www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Libray 1 www.alangalangkumitir.wordpress.com WEWARAHING KYAI RASAJATI P U R W A K A Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan. Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara. Mugi wonten pigunanipun. Kaanggit ing Jakarta Pungkasaning taun 1995 Rasajati M I J I L 1. Mijil saking jro telenging kalbi Rasajati ingong Nilar rupeking buwana ramé Miyak rudatin lebeting batin Wineca king gaib Ngudhar wangsityèku 2. Hangga aking nilingken Hyang Widi Krasa lamun bodho Jibeg bebeg ati kang mangkéné Nanging paksa mèt kapti kang hening Murih waged nampi Lumunturing wahyu 3. Rasajati ngulir sagung budi Datan kena mopo Pan manungsa pinasti ing tembé Lamun datan luwèh ing pamisik Wedharing pangerti Gumragèh ginayuh 4. Kayektèn ginelar Rasajati Tan samar ing batos Lumintir kadi tumètèsing wé Paring wuruk mring kang ngorong nampi Kadya kang jinarwi Dhandhanggendhis nèku
44
Embed
WEWARAHING KYAI RASAJATI - alangalangkumitir · Dadi tepa tuladha Ing salampahipun ... Mbabar nalar kanggo njarwani ... Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan. Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara. Mugi wonten pigunanipun. Kaanggit ing Jakarta Pungkasaning taun 1995
2. Hangga aking nilingken Hyang Widi Krasa lamun bodho Jibeg bebeg ati kang mangkéné Nanging paksa mèt kapti kang hening Murih waged nampi Lumunturing wahyu
3. Rasajati ngulir sagung budi Datan kena mopo Pan manungsa pinasti ing tembé Lamun datan luwèh ing pamisik Wedharing pangerti Gumragèh ginayuh
4. Kayektèn ginelar Rasajati Tan samar ing batos Lumintir kadi tumètèsing wé Paring wuruk mring kang ngorong nampi Kadya kang jinarwi Dhandhanggendhis nèku
Yèn datan wruh sapuluh prakara Nistha kuciwa dadiné Dhihin karem ing ngèlmu Kaping kalih bisa njinarwi Ping tiga bisa maca Mring lampahing kayun Catur tanggap maring rasa Panca laku kang aris lawan patitis Sat sarèh lan samadya
6. Sapta tuhu uning mangénjali Astha brata tarak durlaksana Tebih saking lampah séjé Dé kaping nawanipun Olah suksma bekti mring Gusti Asih maring sasama Kamot jroning kalbu Dasa pasrah myang sumarah Pepesthèné ingkang pinanci Hyang Widhi Patitis ing kamuksan
7. Mangkya kiyé babaring pamardi Kang jinarwa nut gaduking nala Ngèsthi ana pigunané Karem ngèlmu puniku Ibaraté sangsam kang salit Ngupaya toya gesang Datan kendhatipun Dyan kudu minggaha arda Tumuruna mring jurang paparang curi Tetep dipun upaya
8. Ngèlmu iku ngemot rong prakawis Datan kena pinisah-pisaha Saking siji lan sijiné Pratama nami ilmu Kanthi jarwa sarwi pangerti Mring sagung kasunyatan Sempuluring umur Minangka sanguning lana Lelananing wong urip ing alam mangkin Ywa nganti tan jinangka
9. Nadyan akèh wong mastani pingging Kanthi ilmu èsem kang katartya Nora gampang kabrangasé Dé darbya sangu cukup Kanggé olah lakuning dhiri Isarating agesang Datan badhé wurung
Pan ginayuh samangsanya Dèn butuhken nora bakal nguciwani Temah ayem ing driya
10. Boten namung kasunyatan èlmi Nanging nenggih wruh jatining sila Trapsilaning titah dhaté Ngerti tataning laku Lelakoné kang sarwi perti Permati datan gampang Kapéncut ing semu Giri-godha mawa wisa Wisunané wasana ambabar tuni Keduwung nora guna
11. Yekti sanggya tumitah sadyèki Pinaringan warah kang utama Endi bener lan luputé Ing salebeting kalbu Temah bisa sinaring sami Tan meleng mring kang ala Miling myang kang luhur Leluhuring bebudènnya Dèn leluri temahan manggih basuki Ngerti nering Hyang Suksma
12. Bebener kang sirik tindak juti Hyang Ma Agung wus amaringana Ya ing lathinira kiyé Tan cukup mung ingemut Nanging swawi dèn udanèni Supaya tinuturna Mring kang tindak luput Ywa ajrih sung pariwara Wiwarané bebener wiwit ing nguni Nulad maring Hyang Suksma
13. Kawruh mungguh bab bebener ugi Rinaketken jroning angganira Supaya glis kalairé Mung muni nora cukup Lamun datan bisa nglampahi Ywa kongsi kadya ditya Tan wruh rasa saru Surasané sarak rasa Datan nganggo rinasa-rasa kaèsthi Pan dadi kadhodhoran
14. Pan lakunira sadarum iki Hyang Suksma mesthi datan kèweran Ana ing ngendi jluntrungé
Kang iku sembah kalbu Nenalesi kèhing semèdi Wutuhing pancadriya Geleng gilig sèstu Mung meleng lenging Hanindha Sagung karya pinisungsung mring Hyang Widi Mrih mulyaning asmaNya
15. Kapindhoné kang winastan ngèlmi Iku nyakep trap ing lakunira Tan mandheg ing pangertosé Kanthi ilmu karuhun Jalma kudu bisa métani Endi laku kang nistha Miwah kang tan patut Siningkirana sadaya Kang piniji prakara kang bener kaki Trep traping rèh sampurna
16. Lamun sira, wruh jatining hagni Awewatak panas lir baskara Iya mangkono wujudé Yèn dèn gunakken cukup Kagunané pan munpangati Lamun kaladuk ndadra Mrabawani layu Ya mangkono ilmunira Ingecakna jumbuh klawan butuhrèki Empan papan samadya
17. Ngèlmu bener pepindhané rukmi Yèn binesot ngungkuli salaka Saya katon prabawané Déné cak-cakanipun Sineksènan sagung sujalmi Dadi tepa tuladha Ing salampahipun Dyan tan golèk pangastawa Prastawané sumunar-sunar madhangi Tumus harjaning janma
18. Ilmu uga nyakup kang puniki Uninga sangkan-paraning jalma Tan liya mung Pangérané Kang iku mung mituhu Sembah raga suksma myang ati Kanthi srah lan sumarah Sembah sujudipun Datan nyingkur pangwasa-Nya Kanthi setya ngabekti kang Maha Suci Kang ngruwat dosanira
Tresna-asih gung sapadha-padha Tan mbédakaken jejeré Dyan janma sudra pilu Ingaosan jatining dhiri Ywa tiningalan ina Kawontenanipun Awit ing ngarsèng Hyang Murba Sagung titah kalenggahanira sami Minangka citraning Hyang
20. Lamun sira nggatosken kang alit Akekucah tetulung myang welas Teges bekti mring Gustiné Wit Pangéran Ma Agung Ngéjawantah manuswa tuni Marepegi andika nDadar bektinipun Ingkang lulus tresnanira Pinaringan wewengan kaswargan jati Pan uripé tan siya
21. Ngèlmu sangkan paraning dumadi Cihnanira wruhanta kang tata Nembah budi lan batiné Tan tambuh kang tinuju Amung Gusti Kang Murbèng Bumi Ilang sumlanging rasa Wus lebur satuhu Pepesthèné wus katata Pecat raga bali mring Kang Maha Suci Tan kena sumelanga
22. Ya mangkono udharing kang ngèlmi Dadya dilah pepadhanging rasa Rasanta nggayuh banjuré Sang Rasajati muwus Mbabar nalar kanggo njarwani Ngèlmu ingkang jinarwa Iku tegesipun Nora mung manjing pribadya Nanging uga tinular tumrap sasami Kinanthi kautaman
59. Tanggap raos jarwinèki Bisa krasa lan rumangsa Pangertos datan talompé Mring jatinira pribadya Miwah sapadha-padha Sumrambah titah sadarum Lan saisiné buwana
60. Aja sira kumawasis Dyan wus tebih lampahira Ngudi èlmi pangertiné Awit isih ana liya Kang mesthi ngungkulana Lir wiyati èmperipun Tanpa wangenan inggilnya
61. Wong umbag kang lumuh aris Tansah rumangsa yèn bisa Sabarang kardi ingembé Nging datan bisa rumangsa Mung samenir kawruhnya Sesongaran sarwi umuk Kaya-kaya mrantasana
Seserepanira kiyé Kikuk-kidhung kang linakya Nora sumbut gunemnya Wusana jugar tan rampung Wirang mungguh rinasakna
63. Wruhanta manah kang pingging
Rasa isin datan darbya Mung tembung wah pangudiné Dyan nora panggah ing karya Parandéné jumawa Tansah nggrangsang ciptanipun Ngangah-angah kadya ditya
64. Jalma kang tanpa pangerti Tan naker kabisanira Adu wani piandelé Datan tanggap maring rasa Kang wèh wruh tatarannya Nunjang-palang tindakipun Numbuk-bentus nora tata
65. Mangkya jana sarjanadi Mulat dhiri tan durgama Ninggal sagung sembranané Mulur sempulur pangrasa Rasané sanggya rasa Sinipat jejering kayun Titis tetes temah tatas
66. Rèhing rasa dèn resepi Nora samar werdining mar Marmané binabar kiyé Éndah èdi lir kartika Rinimat ing Hyang Suksma Mbabar waskithaning wiku Wikan jatining priyangga
69. Lamun tan waskithèng kalbi Rasanta gampil kagodha Kayungyun ing kasukané Temah lupa sarak tata Angger-ugering gesang Kapéncut myang kapiluyu Éndah-èdining dursila
70. Tundhoné dumugèng lalis Getun keduwung pan siya Siku dhendha pinanggihé Papa cintraka kalakya Sinandhang ing jiwangga Apan émut wus kebacut Katrucut tekaning laya
71. Begja janma kang patitis Ngrucat pepénginanira Sirik nerak sarak siré Tanggap lamun samudaya Tan langgeng ing kahana Sawatara pan wus kukut Gung kasukan sakeplasan
72. Rasa dhuhkita myang branti Aywa kalantur ginarba Sedyanta marlupèng raté Angur pinupus samadya Jasad ywa nandhang roga Tinalesan manah mulung Ing pepesthèning Bathara
73. Mulata maring sasami Sadarum titahing Indra Ingaosana jejeré Ywa nganti mawang sandhangan Kang sipat kalairan Nging dugèng jatining manu Manuswa ingkang sanyata
74. Kathah-kathahing pamanggih Pandulu sulap mring gebyar Tata lair tetalesé Ngajèni maring pepadha Nora tumus jro nala Kalenggahan bandha bandhu Kang minangka takerannya
76. Kathah ingkang datan ngèksi Jejer jatining manuswa Mung kayungyun lelamisé Sulap gebyar kang katartya Temah klèntu nalarnya Wong pengung malah ginunggung Pinuji kadya brahmana
77. Balik janma sudra kaki Asring datan pinétangna Kanggep tan makna anané Aja manèh ingaosan Dèn paèlu pan nora Pinanggya mbuwang pandulu Sungkan lamun ningalana
78. Dyan suci atinirèki Nging tan rinengga busana Kadonyan drajat pangkaté Sapa baya arsa nyapa Wah malih anilingna Mring tutur ingkang winuwus Pinusus lésus pan muspra
79. Dé kang tanggap rasajati Tan meleng mring barang makna Kasilep tata lairé Nanging nilingken pranyata Reseping pariwara Wewarah agung kalangkung Nadyan winedhar ing sudra
80. Tan mawang janmanirèki Nora nisihken sapadha Nging ngaosi pamerdiné Dyan mijil lathining ina Lamun gwah ing wewarah Tinilingaken satuhu Dadya cecalaning lana
82. Raos asih myang premati Sumrambah sagung tumitah Rinumat mrih lestariné Samukawis jro bawana Wus patitis tinata Pangwasané Hyang Ma Agung Rumeksa kanthi samekta
83. Mula hèh titahing Widi Aywa nuruti angkara Mbujung senengira kiyé Nging nglirwakaken pranata Mung mburu rèh hardanta Nilar waskithaning kalbu Supé wisiking Hyang Suksma
84. Rasajati wèh pawerti Myang sujanma kang rumangsa Butuh wruh mring kajatiné Murih tumanggap ing rasa Rasanta mèt raharja Raharjaning sanggya manu Nurutana nering rasa
85. Neping rasa kang kaèsthi Tan kabranang watak murka Nora rongèh pangrasané Anteng manekung jatmika Temah tanggap sasmita Dyan ringkih pinaring surup Mungguh werdi kang utama
86. Sarpa kresna sekul gurih
Wreksa rekta pahit wohnya Namung semanten gaduké Lamun tan tebih tebanya Ywa maoni kéwala Pupus asem tibèng laku Sinom jumangkahing lana
87. Patitising lakunira Waskithèng lampahirèki Samubarang pinikirna Tan grusa-grusu sayekti Tinimbang kang taliti Tumindak tan kumawantun Angger purun lan sagah Tan wurung wekasan tuni Mangka getun keduwung nora piguna
92. Aywa ngrèmèhken sasama Drajat semat donya arti Kabisan wah kagunannya Myang agal-alusing budi Angèl yèn dèn jajagi Sring nyolong pethèk sadarum Luhung yèn dèn anggepa Samukawis anglangkungi Luwih begja tan kecélik ing panduga
93. Watak umbag sesongaran Rumaos wasis nglangkungi Angandelken kagunannya Miwah jajaging pangerti Tan ana kang madhani Manèh lubèr bandha-bandhu Wuwuh éring pangwasa Digang adigung ing budi Solah bawa pamurih ingalembana
94. Béda prabawèng satriya Ngleluri darmaning aji Mekak dhiri olah rasa Primpen kawruh dèn simpeni Siningid rasajati Unggul tan kraos pinunjul Ywa pamèr kabisannya Andhap-asor trus ing ati Sanggya gati tan sélak dipun rampungna
95. Pribadyèng satriya tama Sirik mbujung pangastuti Datan serik dipun ina Bingah winada sesami Tan susah dèn waoni Adreng ngudi budi luhur Asih maring sesama Tan males manah kang sengit Ngrucat donya meleng maring rèh sampurna
96. Lampah aris paramarta Sarèh tumanduking sami Datan sawiyah deksura Ngrèmèhken titahing Widi Nungkulken ingkang alit
Nanging ngajèni sadarum Mimpang datan ngasorna Pikolèh tan damel tuni Dipun gega tan mawi dipun telukna
97. Lès aris rinengga basa Tan karya runtik ing kapti Raras pinireng ing karna Tumus rumesep waradin Mrak ati amranani Tinilingken wèh tyasarju Adhem trusing wardaya Nyidhem brahala pan bangkit Tumamanya karya basuki raharja
98. Kalamun dadya pangarsa Pangandikan pan jinagi Ywa gampil ngumbar kamurkan Tembung ladak dèn singkiri Tan wengis waton muni Natoni manah sadarum Andhahan jinemalan Nanem wiji nabet ati Becik lamun ririh araras nengsemna
99. Mring dasih suka tuladha Tindak-tanduk sarwi manis Titis pangangkah utama Kinèn dinadya palupi Tinulat pan mranani Nora mung kakèhan wuwus Ngegungken panguwasa Salir préntah kudu dadi Kumalungkung edir deksura daksiya
100. Pan kawula tindak lupa Ingélingken kanthi aris Bramantya dipun leremna Poma aywa ngumbar hagni Ngalad-alad ambesmi Luhung wèh reseping tutur Bebener tinuduhna Pepèngeté sinartan sih Tan akarya runtik jro tyasing pra amba
Waged mapanaken dhiri Weruh ing rèh myang pranatan Tan trunyak-trunyuk nglingsemi Nging manis amrak-ati Kinasih maring priyagung Setya dhateng bebahan Marmané dèn pitadosi Pinitaya tinresnan déning bendara
102. Tumindak kang nuju prana Tulus dènnya anglampahi Nora mung lamis kéwala Sapawingking ngiwi-iwi Batos ngrantam bilahi Ngrerancang pakaryan slingkuh Anganggit tembung dora Kala jiret kang cinawis Neniwasi kadya upasing taksaka
103. Poma sanggya pakaryanta Tinalesan niat suci Titis tetes ukaranta Trus dugèng telenging kalbi Kadereng sir kang resik Jujur tinanem sempulur Éklas lila legawa Nggresula pan dèn tebihi Wani ngampah pawekasan nemu bungah
104. Kasaénan tan pinétang Potang tumraping sesami Nging linampah kanthi bingah Inganggep kadarman jati Kang kudu dèn ugemi Pangalem nora binuru Karya saé sedyanta Sumrambah dhateng sadyèki Lenging nala tan liya mung paramarta
108. Wewarah kang kaping satnya Tumrap trap-treping lampah puniki Sarèh samadya pan kudu Dadya pandoming rasa Sumarambah olah pikir, tembung, laku Murih kasampurnanira Poma samya dipun udi
109. Lamun ngadhepi prakara Nirlupa kabidhung adrenging karsi Linimbang-limbang satuhu Pinikir ingkang prenah Tundhonipun anteng-antèr kanthi mungkul Mring panuntuné Hyang Suksma Ngéntasken sagunging karti
110. Rasa sarèh sirik serah Dhéngah karya dèn tuntas kanthi rampit Tan aglis mupus pan lampus Nging wantun mrantasana Sinartanan sabar titi tan kasusu Wijang rantasing ubaya Kapengkok tan mbalénjani
Sanggya reruweting laku Dèn dhepi kanthi bingah Nukulaken rasa sreg sajroning kalbu Dadya daya kang santosa Piguna temah ngrampungi
112. Pamikir aywa dèn peksa
Anglangkungi murwating nalarèki Kamot kinemat pan saguh Momot sagung ruhara Pangrantamé salir pakéwuh tan mingkuh Kanthi sarèh dipun sangga Ènthèng jro nalar lan budi
113. Lamun kamu ngangsa-angsa
Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani Nguntar-untar hardanipun Nanging ingkang jinangka Nora netes kang pinanggih namung lempung Kacaryan datan kaduman Wasna kuciwa hudmani
114. Nora waspadèng wisata Datan mulur agé-agé mrepegi Dhawah wisayaning satru Jiniret tanpa daya Gung prayogi manah sarèh dipun émut Wikan dhumateng wasyasat Wismaya mamrih basuki
115. Pamikir ingkang kabranang
Sring akarya pikurihaning sami Luhung pakeken kang agung Sesumber king Hyang Suksma Cinepengan kanthi kenceng jroning kalbu Nenuntun gesang pakena Nugraha mangrèh hastuti
116. Tembung sarèh dèn kekuca
Aywa kongsi nengenken waton muni Tan karya tabeting tatu Manjing tumrah gung jalma Dèn upaya ukara marganing sarju Sirna sedyaning sulaya Pan ayem tentrem piniji
117. Dyan pinitenah ing liyan Nora males sagung piawon sami Tinampi éklas tan rengu Sak serik kang akarya Pinujèkna dimèn tebih king bebendu
118. Tembung cidra siningkiran Ukaranta pepisuh dipun sirik Kang temen miwah kang burus Tumus dugèng wardaya Pangèsthinya bebener ingkang tinuju Sanggya prasida tinampa Kanthi puja pangastuti
119. Laku sarèh tan gegabah
Gegondhélan mring gegyan wasitadi Gibanta tinrap kang patut Mirid rèhing Sampurna Histanira sumingkir saking bebendu Nging karya harjaning jalma Mrabawa hayuning bumi
120. Ywa macangkrama piala Sagung laku tinebih saking tapi Sannya muhung tujèng luhur Angudi kasaénan Sabar sarèh kang lepat pinaring ampun Tinuntun mring kaleresan Raras sadarum kaèsthi
Mung kéwala samadya angresepi Rasanta aywa kaladuk Yèn bungah ngélingana Kasusahan pan asring dugi nyenyaru Mangkono menawa béla Émut gambiraning ati
123. Senenga mring samubarang
Waspadakna aywa sengsem kepati Supaya tan nganti wuru Nilarken kaprayitnan Damel lupa mring kautaman sadyèku Kapéncut nora rinasa Kalépyan ugi tan risi
124. Déné kosok-wangsulira Lamun sengit gethingnya dèn watesi Tan ngigit-igit linangkung Mrih tan niksa wardaya Pan mangsané mbutuhken tan wirang sinu Wolak-waliking gitaya Binenci pan dèn kangeni
125. Olah pikir pan samadya
Tan pineksa lwih abot dèn momoti Wèh saharsa kang satuhu Sinèlèhna yèn awrat mBaka sithik wijang-wijang dipun rampung Angkaten ingkang kuwawa Temah wèt gesang puniki
126. Andon gita kang pasaja Nora medhar kandha datanpa werdi Pinurih emating tembung Piguna pinitaya Pangastawa ingucapna ingkang cukup Tan perlu linangkungana Kanyatan ingkang dèn udi
127. Srengena ingkang marlupa
Datan nilar tata parama becik Sinuprih kang laku kliru Wangsul jatining marga Aywa nyimpen panas-branan jroning kalbu Tembung péling mung samadya Kliwatan aneniwasi
128. Déné tindak apracura Puruhita nuladha satriyadi Samadya nora kaburu Nanging tan ngénak-énak Dèn jumbuhna kalawan apa kang perlu Ngangsa datan anguntungna Tan cukat tinilar kèri
129. Tingkah-lampah sakadarnya
Tinarbuka ngaksama ingkang sisip Émut mring ringkihing manu Amung titah walaka Lamun supé waged lumaksita klèntu Dyan lepat tan kanggep lumrah Waskitha amawas dhiri
Kabisan arsa muspra Panguwasa namung sawatawis taun Tan wènten ingkang abadya Poma ywa umbag sayekti
131. Kumèrèn asoring rasa
Mélik unggul pinunjul king sadyèki Lamun nyenyalad ing kayun Kadya anelahana Sambartaka sumirat senen kekuwung Nanging sadaya tan makna Sakedhap pan musna sami
132. Langkung prayogi samadya
Lenging prana tumindak mrih basuki Lila legawa winantu Lumingsir saking hawa Lamlam nala lumuyut sagunging napsu Lembita lampah utama Linumat jroning pambudi
133. Poma pacah tinuruta
Pacalané kanthi meneping ati Pranawa nulya maujud Prayitna ing satitah Paran-paran parama tyasih tinuju Parma kang bakal kadarbya Pacondhang pan dèn tebihi
134. Ruruhing rasa respatya Rerangkèné raras rinasuk ririh Rurah rusra pan riningkus Riris rumesep ing rah Rorotunggil rinakit dinadya ramu Rerenggané rasararja Rerem rumaket retnani
135. Kasengsem luhuring budya Kang karantan tangèh lamun mumpuni Karirangga pénginipun Karuh mring kang kretarta Kadayané dèn udi kang nganti putus Katunan pan sumingkira Kawarna pucung puniki
P U C U N G
136. Kaping pitu sumrap mring kang adi luhung Sagung kaéndahan
Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi Yèn mangkana sumimpang kesasar marga
167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh Ura ngambra-ambra Pangèsthiné salah dadi Kawruh mentah datan éca dipun tedha
168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu Éman dèn tilarna Milaur dipun prasudi Dèn èstokna dadya darma kang utama
D U R M A
169. Apa baya wewarah kang kaping astha Brataning wong nenepi Laku angupaya Mustikaning manuswa Supados amunpangati Ing samudaya Ywa muspra tanpa werdi
170. Atetarak tan muhung ing kalairan
Cegah dhahar lan guling Pasa lan aderma Tlatèn maring agama Nging ati tan dèn rawati Pan nora tanja Sami kadi tyang pingging
171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan
Kaya tan ana malih Janma ingkang padha Tandhing lan kabisannya Angrèmèhken mring sesami Dadi tan guna Ngrasuk maring agami
172. Jangkepira manungku maring Jawata Kathah kang dipun sirik Nora rupa boga Dudu pranata puja Nanging sagung lampah sisip Dipun tilarna Puniku wèh hastuti