun, ôngka satunggal kalih sarta tiga, awit gêtêring sêtop-sêtopwau sagêd amangsuli jalaran tunggil laras, ananging labêt sangking pandamêlingpangraos ingkang dèrèng cêtha saping badanipun astral ingkang dumunung wontên ing jawipiyambak sampun tamtu sangking sêtop ingkang wadhag sarta rapêt (dicht) kadi ingkangsampun kajarwa ing ngajêng, sabab ingkang makatên wau sampun tamtu botên sagêd sumêrapdhatêng wujud ingkang sangking [sang...]

--- 1 : 47 ---

[...king] campuraning sêtop lapisan ingkang ôngka kalih tuwin tiga kadi ingkangkasêbat ing ngajêng, botên beda kadidene manawi kita wontên ing dalêm badan jasmanibotên sagêd sumêrap dhatêng gas ingkang ngumandhang ing dalêm hawa (atmospheer) sartabotên sagêd sumêrap wujud ingkang dumados sangking sêtop utawi jasat etêr.

Ing dalêm gêsang kita wontên ing donya sêtoping badan astral tansah ebah sami campursatunggal lan satunggalipun kadi wedang umêb, sabab ingkang makatên wau sampun tamtuing sawanci-wanci badaning manusa sap ingkang sisih jawi piyambak wontên saperanganingkang sêtopipun satunggal-tunggaling sap, amila manawi tiyang pinuju tilêm lajêngngangge badan astral sagêd wuninga sadaya kawujudan astral ing sakiwa têngênipun.

Page 20: Ajaran Teosofi

Kabêkta saking tunaning sasêrêpan kathah tiyang ingkang sami anata badan astral sêtopingkang wadhag sarta rapêt sinèlèh ing jawi kadidene ingkang sampun kajarwa ingngajêng, mila sasampuning pêjah lajêng sanès kawontênanipun, awit sap ing badan astralingkang ing jawi piyambak dumados sangking sêtop ingkang wadhag sarta rapêt satêmahamung sagêd anampèni gêtêr ingkang wadhag sarta rapêt, mila piyambakipun wontên ingalam astral botên sagêd bablas paningalipun, [paningali...]

--- 1 : 48 ---

[...pun,] ingkang sagêd katingal amung lapisan ingkang kapitu inggih punika ingkangwadhag piyambak wah botên sadaya amung ingkang sakalangkung wadhag sarta pêtêng,gêtêring sêtop ingkang kandêl utawi awrat wau anjalari tuwuhing pangraosing manahgiris, pangraosing manah ingkang makatên wau pinangkanipun sangking titahing alamastral ingkang asor tuwin para, sabab ingkang makatên wau tiyang ingkang dumunung ingalam ngriku tansah sumêrap titahing alam astral ingkang anggêgirisi sarta ingkanganjêjêmbêri punapadene tansah rumaos kapanduk ing patrap siya sarta pangèsi-èsi,sayêktosipun piyambakipun punika ugi acacêlakan kalihan mitra karuh tuwin tiyang sanèsingkang badanipun astral cêkapan, têgêsipun botên awon sarta botên sae, anangingsarèhning ingkang katingal amung badanipun astral ingkang wadhag sarta para, milapangraosipun piyambakipun aningali dhêmit ingkang awon sarta ngêthaha manahipun,kapara manawi pinanggih mitranipun supe, amargi rupinipun beda, ingkang katingal amungingkang awon, mila inggih botên agumunakên[16] bilih alam astral punika winastan naraka,ingkang makatên wau sanès lêpatipun alam astral ananging saking lêpatipun piyambak,awit ingkang nomêr sapisan piyambakipun sampun angêmpalakên [a...]

--- 1 : 49 ---

[...ngêmpalakên] sagunging sêtop ingkang asor, ingkang kaping kalih amung miturutipangêrèhipun pangraos astral ingkang taksih gagap-gagap (vaag) ingkang gadhah kajênganumpuk sêtop kadi ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng.

Sadhengah ingkang sampun sinau sarta mangêrtos bab punika saèstu badhe botên amiturutpanggèndènging watak asor sarta sasampuning tilar donya badhe botên purun angewahitatanan, manawi kalampahan makatên piyambakipun badhe sagêd sumêrap alam astral sadayadados botên angêmungakên perangan ingkang botên sakeca sarta asor kimawon,kawontênaning alam astral punika kathah ingkang sami kalihan kawontênaning alam donya,botên beda kadi kawontênaning alam donya, sawangan ing dalêm alam astral tumrappaningalipun satunggaling tiyang amolah-malih, botên ngêmungakên tumrap paningalingtiyang kathah sanadyan tiyang satunggal ugi makatên miturut kawontênaning gêsangipun,têgêsipun paningalipun satunggal-tunggaling tiyang tumrap kawontênan ing alam waubotên sami, sanadyan tumrap paningalipun tiyang satunggal ugi botên ajêg, inggih ingalam astral ngriku panggenanipun sagunging raosing manah sarta cipta ingkang wadhagsarta asor punapadene [puna...]

--- 1 : 50 ---

[...padene] raosing manah wontên ing alam ngriku langkung rosa kraosipun manawikatimbang kalihan ing donya, ing salêbêtipun tiyang taksih mêlèk botên sagêd kacihna

Page 21: Ajaran Teosofi

sadaya ingkang dados raosing manahipun ingkang kacihna amung saperangan alit, sartasaperangan agêng saking kakiyatanipun pinedahakên kangge angebahakên utêk amila manawitiyang ngatingalakên sihipun botên sagêd kacihna sawêtah utawi maligining sih,ananging amung saperangan, sanadyan amung saperangan sagêdipun kalampahan manawitiyang wau sampun rampung anggèning anggarap prakawis sanès (panggaraping kamurkan).

Sabab ingkang makatên wau raosing manah wontên ing alam astral langkung rosa tinimbangwontên ing donya, sanadyan raosing manah wau pinênggak ewadene botên sagêd anjalarikêndhaking kaniyatan dhatêng kaluhuran, amila ing dalêm alam kewani kita sagêd angudidhatêng kasucian sarta anulung sêsamining tumitah, kosokwangsulipun kita wontên ingalam ngriku sagêd ugi anggaluyur angocar-acir wanci, wiyaring alam kewani punika mèhsapalihing têbihipun dhatêng rêmbulan, kita sagêd anjajah alam ingkang samantênwiyaripun sak anggêr kita kalanipun tilar donya

--- 1 : 51 ---

botên angewah pranatan panumpuking sêtop hewani, ewasamantên ingkang kathah botênsagêd bablas anjajah alam wau ananging sami dumunung ing sacêlaking alam jasmani,sêtopipun satunggal-tunggaling sap cinampur kalihan sampurna, limrahipun sêtop ingkangwadhag pamanggènipun wontên ing sap ingkang andhap, bab punika kenging kaupamèkakêntimba isi toya ingkang cinêmplungakên rêrupèn warni-warni ingkang botên samiwawratipun, manawi toya ing dalêm timba wau kinêbur sadaya rêrupèn wau lajêng campur,ewasamantên ingkang wawratipun langku[17] awrat sampun tamtu ngalêmpak wontên ingngandhap, sap-sapaning alam astral punina[18] botên kenging kaupamèkakên kadi bawang,amung kimawon kangge anêrangakên mênggahing sap-sapan kinging mirid kawontênaningbawa.

Anggèning sêtoping alam astral anarambas sêtoping alam jasmani punika kalihan gampilbotên wontên ingkang ngalang-alangi kapara sajakipun kadi botên wontên alam jasmani,ananging satunggal-tunggaling saping alam jasmani ugi anggèndèng dhatêng satunggal-tunggalipun saping alam kewani ingkang tunggil laras, upaminipun makatên, sêtopingjasmani sap ingkang kapitu anarik sêtop kewani sap pitu makatên salajêngipun, sababingkang makatên wau sadaya [sada...]

--- 1 : 52 ---

[...ya] saping alam jasmani gadhah abên-abênan saping alam jasmani, saupami gêlasingkang kêbak isi toya sinèlèh ing meja, sampun tamtu gêlas sarta meja tinarambasisêtoping alam kewani sap ingkang ngandhap piyambak awit gêlas sarta meja wau dumadossaking sêtoping alam jasmani ingkang atos, dene toyanipun tinarambas ing sêtoping alamastral ingkang kinging kita wastani bangsani[19] toya inggih punika sap ingkang kapingnênêm, sarèhning meja tuwin gêlas wau kinubêngan hawaning jasmani ingkang awujud gas,mila inggih tinarambas ing gasing kewani inggih punika sêtoping alam kewani sapkagangsal, ananging hawa, toya, gêlas sarta meja ugi tinarambas dening sêtopingjasmani ingkang langkung alus inggih punika etêr, makatên ugi sêtoping alam kewanisadaya sami tinarambas dening sêtoping kewani lapisan ingkang langku[20] alus, ingkangatêtimbangan kalihan saping alam ingkang saking etêr, ananging sêtoping alam astral

Page 22: Ajaran Teosofi

ingkang wadhag piyambak inggih punika jasat ingkang atos mêksa taksih kirang kêkêtipunmanawi tinimbang jasating alam jasmani ingkang langkung alus inggih punika jasat etêr.

Manawi sasampuning tilar donya kita sagêd anolak panggodhaning angewahi tatananingbadan astral ing dalêm alam astral kawontênan [kawo...]

--- 1 : 53 ---

[...ntênan] kita amung kaot sakêdhik kalihan kawontênan kita duk anèng donya, kitasagêd dhatêng pundi-pundi miturut sakajênging manah, ewasamantên ingkang kathah tiyangwau amung sami dumunung ing padununganipun lami, piyambakipun sagêd wuninga sanaksadhèrèk tuwin mitranipun, punapadene sagêd wuninga griya pirantosing griyasarajadarbèkipun tiyang ingkang dèrèng sinau bab punika ngintên bilih kaicalankulawarga manawi piyambakipun tilar donya, ananging kulawarganipun ingkang tilar donyawau botên pisan-pisan angrumaosi bilih pisah kalihan ingkang taksih sami gêsang, amungkimawon piyambakipun botên sagêd wuninga badanipun jasmani, ingkang kadulu amungbadanipun astral, awit ing mangke piyambakipun ngangge badan astral ananging sarèhningbadan jasmani kalihan badan astral punika sami rupinipun mila piyambakipun botên ageangrumaosi pisah kalihan kulawarga tuwin mitranipun, tumrapipun ingkang sampun samitilar donya kulawarga tuwin mitranipun wau katingal kinêmulan ing pêdhut ingkang mawacahya wujudipun lonjong kadi tigan, manawi piyambakipun satunggaling tiyang titi,saèstu badhe wuninga sakathahing ewah-ewahan ing sakiwa têngênipun, gunggunganipunkimawon piyambakipun botên angrumaosi pindhah griya [gri...]

--- 1 : 54 ---

[...ya] dhatêng sawarga utawi naraka, ananging têtêp pangraosipun bilih taksihadêdunung ing padunungan utawi papanipun lami, sanadyan ing wêdal sapunika anggèninganingali sangking ing alam sanès, kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêngtiya[21] ingkang sampun tilar donya punika sagêd andulu badan astraling mitranipun milabêbasan botên nyambut mripat cêtha anggèning wuninga ingkang sami taksih wontên ingdonya, amila piyambakipun botên angrumaosi bilih pisah kalihan kita, ananging manawikita pinuju mêlèk, tiyang ingkang sampun tilar donya wau botên sagêd andayani punapa-punapa amargi kalanipun kita tangi pangraos kita anggarap kawontênan kadonyan, denebadan astral amung minôngka dados tarêtêg, sanadyan tiyang ingkang sampun tilar donyapunika botên sagêd awawan ginêm kalihan kita sarta piyambakipun botên sagêd wuningacipta kita ingkang luhur, ananging sarèhning piyambakipun wuninga ewahing warninipunbadan astraling mitranipun têmahan piyambakipun wuninga saosiking manahipun sartamanawi piyambakipun purun sinau sampun têmtu lajêng piyambakipun wuninga sagungingciptaning mitranipun ingkang adhêdhasar watak amung manah badanipun piyambak, tuwiningkang kawoworan papenginan, manawi kita panuju tilêm tumrapipun tiyang ingkangsampun tilar [ti...]

--- 1 : 55 ---

[...lar] donya lajêng beda kawontênanipun, piyambakipun lajêng apêpanggihan kalihankita sarta sapocapan kadi duk taksih wontên ing donya, raosing manahipun tiyang gêsangrosa sangêt dayanipun tumrap tiyang ingkang sampun tilar donya ingkang dipun trêsnani,

Page 23: Ajaran Teosofi

manawi ingkang tinilar pêjah amrihatosakên têmahan ingkang tilar donya nandhangprihatos.

Kawontênan sasampuning pêjah punika warni-warni labêt sangking kathah sarta warni-warni mila manawi kacariyosna satunggal-satunggal amung badhe angêbak-êbaki papan,ewasamantên sintên ingkang kaparêng angudi bab alam astral sarta anitipariksawatakipun tiyang ingkang dados sêdyaning manah, saèstu kita badhe wuningakawontênanipun, awit watak punika botên badhe sagêd ewah kawontênanipun ingkangjalaran sangking tilar donya, sadaya ciptanipun raosing manahipun sarta hawanapsunipun punika botên ewah kadi duk taksih gêsang, tiyang tilar donya punika babarpisan botên wontên ingkang ewah kajawi badanipun jasmani, mila bêgja cilakanipunpunika amung gumantung wontên ing raosing manahipun ingkang jalaran sangking kaecalanbadan jasmani (kalanipun tilar) manawi papenginanipun punika bôngsa wadhak têgêsipunmanawi

--- 1 : 56 ---

sagêdipun rumaos kalêgan bilih linampahan dening badanipun jasmani, punikapiyambakipun badhe nandhang botên sakeca.

Wontên ing alam astral papenginan ingkang makatên wau katingal gumêlar kadi gêtêr,mila kalanipun kita wontên ing donya botên prayogi sangêt kalimput ing papinginan awitkawontênan ingkang kasêbat ing nginggil wau tatela duk kita taksih wontên ing donyakêkathahên utawi kasêron anggèn kita makartèkakên kakiyataning gêtêr kanggeangebahakên peranganing jasmani ingkang bangsaning awrat, amila kakiyataningpapinginan langkung rosa ing dalêm gêsang wontên ing alam astral tinimbang kalihanwontên ing donya, manawi tiyang duk gêsangipun wontên ing donya botên angulinakakênanyêgah papinginan, ing têmbe badhe nandhang prihatos agêng sarta badhe dangupamanggènipun wontên ing ngriku, amargi botên sagêd kalêgan-kalêgan ingkang dadospapenginanipun, kados ta tiyang ingkang rêmên ngunjuk utawi ingkang gadhah pakarêman.

Manawi tiyang duk gêsangipun wontên ing donya gadhah papinginan ingkang kiyat liripunanggèning mituruti pakarêmanipun wau ngantos supe dhatêng tatakrami ingkang prayogi,thukul budinipun ingkang asor, [a...]

--- 1 : 57 ---

[...sor,] sirna wêlas asihipun dhatêng kulawarga ing têmbe wontênipun ing alam astralpapinginan wau tikêl satus kakiyatanipun, ananging sarèhning badanipun jasmani sampunbotên wontên mila amung manggung katagihan jalaran botên wontên pirantosipun ingkangkangge andamêl marêming katagihan, kawontênan ingkang makatên wau ingkang têtêp namikacêmplung naraka, ananging botên wontên ingkang anyêmplungakên sarta ngukumpiyambakipun angundhuh uwohing pandamêlipun piyambak, raos ingkang makatên botên badhelanggêng wontênipun ananging badhe wontên môngsakalanipun ical sasampuning anglampahisagunging panandhang ingkang anggêgirisi, ing môngka raos ing donya sadintên saminipuning ngriku sèwu taun, ing alam ngriku tiyang botên sagêd ametangi wanci kadi wontêning donya, amila inggih amung kinintên-kintên miturut pangraosipun, dene sasar ingkanglanggêng punika inggih punika tiyang ingkang murtat ingkang tuwuhipun sangking angekal

Page 24: Ajaran Teosofi

pitêdah ingkang lêrês, sanadyan botên sami kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêng,ewasamantên taksih wontên têtuladan ingkang kinging minôngka katrangan inggih punikasintên tiyangipun ingkang gadhah papinginan ingkang agêng, ingkang botên kingingpinêpêr ugi badhe andadosakên siksa agêng,

--- 1 : 58 ---

tiyang ingkang botên awon kalakuanipun kados ta rêmên wuru utawi gadhah pakarêmaningkang kandêl, ananging anêngênakên kadonyan utawi manahipun amung tumungkul dhatêngkanggening ngupados pangasilan punika gêsangipun wontên ing ngrika badhe kapandukingraos ingkang anyêdhihakên sarta ribêt, awit piyambakipun botên badhe sagêd nyambutdamêl kadi ingkang dados raosing manahipun, jalan[22] wontên ing alam astral botênwontên caranipun pados pangupajiwa, piyambakipun ugi sagêd sêsrawungan kalihan tiyangkathah ananging sanadyan makatêna mêksa botên sagêd andadosakên lêganing manah,jalaran sadaya ingkang dados tancêping manahipun botên sagêd tumindak ing dalêm alamngriku dene ingkang sami nandhang siksa kadi ingkang kasêbat ing nginggil punika botênkathah, limrahipun manawi tiyang sampun tilar donya lajêng sakeca gêsangipun sartarumaos bêgja, tinimbang duk gêsangipun wontên ing donya, agêng-agênging kanikmataningkang tinampi dening para ingkang tilar donya inggih punika rumaos mardika sartasakeca ingkang tanpa timbang, awit botên prêlu angraosakên sandhang têdhaning anakbojo sarta botên anggadhahi sêsanggêman amila botên prêlu ribêt sarta sumêlang ingkangsabab sangking sêsanggêmanipun, awit botên [botê...]

--- 1 : 59 ---

[...n] wontên ingkang marentah sarta amisesa kajawi manahipun piyambak,kosokwangsulipun gêsanging tiyang wontên ing donya kêdah anglampahi samukawis ingkangbotên dados manahipun, kêdah ngupados pangupajiwa kangge kapêrluaning anak rayat,wontên ing alam astral kita botên prêlu ngingoni anak rayat, awit sandhang têdhagumêlar angêmohi, kita botên prêlu angwontênakên griya, awit ing alam ngriku botênwontên asrêp tuwin bêntèr, punapa ingkang cinipta sakala lajêng wujud.

Wiwit alit ngantos dumugining tilar donya manungsa prasasat tansah kinunjara,luwaripun manawi kita sampun gêsang wontên ing alam ngriku sarta badhe kadumugèningkang dados kajêngipun, sak anggêr sanès kasênêngan utawi kanikmatan ingkanglêganipun sarana linampahan ing badan wadhag, ing dalêm alam ngriku kita badhekadumugèn ingkang dados sênênging manah, kapara anggèn kita angraosakên kasênêngantuwin kanikmatan raosipun tikêl tinimbang duk kita taksih kinurung ing badan wadhag,manawi satunggaling tiyang ingkang pamanggènipun manahipun alêlana ningali tingalaningkang endah-endah, punika sagêd lêlana anjajah bawana aningali têtingalan ingkangendah sarta andamêl kacaryaning pandulu lampahipun rikat kadi [ka...]

--- 1 : 60 ---

[...di] thathit sarta botên gadhah kêsêl, manawi karêmênanipun bangsaning kagunan ingngriku piyambakipun badhe sagêd aningali yêyasan ingkang awig pakirtyanipun angungkulidamêlanipun tiyang ingkang sampun winical langkung, manawi piyambakipun rêmên dhatênggêndhing tiyang wau ing sapurug-purug badhe mirêngakên ungêling pradôngga ngrarangin

Page 25: Ajaran Teosofi

ingkang salaminipun wontên ing alam donya dèrèng nate kapirêng, manawi piyambakipunahli kawruh badhe sagêd puruhita dhatêng sagunging para linangkung ing dalêm donyapunika sarta gampil panampining piwulang, kajawi punika piyambakipun piyambak ugisagêd sinau sagunging kawruh ingkang pinanggih ing alam luhur wau kalayan gampilmangêrtos sarta panampinipun, dene ingkang langkung utami punika manawi tiyangkalanipun gêsang wontên ing donya rêmên korban kasaenan dhatêng samining tumitahpunika badhe ingajangan wiyar tumrap gêgayuhan, utawi sêdyaning manahipun.

Sanadyan gêsanging manungsa wontên ing alam astral botên karaos luwe, asrêp sartasakit ananging kathah ingkang bêtah kawruh, bêtah tinuntun supados manahipun dadossukci, amêrgi piyambakipun taksih binônda ing papenginan kadonyan, taksih linimput ingmanah sasar sagêdipun oncat sangking kawontênan wau amung sangking

--- 1 : 61 ---

pitulungipun sarjana ingkang sampun jajah wontên ing alam ngriku, labêt sangkingpitulunganing panjênênganipun têmahan piyambakipun sagêd ambedakakên ingkang langgêngsarta botên langgêng, sarta sagêd sumêrap lêpatipun samukawis ingkang ing ngajêngkinintên lêrês, dene ingkang sagêd anuntun sangking papêtêng margi ingkang pajar waubotên sanès amung sarjana ingkang sugih kawruh sarta bèrbudi rêmên dêdana.

Sasampuning tilar donya kathah sangêt tiyang ingkang lingak-linguk angambah alamngriku sarta botên angrumaosi bilih sampun tilar donya, sawênèh wontên ingkangmangêrtos bilih sampun tilar ananging manahipun sakalangkung kêtir-kêtir awitkaèngêtan dhatêng sapudhêndha ingkang badhe dhumawah ingkang kajarwa ing dalêmpiwulanging agami ingkang goroh sarta ngawur, sadaya wau prêlu kêdah linipur sartadinunungakên ing sajatosipun dening sarjana ingkang ahli budi sarta putus ingkawruhing alam-alam, dados sampun tatela tumrap tiyang ingkang gêsangipun wontên ingdonya cêkapan utawi mawa pikiran ing têmbenipun botên badhe kakirangan garapan ingkangamigunani sarta botên badhe kakirangan kônca, para ingkang sami anunggil budi tuwinnunggil raos ing têmbe badhe sagêd gêsang asêsarêngan kadi duk taksih wontên ingdonya, sarta manawi piyambakipun purun angudi [angu...]

--- 1 : 62 ---

[...di] badhe sagêd anitipariksa sagunging isèn-isèning alam ingkang duk wontên ingdonya botên wuninga, labêt tinutup ing mripat jasmani, ingkang limrah para ingkangsampun tilar donya wontên ing ngrikanipun sami amangun utawi andamêl papan utawisawangan (Onngeving) piyambak-piyambak, kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêng alamastral punika atundha pitu, manawi pinetang sangking ingkang langkung inggil utawialus wau pinerang dados tiga: tundha kapisan, kaping kalih tuwin kaping tiga dadossaperangan, tundha kaping sakawan gangsal tuwin nênêm dados saperangan, dene ingkangdados perangan ingkang andhap piyambak inggih punika tundha ingkang kaping pitu,sanadyan saping sadaya alam wau sami tarambas-tinarambas ewasamantên kabêkta sangkingwatakipun jasat-jasat wau sami ngêmpal nunggil bôngsa (miturut bobotipun) sababingkang makatên wau jasat perangan ingkang inggil (ingkang alus) têbih dunungipunsangking ing bumi, dene perangan ingkang wadhag langkung cêlak, sanadyan satunggalingtiyang sagêd angumbara ing dalêm alam astral ananging miturut kabatosanipun (luguning

Page 26: Ajaran Teosofi

kajêngipun) mêksa rêmên ubêngan ing dalêm jasat ingkang bobotipun salaras kalihanboboting badanipun astral, manawi tiyang sasampuning [sasa...]

--- 1 : 63 ---

[...mpuning] tilar donya botên angewahi pranatan panungsuning badan astralipunpiyambakipun badhe sagêd anjajah ing alam astral tundha pitu, ewasamantên kathah paraingkang botên angewah liripun amung miturut pranatan ananging botên sagêd anjajah ingdalêm alam astral, mênggah ingkang dados darunanipun botên sabab wontên ingkangngalang-alangi anggèning badhe minggah anjajah alam ingkang langkung alus utawimandhap dhatêng alam ingkang wadhag, ananging amung kabêkta saking pangraosipun dèrèngsagêd gêsang wontên ing sagunging perangan sagêdipun gêsang sawêk wontên ingsatunggiling perangan kimawon, ing ngajêng sampun kapratelakakên kadospundi mênggahkawontênaning satunggaling tiyang ingkang dumunung ing saping alam astral ingkangandhap piyambak binuntêl ing jasating alam astral ingkang sakalangkung wadhag,sarèhning jasat wau sakalangkung rapêt manawi katandhing kalihan jasat ing lapisansanèsipun mila sasêrêpan sarta pangêrtosanipun tumrap kawontênan ing dalêm sanès-sanèsing sap kawon kalihan tiyang sanès ingkang botên dumunung ing ngriku, kabêktasangking badan astralipun piyambak salaras bobotipun kalihan perangan ngandhap milakapêksa piyambakipun mangandhap dumunung ing sacêlaking bumi, sajatosipun paningalingbadanipun astral botên sagêd [sagê...]

--- 1 : 64 ---

[...d] andulu jasat jasmanining bumi punika, sarta kabêkta sangking watakipunpiyambakipun kraos tinarik dening jasat astral ingkang wadhag, ingkang atêtimbanganutawi gêgandhengan kalihan jasat bumi ingkang aos, amila tiyang ingkang labêt sangkingpandamêlipun piyambak manggèn ing sap ingkang andhap piyambak punika linimput ingpapêtêng sarta pisah kalihan kancanipun ingkang sampun tilar donya ingkang manggèn ingsap langkung inggil, dene saping alam astral ingkang kasakawan, gangsal sarta nênêmingkang limrah kambah dening tiyang kathah punika sampun adhêdhasar gadhah timbanganutawi gandhengan kalihan alam donya, mila kawontênaning gêsang kita wontên ing sapingkang kanênêm sami kimawon kalihan duk wontên ing donya kaotipun botên mawibadam[23] jasmani sarta ingkang dados kabêtahaning badan wau, manawi minggah malihdhatêng sap ingkang kagangsal sarta kasêkawan kawontênaning gêsang kita saya tipistumraping kawadhagan, dangu-dangu saya têbih saking donya kita ingkang asor sartasangking kabêtahanipun.

Sanadyan sap ingkang kapisan, kaping kalih tuwin kaping tiga angèbêki sap sanès-sanèsipun ewasamantên sagêd anjalari raos saya têbih sangking ing donya, sabab ingkangmakatên wau têmahan suda sambêtipun kalihan kadonyan, amila donya

--- 1 : 65 ---

sampun botên sagêd katinggal dening tiyang ingkang dumunung ing sap ngriku, sartasampun botên gadhah papinginan dhatêng kadonyan, piyambakipun sami mêlêng maligiangèngêti dhatêng pribadinipun, dene sadaya kawontênan sarta sêsawangan ing sakiwa-têngênipun têgêsipun samukawis ingkang tiningalan sarta ingkang kalêbêt manahipun

Page 27: Ajaran Teosofi

(Omgeving) punika damêlanipun piyambak asarana ciptanipun, ananging sadaya wau wontênwujudipun sarta kasatmata dening têtiyang ingkang sami dumunung ing sangriku mila parawaspada ing tingal ugi sagêd mirsa.

Miturut kawruh sipiritisme[24] (ngèlmi prewangan) alam wau winastan alam sritanêm,tiyang tilar donya ingkang dumunung ing alam ngriku sami angadêgakên griya pamulangantuwin nagari asarana kakiyataning cipta, sanadyan kawontênan utawi sawangan (Ongwing)wau tumrap paningal kita amung gagasan (denkbeeldig) ananging tumrapipun para ingkangdumunung ing alam ngriku rumaosipun wontên yêktos, botên beda kadi panganggêp kitadhatêng kawontênaning mêsjid, griya-griya gêdhong, candhi tuwin greja ing donyapunika, piyambakipun sami gêsang sênêng ing dalêm pintên-pintên taun wontên antawisingdêdamêlaning ciptanipun, ing antawising gananing cipta wau wontên ingkang pèni sartaandamêl rêsêping pandulu kados ta: talaga ingkang

--- 1 : 66 ---

toyanipun wêning, rêdi agêng asri dinulu, patamanan ingkang sakalangkung endah, sadayawau langkung sae manawi katandhing kalihan kawontênan ing donya, kosok wangsulipunpara linangkung inggih punika para sarjana ingkang sampun sinau sagêd anyatakakênkasunyataning samukawis asring amrangguli rêrupan ingkang elok-elok kados ta:pakartinipun tiyang ingkang dèrèng lêbda panampinipun tumrap babaganing kawruhkasampurnan (ngèlmu) ing ngriku piyambakipun sami amujudakên sarana cipta kadospundipanampinipun tumrap sagunging prasêmoning kawruh kasunyatan ingkang kacêtha ing dalêmkitab sukci (sami angraosakên piwulang ingkang kocap ing kitab sukci sarta kadospundipanampinipun mênggah piwulang wau) wontên sawênèhing tiyang tani ingkang taksih bodhoanyipta satunggaling kewan ingkang mripatipun kathah sami tumèmplèk ing badanipunutawi anyipta sagantên sangking kaca utawi latu, sanadyan wêwangunaning cipta wausakalangkung anèh ewasamantên kadadosakên karênanipun ingkang anggôntha, ing dalêmalam kewani wau sakalangkung kathah rêrupan sarta wêwangunan ingkang dinamêl deningcipta, wontên ingkang awujud tiyang, wujud griya, kitha sapiturutipun, labêt sangkinganggagas ingkang dados piandêlipun sawarnining tiyang

--- 1 : 67 ---

ingkang sami nglampahi satunggaling agami wontên ing alam ngriku sami sagêd pinanggihawêwentehan kalihan ingkang dados pêpundhènipun punapadene rumaos dumunung ing dalêmsawarga kadidene piandêlipun, piyambakipun sami asuka-suka ing dalêm panggenan ingkangdinadosakên dening ciptanipun ngantos titimôngsa pindhahipun dhatêng alam pikiran,inggih punika satunggaling alam ingkang sampun anyêlaki dhatêng ing kajatèn.

Sujalma limrah ingkang sami angewahi pranataning badan astral kadi ingkang sampunkajarwa ing ngajêng punika sadaya sami anglangkungi sagunging sap-sapaning alam astralananging kalanipun piyambakipun langkung utawi manggèn ing ngriku botên kraos, badanastralipun tiyang wau mung kacampuran jasat sangking sap ingkang asor sakêdhik, milabotên sagêd anyêkapi kinarya kulit ingkang kandêl, manawi tiyang angewahi pranatanjasat ingkang wadhag lajêng dumunung wontên ing jawi (dados kulit) sabab ingkangmakatên wau manawi tiyang cêkapan, botên awon sarta botên sae kalakuanipun angewahipranataning badan astral ingkang dados kulit jasating sap ingkang kanênêm campur

Page 28: Ajaran Teosofi

kalihan jasat lapis kapitu sakêdhik mila piyambakipun sagêd wuninga gandhengan utawirakitaning alam jasmani.

--- 1 : 68 ---

Manungsa sajati tansah mundur sumêja angoncati wangsul dhatêng ajal kamulanipun, milatansah anilar satunggal-tunggaling sapipun alam astral, dene enggal dangunipunpamanggèning tiyang wontên ing satunggal-tunggaling sap punika amung gumantungsapintên kandêl tipisipun jasating sap wau ingkang dumunung ing sariranipun, kandêltipising jasat ing sariranipun gumantung kalihan awon saening gêsangipun duk wontêning donya, inggih punika dumunung wontên anggèning nuruti papinginan kalanipun wontêning donya, awit satunggal-tunggaling papinginan punika kawawa anarik jasat ingkangdados badan astral (badan papinginan) tiyang tilar donya ingkang manggèn ing sapkanênêm punika taksih ubêngan wontên ing panggenan kalanipun gêsang sarta taksihangrumaosi sêsrawungan kalihan kancanipun gêsang, manawi sampun sawatawis dangunipunsawangan sarta pangraosipun ingkang makatên punika saya suda têgêsipun dunya lajêngkatingal lamat-lamat sarta pisah kalihan kancanipun gêsang, ing ngriku piyambakipunkatuwuhan ancas sanès inggih punika ngangkah andamêl papan panggenan ingkang salaraskalihan cipta utawi gêgayuhanipun ing wêgdal punika, labêt sangking uwohinggêgayuhanipun manawi piyambakipun sampun ngancas ing sap ingkang katiga, ing ngrikupiyambakipun [piyamba...]

--- 1 : 69 ---

[...kipun] lajêng uwal sangking têtingalaning astral ingkang wadhag-wadhag, sapingkang kaping kalih punika radi suda wadhagipun tinimbang sap ingkang kaping tiga,inggih alam punika (sap ingkang kaping kalih) kaswarganipun para ingkang samianyungkêmi agami ingkang botên mangêrtos dhatêng kasunyatanipun, dene sap ingkangkaping tiga punika winastan nagari sri tanêm inggih padununganing para sêpiritisme(prewangan) mênggah sap ingkang kapisan inggih punika ingkang luhur piyambak punikadados padununganipun manungsa ingkang kala gêsangipun rêmên olah pangawikan, botênkangge ginaning ngakathah ananging kangge kaprêluanipun pribadi, utawi amung angangkahmurih sugih kawruh sarta tajêming utêk, wontên ing alam ngriku sadaya tiyang wau samirumaos mulya sampurna botên kirang satunggal punapa, sarta ing têmbe manawi minggahsatataran malih piyambakipun badhe mangêrtos bilih piyambakipun minggah ing alamingkang langkung luhur sarta sumêrêp bilih wiwaraning alam ingkang langkung luhurkatingal mênga.

Têtiyang ingkang nunggil bôngsa sarta ingkang nunggil tekad gêsangipun wontên ing alamkewani sami anyungkêmi tekatipun piyambak-piyambak botên beda kadi duk gêsangipunwontên ing donya, upaminipun makatên: para ingkang anglampahi agami ingkang ngangkahutawi anggayuh [ang...]

--- 1 : 70 ---

[...gayuh] ujuding kaswargan kadi kawontênanipun ing donya punika botên pisan-pisanpurun opèn dhatêng para ingkang anglampahi agami sanès ingkang beda pamanggihipuntumrap kanikmatan sawarga, ing alam ngriku botên wontên ingkang amakèwêdi, saupami

Page 29: Ajaran Teosofi

tiyang Kristên badhe lumêbêt ing kaswarganipun tiyang Islam utawi Budda, anangingpiyambakipun sami botên purun lêbêt-linêbêtan awit kabêtahan tuwin kasênênganipunamung sagêd pinanggih ing dalêm kasuwarganipun piyambak, amargi wontên ing ngrikusagêd asêsrawungan kalihan mitra-mitranipun ingkang nunggil tekad, sajatosipun punikasanès kaswargan sajati kadi ingkang kocap ing dalêm satunggal-tunggaling agami,ananging amung saking pangraosipun tiyang sasar, sarta kalèntu idhêpipun rumaos bilihpunika sawarga, dene sajatosing sawarga ing têmbe badhe sagêd pinanggih bilih kitasampun dumugi ing alam dhewacan.

Manawi tiyang tilar donya botên gadhah kajêng angewahi pranatan panungsuning badankewani saèstu badhe sagêd anjajah sadaya alam astral tanpa pakèwêd sarta sagêd anitipariksa isèn-isèning alam wau sadaya, ananging ingkang angewahi pranataning panungsunamung sagêd sumêrêp ing dalêm saperangan kimawon.

--- 1 : 71 ---

Alam astral punika anggalodhag botên sêsak kadi alam donya punapadene titah ingkangdumunung ing alam ngriku botên kathah manawi katimbang kalihan ngalam donya, awitgêsanging titah ingkang wontên ing ngriku ingkang kathah botên dangu kadi gêsang ingdonya, awit ingkang manggèn ing alam kewani punika botên angêmungakên tiyang ingkangtilar donya ananging ugi tiyang ing donya ingkang pinuju tilêm sami anilar badanipunwadhag, sadangunipun tilêm tiyang wau sami gêsang wontên ing alam astral, cacahipuntiyang ingkang gêsang ing alam astral amung sawatawis môngsa wau botên sakêdhik,kirang langkung sapratiganing tiyang ing donya punika, ing alam ngriku botênangêmungakên dinunungan manungsa ananging ugi sanès bangsaning manungsa ingkangcacahipun botên sakêdhik, sawênèh kamajênganipun ngungkuli manungsa ananging wontênugi ingkang sangandhaping manungsa dene bangsaning jim punika kathah sangêt cacahipunsarta saperangan agêng ugi manggèn ing alam kewani, sarèhning saperangan saking jimwau wontên ingkang gadhah badan jasmani perangan etêr (badan etêring jasmani) milapiyambakipun ugi sami dêdunung ing ngalam donya ananging botên kasatmata ing mripatlimrah, ewasamantên wontên môngsakalanipun manungsa sagêd wuninga piyambakipun, denekayanganipun pêri prayangan [prayang...]

--- 1 : 72 ---

[...an] wau wontên ing rêdi, kajêng aèng, papan ingkang wingit sarta ing siti sangar,piyambakipun wau sagêd mancala putra mancala putri, ananging kasênênganipun malih rupitiyang cebol, sarèhning titah wau dèrèng awujud miyambak-miyambak mila kingingkaanggêp kewani alam kewani sarta kewan ingkang taksih abadan etêr, titah wau wontênugi ingkang sampun kadunungan akal budi kadi manungsa ingkang cêkapan, mênggahkawontênanipun botên têbih kadi kawontênan kita inggih punika gadhah kulawarga sartapinerang dados pintên-pintên bôngsa, dene perangan ingkang agêng inggih punikabangsaning jim ingkang manggèn ing toya, ing latu, ing siti sarta ing ngawang-awang,bangsaning jim sakawan wau amung jim ingkang manggèn ing ngawang-awang ingkangadêdunung ing alam astral, sarèhning cacahipun kathah sangêt mila angèbêki alamastral.

Page 30: Ajaran Teosofi

Kajawi sangking punika alam astral ugi dados padununganing para malaikat, tiyangHindhu amastani dewa, mênggah drajating kadiwasan langkung luhur tinimbang manungsa,para dewa ingkang darajating kamajênganipun asor piyambak punika manggèn ing alamastral, ingkang winastan dewa ingkang darajatipun asor piyambak punika saminipunmanungsa ingkang sae kalakuanipun, ingkang dados isèn-isèning cakrawala [cakrawa...]

--- 1 : 73 ---

[...la] punika botên angêmungakên manungsa kimawon ananging taksih wontên titah sanèssarta ingkang darajatipun langkung luhur, makatên ugi tumrap garis lampahingkamajêngan, botên angêmungakên garis lampahing kamajêngan kita kimawon ananging wontêngaris lampahing kamajênganing manungsa, sanadyan piyambakipun wau kêdah anglangkungitataraning kamajêngan ingkang salaras kalihan tataraning kamajêngan ingkang tinuruting manungsa lampahing ajêngipun para dewa ingkang nurut garisipun piyambak wau ugisampun kathah ingkang sagêd dumugi tataran ingkang inggil, sarèhning kita dèrèngsapintêna ajêngipun mila ing dalêm darajating kamajêngan kita sapunika, kita dèrèngsagêd asêsrawungan kalihan para dewa, ananging manawi darajating kamajêngan kitasampun inggil sampun tamtu sagêd apêpanggihan kalihan para dewa.

Sanès ingkang kula cariyosakên, manawi pangraosing manah ingkang asor têgêsipun manawiwatak kita ingkang adhêdhasar amung mikangsalakên slira piyambak sampun sirna ingngriku dumugi pungkasaning gêsang ing dalêm alam astral, sasampuning ego (manungsasajati utawi ingsun) anyèlèhakên badan astral lajêng lumêbêt ing alam [a...]

--- 1 : 74 ---

[...lam] dhewacan (Verstandelijke wereld) têmbung malêbêt ing alam rohani wau sampunkatampi pindhah panggenan ananging namung kawontênan awit ego (manungsa sajati) sampundangu tansah mundur nêdya angoncati jasat kewani ingkang wadhag dumugi alus, ingmangke sagêd kalampahan têmahan raos-pangraosipun sapunika amung mêlêng gumolongdhatêng alam dhewacan, sanadyan badanipun astral sampun wiwit luluh ananging dèrèngsagêd luluh utawi uwal sadaya, ing mangke badan astral sampun kasèlèhakên utawi sampundados jisim kadidene duk anyèlèhakên badan wadhag, anggèning manungsa sajatinyèlèhakên badan wadhag kalihan astral punika cara sarta trap-trapanipun botên sami,amila prêlu kêdah dipun wuningani bedanipun, manawi tiyang anilar badanipun jasmanipunika sagêd pisah babar pisan ananging tumraping badan kewani ingkang sakalangkunglêmbat wau botên sagêd sah yêktos kadi kawontênaning badan jasmani, awit tumrapipuntiyang cêkapan jasad kewani wau duk gêsangipun sampun rumasuk ing badan, têgêsipunhawa napsunipun punika sampun dados êrah, amila kalanipun manungsa oncat sangkingbadan wau sarta amarkati ing dalêm alam, ental botên sagêd rêsik mêksa taksih wontênsaperangan ingkang lumèngkèt [lumèng...]

--- 1 : 75 ---

[...kèt] ing badan astral, saperangan ingkang lumèngkèt badan kewani wau lajêng kawawaanggêsangi, têmahan badan kewani ingkang sampun kasèlèhakên (ingkang sampun pêjah)taksih sagêd amakarti wontên ing alam ngriku, sarèhning raos utawi gêsang ingkangdumunung ing dalêm badan wau lakar saperangan sangking tiyang ingkang sampun lumêbêt

Page 31: Ajaran Teosofi

ing alam rohani mila sampun lêrês kimawon manawi watak sarta lagehanipun botên siwahkadi tiyang wau sarta ngakên bilih piyambakipun punika sanès tiyang sanès, mila tumraptiyang ingkang dèrèng kathah sêsêrêpanipun lajêng ngintên bilih punika tiyang ingkangdados sêdyaning manahipun (ingkang sinêdya) sayêktosipun inggih makatên anangingsarèhning ingkang anggêsangi badanipun astral amung peranganipun mila botên jangkêpkawontênanipun kathah ingkang sampun cèwèt, ingkang taksih jangkêp amung èngêtipuninggih punika piyambakipun taksih èngêt bilih pun Suta, para sêpiritismê asring sangêtsagêd asêsrawungan kalihan tiyang pêjah ingkang makatên kawontênanipun milapiyambakipun gumun sangêt dening sasampuning tilar donya pun Suta wau sakalangkungsarwa mundur kawontênanipun, titah ingkang botên jangkêp kawontênanipun wau limrahipunkita wastani hantu, manawi sampun dumugi titimangsanipun saperangan sangking raos wau[wa...]

--- 1 : 76 ---

[...u] badhe angoncati badan astral ananging botên wangsul dhatêng manungsa sajati,sasampuning badan astral tinilar dening ingkang anggêsangi ugi taksih wujudipun sartawinastan kulit, ananging sampun botên sagêd makarti sarta botên sagêd agêgathukankalihan para sêpiritismê, sanadyan kulit wau sampun tanpa daya ewasamantên sarèhningsêring kaangge dening jim amila taksih sagêd sêsrawungan kalihan para sêpiritismêsarta wujud nyamlêng kadi pun Suta jalaran jim ingkang ngangge kurungan wau sagêdanggêsangakên kêkantunan utawi tabêting wujud sarta èngêtan ingkang taksih kantun ingbadan astral.

Manawi tiyang tilêm manungsa sajati manjing ing alam astral sarta anilar badanipunwadhag, ananging manawi tiyang wau tilar donya badanipun latip (badan jasmani ingkangperangan etêr) kabêkta, amila kalanipun piyambakipun oncat sangking perangan wau botênkraos (supe) badan latip (etherische dubbel) punika sanès têtumpakan sarta botênkinging pinedahakên kadi tumpakan, mila manawi tiyang linimput dening badan latipbotên sagêd makarti ing dalêm donya utawi ing astral dados dumunung ing antawisingdonya kalihan astral, sasampuning tilar donya uwaling manungsa sangking panglimputing[pa...]

--- 1 : 77 ---

[...nglimputing] etherische dubbel botên sami, wontên ingkang amung sawêtawis mênitsawênèh sawatawis jam ananging wontên ingkang ngantos sawatawis dintên utawi minggu.Manawi tiyang sampun sagêd oncat sangking panglimputing badan latip dèrèng kingingkatêmtokakên bilih piyambakipun lajêng tangi pangraosipun ing dalêm alam astral awittaksih katitipan jasat kewani ingkang wadhag ingkang têmahanipun dados kulit abungkusbadanipun, ananging dèrèng kinging tinamtokakên bilih tiyang wau amedahakên jasatingkang wadhag wau, sanadyan jasat ingkang wadhag wau dados kulit ananging manawi kalagêsangipun manah sarta kalakuanipun sae têgêsipun botên nate amedahakên wataking jasatingkang wadhag sarta gêtêripun botên purun amangsuli dhatêng gêtêring jasat wadhagsampun tamtu piyambakipun botên badhe kapitunan ingkang sangking pandamêling kulit wausadangunipun kulit wau dèrèng luluh sampun tamtu kimawon piyambakipun dèrèng sagêdtangi pangraosipun wontên ing alam astral, ananging sarèhning piyambakipun botênkulina amedahakên jasat ingkang samantên wadhagipun mila dangu-dangu lajêng luluh

Page 32: Ajaran Teosofi

piyambak lajêng sinantunan jasat ingkang kulina pinedahakên kalanipun taksih gêsang,sanadyan piyambakipun binalêbêd ing kulit ingkang kandêl ewasamantên [ewasamantê...]

--- 1 : 78 ---

[...n] botên têmtu rapêt yêktos jalaran sanadyan sapintên kandêl sarta rapêtingbungkus ewasamantên mêksa taksih kinging binrobosan utawi tinarambas dening jasatingkang langkung alus, sabab ingkang makatên wau anjalari manungsa ingkang winarôngkaing dalêm kulit wau sagêd anginguk padunungan ingkang dipun ênggèni.

Sawênèhing tiyang wontên ingkang trêsna sangêt kalihan badanipun jasmani ngantosanindakakên sakathahing rekadaya supados badan jasmani sampun ngantos pisah kalihanbadan latip (etherische dubbel) sêdyanipun ingkang makatên wau ugi sagêd kalêksananananging mawi sangsara, tiyang ingkang makatên wau lajêng gêsang wontên ing alamantawis piyambakipun mêdal ing sajawining alam donya tuwin astral sarta kinubêng ingampak-ampak klawu, sabab ingkang makatên wau samukawis isining donya katingal rêmêng-rêmêng tanpa warni, tiyang ingkang dumunung ing alam antawis wau sakalangkung nandhangsangsara ananging kêkah manahipun botên purun angêculakên badan latip (etherischedubbel) (botên purun pêjah) amêrgi piyambakipun angintên bilih punika satunggalingtangsul ingkang anjalari sagêdipun agêgandhengan kalihan alam donya ingkang sampundipun wuningani sarta dipun trêsnani, labêt sangking katutup ing alam kalih, têmahan[tê...]

--- 1 : 79 ---

[...mahan] piyambakipun sêdhih kingkin angumbara sapurug-purug kadi kinjêng tanpasoca, kabêkta sangking kêsêl anggèning anggondhèli badan latip dangu-dangu sagêd uwalsaking gondhelanipun têmahan manjing ing alam astral, ing ngriku piyambakipun rumaosbêgja tinimbang kalihan kawontênanipun ingkang sampun kapêngkêr.

Amargi saking judhêging manah tiyang ingkang dumunung ing alam antawis wau amutatulisacandhak-candhakipun lajêng anyêrapi tiyang ingkang manahipun suwung utawi manjinging kewan, papa cintraka ingkang makatên wau jalaranipun amung sangking kabodhoan,mila tiyang ingkang sampun lêbda dhatêng anggêr-anggêring pêjah tuwin gêsang botênbadhe nandhang makatên, manawi sampun pêjah ing dalêm alam astral pangraosipun lajênggêsang ing dalêm alam dhewacan, ananging kawontênanipun beda kalihan para sarjanaingkang sampun sidik paningalipun sarta sagêd manjing ing alam punapadene sugêng tuwinmakarti kadidene wontên ing alam astral tuwin donya.

Tiyang ingkang kawical cêkapan duk kala gêsangipun linimput ing gananing cipta rupi-rupi, gagasan ingkang kirang prêlu sarta botên kalêbêt ing manah punika lajêngtumuntên ical tanpa labêt ananging cipta ingkang prêlu ingkang kalêbêt ing manahpunika ing salaminipun botên [botê...]

--- 1 : 80 ---

[...n] sagêd ical, kapara saya dangu saya wêwah santosa, dene cipta ingkang adhêdhasarmikangsalakên dhiri pribadi punika sampun luluh duk wontên ing alam astral ananging

Page 33: Ajaran Teosofi

cipta ingkang dhasaripun dhatêng kautamèn sarta wêlas asih sumêja têtulung punikadados gadhahanipun badan mental, mila manawi piyambakipun manjing ing alam mental,sagêd angraosakên kawontênaning alam wau, ananging kathah sakêdhikipun amung gumantunging kandêl tipising watak sih sumêja têtulung, badanipun mental têtela dèrèng paja-paja sampurna, ananging ciptanipun ingkang dhatêng kautamèn wêlas asih punika ingkangsagêd amakarti ing dalêm alam ngriku, mila sasampunipun pêjah ingkang kaping kalih(sasampuning tilar wontên ing alam astral) lajêng kraos nikmat tuwin manpangat rumaosgêsang sampurna tanpa pêpindhan ngantos piyambakipun botên gadhah pangangkah sanèsipunkajawi amung gêsang ingkang kados makatên, raos nikmat sarta munpangat ingkang makatênwau kadarbe dening para ingkang gêsang wontên ing alam-alam ingkang luhur,dawêg[25] gêsang wontên ing alam astral kimawon kita sampun angraosakên bêgja ingkanging donya botên wontên pêpindhanipun, langkung malih gêsang wontên ing kasuwarganlangkung mulya sarta bêgja tinimbang wontên ing alam astral, pêpindhaning kabêgjansarta [sar...]

--- 1 : 81 ---

[...ta] kamulyan ingkang pinanggih ing alam ngriku botên wontên sagêd pinanggih ingalam astral, sabên tiyang minggah ing alam ingkang langkung luhur sampun tamtu lajêngantuk kanikmatan ingkang langkung tinimbang kanikmataning alam sangandhapipun, botênangêmungakên tambahing kanikmatan ananging ugi antuk tambahing kawicaksanan sartawiyaring pandulu, duk kita gêsang wontên ing donya ribut ngalèr-ngidul anindakakênpakaryan sarta angrumaosi bilih sampun amumpuni ing guna pangawikan, ananging manawikita sampun gêsang wontên ing alam kewani ing ngriku lajêng wuninga bilih duk gêsangkita wontên ing donya kawontênanipun amung kadi ulêr ingkang badhe dados kupu,sasêrapanipun botên badhe mlangkah sangking êron ingkang dipun panggèni, wangsulsapunika sampun dados kupu sampun tamtu langkung wiyar jajahanipun sagêd mibêr ingsapurug-purug kalihan suka pirênaning manah, sanadyan mênggahing kintên-kintên elokmanawi wontên gêsang ingkang langkung sangking sapunika, ananging manawi sampun dumugimangsanipun kita manjing ing alam kasuwargan ing ngriku kita badhe tuwuh kapitadosankita bilih têmên wontên kabêgjan tuwin kanikmatan ingkang botên kinging kita ukursangking ing kanikmataning alam astral, awit panggêsangan ing dalêm alam dhewacanlangkung mulya tuwin sampurna ingkang pêpindhanipun [pêpindhanipu...]

--- 1 : 82 ---

[...n] botên sagêd pinanggih ing alam kewani, sanadyan makatên kawontênanipunewasamantên taksih wontên malih ingkang angungkuli inggih punika manawi kita sagêdmanjing ing alam ilhami (alam buddhi) panggêsangan ing alam mental manawi kajèjèrkalihan panggêsangan ing dalêm alam ilham mila lajêng surêm tanpa cahya, pindha wulankasunaryan surya.

Kawontênan kita wontên ing alam dhewacan punika beda kalihan wontên ing alam astral,awit wontên ing alam astral kita ngangge badan ingkang kulina kita angge kalanipunkita tilêm ananging têtumpakan ingkang kita angge ing dalêm alam dhewacan punikadèrèng nate kita angge punapadene badan wau dèrèng diwasa, amila têtumpakan wau botênsagêd amitulungi kangge anjajah ing alam ngriku, kapara anjalari netra kita katutupbotên sagêd wuninga sêsawangan ingkang dumunung ing alam dhewacan, watak kita ingkang

Page 34: Ajaran Teosofi

asor sampun sirna binasmi ing latu naraka, ingkang kantun amung cipta kita duk wontêning donya ingkang sukci luhur, wêlas asih sarta rêmên têtulung, cipta ingkang makatênwau angêmuli kita dados kulit, sangking pitulunganing cipta utami ingkang dados kulitwau kita sagêd anampèni gêtêripun jasat ing alam ingkang luhur [lu...]

--- 1 : 83 ---

[...hur] wau, têmahan kita sagêd angraosakên kanikmataning suwarga, labêt sangkingdayaning cipta utami ingkang anglimputi, ing ngriku kita wuninga bilih wontên gêdhongpasimpênaning kanikmatan tanpa wicalan kathahipun ingkang dados pêpintan kita, kitakinging angalap kanikmatan wau miturut sapintên kakiyataning cipta kita ingkang utamiawit ing dalêm kasuwargan wau wontên kodratullah ingkang tanpa upami ingkangpinintakakên dhatêng sagunging jiwa (roh) sapintên anggèning jiwa badhe sagêd anampipunika amung gumantung wontên ing kakiyatanipun (kasukciyanipun)

Dene ingkang sagêd anampèni sagunging kakiyatan ingkang sangking kodratullah ingkangkalihan sampurna punika amung para linangkung ingkang sampun makriphat, ingkang sampunasarira bathara têgêsipun ingkang sampun nunggil kawontênan, Gusti inggih kawulakawula inggih Gusti, sarèhning drajating kasukcian kita dèrèng samantên amargi sawêglumampah dèrèng wontên ingkang sagêd antuk kanikmatan ingkang sampurna wau, nangingamargi punika wau lakar dados sawangan kita dados manawi lêlabêtan kita ingkang sampunkapêngkêr sampun mungguh tumrap anampèni kanikmatan wau saèstu badhe dados darbèkkita, kalangkunganing manungsa punika botên sami sarta botên kinging kintên-kintên,[ki...]

--- 1 : 84 ---

[...ntên-kintên,] ujaring paribasanipun tiyang tanah wetan makatên: sadaya manungsasami ambêkta gêlas pangunjukanipun piyambak-piyambak: gêlas pangunjukan wau botên samiwontên ingkang agêng wontên ingkang alit ananging sadaya wau sami kêbak isi kanikmatanawit samodra kanikmatan mêncêp-mêncêp kêbak isi kanikmatan anyêkapi kangge sadayamanungsa, sagêdipun kita angungak kanikmatan wau amung sangking lomponganing candhelayasan kita piyambak, inggih punika cipta kita ingkang sukci ingkang sampun kajarwa ingngajêng, cipta wau ingkang sagêd anjalari kita sagêd asêsambêtan kalihan kakiyatanutawi satunggaling panguwaos ingkang dumunung wontên ing jawi, dados manawi duk gêsangkita wontên ing donya tansah anêngênakên dhatêng kadonyan punika, têgêsipun botênkathah anggèn kita andamêl candhela ingkang dados margining kamulyan luhur anggèninganyoroti kita, ananging sanadyan tiyang ingkang taksih asor sangêt watakipunewasamantên sampun têmtu nate kadunungan cipta utawi raos sukci sarta bêkti ingkangdados sarana pambikaking candhela, mila tumrapipun tiyang wontên ing alam dhewacanbotên sagêd nambut pakaryan ingkang winical pêrlu, awit piyambakipun ing dalêm alamngriku sajak sarwa kidhung sarta [sar...]

--- 1 : 85 ---

[...ta] sarwa tuna dungkap, punapadene gêsanging pangraos tuwin sawanganipun botênsagêd bablas.

Page 35: Ajaran Teosofi

Ing dalêm alam ngriku piyambakipun punika dumunung wontên ing antawising titah ingkangsampun sukci sarta kawasa kadidene para dewa, sadaya wau sampun tipis sangêtpangraosipun tumrap krêntêg sarta gagasaning tiyang (gevoelig) sarta dhangan sangêtamangsuli punapa ingkang dados gagasan-gagasaning tiyang, sapintên anggèn kita sagêdangundhuh kanikmatan ing dalêm alam ngriku punika amung gumantung ing alam kita(kasukcian kita duk wontên ing donya) awit cipta sarta gagasan amung sagêd makartiurut ancêr-ancêr utawi garis ingkang sampun tinamtu sarta botên sagêd sakala andamêlgaris enggal, ananging cipta ingkang luhur sagêd amakarti sarta ebah dhatêng ingpundi-pundi wontên ingkang tumuju dhatêng tiyang wontên ingkang botên, ingkangkaewokakên têlênging cipta ingkang botên tumuju dhatêng tiyang punika cipta dhatêngkagunan, dhatêng gêndhing sarta darsana (filosofie) mila tiyang ingkang manggèningmanahipun tumuju dhatêng salah satunggil sangking tigang prakawis wau wontênipun ingalam dhewacan antuk kanikmatan ingkang tanpa sisihan sarta badhe antuk kawruh ingkangtanpa watês, sapintên kathahipun pangangsu kita kawruh sarta [sar...]

--- 1 : 86 ---

[...ta] sapintên agênging kanikmatan ingkang badhe kita tampi punika amung gumantungwontên ing kakiyatan kita.

Sawênèhing tiyang luhuring ciptanipun tumuju dhatêng wêlas asih sarta bakti, manawisatunggaling tiyang asih sawêg dhatêng mitranipun utawi bakti dhatêng Pangeran(persoonlijke Godheid) ing ngriku mitra tuwin Pangeran lajêng gumana ing dalêmciptanipun sarta kawawa anarik utawi anjujugakên dhatêng ing kasuwargan jêr jasat waulakar sangking ing ngriku pinangkanipun, cobi kula badhe andamêl upami babkawontênaning sih wau, ingkang ngantos amujudakên gambaripun ingkang dipun sihi punikasatunggaling kakiyatan ingkang rosa, saking rosanipun ngantos sagêd dumugi sartaandayani mitranipun ingkang dumunung ing alam dhewacan, ing môngka mênggah sajatosipunmitra tuwin ingkang dipun sihi punika manungsanipun sajati, sanès badanipun wadhagingkang anjalari manungsa sajati kirang bablasipun, manawi manungsa sajati nampènigêtêring mitranipun ingkang asih wau sakala lajêng têtimbangan akanthi suka pirênaningmanah sarta lajêng manjing ing dalêm wêwangunan ingkang cinipta dening mitranipun,asarana lampah ingkang makatên para ingkang tilar donya sagêd pêpanggihan kalihanmitra karuhipun sarta anggèning atêtunggilan [atê...]

--- 1 : 87 ---

[...tunggilan] tuwin sih-sinihan langkung pakangsal tinimbang duk sami asêsrawunganwontên ing donya, amila tumraping mêmitran punika sanadyan taksih gêsang utawi sampuntilar donya botên wontên bedanipun awit tumanduking osik utawi raosing manah punikabotên dhatêng peranganing mitranipun ingkang winarungku ing badan jasmani, anangingtumanduk dhatêng manungsanipun sajati ingkang dumunung ing alam dhewacan sarta ingkangmêsthi lajêng amangsuli osik sarta raosing manah wau, sanadyan tiyang ingkang darbemitra satus ewasamantên sami sanalika sagêd animbangi asihing mitra satus wau kanthisampurna, awit sanadyan pintên kathahing mitranipun ingkang dumunung ing alam ingkangasor ewadene botên badhe sagêd andamêl sudaning kalangkunganing manungsa sajatiingkang tanpa timbang, sabab ingkang makatên wau sadaya para ingkang sugêng ingkaswargan sami gêsang sêsarêngan kalihan mitranipun sarta sadaya wau sami rumaos bêgja

Page 36: Ajaran Teosofi

tuwin sênêng awit wujuding mitranipun wau piyambakipun piyambak ingkang anggônthasarta ing mangke kalampahan gêsang asêsarêngan, wontên ing donya ingkang sarwa kirangsampurna punika amargi kaling-kalingan ing kawadhagan kita botên sagêd bablas pamawaskita dhatêng sajatining mêmitran, ananging manawi kita sampun sagêd anggayuh kaswargan[kaswarga...]

--- 1 : 88 ---

[...n] ing ngriku kita badhe antuk pasaksèn bilih sajatosipun anggèn kita mêmitranwontên ing alam kaswargan langkung sampurna sarta langkung supêkêt tinimbang dukwontên ing donya, makatên ugi tumrap ing bakti, tiyang ingkang dumunung ing dhewacankaot kalih tataran langkung parêk kalayan ingkang binêktènan tinimbang kala gêsang ingkadhewacan, sabab ingkang makatên wau mila pamanggihipun saya luhur sarta sampurna.

Ing alam dhewacan ugi pinerang dados pitung sap kadidene alam astral, perangansatunggal, kalih sarta tiga punika padununganing manungsa sajati angangge badanjalaran dados badanipun mental, dumados sangking jasating sap kasakawan gangsal nêmtuwin pitu, inggih sakawan perangan wau ingkang winastan suwarga.

Kawontênaning manungsa ing alam ngriku botên pindhah-pindhah sangking sap satunggaldhatêng satunggalipun kadidene kawontênaning alam astral awit ing alam ngriku botênwontên kawontênan ingkang mèmpêr sacaraning nungsun jasat kadi wontên ing alam astral,ananging piyambakipun tinarik dening daya panggèndènging sap ingkang kawontênanipunsalaras kalihan darajating kamajênganipun tiyang wau, inggih ing sap ngriku dunungingkasuwarganipun, sarèhning kawontênan kita punika sayêktosipun [sayê...]

--- 1 : 89 ---

[...ktosipun] kita piyambak ingkang andamêl, amila wontênipun ing alam ngriku botênsami sakalangkung beda-beda kawontênanipun.

Kinging kita wastani nalika ing perangan ingkang andhap piyambak punika dadostatêngêring sih ingkang botên kawoworan pamrih tumrap kulawarga, amargi saupami taksihkawoworan watak amikangsalakên awakipun piyambak sampun tamtu botên kinging adêdununging ngriku, watak ingkang makatên wau tamtu sampun sirna wontên ing alam astral,mênggah lapis ingkang kaping nênêm kinging tinêmbungakên minôngka tôndhaning baktidhatêng Pangeran, dene lapis ingkang kagangsal minôngka panggenaning bakti ingkangwinujudakên asarana kêdah anêdahakên pandamêl ingkang prayogi, dados perangankagangsal, nênêm sarta pitu panggenaning bakti dhatêng tiyang dhatêng kulawarga (mitrasarta dhatêng Allah ingkang maujud) dene raos bakti dhatêng sagunging kamanungsanpunika wontên ing perangan kasakawan, mênggah wujuding raos bakti dhatêng sagungingkamanungsan punika warni-warni nanging kinging riningkês dados sakawan golongan inggihpunika angudi kawruh kasampurnan ingkang sêpên sangking pamrih, bab sadarsana ingkanginggil utawi sagunging kawruh-kawruh bab ngarang utawi angudi kagunan ingkang linuhung

--- 1 : 90 ---

Page 37: Ajaran Teosofi

kados ta bab gambar, gêndhing sapiturutipun ingkang sêpên pamrih tuwin anindakipakaryan ingkang awit saking anglampahi ayahaning Gusti (ingkang kawit sangkingprentahing kawajiban).

Kawuningana sanadyan gêsang ing dalêm suwarga ugi wontên wêkasanipun, manawi sampundumugi titi mangsanipun badan mental ugi lajêng kasèlèhakên kadi badan sanès-sanèsipun, salajêngipun manungsa jati sampun angrasuk badan wau sampun tanpa aling-aling sarta sampun tanpa candhela awit sampun dumunung ing papanipun piyambak,ananging ingkang kathah wontênipun ing alam ingkang luhur wau sami botên sagêd tangipangraosipun labêt sangking dèrèng diwasa, kawontênaning wontên ing alam ngriku kadikawontênanipun tiyang supêna, kabêkta sangking dèrèng diwasa mila sakêdhik sangêtsasêrêpanipun, sanadyan amung sakadhik[26] sumêrapipun kawontênaning alam ngrikuananging punika kawontênan ingkang tulèn.

Ing têmbe manawi piyambakipun gêsang wontên ing kaswargan malih aling-alingipun badhesaya tipis sarta kawontênanipun badhe saya prayogi tinimbang sapunika.

Manawi diwasa gêsangipun wontên ing alam ngriku langkung dangu manawi [ma...]

--- 1 : 91 ---

[...nawi] katandhing kalihan danguning anggèning gêsang wontên ing alam sanès-sanèsipun ingkang langkung andhap, manawi manungsa tambah diwasa (langkung sukci)botên angêmungakên kasinungan panguwaos gampil anampèni ananging ugi sagêd anyukani,mênggah sajatosipun manawi sampun makatên kawontênanipun punika sampun anyêlaki unggulyudabratanipun, awit sampun angèstokakên piwulangipun Nabi Isa ingkang sakalangkungmulya, inggih punika anyatakakên kanikmatan ingkang luhur wujudipun kanikmatanangorbanakên dhiri prêlu kangge pigunaning akathah, anglilakakên jiwanipun kanggepigunanipun sasamining gêsang, anyungkêmi kodrating Pangeran kangge kaprêluwaningmanungsa ingkang sami kasurang kasangsaya kombak-kambul manrang aluning alam donya,mênggah sajatosipun punika saperangan sangking panggêsangan ingkang dados sêsanggêmankita, inggih punika saperangan sangking unton-untoning ôndha kancana ingkang pucukipuntumamèng ing kasidan jati sarta ingkang kasatmata ing netra kita, sanadyan kita taksihdumunung ing sukunipun, ingkang makatên wau mila bab punika prêlu kula gêlarakêntumrap para ingkang dèrèng mirsa babagan punika, akanthi pangajêng-ajêng mugi-mugisami angèsthia dhatêng kamulyan sajati ingkang sagêd anyoroti panggêsangan [pang...]

--- 1 : 92 ---

[...gêsangan] padintênan ingkang sêpi sarta samun punika, inggih makatên punikasaperangan sangking kanugrahan tuwin kabêgjan angsal-angsalipun teyosopi, inggihpunika satunggaling katêmtuan bilih kita sadaya ing têmbe mêsthi sagêd anggayuhdarajating kamulyan ingkang linuhung, dene sarananipun botên sanês amung kita kêdahangudi sagunging pirantos ingkang sagêd andumugèkakên dhatêng kajatèn.

1. pandêdêlipun. (kembali)

2. satunggiling. (kembali)

Page 38: Ajaran Teosofi

3. amargi. (kembali)

4. agaminipun. (kembali)

5. ngundhuh. (kembali)

6. manggih. (kembali)

7. illaihi. (kembali)

8. mila. (kembali)

9. anggêr. (kembali)

10. ingkang. (kembali)

11. sampun. (kembali)

12. sawatawis. (kembali)

13. dhewacan. (kembali)

14. ingkang. (kembali)

15. satunggal. (kembali)

16. anggumunakên. (kembali)

17. langkung. (kembali)

18. punika. (kembali)

19. bangsaning. (kembali)

20. langkung. (kembali)

21. tiyang. (kembali)

22. jalaran. (kembali)

23. badan. (kembali)

24. sêpiritismê. (kembali)

25. sawêg. (kembali)

Page 39: Ajaran Teosofi

26. sakêdhik. (kembali)

Sêrat Piwulang Teyosopi ingkang Cêkak sarta Aos

Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr Jilid ôngka 2

Saking Têmbung Walandi Jinawèkakên dening Tilas Presidhèn Losê Wanagiri sartaBêstiring Sèntrum Sukaharja

Page 40: Ajaran Teosofi

Kaêcap ing Kantor Pangêcapanipun Si dyan ha,[1] En Son Surakarta 1921

--- 2 : 0 ---

Sêrat Piwulang Teyosopi ingkang Cêkak sarta Aos

Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr Jilid ôngka 2 saking Têmbung Wlandi Jinawèkakên deningTilas Presidhèn Losê Wanagiri sarta Bêstiring Sèntrum Sukaharja

Kaêcap ing pangêcapanipun Si dian ho En Son Surakarta

Tjitaan (1)

--- 2 : 0 ---

Bêbuka

Ingkang nêmbungakên Jawi sêrat punika nyuwun pangaksama dhatêng para maos, denekumapurun agahan nyarajawèkakên sêrat têmbung Wlandi wah bab ngèlmi kasuksman.

Tuwuhing kapurunan kula wau botên sabab saking angrumaosi sagêd têmbung Wlandi utawimangêrtos kawruh kasuksman, ananging kabêkta saking sangêting pangajêng-ajêng murihkawruh teyosopi tumuntên sagêda sumêbar ing Tanah Jawi, sarta sabab sakingpandêdêlipun para sadhèrèk kita Jawi ingkang dèrèng mangêrtos têmbung Wlandi, môngkakêpengin angudi kawruh wau.

Amila panyuwun kula dhatêng para maos, manawi wontên tumpang suhing ukara mugi sampunkirang ing pamêngku.

Tilas Presidhèn Losê Wanagiri.

Harjasaputra

--- 2 : 1 ---

Bab 4

Dumadosing Cakrawala (Zonnestelsel)

Mênggah purwaning dumadinipun cakrawala sarta kadospundi mula bukanipun, kita botênsagêd wuninga, limrahipun tinêmbungakên ora kêna kinaya ngapa (kayu kayaphu) wujudipunsakathahing kitab-kitab sarta sêrat-sêrat babat botên wontên ingkang mêdharakên mulabukanipun kajawi amung anyariosakên kawontênan kêkalih ingkang akosok wangsul inggihpunika: suksma kalihan Stof bakal (anasir) utawi gêsang kalihan wujud (warna, rupa)utawi (dat sipat) ingkang makatên wau mila têgês sarta kawontênaning sêtop pêrlu kêdahkaandharakên, awit ingkang winastan kodrat (kuwasa) tuwin sêtop punika sajatosipuntajalining Gusti[2] ingkang beda-beda kawontênanipun, sarta beda-beda kawontênanipuning dalêm satunggal-tunggaling tataraning kamajêngan, dene sajatosing sêtop utawi

Page 41: Ajaran Teosofi

asalipun sadaya ingkang gumêlar punika botên kasatmata ananging wontên[3] kawontênaningkang makatên wau cocog kados kateranganipun [kateranga...]

--- 2 : 2 ---

[...nipun] sarjana ing tanah Prasman makatên: sêtop punika sajatosipun botên wontên,ingkang wontên amung pintên-pintên bolongan ing dalêm akasa (ether) pangandikanipunsarjana wau laras kalihan pamanggihipun Propesor Tuwan Osborne Reijnolds sarta parasidik, sêrat-sêrat sucinipun tiyang tanah wetanan ugi anêrangakên bilih sêtop punikamaya (cidra utawi ewah gingsir).

Miturut pamanggihipun para sidik, ingkang winastan kamulaning sêtop punika (miturutkawruh pamisah gaib dipun namèkakên Koilon) manawi kita tingali sarana mripat, ingkanggalodhak kêbak isi kamulaning sêtop punika, katingal suwung, ananging sajatosipunbotên makatên, awit punika langkung kêkêt (dichtheid) tinimbang jasat sanès-sanèsipuningkang sampun katitipariksa dene para ahli kawruh pamisah, miturut pamanggihipunTuwan Propesor Reijnolds kêkêtipun punika tikêl sadasa èwu tinimbang toya sartakakiyatanipun ing dalêm satunggal sèntimètêr pêsagi kirang langkung pitung atus sèkêtèwu ton.

Amung para sidik ingkang sagêd priksa kawontênaning êlasing sêtop, sanadyan kitadèrèng sumêrêp wujuding êlasing sêtop, ananging wajib kita pitados bilih ing pundi-pundi punika sampun kaèbêkan dening êlas wau, punapadene kita kêdah pitados bilihkalamolah sampun karsa angebahakên kajênjêman, asarana kodratolah [ko...]

--- 2 : 3 ---

[...dratolah] utawi kuwasaning Allah ingkang tumètès ing dalêm êlas, sanadyan amungsaperangan ananging angèbêki cakrawala (kun payakun).

Tumètèsing daya wau kenging kaupamèkakên napas kang agung, sarêng napas kang agungandayani, ing ngriku lajêng anjalari dumadosipun palêmbungan alit ingkang tanpapetangan kathahipun inggih palêmbungan (luchtbellen) wau ingkang winastan Oeratomen.Dene bêbakalan (stof) punika kalêmpakanipun utawi campuraning oeratomen kawuninganapara sadhèrèk, atum ingkang kacariyosakên punika sanès atum ingkang kocap ing dalêmkawruh pamisah, sarta sanès atumipun alam jasmani (para amanu) ananging atum ingkangsakalangkung alus utawi luhur tataranipun, dene atum ingkang sampun limrah tumrap ingakathah punika dumados saking cêcampuranipun sakathahing palêmbungan (luchtbellen) babpunika ing wingking badhe katêrangakên.

Kacariyos manawi Logos (kalammolah) wiwit badhe anitahakên cakrawala, panjênênganipunlajêng anata bêbakalan (Stof) ingkang sampun cumawis jangkêp kados ingkang sampunkajarwa ing ngajêng, dene sêtop utawi palêmbungan (luchtbellen) ingkang tanpa petangankathahipun wau, baboning anasir (Stof) warni-warni ingkang kenging kita tingali.

Sakawit panjênênganipun angwontênakên watêsing pakaryanipun, [pakaryanipu...]

--- 2 : 4 ---

Page 42: Ajaran Teosofi

[...n,] inggih punika amangun satunggaling bêbundêran sakalangkung wiyar ingkangtêbaning kubêngipun langkung wiyar tinimbang margi lampahing planit-planitipun ingtêmbe, ing salêbêting bêbundêran wau lajêng kawontênakên jinôntra ingkang sakalangkungsêsêripun, awit saking dayaning jinôntra têmahan kawawa angalêmpakakên sakathahingpalêmbungan ngêmpal wontên ing têngah lêrês, inggih punika wujudipun jasat (Stof)ingkang badhe pados cakrawala utawi sinêbut nevelvlek (nèpêlplèk) ing wanci dalu sagêdkatingal wontên ing langit angragêmêng mawa cahya, nanging sanès pakêmpalaninglintang.

Salajêngipun ing salêbêting bêbundêran ingkang mindêng sêsêr ubêngipun wau tansahtinetesan kodratipun (kuwasanipun) têmahan palêmbungan-palêmbungan sami campursatunggal lan satunggalipun, wêkasan lajêng dados alam pitu ingkang beda alus sartawadhagipun, mênggah alam pitu wau sami rêsêp-rinêsêpan, limput-linimputan, samiwiyaripun sarta anunggil ancêr (têngahipun sami).

Awit saking wajahing Gusti ingkang ôngka tiga (apngalollah) panjênênganipun anètèsakênkuwasanipun ingkang wiwitan ing dalêm bêbundêran ingkang sakalangkung agêng wau,lajêng angwontênakên pintên-pintên ulêkan utawi jinôntra alit-alit ingkang sagêdangêmpalakên palêmbungan sêkawan dasa sanga iji, sarta sami apêpanthan mawa sipatutawi wujud ingkang têtêp, palêmbungan-palêmbungan [palêmbungan-palê...]

--- 2 : 5 ---

[...mbungan] ingkang sami apêpanthan wau dados atuming alam ingkang ôngka kalihingkang sami rêsêp-rinêsêpan, botên sadaya palêmbungan pinedahakên kangge atumingalam, ôngka kalih, ananging taksih wontên tirahanipun ingkang cêkap kangge atumingalam ingkang ôngka satunggal utawi ingkang luhur piyambak.

Manawi sampun dumugi titimasa ingkang sampun tinamtu, panjênênganipun anètèsakên malihkuwasanipun ingkang kaping kalih dhatêng palêmbungan-palêmbungan kawan dasa sanga,ananging kapêndhêt saperangan minôngka dados atuming alam ôngka kalih ingkanglanggêng, tetesan ôngka kalih ingkang tinètèsakên ing dalêm saperangan agêng sakingpalêmbungan sakawan dasa sanga wau, ing ngriku palêmbungan-palêmbungan ingkanglinimputan lajêng tinarik dhatêng pribadinipun, salajêngipun dèn napasakên mêdalsatêmah angwontênakên ulêkan pintên-pintên cacahipun, ingkang sami kawawa angêmpalakênpalêmbungan kalih èwu sakawan atus satunggal (49 x 49) inggih punika ingkang dadosatuming alam ôngka tiga, sarêng sampun sawatawis laminipun lajêng kodrat ingkangkatiga katètèsakên, lampahipun botên beda kados ingkang sampun, lajêng anglimputsaperangan agêng saking sungsunaning atum, 2401 lajêng tinarik dhatêng pribadinipun,wêkasan dèn napasakên mêdal lajêng dados atuming alam ôngka sakawan sami isi 493palêmbungan, makatên salajêngipun ngantos tumètèsing kodrat ingkang ôngka nênêm, ingngriku [ngri...]

--- 2 : 6 ---

[...ku] dumadosipun atuming alam kapitu utawi alam ingkang andhap piyambak, atumingalam wau dumados utawi isi 49 pangkat 6 palêmbungan[4] dene ingkang dados ur arumingalam jasmani inggih atuming alam kapitu ingkang kasêbat ing nginggil, sanadyan punika

Page 43: Ajaran Teosofi

atuming alam ingkang wadhag piyambak, ewadene sanès atum ingkang winiraos ing dalêmkawruh pamisah limrah.

Ing mangke bêbundêran agêng ingkang dinamêl saking stof jasat pitu sampun dumados,mênggah sajatosipun jasat wau kawontênanipun amung satunggal, botên pitu, awitaslinipun sami saking [sa...]

--- 2 : 7 ---

[...king] palêmbungan ingkang kawontênanipun sawêrni, mila katêmbungakên pitu punikaamung sabab saking kandêl tipisipun beda, jasat pitu ingkang botên kandêl-tipisipunwau campur dados satunggal ngantos botên kenging pinisahakên, upami kita mêndhêtsaperangan alit, ewasamantên sampun tamtu isi pitung golongan (pitung warni) sanadyanwatakipun atum ingkang wadhag utawi awrat piyambak punika tumuju nêngah dhatêng pusêr(indhên).

Watakipun tumètès kodrat ingkang kapitu ingkang tinètèsakên dening wajahing Gustiingkang ôngka tiga (apngalollah) punika botên kados tètèsing kodrat sanèsipun, amargiatuming jasmani botên mawi katarik wangsul dhatêng mulabukaning palêmbungan lajêngkanapasakên mêdal, ananging samangke lajêng kinêmpalakên sarta dhinapuk wêkasan lajêngdados potro èlêmèntên warni-warni (kamulaning anasir) dene èlêmèntên (anasir) ingkangkocap ing kawruh pamisah (ingkang limrah kawulangakên wontên ing pamulangan) punikadhêdhapukan utawi tumpukanipun potro èlêmèn, mênggah dadosipun anasir-anasir wau botênenggal, ananging ing dalêm pintên-pintên windu, sarta miturut anggêr ingkang sampuntinamtu, cariyos kula punika condhong kalihan pamanggihipun Tuwan Sir Piliyan Krugêsingkang kocap ing dalêm sêrat The genitis of elemente (sudadosipun[5] sagunging anasir)kacariyos dumadosipun sagunging anasir punika ing dalêm pintên-pintên [pintê...]

--- 2 : 8 ---

[...n-pintên] windu alandhêsan pranatan ingkang sampun tinamtu, awit saking dayaningkakiyatan utawi kodrat warni-warni ingkang makarti ing dalêm potro èlêmèn, kaparadumugining titimasa punika dèrèng amungkasi pamanguning anasir ingkang anèm piyambak,sarta awrat, dene ingkang kinging winastan pungkasan sarta awrat piyambak punikauraniyêm, ewasamantên ing têmbe badhe wontên dhêdhapukan anasir malih.

Lami-lami jasat, ingkang wontên ing dalêm bêbundêran dados saya kêkêt (dicht) sababingkang makatên wau lajêng dados nèpêlplèk (wujud angrêgêmêng mawa cahya) agêngkumukus jalaran saking sangêt bêntèripun, nèpêlplèk wau tansah mubêng sakalangkungsêsêr, dangu-dangu lajêng asrêp wêkasan lajêng dados cèpèr sarta bundêr, manawi sampunsawatawis dangunipun lajêng santun rupi awujud kadi gêlang pintên-pintên sami mubêngsêsêr angubêngi bêbundêran ingkang dumunung ing têngah lêrês, èsthanipun nyamlêng kadilintang tumpak (Saturnus) ingkang katingal wontên ing langit kinubêng deningsatunggaling gêlang, amung kaot agêng kalihan alit, manawi sampun dumugi titimasaplanit kawujudakên, amargi asêsambêtan kalihan lampahing kamajêngan, ing ngrikukalamollah anitahakên ulêkan pintên-pintên ing dalêm sêtop (jasat) ingkang kêkêtsalêbêting gêlangan, têmahan saperangan agêng saking sêtoping salêbêting gêlangan waulajêng ngêmpal dhatêng ulêkan, sabab perangan-perangan wau sami angêmpal [a...]

Page 44: Ajaran Teosofi

--- 2 : 9 ---

[...ngêmpal] êsuk-êsukan wêkasan anuwuhakên bêntèr, amargi saking tumuwuhing bêntèrplanit ingkang sampun winangun wau taksih awujud gas ingkang sakalangkung bêntèr,dangu-dangu lajêng dados asrêp têmahan dados papan padununganing titah botên bedakados jagad ingkang kita dudungi[6] punika, inggih makatên punika kalamollah anggènipunamangun sagunging planit.

Dumugi titimasa punika mèh sadaya jasating satunggal-tunggaling alam ingkang samirêsêp-rinêsêpan sami ngalêmpak wontên ing planit-planit ingkang sawêk dumados, dadossadaya planit punika dumados saking sêtop ingkang warni-warni wau, amila bumi ingkangkita ênggèni punika botên dumados amung saking jasat wadhag ingkang saking atumingkang asor piyambak kemawon, ananging ugi kacampuran jasating alam kanênêm gangsalkasakawan sarta sanès-sanèsipun, ingkang makatên punika para sidik sampun sami priksabilih ing antawising satunggal-tunggaling sêtop ingkang beda kandêl-tipisipun punikawontên galodhag ingkang minôngka dados êlêt-êlêt, liripun satunggal-tunggaling sêtoppunika mawa êlêt-êlêt, dados botên asêsenggolan, sanadyan jasad ingkang sakalangkungatos ugi botên beda kawontênanipun, wiyaring galodhag ingkang minôngka pados[7] êlêt-êlêt wau langkung wiyar tinimbang kalihan wujuding jasat, amila atuming satunggal-tunggaling alam sagêd ebah lumembak dhatêng ing pundi-pundi tanpa sangsaya, atum[atu...]

--- 2 : 10 ---

[...m] punika botên angêmungakên angèbêki satunggal-tunggaling alam, ananging ugisagêd lumembak ing sakiwa-têngênipun, mila bumi ingkang kita ênggèni punikasajatosipun botên amung saalam, ananging dumados saking pitung alam ingkang samirêsêp-rinêsêpan sarta sami têbanipun, amung jasad ingkang alus punika têbanipunsangking têlêng langkung têbih tinimbang têbaning jasad ingkang wadhag, murihcêthir[8] sarta gampiling panampi naminipun satunggal-tunggaling alam ingkang samilimput-linimputan, katêrangakên kados ing ngandhap punika:[9] alam ingkang kapisanpunika yêktosipun dèrèng gadhah nami, amargi kakiyataning pangraosipun manungsa dèrèngsagêd dumugi ing ngriku, mila ingkang prayogi winastan alaming Gusti:[10] alam ingkangkaping kalih winastan alam munadhê utawi alam anupawaka,[11] awit ing alam ngrikualaming munadhê,[12] inggih punika palêtiking Gusti, ananging sanadyan sapintênkawaspadanipun para sidik ewasamantên kakiyataning pangraosipun dèrèng sagêdanitipariksa kawontênanipun alam kêkalih wau, alam katiga winastan alam atma utawinirwana[13] mila winastan makatên, awit manungsa ing jaman sapunika ingkang sampunmakripat (geestelijkheid) gêsanging pangraosipun sagêd dumugi ing ngriku sartaamakarti [ama...]

--- 2 : 11 ---

[...karti] ing dalêm alam wau, dene atuming alam nirwana punika isi palêmbungan 2401,alam kaping 4 winastan alam budi[14] (alam ilhami) mila winastan makatên, awit sakingngriku pinangkanipun ilhaming manusa ingkang sukci, alam kagangsal winastan alampikiran, amargi[15] pikiran utawi nalaring manusa dumados saking sêtopipun alam wau,ingkang kaping nênêm winastan alam astral (alam pêpenginan)[16] awit sadaya raosing

Page 45: Ajaran Teosofi

manahipun manungsa amahanani gêtêr ing dalêm sêtoping alam wau, sêtopipun alam astralpating galêbyar amawa cahya, bilih katandhing kalihan sêtoping alam jasmani, dene alamkapitu winastan alam jasmani[17] sarta dumados saking sêtop ingkang kasatmata punika.

Mênggah sêtob[18] ingkang dados alam pêpitu ingkang sami rêsêp-rinêsêpan punika amungsawêrni utawi warni satunggal, amung sungsunan tuwin kêkêtipun ingkang beda, milarikating gêtêripun beda, tundha-tundhaning gêtêr kenging dipun upamèkakên kadoswilahaning gôngsa, gêtêripun sêtop ing alam jasmani kaupamèkakên laras ingkang andhappiyambak, gêtêripun sêtop astral laras sanginggilipun, sêtop mental langkung inggilmalih, makatên salajêngipun.

--- 2 : 12 ---

Satunggal-tunggaling alam punika botên ngêmungakên gadhah gêlênganing sêtop piyambak-piyambak, ananging ugi wontên tataranipun piyambak-piyambak, ing dalêm satunggal-tunggaling alam kawontênanipun pinerang dados mitung tataran, miturut rindhik-rikatipun gêtêring molecule (gêtêring sêtop) thukuling gêtêr ingkang rindhik punikasaking molêkil ingkang agêng, têgêsipun molêkil ingkang dumadosipun saking tumpukaningmolêkil-molêkiling alam sanginggilipun (dhapukaning molêkil ingkang sampun tinumpuk)ewadene inggih botên mêsthi, nanging ingkang kathah makatên.

Awit saking dayaning bêntèr molêkil dados agêng utawi mêkar, sarta gêtêripun sayarikat, mila lajêng angèbêki galodhag, manawi tambah bêntèr lajêng tambah mêkar têmahansantun kawontênan utawi wujud tataran sanginggilipun, utawi sakawit atos lajêng dadoscuwèr, kawontênaning kanasir[19] (jasating) alam jasmani pinerang dados pitung tataran,pinetang saking ngandhap manginggil: (1) jasat atos; (2) jasat cuwèr; (3) jasatngukus; (6)[20] ètêr; (5) ingkang langkung lêmbat; (6) ondêr atum; (7) atum.

Sadaya wujud ing dalêm alam atum (atomischondergebied) dumados saking sungsunan atumjasmani ingkang sampun winangun, nanging atum wau dèrèng kasungsun dados molêkil,molecule murih cêthanipun, ur atum jasmani kula upamèkakên banon, dados kawujudan ingdalêm alam atum (Atomischondergebied) punika dumados [dumado...]

--- 2 : 13 ---

[...s] saking sungsunan banon ingkang sampun gadhah wangun, dene jasatipun alam ingngandhapipun dumados saking pintên-pintên banon (pintên-pintên atum) ingkang dhinapukutawi ginathukakên mawi kakiyataning sêmèn, upaminipun makatên: satunggal-tunggalingdhêdhapukan wau dumados saking banon sakawan gangsal nênêm utawi pitu, dhêdhapukansaking banon sakawan gangsal nênêm utawi pitu wau tumrapipun ing alam ngriku (onderatum) dados banon satunggal dene ingkang dados jasatipun alam ngandhapipun inggihpunika kadhapukan saking banon sakawan gangsal ingkang kaanggêp dados satunggal banonwau dhinapuk sarta winangun, dhêdhapukan ingkang kaping kalih wau (dados dhêdhapukaningkang sampun winangun) dados banonipun alam sangandhapipun, makatên salajêngipunngantos dumugi dumadosing jasat ingkang andhap piyambak.

Manawi jasat atos dados cuwèr gêtêring molêkil-molêkil ingkang dhinapuk dados êlasingjasat wau dados rikat, wêkasan molêkil-molêkil sami sagêd misah saking dhêdhapukan

Page 46: Ajaran Teosofi

sarta wangsul dhatêng aslinipun piyambak-piyambak, wêkasan sadaya jasad sagêdwinangsulakên dados ur atuming alam jasmani.

Satunggal-tunggaling alam sami dinunungan ing titahing Allah, limrahipunpôncadriyaning titah wau amung sami sagêd amakarti ing alamipun piyambak-piyambak,tiyang ingkang gêsang ing alam dunya kados limrahipun tiyang kathah gêtêripun amungsagêd sambêt kalihan [kaliha...]

--- 2 : 14 ---

[...n] isèn-isèning dunya, mila kita amung sagêd andulu, amiyarsa, tuwin angraosakênkawontênan ingkang gumêlar wontên ing dunya punika, mênggah sajatosipun kita punikalinimput ing alam astral sarta alam mental ingkang anarambas ing alam wadhag punika,ananging ing dalêm kawontênan kita ingkang limrah kita botên sagêd wuninga mênggahkawontênaning alam-alam wau, awit gêtêring tiyang limrah botên sagêd sambêt kalihangêtêripun sêtop ing alam-alam wau (pangraosing pôncadriyanipun tiyang limrah botênsagêd gêsang ing dalêm alam wau) makatên ugi mripat kita botên sagêd andulu cahyaningultravialet.[21] Sanadyan punika wontên sarta para ahli kawruh sagêd amujudakên,punapadene para sidik paningalipun sagêd amriksani sarana pôncadriyanipun, sajatosipunpara titah ing alam astral tuwin ing alam dunya punika nunggil sapanggenan, ewadenesami botên asêsenggolan sarta botên amakèwêti satunggal lan satunggalipun, awitsanadyan tunggil sapanggenan, nanging sanès alamipun, mênggah kawontênaning para titahing alam sanès botên beda ugi makatên, ing wêkdal kita anyêrat sêrat punika, kita ugilinimput ing sagunging alam-alam ingkang alus, sarta cêlakipun ugi botên beda kalihanbumi kita ingkang kita tingali punika, punapadene titahipun sami amakartisasênêngipun, botên beda kados anggèn kita makarti wontên ing alam [ala...]

--- 2 : 15 ---

[...m] dunya punika, ananging kita botên sagêd sumêrêp.

Sarèhning dununging kamajêngan kita ing wêkdal sapunika dumunung wontên ing bundêraningkang kita wastani bumi, mila kita botên badhe angrêmbag alam ingkang langkunginggil kajawi ingkang sêsambêtan kalayan bumi, inggih punika alam astral, dadospikajêngan kula botên têmbung astral ingkang winursita ing babagan ngriki, anangingamung atêgês astraling bumi punika, dados sanès astraling sonêsêtèlsêl sadaya,ananging amung saperangan.

Perangan astraling bumi kita punika ugi awujud bundêran kados bumi punika, sartadumados saking jasat astral, dumunung nunggil sapanggenan kalihan bumi ingkang kitatingali punika, ananging kabêkta saking ènthèng mila sagêd mili ngantos mêdalsajawining uwaping bumi (mêdal sajawining dhamkringing bumi) mili utawi sumêbaripunwau mèh sami kalihan têbihipun rêmbulan dhatêng bumi, dene têbihipun rêmbulan kalayanbumi punika 240.000 mil, mila manawi rêmbulan manggèn ing perigeum bêbundêraningastraling bumi sagêd gathuk kalihan bêbundêran astraling rêmbulan, ananging manawirêmbulan manggèn ing "apogeum" botên sagêd, dene bêbundêran ingkang dumados sakingjasating alam mental punika langkung agêng tinimbang alam dunya, ananging pusêripun(indhênipun) nunggil.

Page 47: Ajaran Teosofi

Kajawi bêbundêran ingkang sampun kajarwa ing nginggil, taksih wontên malih bêbundêraningkang langkung alus, bêbundêran wau sakalangkung

--- 2 : 16 ---

agêng ngantos sagêd agêgathukan kalihan bêbundêraning sanès planit ingkang nunggiljinis ing dalêm cakrawala punika, sanadyan kita dumunung ing bumi ingkang wadhagpunika ewadene kita linimputan ing jasating alam ingkang alus, sarta jasatingbêbundêran sanès-sanèsipun, dados saperangan saking sagunging bêbundêran ingkangdumadosipun saking jasad ingkang langkung alus wau lumêbêt ing wêwêngkon kita, sartasami angubêngi surya, para ingkang angudi kawruh punika sami angèngêtakên bilih bumipunika satunggiling pakêmpalaning bêbundêran (alam) ingkang sami rêsêp-rinêsêpan,dados sampun katampi bilih bumi punika maligi amung bêbundêran jasmani ingkangsayêktosipun alit piyambak manawi katandhing kalihan sanès-sanèsing alam, anangingpusêripun nunggil (nunggil ancêr).

Bab 5

Kadadosan sarta Kamajênganing Suksma utawi Gêsang

Suksma utawi gêsang ingkang anitahakên sagunging alam ingkang sami rêsêp-rinêsêpankados ingkang sampun kajarwa ing ngajêng punika pinangkanipun saking wajahing Gustiingkang katiga (apngalollah) inggih wajah punika ingkang winastan khalikhul kayati(dados sagêd gêsang) utawi roh ingkang anglayang ing sanginggiling tirtaning alamawang-awang uwung-uwung, ing dalêm sêrat-sêrat teyosopi sadaya tumuruning gêsangingkang sampun kajarwa ing ngajêng punika kaanggêp satunggal sarta [sar...]

--- 2 : 17 ---

[...ta] winastan tumuruning gêsang ingkang sakawit (sapisan).

Sasampuning sagunging alam gumêlar isi anasir kados ingkang sampun katêrangakên ingngajêng, ing ngriku tumurunipun wajahing Gusti ingkang ôngka kalih (sipatollah)wajahing Gusti ingkang ôngka kalih wau kawasa amangun sagunging kawujudan utawiwangunan, sarèhning ing dalêm alam-alam wau sampun kaèbêkan ing anasir warni-warni,mila lajêng angalap anasir-anasir sarta winangun dados martabat pitu§ Urut-urutanutawi pitung pangkat, I. Martabat malaekat luhur (para têtungguling jawata)elementalen, II. Martabat malaekat limrah (para jawata) elementalen, III. Martabatroh, rupa dewata, elementalen, IV. Martabat makdani (pêpêlikan), V. Martabat nabati(têtuwuhan), VI. Martabat kewani (sato kewan), VII. Martabat insani (manungsa)[22] salajêngipun martabat-martabat wau sami jiniwanan (ginêsangan) tumrap panganggêpsarta piandêling kawruh teyosopi, martabat manungsa binedakakên saking kewan. Makatênugi teyosopi anganggêp tumrap tataraning kamajênganipun rupa dewata(elementalenrijken) ingkang botên kasatmata.

Tumuruning gêsang utawi suksma punika sakawit anggêsangi jasat stof mênggah lampahipunkenging kaperang dados kalih lampahan, sakawit anjiwani jasat stof ingkang alus

Page 48: Ajaran Teosofi

ngantos dumugi wadhag nanging manawi sampun dumugi titimôngsa lajêng mêdal angindhanipapan [papa...]

--- 2 : 18 ---

[...n] ingkang dinunungan sarana alon, sarta mawi pranatan ingkang prayogi (mêdalsaking jisim ingkang dados urungipun) wontên ing alam dhewacan inggih alam ingkangkagangsal manawi pinetang saking alam ingkang luhur, têtumpakan utawi urung-urung wausawêg wiwit kenging tiningalan, sarta inggih wontên ing ngalam ngriku wiwitingdumadosipun bêbundêran ingkang sami apêpisahan, murih cêtha tumrap ingkang sami angudibab punika prêlu katêrangakên bilih alam dhewacan punika pinerang dados kalih,perangan satunggal, kalih tuwin tiga punika winastan alam dhewacan ingkang luhur, deneperangan sakawan gangsal nênêm sarta pitu punika alam dhewacan ingkang andhap.

Manawi tumuruning suksma utawi gêsang dumugi ing alam dhewacan perangan luhur, ingngriku lajêng angirup sagunging anasir ètêr kinêmpalakên dados êlasipun bêbakalaningalam wau (Substanties) nuntên winangun kawujudan warni-warni, dènalap sarta rinasuk,inggih wêwangunan wau ingkang winastan martabat malaekat luhur (elementalenrijk).

Awit miturut anggêr-anggêring kamajêngan, sadanguning suksma anggêsangi ing dalêmwêwangunaning alam ngriku punika lampahipun timbal-tumimbal wiwit saking wêwangunaningkang alus dumugi ingkang wadhag, suksma ingkang adrêng mila dhatêng kawadhagansakawit pamanggènipun ing alam ngriku amung sawatawis môngsa ananging sarêng sampunsawatawis dangunipun lajêng sagêd dados satunggal kalihan wêwangunan wau, sababingkang makatên [maka...]

--- 2 : 19 ---

[...tên] wau botên angêmungakên suksma ajêg dumunung ing dalêm wêwangunan, ananginglajêng nunggil kawontênan (dados satunggal) awit sangking punika suksma lajêng mandhapsarta angalap wêwangunan ingkang dumados saking jasating alam sangandhapipun, mênggahlampah-lampahipun botên beda nalika wontên ing perangan ing sanginggilipun, manawiwêwangunan sampun rinasuk sarta suksma jênak dumunung ing dalêm wêwangunan ingkangdumados saking ing lapisan ôngka kalih, ing ngriku dumadosipun martabat malaekatelementalenrijk pangkat kalih suksma ingkang anjiwani elementalen wau asasana wontêning alam dhewacan luhur ananging têtumpakan ingkang minôngka dados warana utawigêlaranipun dumunung wontên ing dhewacan perangan ngandhap.

Kabêkta saking watakipun ingkang adrêng mili mangandhap sasampuning sawatawislaminipun suksma lajêng nunggil kawontênan kalihan wêwangunan wau sarta lajêng jênakmanggèn ing alam dhewacan perangan ngandhap, satêmah anyoroti utawi anjiwaniwêwangunan ing dalêm alam astral, anjalari dumadosipun elementalen rupa dewata(malaekat) ing alam astral.

Wêwangunan utawi kawujudan ingkang sampun kajarwa ing ngajêng wau botên samidarajatipun, undha-usuk wiwit saking alus dumugi wadhag, sanadyan makatêna ewasamantênlangkung alus manawi katandhing kalihan jasat ing alam wadhag ingkang sampunkawuningan ing akathah,

Page 49: Ajaran Teosofi

--- 2 : 20 ---

mênggah martabat elementaal tigang pangkat wau beda-beda gumêlar sarta wujudinggêsangipun, botên beda kados kawontênanipun gêsanging têtuwuhan tuwin sato kewan.

Sasampuning suksma sawatawis dangunipun anggèning anjiwani sagunging kawujudan rupadewata ing alam astral, lajêng nunggil kawontênan kalihan wujud-wujud wau, ing ngrikusuksma lajêng anggêsangi martabat makdani ingkang perangan, nuntên anjiwani jasatingpêpêlikan ingkang perangan wadhag inggih ingkang kasatmata punika.

Mênggah ingkang winastan martabat makdani (mineralenrijk) punika botên angêmungakênbangsaning pêpêlikan ingkang linimrahakên ing dalêm pamulangan, ananging ugibangsaning jasat ingkang cuwèr, bangsaning gas, sarta jasat ètêr (ètêr ingkanglangkung lêmbat, ondêr atum-atum) tigang prakawis wau tumraping kawruh kilenan dèrèngsagêd anggayuh (kawontênanipun dèrèng kawuningan dening bôngsa Eropah) kawuninganasagunging jasat punika sanès barang pêjah ananging ugi wontên gêsangipun, dene gêsang(suksma) ingkang asasana ing dalêm jasat punika tansah majêng, manawi lampahing gêsangsampun notog dumugi têngahing martabat makdani, lampahing mangandhap kèndêl, lajêngsinantunan ing lampah manginggil (napas mêdal sampun notog gêntos napas ingkangmalêbêt).

Manawi kamajêngan ing dalêm makdani sampun rampung, suksma lajêng surut dhatêng alamastral, ananging sampun angsal kawruh ingkang pinanggih ing dalêm [da...]

--- 2 : 21 ---

[...lêm] alam jasmani (nalika gêsang ing dalêm pêpêlikan). Saking ing griku gêsanglajêng anjiwani martabat nabati (sagunging têtuwuhan) ing ngriku gêsang sawêg wiwitangatingalakên gêsangipun inggih punika wujuding gêsangipun sagunging têtuwuhan,manawi kamajêngan ing dalêm têtuwuhan sampun rampung, gêsang lajêng oncat saking ingngriku anggêsangi sagunging martabat kewani (sato kewan) manawi ajênging gêsang sampundumugi ing kewan, surutipun saya inggil inggih punika dumugi alam dhewacan ingkangperangan ngandhap, mila ing wêkdal punika mandhapipun dhatêng jasmani wiwit sakingalam dhewacan ngandhap, anglangkungi jasat astral, jasat astral wau sanès jasat astralingkang dados urungipun grup sil (urungipun suksmaning sagunging kewan) ananging badanastralipun satunggal-tunggaling kewan (individucel) bab punika badhe katêrangakên.

Aluning nyawa (gêsang) anggèning anjiwani sagung martabat-martabat wau sakalangkungdangunipun ngantos botên kenging kinintên-kintên, ing dalêm satunggal-tunggalingmartabat wiwit ingkang asor ngantos dumugi ingkang luhur (gêsang aluning nyawa) tansahmindhak ajêngipun, upaminipun makatên: ing dalêm martabat nabati sakawit gêsanganjiwani sagunging rumput utawi sagunging lumut, wêkasan anggêsangi kêkajêngan ingkangagêng sarta prayogi, bilih malembang dhatêng kewan sakawit anjiwani kewan ingkangsakalangkung lêmbat, wêkasan anjiwani kewan ingkang nyêsêpi sarta anjilma, mênggahlampahing [lampah...]

--- 2 : 22 ---

Page 50: Ajaran Teosofi

[...ing] panjalma punika tansah malembang wiwit saking wujud ingkang asor ngantosdumugi wujud ingkang prayogi, sarta wiwit saking urung ingkang asor ngantos dumugiurung ingkang langkung prayogi, dene ingkang majêng utawi diwasa punika botênangêmungakên urungipun, ananging ugi jiwa ingkang asarana[23] ing dalêm urung, mênggahprêlunipun urung-urung diwasa punika supados mungguh kangge pasênêdaning jiwa ingkangsampun diwasa, awit manawi botên makatên lajêng botên laras wadhah kalihan isinipun.

Manawi alun gêsang ingkang anjiwani martabat kewani sampun angancik ing kewan ingkangprayogi piyambak, ing ngriku lajêng pindhah anjiwani martabat insani (manungsa)kadospundi mênggah kawontênanipun ing wingking badhe katêrangakên bilih alun gêsangpunika tansah pindhah-pindhah saking satunggaling martabat dhatêng martabat sanès,mila saupami alun gêsang punika amung satunggal sampun tamtu badhe namung wontên wujudmartabat satunggal, ananging awit saking kodrat wiradatolah, alun gêsang tanpa kèndêl,mila ing sawanci-wanci ugi wontên alun gêsang ingkang amakarti asêsarêngan, kitapunika ugi salah satunggiling alun gêsang, ananging ing wêkdal punika ugi wontên alungêsang ingkang anjiwani martabat kewani, inggih punika alun gêsang ingkang dumununging sawingkinging gêsang kita, dados têtelanipun martabat nabati (têtuwuhan) punikaalun gêsang ôngka tiga sarta martabat [martaba...]

--- 2 : 23 ---

[...t] makdani (pêlikan) alun gêsang ôngka sakawan, para sidik sagêd asung katranganbab kawontênanipun martabat rupa dewata elementalen tigang pangkat ingkang jiniwanandening alun gêsang ôngka gangsal nênêm tuwin pitu, alun gêsang ingkang sarêntiwêdalipun wau pinangkanipun saking wajahing Gusti ingkang ôngka kalih (sipat utawiwahdat) sarèhning makatên kawontênanipun dados têtela bilih wontên lampahingkamajênganing gêsang, sumaruna ing dalêm jasat saya dangu saya bêblês utawi amadhag,supados sagêd anampèni gêtêr ingkang alêlantaran saking jasatipun satunggal-tunggalingalam, gêtêr ingkang pinangkanipun saking ing jawi wau dangu-dangu kawawa anukulakêngêtêr ing lêbêt ingkang salaras kawontênanipun, awit sangking punika wau gêsang(nyawa) lajêng sagêd anampèni gêtêr ing jawi, wasana damêl gêtêr ingkang lajênganjalari kasinungan panguwasa ginaib.

Nitik nalar-nalaripun kita pitados bilih nalika suksma tinètèsakên saking Gusti sartataksih dumunung ing alam ingkang taksih ginaib tumrap kita punika satunggal (êsa)ananging bilih suksma wau sampun mandhap ing alam budi, inggih alam ingkang sampunkenging ginayuh dening pangraosing manungsa ingkang sampun sidik paningalipun, sartasuksma anggêsangi kawujudan ingkang dumados saking jasating alam dhewacan luhur,lajêng

--- 2 : 24 ---

pinerang-perang dados jiwa ingkang sakalangkung kathah[24] makatên cêthanipun: nalikasuksma sinorotakên ingkang kapisan saking Gusti punika kenging binasakakên taksihmurni utawi kawontênanipun taksih sarupi (homogeen) tinêmbungakên jiwa kang agung,ananging manawi sampun anjiwani manungsa, suksma wau lajêng pinerang-perang dadospintên-pintên miliyun jiwaning manungsa (sabên manungsa satunggal jiwa satunggal)dados ing antawising suksma kang agung tinètèsakên saking Gusti ngantos dumugi

Page 51: Ajaran Teosofi

pungkasanipun, kawontênanipun suksma ing dalêm satunggal-tunggaling tataran pinerang-perang, ananging mêksa dèrèng rampung pamerangipun (taksih kêdah pinerang malih).

Kawuningana para sadhèrèk, bilih sabên tiyang satunggal punika jiwa satunggal,ananging tumraping têtuwuhan sarta kewan botên makatên, jiwaning manungsa sagêdanyatakakên kawontênanipun asarana badan satunggal, ananging bilih jiwaning kewanasarana badan-badaning kewan botên sakêdhik cacahipun, makatên ugi mênggahkawontênaning têtuwuhan, satunggaling sima punika sayêktosipun [sayê...]

--- 2 : 25 ---

[...ktosipun] dede wujud ingkang pisah kalihan bangsanipun, ananging manawi manungsasampun wujud amiyambak, manawi manungsa tilar donya inggih punika anyèlèhakênbadanipun jasmani, jiwanipun têtêp wujud miyambak kados nalika dèrèng tilar donya,dados botên agêgandhengan kalihan wujud sanès, ananging manawi satunggaling sima tilardonya, peranganing jiwanipun wangsul dhatêng asalipun, inggih punika grup sil (suksmakewan) amargi grup sil wau ingkang anjiwani sagunging badaning sima, dadossaupaminipun wontên sima satus punika jiwanipun agêgandhengan dados satunggal, nalikataksih gêsang katingalipun sami pisah amiyambak-miyambak kados manungsa, anangingsajatosipun satunggal-tunggaling sima amung kadunungan sapra-atusing jiwa, mila manawisatunggaling sima jiwanipun kêdah surut dhatêng ing asalipun (grup sil) sarta lajêngdados satunggal botên kenging pinisah, cêthanipun makatên: suksmaning kewan (grup sil)upaminipun toya sajêmbangan, badaning sima satus wau upaminipun cangkir ingkangdumunung ing salêbêting jêmbangan, manawi salah satunggaling cangkir kawêdalakênsangking jêmbangan sampun tamtu kêbak isi toya, inggih makatên punika pêthaningpamisah, ananging sayêktosipun dèrèng pisah kalihan ingkang sangangdasa sanga, toyaing dalêm cangkir ingkang kawêdalakên wau ing wêkdal punika kapisah sakêdhap kalihantoya salêbêting jêmbangan, sarta kalihan cangkir sanèsipun lajêng kasinungan wujudsarta watak kadidene

--- 2 : 26 ---

wadhahipun (cangkir) saupami toya ing dalêm cangkir wau kita tètèsi punapa-punapaingkang sagêd anjalari ewahing warni, sampun tamtu toya wau lajêng ewah warni sartagandanipun, kawontênanipun ingkang makatên wau kenging minôngka ibaratipunkamajênganing jiwa nalikanipun misah dumunung ing dalêm sima, manawi toya ingkangsampun santun warni sarta gandanipun kasuntak ing dalêm jêmbangan, punika minôngkaupaminipun sima pêjah, toya ingkang sampun santun warni sarta gandanipun wau lajêngcampur dados satunggal kalihan toya ingkang wontên ing jêmbangan, sabab ingkangmakatên wau warni sarta gandanipun dados suda tinimbang suwaunipun.

Ing mangke jiwa ingkang dumunung ing dalêm sima antuk kamajêngan, ananging lajêngbinage dhatêng grup sil (sangangdasa sanga perangan utawi toya sak jêmbangan) sanadyanbotên sapintêna dayanipun ewadene toya ing dalêm jêmbangan ing mangke sampun ewahkawontênanipun, amila samangke toya ing dalêm cangkir sampun beda kawontênanipun, awitsampun kacampuran (sampun radi diwasa jalaran saking pamanggih) dados wiwit kalasamantên toya ing dalêm cangkir beda warni sarta gandanipun tinimbang duk purwanipun,sabên sima pêjah kenging kaupamèkakên toya ing dalêm cangkir ingkang sampun ewah

Page 52: Ajaran Teosofi

kawontênanipun kawangsulakên malih dhatêng ing jêmbangan, têmahan saya anjalariewahing gônda tuwin warni, awit sangking punika kasagêdan sarta pamanggihipunsatunggaling sima nalika [na...]

--- 2 : 27 ---

[...lika] gêsangipun, sarêng sampun pêjah lajêng pinerang dados kasagêdanipunsagunging sima ingkang badhe lair, sampun tamtu kemawon amung sami kaêduman nyakêdhik,dados kasagêdanipun botên sami kalihan sima ingkang sampun pêjah wau, mila kewan samigadhah warisan watak (instinct) saking lêluhuripun, wujudipun tigan bèbèk ingkangkatêtêsakên babon, ewadene sampun sagêd angêlangi, kuthuk ingkang nêmbe nêtês sampunasingidan manawi wontên wolung, punapadene pêksi ingkang tinêtêsakên mawi masin,sanadyan salaminipun dèrèng nate sinau andamêl susuh, ewadene manawi andamêl susuhnyamlêng kadi lêluhuripun.

Ing ngajêng sampun kajarwa bilih kewan punika jiwanipun agêgandhengan kalihanbangsanipun, ananging manawi badaning kewan saya diwasa (prayogi) saya sudagandhenganipun, tumrap grup sil satunggal, kosok wangsulipun bangsaning mrutu utawikewan ingkang alit-alit sarta tanpa daya punika ngantos miliyunan gandhenganipun, milakaotipun ing antawising satunggal-tunggaling wujud amisah (individuen) saya kathah.

Grup sil punika dangu-dangu lajêng dados kalih perangan, murih sagêd cêtha prayogikangge upami toya ing dalêm gênthong, manawi toya ing dalêm gênthong wau wongsal-wangsul kacidhuk mawi cangkir sarta lajêng kawutahakên malih, sampun tamtu kemawontoya ing dalêm gênthong saya dangu saya ewah warninipun, manawi sampun dumugititimôngsa [titi...]

--- 2 : 28 ---

[...môngsa] toya ing dalêm gênthong dados kalih perangan, ing ngriku wontênkodratullah ingkang kita botên sagêd anêrangakên, ing têngah-têngahing toya gênthong,lajêng angaringêd dados kulit alus ngadêg jêjêg, ing mangke toya ing dalêm gênthongdados kalih perangan, wiwit samantên toya ingkang aslinipun saking perangan kiwawangsulipun dhatêng gênthong ingkang kiwa, dene ingkang saking têngên wangsulipuninggih dhatêng gênthong ingkang sisih têngên, kulit ingkang ngadêg ing satêngah-têngahing toya saya dangu saya kandêl, sarèhning wangsuling toya wau dhatêngaslinipun, mila ing mangke warni sarta gandaning gênthong kiwa kalihan têngên botênsami, wêkasan lajêng dados toya kalih gênthong, liripun manawi ajênging grup silsampun sagêd andungkap ing kawontênan ingkang makatên, ing ngriku grup sil lajêngpêcah dados kalih, botên beda kados kawontênanipun sèl, dangu-dangu lajêng dados kalihperangan, mila manawi grup sil tambah rêsêpanipun lajêng dados saya alit anangingcacahipun saya kathah, makatên salajêngipun ngantos andungkap dados jiwaning manungsa,manawi sampun dumugi ing ngriku jiwa sampun amiyambak (individueele ziel) satilaringdonya botên wangsul dhatêng grup sil (jiwa pakêmpalan).

Lampahipun satunggal-tunggaling alun gêsang punika tansah malembang-malembanganggêsangi sagunging martabat, ananging ing dalêm satunggal-tunggaling martabat botênpêrlu malembang-malembang saking wiwitan dumugi

Page 53: Ajaran Teosofi

--- 2 : 29 ---

wêkasan, makatên cêthanipun, saupami satunggaling grup sil nalika wontên ing dalêmmartabat nabati (têtuwuhan) anjiwani kêkajêngan ingkang prayogi, punika manawimalembang dhatêng martabat kewani, botên pêrlu wiwit dados jiwaning kewan ingkang asorkados ta bangsaning ulêr sasaminipun, ananging lajêng anjujug dados jiwaning kewananêsêpi ingkang darajatipun andhap piyambak, dene kewan ingkang asor (ulêrsasaminipun) badhe jiniwanan dening groupziel ingkang nalika wontênipun martabatnabati anjiwani têtanêman ingkang darajatipun langkung andhap, makatên ugimalembangipun grup sil saking kewan dhatêng manungsa, grup sil ingkang nalika wontênmartabat kewani anggêsangi bangsaning kewan ingkang luhur darajatipun, manawimalembang dhatêng manungsa botên lajêng anjiwani bangsaning manungsa ingkang taksihasor darajating kamanungsanipun, ananging lajêng anjujug dhatêng jinising manungsaluhur dene jiwaning manungsa ingkang asor punika aslinipun saking grup sil ingkangnalika wontên ing martabat kewani anjiwani kewan asor.

Ing dalêm satunggal-tunggaling tataran grup sil pinerang dados pitung jinis agêng(Tijpe) sabên satunggal-tunggaling perangan antuk alun gêsang piyambak-piyambakingkang tinata sarta linanturakên dening satunggaling malaikat, dene satunggal-tunggaling jinis wau kita sagêd angsal pasaksèn ing dalêm satunggal-tunggalingmartabat, awit satunggal-tunggaling martabat miturut kawruh ingkang gumêlar ingpamulangan [pamulanga...]

--- 2 : 30 ---

[...n] pinerang dados pitu, kados ta: kewan punika pinerang dados pitung jinis agêng,makatên salajêngipun, awit, dhapur utawi wônda ing dalêm satunggal-tunggaling jinispunika tinata agêgandhengan urut kacang, mila kewan, têtuwuhan, pêpêlikan sartasagunging wujud rupa dewata pinerang dados pitung pôntha (pitung grup, utawi pitungjinis) dene ilining alun gêsang sami urut garisipun piyambak-piyambak, botên purunmanggèn dhatêng garis ingkang sanès jêjinisipun, mirit bab punika salugunipun dèrèngwontên wêwaton ingkang sampurna, tumrap paperanging kewan, têtuwuhan sarta pêpêlikandados pitung jinis agêng, ewadene sampun botên sumêlang malih, manawi pindhahing alungêsang punika botên tumpang suh ananging urut ingkang tunggil jinis, manawi nyawaanggêsangi pêpêlikan perangan satunggal, nadyan ing dalêm perangan ing ngrikumalembang-malembang sangking ingkang asor ngantos dumugi ingkang luhur, ewadene botênpurun menggok dhatêng garisaning pêlikan perangan kalih, makatên ugi manawi malembangdhatêng martabat nabati, kewani tuwin insani, inggih lajêng anjujug dhatêng peranganingkang nunggil jinis (jinis perangan satunggal).

Mênggah têgêsipun amêthal piyambak (indivi dualisatie) punika manawi jiwaning kewaningkang sampun diwasa lajêng sapêjahipun botên wangsul malih dhatêng grup sil(suksmaning kewan) ananging lajêng dados jiwaning manungsa, kewan ingkang sagêdanggayuh tataran wau

--- 2 : 31 ---

Page 54: Ajaran Teosofi

amung sagunging kewan ingkang sampun gadhah nalar, sagêdipun kewan kabuka nalaripunkêdah acacêlakan kalihan manungsa, mila inggih amung jiwaning kewan ingah-ingahaningkang sagêd mamalembang[25] dados jiwaning manungsa (indivi dualisatie) ewadene inggihbotên sadaya kewan ingah-ingahan ingkang sagêd kalampahan makatên, dene ingkangkalêbêt kewan luhur tumrap turutaning jinis, ôngka satunggal, sagawon, ôngka kalihkucing, ôngka tiga gajah, ôngka sakawan kêthèk, makatên salajêngipun, sagunging kewangalak punika pinerang dados pitung jinis, satunggal-tunggaling jinis sami nurutgarisanipun piyambak-piyambak, ingkang wêkasanipun anjog kados kewan ingah-ingahan,makatên upaminipun, sagawon ajag punika satunggal garis kalihan sagawon, sima (leo)punika nunggil garis kalihan kucing, mila grup sil ingkang anjiwani sima satus kadosingkang sampun kajarwa ing ngajêng, manawi ajêngipun sampun pantog sagêd ugi lajêngpinerang dados gangsal grup sil, satunggal-tunggaling grup sil, sagêd anjiwani kucingkalih dasa.

Mênggah kawontênanipun alun nyawa sakalangkung dangu anggèning ubêngan ing dalêmsatunggal-tunggaling martabat, mila ing wêkdal punika jiwa sakalangkung angèlanggèning badhe malembang dhatêng satunggiling martabat utawi anggèning badhe dadosjiwa ijèn (jiwaning manungsa) awit limrahipun wancining malembang saking satunggal-tunggaling martabat, sarta dadosipun manungsa punika wontên pungkasaning jaman,

--- 2 : 32 ---

têgêsipun wontên pungkasaning alun nyawa anggèning anggêsangi satunggaling martabat,ewadene sanadyan awis-awis ing antawising kewan wontên ingkang dados manungsa, kabêktaajêngipun moncol tinimbang barakanipun, sagêdipun kalampahan makatên prêlu sangêtkewan acacêlakan sarta gulêtan kalihan manungsa, manawi kewan dipun ingah sae, sartamanungsa tansah anêdahakên wêlas asihipun botên beda dhatêng anak, ing ngriku kewanlajêng katuwuhan watakipun wêlas asih kados nganggêp dhatêng bandaranipun, lajêngtangkar-tumangkar akalipun jalaran pun kewan wau lajêng katuwuhan sêdya kêdahmangêrtos punapa ingkang dados sêdyaning bandaranipun, amargi sagadug-gadugipunsumêdya dipun lampahi, kajawi punika kabêkta saking lêlabêtaning bandaranipun wau,têmahan pangraos tuwin bêbudèning kewan saya alus, manawi kamajênganing kewan ngantosdumugi samantên jiwanipun sampun botên sagêd amor malih kalihan grup sil ingkangminôngka dados jiwaning kewan bangsanipun, awit tataranipun sampun langkung luhur,pêperangan utawi cuwilaning grup sil ingkang kawontênanipun makatên wau sampun samêktaanampèni tumuruning gêsang ingkang mêdal saking wajahing Gusti ingkang kapisan (dat)awit tumuruning gêsang ingkang wêkasan wau botên kados sanèsipun ingkang kanggeanggêsangi titah ingkang miliyunan asêsarêngan, ananging amung tumètès dhatêngsatunggaling jiwa ingkang sampun samêkta kenging anampèni (manungsa) sajatosipuntumuruning gêsang ingkang mêdal [mê...]

--- 2 : 33 ---

[...dal] saking wajahing Gusti ingkang kapisan punika sampun dumugi ing alam ilhami(alam budi) ananging botên karsa lajêng lampahipun, kèndêl wontên ing ngriku,tumètèsipun angêntosi bilih jiwaning kewan sampun diwasa, malembang dhatêng tataraningkang langkung luhur, manawi jiwaning kewan minggah ing tataran ingkang langkungluhur, ing ngriku tetesan utawi curahan ingkang katiga lajêng mandhap amêthukakên

Page 55: Ajaran Teosofi

inggahing jiwa wau, lajêng sagêd dados ego (aku) inggih punika wujud ingkang ajêgpêthalipun, dumunung ing alam dewacan perangan nginggil, dados wiwit kala samantênwujud mêthal amiyambak ajêg kawontênanipun ngantos dumugi titimôngsa kita manusa,dados sukci wangsul dhatêng ingkang asipat êsa utawi wangsul dhatêng ajal kamulanipun.

Dados têrangipun, sagêdipun ego (aku) dumados, sakawit saking peranganing grup silingkang suwaunipun anjiwani kawujudan, lajêng ing mangke dados têtumpakan, sahajiniwanan piyambak dening palêtiking Gusti (monadhê sirollah) mila inggih kengingtinêmbungakên sadèrèngipun ego dumados, monadhê utawi sirollah anglayang ingsanginggiling grup sil, dumunung ing alam budi, jalaran botên sagêd agêgathukankalihan grup sil sabab saking kawontênanipun dèrèng mungguh, mila manawi saperangansaking grup sil wau sampun diwasa, botên nguciwani tumrap tumuruning ego sirollah, ingngriku grup sil sagêd asêsambêtan kalihan monadhê [mona...]

--- 2 : 34 ---

[...dhê] (sirollah).

Kadadosaning ego sarta pamêthaling grup sil dados botên wangsul dhatêng toya ingjêmbangan malih, punika minôngka dados pratôndha bedaning kewan ingkang sampunsakalangkung diwasa kalihan manungsa ingkang taksih asor sangêt.

Bab 6

Adêging Manungsa

Mênggah sajatosipun manungsa punika palêtiking[26] Gusti ingkang asasana wontên ing alammonadhê (alam pari nirwana) palêtik ingkang salaminipun wontên ing alam monadhê waunaminipun monadhê (sirollah) awit saking ajênging kamanungsan munadhê lajêng gumêlarwontên ing alam ingkang andhap, nalika munadhê mandhap satatar asasana inglam[27] nirwana (alam atma) ing ngriku têtela bilih wajahipun tiga (botên beda kadiGusti Allah wontên ing alam ingkang langkung luhur, ugi wajahipun tiga) wajah ingkangsatunggal salaminipun asasana ing alam atma, dados atmaning manungsa, wajah ingkangôngka kalih asasana ing alam budi (ilham) dados ilhaming manungsa, dene wajah ingkangôngka tiga asasana ing alam dhewacan (pikiran ingkang perangan nginggil) dados pikirutawi nalaring manungsa, wajah têtiga wau sinêbut trimurti utawi alus têtiga, inggihego (manungsa sajati), ego wau ingkang anggêsangi (groepziel).

--- 2 : 35 ---

Mênggah sajatosipun manungsa punika monadhê (sirullah) ingkang asasana ing alammonadhê, ananging wontên alam dhewacan ingkang inggil amujudakên sariranipun dados egosarta awajah tiga, inggih punika, atma, budi, pikir (manas) sarta amangun têtumpakan(badan) ingkang dumados saking jasating alam dhewacan ingkang inggil winastan badanjalaran, dados ego punika manungsa sajati ingkang sawêg wontên salêbêting kamajênganingkang tundha-tundha kawontênanipun, sarta limrahipun kinging tinêmbungakên jiwaningmanungsa.

Page 56: Ajaran Teosofi

Wiwit dados manungsa ngantos minggah nunggil kawontênan kalihan Gusti botên ewahkawontênanipun, amung kamajêngan utawi kasampurnanipun ingkang saya dangu saya tambah(wiwit saking jiwa anèm lajêng dados jiwa sêpuh) dene ingkang limrahipun kita wastanipêjah, punika tumraping manungsa sajati botên magêpokan punapa-punapa sarta ingatasinggêsang limrah wontên ing donya punika kanggenipun jiwa amung kaanggêp sadintên,mênggahing badan ingkang kasatmata inggih ingkang kenging risak punika sajatosipunsandhangan ingkang dipun angge pirantos anggayuh saperangan saking kamajêngan, dadosmanawi tanpa badan wadhag jiwa botên sagêd majêng utawi sampurna, dene bedaningmanungsa sajati punika botên ngêmungakên badan jasmani kemawon, nanging taksih wontêntunggilipun malih.

Manawi manungsa sajati (ego) badhe angrasuk badan jasmani, mandhapipun saking ingdhewacan ingkang perangan nginggil kêdah anglangkungi alam dhewacan [dhe...]

--- 2 : 36 ---

[...wacan] perangan ngandhap, sarta alam astral (alam kewani) lampahipun makatên:sakawit angrasuk badan ingkang dumados saking sêtoping alam dhewacan perangan ngandhapwinastan badan pikiran, badan wau pirantos kangge amikir sagunging pikiran ingkangtumuju dhatêng barang-barang sarta samukawis ingkang wujud.

Namining satunggal-tunggaling alam kados ing ngandhap punika:

1. alam Ul kudus (alam adi), 2. alam munadhê (alam anupadhaka), 3. alam nurani (alamatma), 4. alam ilhami (alam budi), 5. alam rohani (alam pikiran = alam mental), 6.alam kewani (alam tarwah,[28] = alam astral), 7. alam jasmani (alam wadhag) (concretegedachten) dene abstracte gedacten inggih punika pikir ingkang botên tumuju dhatêngbarang sarta kawontênan ingkang maujud, ananging amung tumuju dhatêng babaganingpangêrti sapiturutipun, punika satunggaling panguwaos utawi kakiyatanipun manungsasajati piyambak ing alam dhewacan perangan nginggil abtracten gedachten (pikir ingkangbotên tumuju dhatêng barang sarta kawontênan ingkang maujud, utawi tanpa rupi) punikaasli saking pikiripun manungsa sajati, dumados saking sêtoping alam dhewacan perangannginggil, dene concreten gedachten (pikir ingkang tumuju dhatêng barang sarta

--- 2 : 37 ---

kawontênan ingkang maujud, utawi mawa rupi) punika pikiran ingkang dumadosipun sakingsêtop ing alam dhewacan perangan ngandhap (alam mental).

Nalika ego mandhapipun dumugi ing alam astral, ing ngriku ego angirup jasating alamastral lajêng dados badanipun astral, badan wau pirantos kangge anêdahakên arda sartakamurkan tuwin raosing manahipun, sarta badan wau asêsambêtan kalihan badan pikiranperangan ngandhap, amila badan astral punika ugi pirantos utawi têtumpukaning pikiringkang adhêdhasar mikangsalakên badanipun piyambak (napsi) sasampuning ego angrasukbadan-badan ingkang kajarwa ing nginggil, sawêg sagêd agêgathukan kalihan badanjasmanining bayi, wasana lair ing ngalam donya punika, salajêngipun ego gêsang wontêning donya mawi badan wadhag, sadangunipun gêsang ngangge badan wadhag inggih punikaingkang limrahipun gêsang wontên ing alam donya, ego tansah mindhak sasêrêpanipun,

Page 57: Ajaran Teosofi

awit saking pamanggih ingkang pinanggih wontên ing donya, manawi badanipun jasmanisampun risak lajêng wangsul minggah malih, sarta lajêng anyèlèhakên sagungingbadanipun ingkang kaangge salêbêting sawatawis môngsa, dene ingkang sinèlèhakênrumiyin badan wadhag, ing ngriku ego lajêng gêsang wontên ing alam astral nganggebadan astral, mênggah dangu saha cêlakipun anggèning gêsang wontên ing alam astralamung gumantung wontên kandêl-tipising hawa napsu sarta raosing manahipun nalikagêsang wontên [wontê...]

--- 2 : 38 ---

[...n] ing donya, manawi nalikanipun gêsang wontên ing alam donya anggung angruktikamurkan, saèstu dangu sangêt gêsangipun wontên ing alam astral, amargi badanipunastral kiyat sangêt, ananging manawi amung sawêtawis kakiyataning badan astral, inggihbotên dangu lajêng tumuntên kasèlèhakên, sasampuning anyèlèhakên badan astral, egolajêng gêsang wontên ing alam dhewacan perangan ngandhap (alam mental) (kaswargan)dangu cêlakipun wontênipun ing alam ngriku ugi miturut kawontênaning pikiranipunnalika gêsang wontên ing donya, padatan pamanggènipun ing alam ngriku dangu, manawisampun dumugi titimasanipun, manungsa sajati lajêng anilarakên badan wau sartatumamèng ing alamipun pribadi, dhewacan perangan nginggil.

Kabêkta saking dèrèng diwasa pangraosipun wontên ing alam dhewacan nginggil, mila egoinggih amu[29] sakêdhik sagêdipun angraosakên kawontênaning alam ngriku, gêgêtêripunjasating alam wau sakêlangku[30] rikat tumrap kangge andamêl tangining pangraosipun,saminipun ultarviolette gêtêripun karikatên tumrap mripat limrah, mila kita botênsagêd andulu wujudipun.

Manawi manungsa sajati sampun sawatawis dangunipun anggèning lêrêm wontên ing alamdhewacan nginggil, lajêng tuwuh pêpinginanipun sumêdya mandhap dhatêng alam ingkanggêtêripun sagêd laras, murih sagêd angraosakên samukawis ingkang dumunung ing alamngriku, awit wontên ing dhewacan perangan nginggil botên sagêd gêsang pangraosipun,[pangraosipu...]

--- 2 : 39 ---

[...n,] amila manungsa sajati lajêng mandhap malih wontên ing jasat ingkang andhapsarta angrasuk badan pikiran, lajêng ngrasuk badan astral, salajêngipun ngrasuk badanwadhag, ananging badan-badan ingkang rinasuk wau badan-badan enggal sadaya, denebadan-badanipun ingkang lami sampun sirna, amila tumrapipun tiyang limrah botên sagêtkèngêtan dhatêng kawontênaning gêsangipun ingkang sampun kapêngkêr.

Manawi manungsa sajati gêsang ing alam wadhag èngêtipun (elingipun) dumunung sartamakarti ing dalêm alam mental (pikiran ngandhap) amargi badan ingkang kaangge sapunikabadan enggal, sarta kanggenipun amung sapisan punika, mila inggih botên èngêt dhatênglêlampahaning gêsang ingkang sampun kapêngkêr, ananging bilih èngêtipun sagêd dumununging alamipun pribadi (alam pikiran perangan ngingggil) têmtu lajêng èngêt sadaya,môngsakala dayanipun sagêd dumugi ing têtumpakanipun ingkang asor, asor liripunsanadyan botên cêtha kalamôngsa badanipun asor asring amakarti ingkang tumujunipunsambêt kalihan lêlampahaning gêsang ingkang kapêngkêr.

Page 58: Ajaran Teosofi

Manawi manungsa sajati gêsang ing dalêm badan jasmani, limrahipun botên èngêt dhatêngpamanggih (ondervinding) utawi kawruh ingkang pinanggih ing dalêm gêsangipun ingkangkapêngkêr, ananging kacihna wontên ing wêwatakan, sarta kawontênanipun ingkanganêdahakên bilih rumiyin sampun nate angudi satunggaling kawruh utawi antuk pamanggih,mila kawontênanipun ing dalêm gêsang kita sapunika botên siwah samêndhang, [samê...]

--- 2 : 40 ---

[...ndhang,] amung kantun andumugèkakên lêlabêtan kita rumiyin, manawi nalika gêsangkita ingkang sampun kapêngkêr tansah anggilut dhatêng sagunging pakarti utami, sampuntamtu ing dalêm gêsang kita sapunika kasinungan watak sarta kawontênan ingkangprayogi, kosok wangsulipun manawi ing dalêm gêsang kita rumiyin anglirwakakên dhatêngsagunging pakarti ingkang tumuju dhatêng kautamèn, gêsang kita sapunika têmtu kêsèd,bodho lumuh dhatêng pandamêl sae, dados awon saening wêwatêkan ingkang binêkta lairpunika têtêp saking pandamêlipun piyambak.

Anggèning manungsa sajati angangge badan-badan ingkang sampun kajarwa ing nginggilpunika pêrlunipun ngupaya kasagêdan, supados sagêd anampi sarta amangsuli sakathahinggêgêtêr têmahan anjalari mêgroking kagunanipun ingkang sumimpên ing dalêmpribadinipun, sanadyan manungsa punika aslinipun saking alam luhur mandhap dhatêngalam ingkang asor, ewadene pangraosipun botên sagêd diwasa wontên ing alam luhur,manawi botên sarana mandhap wontên ing alam asor, dados mandhapipun dhatêng alam asor,punika minôngka pamulangan ingkang anjalari diwasaning pangraosipun wontên ing alamluhur, manawi tiyang sampun sagêd anampèni sarta amangsuli gêtêring satunggal-tungling[31] alam, punika sawêk kinging winastan diwasa pangraosipun ing dalêm alam wau,tumrapipun manungsa limrah pangraosipun têtela dèrèng sagêd diwasa

--- 2 : 41 ---

ing dalêm satunggal-tunggaling alam, nadyan wontên ing alam donya ingkang rumaosipunsampun sagêd anyêkapi nanging sayêktosipun mêksa dèrèng diwasa, sarèhning sampun dadospacangan kita mila enggal laminipun kita mêsthi sagêd anyampurnakakên pangraos kitatumrap satunggal-tunggaling alam, mila manawi sampun kalampahan ing ngriku kita badhesagêd anyatakakên kawontênanipun satunggal-tunggaling alam ingkang sampun kajarwa ingngajêng.

Badan jalaran punika tumpakanipun manungsa sajati ingkang langgêng wontên ing alamdhewacan ingkang perangan nginggil, dumados saking sêtoping alam dhewacan perangansatunggal kalih tuwin tiga, tumrapipun manungsa limrah badan wau dèrèng sagêd makartisayêktos, amargi ingkang sagêd makarti amung jasating perangan tiga, manawi manungsasajati sampun diwasa sarta sadaya kakiyatanipun sampun amêkrok, ing ngriku jasatingperangan kêkalih sarta kapisan sagêd makarti, ananging punika amung tumrap para adhèp,para waspada ing gaib, inggih punika ingkang sampun sagêd amedahakên pangraosingmanungsa sajati, sagêd aniti pariksa kawontênan ingkang kajarwa ing nginggil, tumrapanêrangakên kawontênaning badan jalaran, ingkang salêsih punika botên gampil, awitpôncadriya tumrap ing alam ngriku beda kalihan pôncadriya ing alam kita, punapadenelangkung luhur darajating kaalusanipun.

Page 59: Ajaran Teosofi

Miturut katranganipun para waskitha ing gaib, ingkang sampun anyatakakên, [a...]

--- 2 : 42 ---

[...nyatakakên,] mênggah wujudipun badan jalaran wau kados tigan, anglimputi badanjasmani kintên-kintên wolulas dim, tumrapipun tiyang limrah wujudipun badan wau kadospalêmbungan ingkang kothong, môngka sajatosipun badan wau isi jasating alam dhewacaningkang perangan nginggil, ananging katingal bêning, sarta tanpa warni (kleurlos) awitjasad wau dèrèng sagêd makarti, manawi kita (manungsa) saya diwasa (majêng) jasat waulajêng sagêd makarti, amargi ginêpok daging gêtêring badan-badan ingkang langkungandhap, saèstunipun botên tumuntên sagêd kalampahan makatên, jalaran pakartiningmanungsa ingkang taksih andhap darajating kasucianipun punika botên sagêd sumêngkaamakarti ing dalêm jasating alam dhewacan luhur, ananging manawi sampun sagêd anggayuhtataraning kasucian ingkang luhur, inggih punika manawi sampun kadunungan pikir luhur,ab stract (pikir ingkang tumuju dhatêng ingkang tanpa supi[32] )[33] sarta kadununganpangraos ingkang botên amung makolèhakên badanipun piyambak, (onzelfzuchtig), punikakawawa anggêtêrakên jasating badan jalaran, manawi gêtêr ingkang kajarwa ing nginggilsampun sagêd diwasa ing dalêm badan jalaran, badan wau lajêng amujudakên warni,têmahan badan jalaran wau kaèbêkan ing warni ingkang tanpa upami endahipun, miritpangandikanipun para linangkung ingkang sampun anitipariksa satunggal-tunggaling warniwau sami gadhah têgês piyambak, gêtêr [gê...]

--- 2 : 43 ---

[...têr] ingkang tuwuhipun saking sih ingkang sêpên saking pamrih, warninipun abritênèm (kadi sêkar mawar) ingkang tuwuhipun saking nalar luhuring budi (van eenhoogverstandelijk varmogen) warninipun jêne, saking supêkêt kawoworan asih(Sijmpathie) awarni ijêm, watak bakti amahanani warni biru, dene gêtêr ingkangtumuwuhipun saking panggayuh dhatêng makriphat (hoogere geestelijkheid) punikaangwontênakên warni wungu amaya-maya, mênggah warni ingkang agadhah têgês wau(kleurentaal) ugi sagêd katingal wontên ing dalêm badan-badan ingkang dumados sakingjasat ingkang langkung wadhag, ananging saya mandhap anyêlaki badan jasmani warni-warni ingkang amawa têgês wau saya wadhag sarta surêm.

Salêbêtipun manungsa angudi kadiwasan dumumung ing dalêm alam-alam ingkang andhap,sarta ngrasuk badan-badan ingkang andhap, limrahipun asring kadunungan watak ingkangandamêl pitunaning manungsa sajati, kados ta, watak angkuh, brangasan sarta karêm,watak wau anuwuhakên gêtêr ingkang amung sagêd anggêtêr ing dalêm alam-alam ingkangandhap kemawon, ananging botên sagêd sambêt kalihan gêtêring badan ingkang dumadossaking jasating tigang perangan ing alam dhewacan nginggil (badan jalaran) sarèhninggêtêring satunggal-tunggaling perangan saking badan astral punika amung sagêd sambêtutawi anggêtêrakên peranganing badan pikiran ngandhap, ingkang dados têtimbanganipun,kados ta perangan sap pitu saking astral, sambêtipun kalihan [kali...]

--- 2 : 44 ---

[...han] perangan pitu saking mental (pikiran ngandhap) amila badan jalaran amungsagêd anggêtêr manawi gêpok dening gêtêring badan astral ingkang perangan nginggil,

Page 60: Ajaran Teosofi

môngka tuwuhipun gêtêring badan astral ingkang perangan nginggil punika sakingpandamêling watak sae (mutmainah) dados sanès angkuh, brangasan tuwin karêm, dadossampun têtela bilih amung kadadosaning pandamêl ingkang saking watak sae ingkang sagêdanyêmbuh diwasaning pangraosipun manungsa sajati, dene pandamêl ingkang tuwuh sakingwatak angkara punika botên amigunani punapa-punapa tumrap manungsa sajati, ing dalêmwawêngkoning manungsa sajati (badan jalaran) botên wontên jasat ingkang gêtêripunsambêt kalihan gêtêr ingkang tuwuhipun saking watak angkara.

Badan-badan jalaranipun tiyang ingkang asor darajatipun, punika suwêng sarta tanpawarni, dene badan jalaranipun tiyang ingkang sampun sukci katingal gumilang-gilangkaèbêkan ing warni (kleur) ingkang mawa cahya, manawi manungsa saya luhurkasukciyanipun, sarta diwasa panguwaos utawi kakiyatanipun ingkang linuhung (wordt eengroote geestelelelijke kracht) badanipun jalaran saya wêwah agêngingun, awit tansahwêwah-wêwah ingkang ginêlarakên (Openbaren) ing ngriku dumugi masanipun kawasaamrabani sagunging dumadi sarana cahyanipun, langkung malih manawi manungsa sampunsagêd anggayuh darajating adhèp badanipun jalaran sakalangkung agêng.

--- 2 : 45 ---

Badan mental (badan pikiran) punika dumados saking jasating alam metal[34] peranganngandhap, inggih badan punika panggenaning pikiran concreet badan punika ugi kaèbêkaning warni (kleur) sami kados badan jalaran. Ananging kaotipun sakathahing warniingkang pinanggih ing badan wau kirang alus, sunaripun radi kucêm, sarta langkungkathah, kados ta: warni jingga saking manah anggêp, abrit gilap saking brangasan,abrit sêmu klawu saking manah cêthil, abrit sêmu klawu murka, ijêm sêmu klawu punikasaking cidra, ing dalêm badan ngriku ugi wontên warni ingkang camboran kados ta: sihbudi (verstand) saha bakti kacampuran watak murka, têmahan warni ingkang bêning dadosbuthêg, jalaran kaworan warni abrit sêmu klawu (murka) sanadyan satunggal-tunggalingperanganing badan punika sami makarti: pinakarti rêsêp-rinêsêpan sakalangkung rikatlampahipun kados campur dados satunggal, ananging mênggah sayêktosipun botên makatên,awit mawa pranatan ingkang têmtu sarta prayogi.

Mênggah agêng saha wanguning badan pikiran punika sami kalihan agêng sarta wanguningbadan ilapi, badan pikiran punika pinerang dening garis uwi êlêr dados pintên-pintênsegmenten ingkang botên ajêg wangunipun, satunggal-tunggaling sègmèn gandhèng kalihanperangan saking utêg jasmani, amila satunggal-tunggaling pikiring manungsamarkati[35] urut sègmèn ingkang sampun tinamtu, tumrap badan pikiraning tiyang limrahdèrèng sapintêna diwasanipun, mila sèkmèn-sèkmènipun [sèkmèn-sèkmènipu...]

--- 2 : 46 ---

[...n] dèrèng amakarti (dèrèng tumindak) mila manawi piyambakipun amikir satunggalingpikiran ingkang mrojol saking peranganing sèkmèn-sèkmènipun ingkang sampun makartikapêksa kêdah mubêng lampahipun urut salah satunggaling sêluran (kanal) ingkang pinujumênga, ananging lampah ingkang makatên wau botên prayogi awit botên urut margi ingkangsampun tinamtu, mila kathah tiyang ingkang judhêg utawi botên sagêd pajar bilih amikirsatunggaling kawruh wujudipun ing donya punika beda-beda kawontênanipun, pun Sutasagêd ing dalêm kawruh etang ananging pun Naya gunggung kemawon botên mangrêtos, pun

Page 61: Ajaran Teosofi

Dhadhap sagêd angraosakên suwantêning gêndhing ngantos andamêl trênyuhing manah,ananging pun Wuru ngantos botên sagêd ambedakakên kalèntuning kêthuk kênong.

Jasating badan pikiran punika sagêd ebah dhatêng ing pundi-pundi tanpa sangsaya, botênwontên ingkang makèwêdi, ewadene kathah kemawon tiyang ingkang sami gadhah pikirankandhêg utawi kèndêl wontên satunggaling bab, ingkang makatên wau lampahing pikiringkang lêrêsipun tanpa sangsaya lajêng dipun alang-alangi pinêksa kèndêl wontênsatunggaling bab, wêkasan lajêng kênthêl atos dados kutiling badan pikiran (wrat)kutil wau wujudipun panggagas ingkang sêmang-sêmang dados salaminipun kutil (pikirsêmang-sêmang) dèrèng kasirnakakên, lampahing pikir botên sagêd angendhangi ing dalêmwawêngkonipun, mila tiyang ingkang kataman kados makatên wau botên sagêd mikir

--- 2 : 47 ---

saprêlunipun tumrap satunggaling bab, sarta botên sagêd mangêrtos jalaran kutil wauangalang-alangi dhatêng lampahing gêtêr ingkang saking jawi sarta saking lêbêt, manawitiyang angebahakên saperangan saking badanipun pikiran (mikir) gêtêr ing peranganngriku saya rikat lampahipun, sarta peranganing badan pikiran wau nalika pinedahakên(kalanipun mikir) dados tambah agêng, mila manawi tiyang ajêg pamikiripun satunggalingbab, badanipun pikiran dados ajêg agêngipun, dados gampil sangêt manawi kita badheandamêl agênging badan pikiran, ugêr ajêg amikir dhatêng satunggaling bab, sampunbadanipun pikiran dados agêng, sadaya wau dumunung wontên ing pamilih sahasakaparêngipun, amargi sagêd dados agêng, awit saking pandamêl utami utawi sakingpandamêl asor.

Cipta utami sagêd mahanani gêtêr ing dalêm jasating badan pikiran, ingkang peranganluhur, sarèhning ènthèng mila jasat wau lajêng minggah tumuju dhatêng badan ingkangwangunipun kados tigan ingkang perangan nginggil, ananging manawi cipta asor murka,cêthil sapanunggilanipun, anjalari gêtêr ing dalêm jasad ingkang wadhag sarta ilinipundhatêng perangan ngandhap, mila badan pikiranipun tiyang ingkang watakipun murka(mikangsalakên awakipun piyambak) punika agêng ngandhap, wujudipun kados tigan ingkangkaadêgakên, nanging peranganipun ingkang alit wontên nginggil, dene tiyang ingkangsampun sagêd angasorakên [a...]

--- 2 : 48 ---

[...ngasorakên] manahipun ingkang asor sarta mindêng dhatêng kautamèn, punika wujudingbadanipun pikiran agêng nginggil kados tigan ingkang kajungkêlakên.

Awit saking anitipariksa dhatêng kawontênaning warni (kleur) sarta wujuding badanpikiran, mila para ingkang sampun priksa ing gaib sagêd anguningani watak sahapikajênganing tiyang, punapadene sagêd amastani sapintên tataraning kasucianipuntiyang wau, sarta para waskitha ing gaib sagêd anguningani sapintên sêpuhing jiwanipunsatunggal-tunggaling tiyang amung awêwaton aniti pariksa sagunging titikan ingkangdumunung ing badan jalaran.

Manawi tiyang amanah (mikir) satunggaling kawujudan (Concreet voorwerp) upamisatunggaling griya, sampun tamtu ing dalêm jasating badanipun pikiran lajêng awujud

Page 62: Ajaran Teosofi

gambaring griya ingkang ginagas, gambaring griya lajêng anglayang dhatêng peranganingbadan wau kapara nginggil dumunung ing sangajênging mripat, sadangunipun taksihginagas gambar pêthaning griya botên kesah-kesah wontên ing ngriku, sanadyan sampunbotên ginagas limrahipun ugi dèrèng sirna, mênggah enggal sarta dangunipun sirnaninggambar punika amung gumantung wontên ing kêkiyatan sarta tajêming cipta, sajatosipungambar wau wontên sayêktos, awit sagêd kawuningan dening para sarjana ingkangpaningaling badanipun pikiran sampun diwasa, manawi kita anggagas satunggaling tiyanglajêng gumana gambaring tiyang wau, manawi panggagas kita dhatêng tiyang wau amunglugu anggagas, [angga...]

--- 2 : 49 ---

[...gas,] botên sinartan raos trêsna utawi gêthing botên katuwuhan pêpinginan, liripunbotên gadhah kêpengin sumêja aningali tiyang wau, gagasan ingkang makatên wau botênandayani punapa-punapa dhatêng tiyang ingkang ginagas, ananging manawi panggagasdhatêng satunggaling tiyang sinartan trênyuhing manah upaminipun sih, punika kajawianjalari wujuding gambaring tiyang ingkang ginagas, watak sih wau lajêng gumana dadossatunggaling sipat utawi wujud ingkang dumados saking jasating badan pikiranipuningkang anggagas, sarèhning panggagas wau mawa raosing manah (aandoening) mila lajêngkawawa anarik jasating badan astralipun, lajêng dados wujud gumana badan astralpikiran, ing mangke wujud wau lajêng mêsat mêdal saking padununganipun (saking tiyangingkang anggagas) anglayang tumuju dhatêng ingkang dipun sihi, manawi dayakakiyataning ciptanipun rosa, sanadyan sapintên têbihipun sampun tamtu dumugi. Nangingsarèhning ciptaning tiyang limrah punika kirang rosa sarta ngambyang-ambyang, milaingkang limrah inggih cupêt lajêng sirna wontên ing margi.

Manawi gananing cipta wau sagêd dumugi tanpa sangsaya, ing ngriku lajêng manjingdhatêng badan pikiranipun tiyang ingkang tinuju, sarta amindhah gêtêripun dhatêngbadan-badan wau, têgêsipun manawi raosing manah sih tinujokakên dhatêng satunggilingtiyang, ing ngriku kakiyataning raos sarta jasating tiyang ingkang angintunakên ciptawau pindhah dhatêng tiyang ingkang tinuju, lajêng dados wijining sihipun tiyangingkang tampi

--- 2 : 50 ---

sarta gadhah daya, saya dangu saya wimbuh agêng sihipun dhatêng tiyang ingkangngintuni sih, daya ingkang sagêd anjalari wimbuhing sih wau botên amung andayanidhatêng ingkang nampi sih kemawon, ananging ugi andayani sakalih-kalihipun wêkasansami sih-sinisihan.[36]

Satunggal-tunggaling pamikir (cipta) punika gadhah daya kakiyatan amangun satunggalingkawujudan, manawi pamikir wau tumuju dhatêng satunggaling tiyang, gananing cipta wauanglayang tumuju dhatêng tiyang ingkang tinuju, ananging manawi pikir wau tumrapkaperluaning badanipun piyambak, badhe botên kesah amung anglayang wontên ing sakiwa-têngênipun ingkang gadhah pikir, dene pikir sanès-sanèsipun ingkang botên kadosingkang sampun kasêbut nginggil, lajêng angambara sawatawis dangunipun wêkasan lajêngsirna ing ngawang-awang.

Page 63: Ajaran Teosofi

Sadaya tiyang punika ing sapurug-purug têmtu anilar gananing cipta ingkang anglayanging awang-awang, amila manawi kita kêkesahan dhatêng ing pundi kemawon, bêbasanangambah sagantên pikiring liyan, manawi pikir kita pinuju botên makarti sakêdhapnetra kemawon, ing ngriku lajêng kalêbêtan pikiring liyan ingkang anglayang ingsakiwa-têngên kita, limrahipun pikiring liyan wau sakêdhik dayanipun, ananging ingantawising pikiring liyan wau ugi wontên ingkang agêng dayanipun, tumrap pikir kitasagêd anênangi pikiran ingkang makatên wau kita alap lajêng dados satunggal kalihanpikir kita, têmahan amimbuhi santosa lajêng kita kintunakên ing liyan (kangge

--- 2 : 51 ---

andayani tiyang sanès) sarèhning pikir ingkang makatên wau sajatosipun sanès pikirkita piyambak, ananging pikir ingkang ngambara wontên ing kiwa-têngên kita, mila kitabotên kajibah anyanggi uwoh utawi kadadosaning pakartinipun, amung kemawon wontênipunpikir ingkang ngambara sagêd dados satunggal kalihan pikir kita punika jalaran tunggillaras, dados kita kapêksa kêdah kajibah anyanggi uwohing pakartinipun, amargisadèrèngipun kita sampun adhêdhasar pikir ingkang watakipun sami kalihan pikir ingkanganglêbêti.

Sadaya pikiran ingkang rujuk utawi laras kalihan badanipun piyambak, punika botênkesah-kesah tansah amung akalangan wontên ing kiwa-têngêning piyambakipun, sarèhningtiyang limrah pikiranipun makatên, dados kenging katêmbungakên mèh sadaya tiyangkinêmulan ing pikir kados ingkang kajarwa ing nginggil, pikir ingkang makatên punikaanutupi utawi amêtêngi netraning budi (ilhami) wêkasan anuwuhakên gagasan ingkangbotên prayogi.

Sadaya gananing cipta punika kados batêrèi ingkang isi daya kakiyataningèlèktrisitèit, pambalêdhosipun amung angêntosi sabab utawi tatêdhan ingkang dayanipunsagêd angêdalakên kakiyatan wau, gananing cipta punika tansah angudi murih gêtêripunsagêt pindhah dhatêng badan pikiran ingkang kinajêngakên, sarta sumêdya angebahakênbadan wau supados anggêtêr kados gêtêripun, [gêtêr...]

--- 2 : 52 ---

[...ipun,] mila manawi tiyang ingkang tinuju wau pinuju amikir satunggaling pikiran,sampun tamtu botên sagêd kalêbêtan daya saking jawi, amargi badanipun pikiran sawêganggêtêr tumrap satunggaling kawontênan, amila gananing cipta lajêng kalangan ngêntosiwontên ing sasêlanipun ngantos badan pikiran wau kèndêl panggêtêripun (ngantos rampunganggèning mikir satunggaling pikiran) manawi sampun sêla gêtêring gananing ciptalajêng anglêbêti wêkasan sagêd kasêmbadan sêdyanipun, inggih punika badan pikiransagêd anggêtêr kados gêtêripun.

Makatên ugi mênggah kawontênanipun pamikir ingkang tumuju dhatêng badanipun piyambak,tamtu badhe angengingi badanipun piyambak, sadèrèngipun dumugi môngsakala ingkangprayogi pikir wau tansah ubêngan ing sacêlakipun ingkang gadhah pikir, ananging manawisampun jangkêp jantunipun, botên sarônta lajêng ambalêdhos, manawi wêdaling pikir wauawon, piyambakipun gadhah panyana bilih kenging pangrêncananing setan, sayêktosipun

Page 64: Ajaran Teosofi

botên wontên setan ingkang angrêridhu, ananging pikiripun piyambak ingkang dadossetan.

Kados ingkang sampun kajarwa ing ngingil, sabên tiyang amikir samukawis sampun tamtuingkang pinikir wau gumana, ananging manawi ing kiwa têngênipun sampun wontên gananingcipta ingkang laras kalihan pamikir enggal wau, botên sagêd gumana ananging lajêngdados satunggal kalihan [kali...]

--- 2 : 53 ---

[...han] gananing cipta ingkang wontên ing jawi, dados anyêmbuh kakiyatanipun, manawitiyang mikir satunggaling prakawis ingkang ngantos sêru, punika sagêd amujudakêngananing cipta ingkang sakalangkung rosa dayanipun, manawi pikir wau awon, têmtu awonsangêt dayanipun, ngantos atêtaunan lamining kakiyatanipun, sarta rupinipun botênsiwah kados wujud ingkang gêsang.

Ingkang kacariyosakên ing nginggil wau sadaya pikiring manungsa ingkang tuwuhipunbotên katêmaha. Dene satunggaling margi ingkang kêdah tinurud dening para ingkangamangun rahayuning manungsa, punika kêdah amangun gananing cipta ingkang raosipunsumêja amitulungi, sarta kakintun dhatêng satunggiling tiyang. Satunggiling pikiraningkang mawa nalar rosa sarta têtêp, manawi tinujokakên ing liyan tumrap piyambakipundados pitulungan agêng, amargi gananing cipta ingkang rosa punika sagêd dados dewapangayoman (malak mukalak) sarta sagêd andayani sumingkir saking manah rêgêd brangasantuwin ajrihan.

Kajawi punika, prêlu kita kêdah sinau anyumêrêpi sarupining warni tuwin wêwangunaningkang dumados saking gananing cipta, awit satunggal-tunggaling warni wau sagêdanêdahakên dhatêng satunggal-tunggaling watak ingkang kados ingkang sampun kajarwa ingnginggil, amargi warni wau katingal wontên ing badan, wêwangunan punika tanpa wicalankathahipun, ananging ingkang kathah minôngka dados panitikan dhasaring cipta.

--- 2 : 54 ---

Satunggal-tunggaling pikir ingkang watakipun maligi satunggal kados ta: pikir sihutawi gêthing, bêkti utawi sumêlang, napsu utawi ajrih, anggêp utawi drêngki punikabotên angêmungakên anuwuhakên wêwangunan kemawon, ananging sagêd angintunakên gêtêr.

Sampun têtela bilih warni punika anêdahakên dhatêng kawontênaning pikir, sartaamracihnani bilih pikir punika anggêtêri ing dalêm saperangan saking badan pikiran,gêtêr wau anêmpuh jasating alam pikiran ing sakiwa-têngênipun, botên beda kadosalunipun suwantêning gêntha anêmpuh hawa ing sakiwa-tênganipun.

Gêtêr ingka[37] kajarwa ing nginggil punika sumêbar dhatêng ing pundi-pundi, manawigathuk kalihan badan pikiran ingkang sagêd anampèni ingkang nunggil laras, lajêngpindhah dhatêng ing badan ingkang sawêg pinanggih. Gêtêr ingkang makatên punika botênkados watakipun raganing cipta sagêd amindhah pikir ingkang tinamtu, dene watakipungêtêr wau namung anênangi cipta ingkang nunggil bôngsa (nunggil laras) upaminipunmakatên, gêtêr ingkang tuwuhipun saking cipta bakti, badhe anggigah watak tak bakti

Page 65: Ajaran Teosofi

ananging kawontênaning bakti tumrap satunggal-tunggaling tiyang ingkang badanpikiranipun kagêpok ing gêtêr wau botên sami,[38] punapa malih gananing cipta sagêdandayani dhatêng tiyang ingkang tinuju, sarta botên angêmungakên sagêd amindhah raosbakti dhatêng tiyang [ti...]

--- 2 : 55 ---

[...yang] wau kemawon, ananging ugi kawujudan ingkang dados jalaraning raos bakti.

Tiyang ingkang kaèbêkan cipta sukci sarta santosa, têtela amakartèkakên badanipunpikiran ingkang perangan inggil, ananging limrahipun tiyang botên nêdya amakartèkakênbadan wau, mila badanipun pikiran perangan nginggil botên sagêd diwasa, dene tiyangingkang ciptanipun sukci sarta santosa, punika agêng sangêt pigunanipun tumrap ingdonya, amargi sagêd anênangi ciptanipun têtiyang sakiwa-têngênipun, awit gêtêripunanjalari badanipun pikiran perangan nginggil amakarti. Sarèhning sadangunipun ingkangamakarti amung badanipun pikiran perangan ngandhap, manawi sapunika badanipun pikiranperangan nginggil amakarti, saèstunipun badhe sagêd ambuka sawangan inggal, mênggahcipta ingkang anjalari rahayunipun tiyang ingkang kinintunakên dening sujanma ingkangkaèbêkan ciptanipun rahayu wau botên kêdah tunggil warni, sanadyan sanès warni, ugêrtunggil laras saèstu sami kemawon dayanipun.

Satunggaling tiyang ingkang amindêng utawi bakti dhatêng teyosopi, punika botên mêsthidayanipun anjalari tiyang sanès sêngsêm dhatêng teyosopi, ananging sagêd anggigahmanahipun tiyang wau kasinungan cipta kamardikan tuwin cipta ingkang langkung luhurtinimbang padatan, gananing cipta ingkang dumados kados kasêbut ing nginggil kirangwiyar têbanipun, botên kados ingkang kinintunakên, amung sagêd andayani dhatêng

--- 2 : 56 ---

tiyang ingkang manahipun sampun kadhêdhêran wiji kasucian, awit saking kawimbuhan dayawêkasan tiyang wau binuka manahipun kasinungan cipta kasucian.

Tumraping badan astral ugi gadhah warni rupi-rupi, têgêsipun satunggal-tunggalingwarni punika sami kemawon kalihan warnining badan pikiran, amung kaot tataranipunlangkung andhap, sarta warninipun mèh sami kalihan satunggal-tunggaling warni ingkanggumêlar ing dunya, badan astral wau tumpakaning hawa napsu saha raosing manah, amilasagêd amujudakên warni langkung kathah tinimbang warni ingkang winujudakên deningbadan pikiran, kados ta: warni ingkang dumadosipun saking raosing manah ingkang kirangprayogi, punika salamènipun botên sagêd maujud ing dalêm alam sanginggilipun, kadosta: warni kadi abriting jambe ananging sêmu kucêm, punika saking karêm utawi sêngsêm,warni cêmêng kadi mêndhung, punika kadadosanipun saking manah awon sarta kagêthingan,warni kadi timah cêmêng, tuwuhipun saking ajrihan, warni klawu sêpuh angubêngiwêwangunan kados tigan, minôngka pratandhaning saksêrik (mêsgul) dene ingkang minôngkadados pratandhaning brangasan punika warni abrit sêmu kucêm, pating dalêmok dumununging badan pêpinginan, sabên muring sapisan amujudakên dalêmok satunggal, manah kêmèrènmahanani ijêm sêmu abrit apating dalêmok kados kasêbut nginggil, mênggah wangun sartaagênging badan astral punika sami kalihan [ka...]

Page 66: Ajaran Teosofi

--- 2 : 57 ---

[...lihan] badan pikiran saha badan jalaran, badan astralipun tiyang limrah sampuncêtha kubêngipun, utawi wujudipun, ananging badan astraling tiyang wanan wangunipundèrèng cêtha mèmpêr kados mega ingkang lumampah, sarta kaèbêkan sakathahing warniawon.

Manawi badan astral radi têntrêm (nanging sajatosipun badan wau botên sagê[39] têntrêmyêktos) ing dalêm badan wau katingal warni rupi-rupi ingkang minôngka dados têngêrosiking manah, manawi kita kapinujon katuwuhan raos amanah dhatêng satunggaling nalar,badan astral ing wêkdal punika winisesa dening lampahing gêtêring raosing manah wau,têgêsipun ing wêkdal punika badan astral wau kaêrèh saha kapurba dening manah wau,manawi kita pinuju tapakur kaèbêkan raos bakti, badanipun astral warninipun biru,manawi raos makatên punika ajêg, sakathahing warni limrah amung sagêd angewahi warnibiru sawatawis, tuwin katingal kados katutup dening ampak-ampak biru, kados dayaningwarni wau botên sagêd ngêsuk, amung kimawon, manawi raos bakti punika radi sudakakiyatanipun, ing ngriku warni limrah lajêng cêtha warninipun, ananging kabêktasaking raos bakti ingkang warninipun biru wau saperangan saking badan astral lajêngtambah agêng birunipun, amila tumrap badan astralipun tiyang ingkang angêgungakênbakti saya wêwah agêng birunipun.

Manawi tiyang katuwuhan manah bakti, limrahipun ugi katuwuhan cipta bakti, sanadyancipta punika aslinipun saking badan pikiran [pikira...]

--- 2 : 58 ---

[...n] ewadene kabêkta saking raosipun sami, mila ugi angirup jasating badan astral,dados sakalih-kalihipun (manah bakti kalihan cipta bakti) sami amakarti ing ngalamkêkalih, amila tiyang ingkang bakti wau amangun pusêring kabaktèn, piyambakipun sagêdamindhah pikiran sarta raosing manah dhatêng tiyang sanès, botên beda mênggahkawontênanipun manah sih muring sarta sêrik, kenging kapindhah dhatêng tiyang sanès.

Tumrap ombakipun raosing manah sayêktosipun botên sapintêna dayanipun tumrap badanpikiran, sanadyan piyambakipun ing wêkdal punika sagêd angêndhih panguwaosing badanpikiran tumrap ing utêk jasmani, ingkang makatên wau sababipun botên jalaran sakingbadan pikiran kenging daya, nanging ing wêkdal punika badan astral ingkang sawêk dadoskrêtêg ing antawising badan pikiran kalihan utêk jasmani, winisesa dening gêtêripunpangraosing manah (ombakipun raosing manah) mila botên kenging linangkungan gêtêringbadan pikiran ingkang badhe dhatêng utêk, kajawi gêtêr ingkang tunggil jinis kalihangêtêr ingkang sawêg amurba badan astral.

Sakathahing warni-warnining badan astral ingkang têtêp sagêd angebahakên badan pikiran(anjalari ebahing badan pikiran) inggih punika kawawa angwontênakên warni ing dalêmbadan pikiran ingkang sami kados warnining badan astral, kaotipun amung tundha-tundhaning tataran langkung inggil botên beda kados larasing gôngsa, badan pikiran[pi...]

--- 2 : 59 ---

Page 67: Ajaran Teosofi

[...kiran] ugi gadhah daya sagêd angebahakên badan jalaran, amila sadaya watak saeingkang lair ing dalêm badan ingkang asor, dangu-dangu lajêng dados bandhanipunmanungsa sajati ingkang têtêp, kosok wangsulipun tuwuhing watak awon botên sagêdanjalari kasugihaning manungsa sajati, amargi gêtêring watak awon botên sagêd amakartiing dalêm jasat ingkang dados badan jalaran.

Ingkang kajarwa ing ngajêng punika sakathahing badan-badaning manungsa sajati ingkangminôngka dados pirantos kangge anyatakakên sariranipun ing dalêm satunggal-tunggalingalam, badan-badan wau yasanipun manungsa sajati piyambak, ananging wontên ing dunyamanungsa gadhah badan malih ingkang pinangkanipun saking kodrat utawi kawasan (sakingnatuur) bab punika ing wingking badhe katêrangakên, sanadyan badan jasmani punikakenging kaanggêp warana ingkang minôngka kangge anyatakakên sariranipun, anangingsajatosipun sanès warananipun sajati, ing dalêm gêsang padintênan (ing ngalam dunya),tapêl adêging badan jasmani amung saperangan alit ingkang katingal, inggih punikaamung jasat atos kalihan jasat cuwèr, ing môngka cacahipun adêging badan jasmanisadaya wontên pitu, sarta sadaya wau sami gadhah kuwajiban ingkang tumindak ing dalêmgêsangipun sarta agêng paedahipun.

Dene peranganing badan jasmani ingkang botên kasatmata ing netra punika ètêrissêdhêbêl (badan robani) mila kawastanan dhêkêl [dhêkê...]

--- 2 : 60 ---

[...l] (kêmbar) amargi rupinipun nyamlêng badan jasmani, sarta dumados saking ètêr,inggih punika jasad ingkang langkung alus, ingkang gêtêripun sagêd amindhah pêpajardhatêng kêndhanganing mripat kita (netvlies )[40] ètêris sêdhêbêl inggih badan jasmaniingkang botên kasatmata punika agêng sangêt pigunanipun tumraping badan wadhag,jalaran punika pirantos ingkang minôngka dados talanging daya gêsang (prana,vitaliteit) anggèning anggêsangi badan wadhag, sarta ètêris sêdhêbêl wau dados karêtêgingkang linangkungan dening gêtêring pamikir sarta gêtêring pangraos saking jasatingpêpinginan dhatêng jasat wadhag, saupami botên wontên, ètêris sêdhêbêl saèstu manusasajati botên sagêd angsal piguna punapa-punapa saking utêg (saking hersencellen).

Supados badan jasmani punika sagêd gêsang kêdah katêdhanan tigang prakawis, 1.tatêdhan, 2. hawa piguna kangge napas, 3. prana (vitaliteit) murih badan wau sagêdgêsang, mênggah sajatosipun prana punika satunggaling panguwaos (kodrat) anangingmanawi amakarti ing dalêm jasat lajêng dados anasir (grondbestanddeel) ing ngriki kulabadhe anêrangakên mênggah kawontênaning prana anggèning amakarti ing dalêm jasatjasmani ingkang perangan nginggil, prana punika mili dhatêng sagunging otot bayu(zenueven) botên beda kados kawontênanipun êrah mili urut otot êrah, manawi lampahingêrah botên sagêd lêstantun samêsthinipun, têmtu badan nandhang

--- 2 : 61 ---

roga, makatên ugi botên beda mênggah kawontênanipun badan jasmani perangan alus manawiprana botên ajêg.

Page 68: Ajaran Teosofi

Prana (vitaliteit) punika satunggaling kakiyatan saking surya, manawi ur atumingjasmani kalêbêtana prana lajêng kawawa narik atum nênêm jinis ingkang dadoskancuhanipun, ur atuming jasmani têmahan kêmpal dados satunggal lajêng dados anasirètêr (etherich element). Daya kakiyatan ingkang taksih wêtah pinerang dados pitu,satunggal-tunggaling atum sami mêndhêt saperangan saking kakiyatan ingkang asli waulajêng dados anasir, salajêngipun anasir wau lajêng tinampi dening badaning manusa ingdalêm limpa ingkang perangan ètêr, saking ing ngriku lajêng pêjah[41] sartamêling[42] dhatêng sagunging peranganing badan, limpa punika panunggilanipun pusêringkakiyatan pitu ing dalêm badan ètêring jasmani.

Ing satunggal-tunggaling badan kita wontên pitung pusêring kakiyatan, punika sagêdpinariksa dening para sidik paningalipun, mênggah wujudipun pusêring kakiyatan waukadi ulêkan, ing ngriku minôngka panggenan ilinipun panguwasa luhur dhatêng badanjasmani, mênggah panggenaning pusêripun kakiyatan ing dalêm badan jasmani kados ingngandhap punika:

1. ing ula-ula kapering ngandhap, 2. ing pusêr, 3. ing limpa, 4. sanginggilingjantung, 5. ing dalêm gorokan, 6. ing têngahing alis, 7. ing êmbun-êmbunan.

--- 2 : 62 ---

Miturut papriksanipun para ingkang waskitha ing gaib, mênggah wujudipun badan-badaningkang langkung luhur (langkung alus) punika kados tigan, ing dalêm wêwangunaningkang kados tigan jasat-jasat ingkang dados têtapêling badan wau botên pinerang,sami kathah utawi bobotipun, badan jasmani punika dumunung ing têngahing tigan, sartaagêng sangêt daya panggèndèngipun tumrap jasat astral makatên ugi jasat astral dayapanggèndèngipun rosa tumrap jasat mental, amila ingkang kathah jasat astral samiangalêmpak ing dalêm badan jasmani, botên beda mênggah kawontênanipun jasat mentalingkang kathah ugi sami ngalêmpak ing dalêm badan astral, manawi kita andulu badanastral ingkang dumunung ing alamipun piyambak, dados pisah kalihan badan jasmani, ingngriku katingal bilih jasat astral dhinapuk miturut dhapuring badan jasmani, anangingsarèhning jasat astral radi kirang kêkêtipun manawi katandhing kalihan jasat wadhag,mila ing ngriku katingal satunggaling badan ingkang dumados saking ampak-ampak ingkangkandêl, dumunung ing têngahing ampak-ampak tipis ingkang wangunipun kados tigan,mênggah wujudipun badan pikiran botên beda ugi kados makatên, dados manawi kitapinanggih têpangan wontên ing alam astral sarta alam mental, saèstu kita botên kasupènbotên beda kados wontên ing alam donya.

Ingkang kajarwa ing ngajêng punika ingkang winastan dhêdhapukan adêging manungsa,sajatosipun manungsa punika monadhê (sirolah) inggih latu [la...]

--- 2 : 63 ---

[...tu] palêtiking Gusti, dene manungsa sajati (ego) punika gêlaran (Openbaring)saperangan saking monadhê, mênggah pêrlunipun amujudakên, ego punika supados ngupayakamajêngan, wêkasan ing têmbe wangsul malih dhatêng monadhê sarwi ambêkta angsal-angsal kasucian tuwin kawruh ingkang pinanggihipun sabab saking pangudi, sarèhningdèrèng dumugi titimasa ego ugi angintunakên saperangan saking sariranipun dhatêng ing

Page 69: Ajaran Teosofi

donya, supados angupaya kasucian tuwin kawruh, saperangan saking sariranipun punikawinastan tiyang, cara latinipun pêrsona utawi topèng (warana) dados tiyang punikawarananipun, ego kalanipun anjajah ing alam donya, mênggah ego punika amung saperanganalit saking monadhê, sarta tiyang punika ugi perangan ego dados ingkang tinêmbungakêntiyang punika saperangan saking peranganipun monadhê (sirolah).

Badanipun manungsa (tiyang) punika wontên tiga, inggih punika 1. badan pikiran(mental) 2. badan papenginan (astral) 3. badan wadhag, sadangunipun manungsa gêsangwontên ing donya sarta pangraosipun gêsang wontên ing alam wadhag winatêsan deningbadanipun wadhag, dene badanipun pikiran tuwin badan pêpenginan amung dados karêtêgmanawi badhe asêsambêtan kalihan badanipun ingkang wadhag, mênggah wujuding watêsanutawi pêpalanging badanipun wadhag, [wa...]

--- 2 : 64 ---

[...dhag,] inggih punika badanipun wadhag gadhah raos luwe sarta bêtah tilêm, ingwanci dalu badanipun wadhag tinilar dening manungsa supados sagêd tilêm, sadangunipunbadanipun jasmani tilêm manungsa lajêng ngange badanipun astral ingkang watakipunbotên gadhah kêsêl botên bêtah tilêm, sarta alêlana ngambah alam astral, sapintêntêbih utawi bablasipun anggèning ngangge badan astral punika amung gumantung ingkamajênganipun, tiyang wanan ingkang taksih asor darajatipun, sagêdipun nilarbadanipun jasmani ingkang sawêg tilêm amung têbih-têbihipun satunggal utawi kalih mil,sarta gêsanging pangraosipun ing dalêm alam astral amung lamat-lamat, ananging tiyangingkang sampun gadhah kawruh sagêd alêlana ing dalêm alam astral dhatêng ing pundi-pundi sarta sagêd gêsang pangraosipun wontên ing alam ngriku, sanadyan kalanipun tangibotên kèngêtan tumrap lêlampahan nalikanipun tilêm, kalamôngsa sagêd kèngêtanlêlampahan ingkang pinanggih ing alam astral (kalanipun tilêm) kawontênan ingkangmakatên wau kita wastani impèn ingkang cêtha, ingkang limrah èngêtipun sinêsêlandening èngêtan kalanipun mêlèk, sarta ebah utawi sabab saking jawi ingkang tinampidening utêg bageyan ètêr, awit sangking punika amila anjalari supênan ingkangngayawara, ananging tumrapipun tiyang ingkang sampun diwasa botên makatên, sadayapakartinipun wontên ing alam kaalusan sagêd èngêt mawentehan kados manawi makartiwontên ing donya nalikanipun mêlèk,

--- 2 : 65 ---

manawi sampun makatên kawontênanipun, punika têtêp langgêng èngêtipun, mêlèk èngêt,tilêm ugi èngêt, sarta sagêd gêsang pangraosipun ing dalêm 24 jam, dados têmbungipunbotên nate tilêm.

1. Sidyanho (dan di tempat lain). (kembali)

2. § pratelaning Gusti (tôndha yêktinipun bilih Gusti Allah wontên). (kembali)

3. § Kur'an Surat Nisak jus 5. "Walahu Muchitum bikuli saiin ngilman wa kudratan(tafsir)" ... Wontênipun Gusti Allah punika anglimputi ing sadaya sabên-sabên ingkawujudan agal alus, asarana ngèlmunipun lan kuwasanipun. (kembali)

Page 70: Ajaran Teosofi

4. § 1e. 7 atumipun alam ôngka 1, x7 = 49 atumipun alam ôngka 2, 2e. x49 = 2401atumipun alam ôngka 3, 3e. x49 = 117649 atumipun alam ôngka 4, 4e. x49 = 5765001atumipun alam ôngka 5, 5e. x49 = 282485049 atumipun alam ôngka 6, 6e. x49 =13841767401 atumipun alam ô. (kembali)

5. dumadosipun. (kembali)

6. dunungi. (kembali)

7. dados. (kembali)

8. cêtha. (kembali)

9. § Kitab Makripat jilid I. (kembali)

10. § Alam Akadiyat (dating atma). (kembali)

11. anupadhaka. (kembali)

12. § Alam Mahdat (sipating atma). (kembali)

13. § Alam Wakidiyat (asmaning atma). (kembali)

14. § Alam Arwah (abngaling atma). (kembali)

15. § Misal, alaming angên-angên (êmbananing atma). (kembali)

16. § Ajêsan, alaming akal (wiwaraning atma). (kembali)

17. § Insan kamil, alaming sipat (têrsandhaning atma). (kembali)

18. sêtop. (kembali)

19. anasir. (kembali)

20. (4). (kembali)

21. ultraviolet. (kembali)

22. § Urut-urutan utawi pitung pangkat, I. Martabat malaekat luhur (para têtunggulingjawata) elementalen, II. Martabat malaekat limrah (para jawata) elementalen, III.Martabat roh, rupa dewata, elementalen, IV. Martabat makdani (pêpêlikan), V.Martabat nabat. (kembali)

Page 71: Ajaran Teosofi

23. asasana. (kembali)

24. § Bagawatgita Bab 16 wiraosan ping 13 Dad iku manggone sajroning kahanan, orapinerang, nanging kaya pinerang. (geheime leer kaca 114 "het verschilt niet in aard,maar alleen in graad!! Voordracht njonjah A. Besant kaca 19 "Hel zaad geworpen vanden Leven. (kembali)

25. malembang. (kembali)

26. § Ananging botên kados palêtiking latu, amargi botên pisah. (kembali)

27. alam. (kembali)

28. arwah. (kembali)

29. amung. (kembali)

30. sakêlangkung. (kembali)

31. satunggal-tunggaling. (kembali)

32. rupi. (kembali)

33. § cipta utami utawi cipta rahayu, sih tuwin bakti. (kembali)

34. mental. (kembali)

35. makarti. (kembali)

36. sih-sinihan. (kembali)

37. ingkang. (kembali)

38. § upaminipun gêtêring cipta bakti ing Gusti, sagêd anênangi dhatêng pikiranipuntiyang sanès bakti dhatêng lurah, utawi bakti dhatêng tiyang sêpuh sapanunggilanipunbangsaning bakti. (kembali)

39. sagêd. (kembali)

40. § kulit ingkang nglêbêtipun wontên rajuting otot bayuning paningal dumunung ingdalêm mripat. (kembali)

41. pêcah. (kembali)

Page 72: Ajaran Teosofi

42. mili. (kembali)