[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 1 URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novel Karya sastra yaiku salah sawijining wujud kabudayan minangka asiling kreatifitas pengarang kang kaandharake marang penikmat sastra. Karya sastra diripta dening pengarang supaya migunani, lan digunakake dening masyarakat lan pengarang dhewe. Karya sastra awujud basa minangka sarana kanggo ngandharake pamikiring pengarang. Aras (2015: 253) lumantar panalitene yaiku Personality and Individual Differences: Literature in Psychology – Psychology in Literature ngandharake manawa sastra akeh sambung rapete marang bidang-bidang kaya ta sejarah, filsafat, sosiologi, psikologi lan liya-liyane. Bisa kapethik manawa karya sastra minangka wujud kreatifitase para pengarang kang kerep dibiyantu dening para ahli sejarah, filsafat, sosiologi, psikologi kang nganggo basa minangka saranane. Basa ing sajroning sastra minangka sarana sastrawan kanggo nggambarake rasa lan pikirane. Miturut Adi (2011: 16) paedahe basa ing sajrone sastra ora amung ngandharake, ananging uga paring gegambaran apa-apa kang wis disumurupi lan dirasakake dening sastrawan saengga teges kang kinandhut ing basa iku luwih amba. Panemu iki uga diandharake dening Ratna (2011: 226), kasugihaning basa kang nuwuhake karya sastra kanthi sasebutan karya seni kang duwe nilai-nilai artistik kang ora sathithik. Lumantar medium basa, karya sastra bisa diripta lan digawe kanthi wujud genre kang beda-beda. Miturut Budianta (2006: 19) ancase nggawe karya sastra kanthi pangajab kanggo menehi panglipur kanthi angrakit basa-basa kang nuwuhake greget, paring teges marang panguripan (rasa nesu, nelangsa, lan gambira) utawa bisa aweh pamikiran marang imajinasi. Sastra minangka asil ekspresining manusia kang endah. Palenggahane sastra padha karo seni. Sastra diripta lan diwaca dening para kang pengin maca kanggo anglelipur. Werren lan Wellek lumantar Kurniawan (2012: 1) paring watesan manawa
34
Embed
URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum.
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 1
URAIAN MATERI
KB-2 NOVEL
1. Tegese Novel
Karya sastra yaiku salah sawijining wujud kabudayan minangka asiling
kreatifitas pengarang kang kaandharake marang penikmat sastra. Karya sastra diripta
dening pengarang supaya migunani, lan digunakake dening masyarakat lan pengarang
dhewe. Karya sastra awujud basa minangka sarana kanggo ngandharake pamikiring
pengarang. Aras (2015: 253) lumantar panalitene yaiku Personality and Individual
Differences: Literature in Psychology – Psychology in Literature ngandharake manawa
sastra akeh sambung rapete marang bidang-bidang kaya ta sejarah, filsafat, sosiologi,
psikologi lan liya-liyane.
Bisa kapethik manawa karya sastra minangka wujud kreatifitase para pengarang
kang kerep dibiyantu dening para ahli sejarah, filsafat, sosiologi, psikologi kang
nganggo basa minangka saranane. Basa ing sajroning sastra minangka sarana sastrawan
kanggo nggambarake rasa lan pikirane.
Miturut Adi (2011: 16) paedahe basa ing sajrone sastra ora amung ngandharake,
ananging uga paring gegambaran apa-apa kang wis disumurupi lan dirasakake dening
sastrawan saengga teges kang kinandhut ing basa iku luwih amba. Panemu iki uga
diandharake dening Ratna (2011: 226), kasugihaning basa kang nuwuhake karya sastra
kanthi sasebutan karya seni kang duwe nilai-nilai artistik kang ora sathithik. Lumantar
medium basa, karya sastra bisa diripta lan digawe kanthi wujud genre kang beda-beda.
Miturut Budianta (2006: 19) ancase nggawe karya sastra kanthi pangajab kanggo
menehi panglipur kanthi angrakit basa-basa kang nuwuhake greget, paring teges marang
panguripan (rasa nesu, nelangsa, lan gambira) utawa bisa aweh pamikiran marang
imajinasi.
Sastra minangka asil ekspresining manusia kang endah. Palenggahane sastra
padha karo seni. Sastra diripta lan diwaca dening para kang pengin maca kanggo
anglelipur. Werren lan Wellek lumantar Kurniawan (2012: 1) paring watesan manawa
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 2
sastra minangka karya imajinatif lumantar basa lan duwe nilai estetika kang endah.
Sawijining karya seni kaanggep adiluhung manawa ana manfaate tumrap bebarayan
akeh. Mujianto (2009: 404) uga ngandharake ing susastra Jawi akeh nilai-nilai kang
magepokan kalawan budi pekertine manungsa kang bisa kajupuk saka karya sastra. Ing
sajrone karya sastra, nilai-nilai bebrayan ditata, kadhapuk ing karya sastra, pranata
utawa tradhisi sabisa-bisa dingerteni marang para kang pengin maca utawa marang
masyarakat ing wektu sabanjure, bisa awujud tatakrama, subasita, tumindak religius,
adat istiadat, sujarah utawa nilai kultural/ nilai budaya liyane.
Miturut jinising karya sastra bisa dibedakan yaiku awujud prosa/gancaran, puisi/
bisa awujud geguritan utawa tembang lan drama. Miturut Budianta (2006: 16) konvensi
utawa paugeran kang paling baku yaiku njinisake teks sastra dadi 3 perangan, yaiku:
genre prosa, puisi, lan drama. Sawijining karya dianggep imajiner, fiksi ngandharake
sawenehing masalah-masalahing ngaurip. Pengarang bisa ngrasakake masalah-masalah
mau lan bisa digawe kanthi sarana fiksi miturut panyakrabawane (Nurgiyantoro, 2010:
2). Karya fiksi uga awujud cerita bersambung (cerbung), novel, antologi puisi, lan
antologi cerpen. Karya fiksi kang diripta lan diaturake marang para kang kapengin
maca bisa lumantar para penerbit kaya ta majalah/ kalawarti, surat kabar/ ariwarti
utawa buku. Salah sawijining jinis prosa yaiku novel.
Tumindaking analisis marang novel ora uwal saka analisis struktural, yaiku
analisis unsur instrinsik kaya ta tema, alur, penokohan, setting lan amanat. Unsur
intrinsik iku sumambung rapet anjangkepi siji lan sijine lan nuwuhake karya kang
endah. Mula saka iku, unsur instrinsik penting kanggo sarana anggoleki isining novel.
Novel dikarang dening pengarang kang ngemot cerita-cerita kang tau ditemoni
dening pengarang. Pengarang minangka manungsa uga ora uwal saka problem-problem
sosial ing sakiwatengene. Akeh faktor kang bisa dadi jalaran, kaya ta babagan ekonomi,
budaya, biologis lan psikologis. Sakabehing masalah-masalahing ngaurip ing karya
sastra karipta supaya saemper kaya kadadeyan-kadadeyan nyata ing satengahing
pengarang.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 3
Novel pancen kalebu salah sawijining karya sastra kang awujud prosa/ gancaran.
Novel duwe sifat fiksi. Tembung fiksi ing Basa Indonesia kadadeyan saka basa Inggris,
fiction. Tembung fiction iku, ing basa Inggris sejatine saka basa Latin, yaiku fictio.
Tembung fictio ateges “sawijining kang diripta”, diwangun, digawe, utawa kang
dikarang (Pujiharto, 2012: 4). Mula saka iku, karya fiksi minangka karya kang asifat
rekaan, minangka asil pangolahing ide/ gagasan dening pengarang, lan kaandharake
lumantar tetembungan. Karya sastra fiksi pancen ora ana ing ngalam nyata, ananging
minangka kaca pangilon manawa katandhing marang kadadeyan ing ngalam nyata.
Tembung “fiksi” pancen nuduhake manawa ana teges “sakabehing kang ora nyata”.
Babagan teges ini pancen nuduhake manawa novel yaiku “cerita” kang ora nyata utawa
cerita kang digawe-gawe (Pujiharto, 2012: 7-8).
Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka
tembung asale yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure
ditegesi ‘cerita pendek’ ing sajrone prosa/ gancaran. Ing wektu saiki, tembung novella
lan novella duwe teges Indonesa kang padha (novellete), yaiku sawijining karya prosa
fiksi kang dawa caritane (Nurgiyantoro, 2013: 9-10). Mangkono iku, novel minangka
karya sastra fiksi kang kadhaupuk awujuud prosa, lan duwe alur utawa urut-urutaning
cerita kang dawa. Novel ngandharake kadadeyan kanthi bebas, njlentrehake maneka
warna kadadeyan kanthi luwih akeh lan rada njlimet, luwih komplit, detail, luwih
nengenake kadadeyan kang luwih kompleks (Nurgiyantoro, 2013: 11). Novel
ngandharake anane konflik, bisa konflik ing tataran interpersonal, intrapersonal, utawa
antarpersonal.
Rikala ngripta sawijining karya sastra mesthi ana gegayuhan kanggo
ngandharake nilai-nilai pendidikan kang dilebokake ing sajrone karya sastra iku.
Senajan ta ing jaman saiki ana nilai-nilai kang luwih bebas lan ora kudu nyonto kaya
sastra kuna kang sakabehing kudu adiluhung, ananging tetep ana gegayuhan nglebokake
nilai ing sajrone karya sastra. Nilai-nilai didaktis utawa pangajaran kang ana ing sajrone
karya sastra kaya ta pendidikan agama, moral, lan karakter. Pepenginan kang ngemu
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 4
manfaat akeh iki minangka sarana nggugah lan menehi motivasi, tuladha-tuladha kang
bisa dadi paugeraning ngaurip.
Novel minangka gegambaraning ngaurip lan tumindaking para paraga kang
kayadene nyata rikala novel iku katulis (Pujiharto, 2012: 8). Novel minangka karya
fiksional kang ngandharake sesambungane para paraga siji marang sijine kang bisa dadi
pangilon marang sapa wae kang kapengin maca (Shipley lumantar Pujiharto, 2012: 8).
Novel bisa ditegesi salah sawijining karya sastra kang aweh tuladha lan bisa dadi
pangilon tumindaking manungsa kang kadhapuk kanthi wujud basa. Novel dadi
gegambaraning zaman rikala novel iku katulis. Novel anggambarake paraga-paraga
minangka wujud representasi karaktere manungsa ing ngalam kang nyata.
Novel uga jinising cerita prosa kang fiktif lan dawa, anggambarake para paraga,
tumindake lan kadadeyan-kadadeyan kaya dene ing ngalam nyata utawa anggambarake
kadadeyan kang ruwet (The American College Dictionary lumantar Tarigan, 1993:
164). Novel minangka karya sastra awujud prosa lan asifat fiksi (amung reka-reka lan
sajatine ora bisa ditemokake ing ngalam nyata), anggambarake para paraga, kadadeyan-
kadadeyan, duwe alur cerita, lan kadadeyan kang asifat bungah uga agawe trenyuh.
Novel duwe alur cerita lan konflik kang kompleks. Novel digawe dening pengarang
kanthi ancas menehi pangilon kanggo ngrasakake kadadeyan-kadadeyan kang ginambar
ing sajroning novel, supaya para kang kapengin maca bisa methik nilai kang kinandhut
ing sajroneing novel mau.
Novel bisa ngandharake sawijining karakter, situasi sosial kang rumit,
sesambungan marang paraga liya kang anduweni maneka warna karakter, lan maneka
warna kedadeyan kang ruwet ing sawijining jaman (Stanton, 2012: 90). Novel
ngandharake konflik utawa masalah-masalahing para kang duwe karakter. Titikane liya
yaiku perangan ing sajrone cerita iku, minangka gegambaran jaman rikala novel iku
katulis. Novel minangka gegambaran kadadeyan sujarah senajan ta asifat fiksi. Novel
uga ana sesambungane kalawan kadadeyan sosial, budaya, agama, ideologi, politik, lan
ekonomi.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 5
Sesambunganing kedadeyan-kedadeyan kang ana pancen digawe-gawe lan
kayadene ora jujur. Koherensi novel ana ing sesambungane marang kedadeyan-
kadadeyan iku (Stanton, 2012: 103). Karya sastra novel duwe titikan dhewe yaiku
nuduhake kapriye pepenginane pengarang. Sesambungan lan rumaketing saben alur
kang tinulis dening pengarang minangka perangan kang pancen ana lan dominan ing
sajroning karya sastra novel (Pujiharto, 2012:20).
Miturut Nurgiyantoro, karya sastra kaperang dadi 3 jinis, yaiku prosa, puisi, lan
drama. Karya sastra jinis prosa kerep kanthi wujud fiksi utawa cerita rekaan. Ananging
ora saben karya kang ngemu unsur rekan iku kalebu karya fiksi (Nurgiyantoro, 2010: 8).
Miturut kasusastran Inggris lan Amerika kang kalebu karya fiksi yaiku karya kang
awujud novel utawa cerita lan karangan-karang kang cekak.
Novel ing basa Inggris ditulis Novel minangka wujud karya sastra kang uga
sinebut kanthi tetembungan fiksi. Ing sabanjure, novel kaanggep utawa duwe sinonim
yaiku fiksi (Nurgiyantoro, 2010: 9). Tembung novel saka basa Italia Novella kang tegese
cerita cekak awujud prosa utawa gancaran. Kasusastraan Jerman nyebut novel nganggo
tembung Novella kang tegese padha karo novelet, yaiku fiksi kang ora pati dawa
(Wardhani, 2009: 15).
Tembung novel iku asale saka basa Latin novellus kang dijupuk saka tembung
novies kang ateges “anyar”. Novel uga ditegesi cerita awujud gancaran utawa prosa
kang diandharake rada dawa yaiku cerita kanthi plot lan tema kang kompleks, karaktere
akeh, lan setting cerita kang maneka warna. Novel minangka bahan kanggo introspeksi
dhiri pribadi lan anggambarake kadadeyan kang dirasakake, ditonton, kanthi wujud
tartamtu lan oleh daya tartamtu kang ndadekake thukul maneka warna karakter para
paragane. Titikaning novel yaiku pelaku utama utawa paraga utama owah nasibe utawa
panguripane.
Ana andharan liya manawa novel minangka sawijining struktur organisme kang
kompleks, unik, lan ngandharake sawijining kadadeyan nanging asifat ora langsung.
Dadi novel yaiku sawijining cerita kanthi alur kang dawa bisa awujud buku siji kanthi
cariyos kang tamat utawa luwih kang ngandharake panguripaning manungsa ananging
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 6
kanthi asifat imajinatif, njlentrehake panguripaning manungsa tumeka anane kadadeyan
konflik kang bisa ndadekake owah nasibe para paraga.
Asil cipta awujud karya sastra novel ngemu kaendahan kang bisa aweh rasa
seneng, nikmat, getun, gambira, nelangsa, narik kawigaten, uga anggugah rasaning para
kang maos. Sumarjo (1991: 24) uga ngandharake manawa novel iku wujuding karya
sastra kang paling populer dhewe ing donya. Wujuding kasusastran iki akeh dicetak
dening Penerbit lan paling akeh sumebar ing masyarakat. Novel uga salah sawijining
wujud karya sastra kang ngemot nilai-nilai budaya sosial, moral lan pendidikan.
Novel minangka karya sastra kang duwe unsur loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur
ekstrinsik kang padha sesambungan kanthi rumaket lan duwe daya pangaribawa marang
karya sastra (Sumarjo, 1991: 24).
Miturut andharan iki bisa kapethik manawa novel minangka wujud sastra kang
ngemu nilai intrinsik lan ekstrinsik. Uga ngandharake kadadeyan-kadadeyan kaya kang
ana ing alam nyata lan ngemu nilai-nilai moral kang bisa kapethik ing sajrone cerita
mau. Novel minangka karya sastra duwe perangan-perangan, unsur-unsur kang
sambung-sumambung kanthi rumaket siji lan sijine.
Gawe karya sastra kanthi wujud novel uga bisa dijumbuhake kalawan unsur
sujarah supaya anggone negesi utawa menehi interpretasi bisa luwih komplit. Menehi
interpretasi lan negesi makna sawijining karya sastra, diwiwiti kanthi nerangake teori
lan unsur kang ambangun novel. Ndhudhah lan nyinau teori ing novel, uga nyinau
unsur-unsur kang ambangun minangka sarana mangerti lan negesi novel kang bakal
dianalisis.
Novel (Inggris: novel) lan cerita cekak, uga sinebut cerita pendek (Indonesia),
cerita cekak (basa Jawa), lan Inggris (short story) minangka wujuding karya sastra kang
ngemu perangan fiksi. Sasebutan novel ing basa Inggris, lan lumebu ing basa Indonesia
sejatine saka basa Italia novella (ing basa Jerman: novelle). Dadi novella ateges
“sawijing barang anyar ananging cilik” lan suwe-suwe ditegesi “cerita cekak kanthi
wujud prosa” (Nurgiyantoro, 2013: 12).
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 7
Ewasamono, novel beda kalawan cerpen utawa cerita cekak. Miturut Sayuti
(2000: 10) novel kerep katandhingake karo cerpen utawa cerkak. Amung bedane
dumunung manawa cerpen luwih cekak utawa carane nyritakake kadadeyan luwih
intensif, ananging novel luwih expands, rada ngambra-ambra lan dawa. Novel luwih
nuduhake ing babagan complexity, yaiku kapriye pengarang bisa agawe kadadeyan-
kadadeyan kanthi wujud kang luwih kompleks lan njlimet. Beda karo cerpen utawa
cerkak kang amung asifat implisit yaiku kadadeyan amung diandharake kanthi singkat
utawa cekak.
Novel minangka karya fiksi anggambarake isining donya, donya kang kaisenan
dening kadadeyan-kadadeyan kang dipengini, dikarepake, kadadeyan kang imajinatif,
lumantar sesambungane unsur-unsur intrinsike yaiku peristiwa, plot, tokoh (lan
penokohan), latar, sudut pandang, lan liya-liyane, ananging kabeh amung asifat
imajinatif (Nurgiyantoro, 2002:4).
Miturut dawaning cerita, novel luwih dawa tinimbang cerpen utawa cerkak.
Novel ngandharake kadadeyan kanthi bebas, anggone nyritakake kanthi luwih rowa,
luwih njlimet, luwih detail kanthi conto-conto kang maneka warna, uga angandharake
masalah-masalah kanthi kompleks. Ing kene kalebu unsur-unsur kang ambangun novel
iku (Nurgiyantoro, 2013: 13).
2. Ngrembakaning Prosa Fiksi Jawa
Prosa fiksi Jawa yaiku jinising karya sastra Jawa kang ngandharake cerita
langsung saka pengarang kanthi basa Jawa. Prosa fiksi Jawa sejatine saka tembung
Orate Provorsa tegese cerita langsung. Tembung fiksi ing cerita fiksi nuduhake manawa
cerita iki among asifat imajinatif, reka-reka, khayalan, dudu kadadeyan kang nyata.
Miturut Teeuw (1984) donya kang kaandharake ing prosa fiksi Jawa yaiku dunia
sekunder, yaiku kadadeyan donya kang fiktif utawa reka-reka saka imajinasine
pengarang.
Senajan ta among asifat fiktif, ananging tetep ana sesambungane kalawan
kadadeyan kang nyata. Ing kene pengarang oleh ilham saka kadadeyan-kadadeyan kang
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 8
ana ing sakiwatengene pengarang. Pengarang wiwit ngrasakake, lan wusanane njupuk
kadadeyan ing sakiwatengene iku lan diwujudake ing karya sastra. Kadadeyan nyata
kang diangkat pengarang lan diandharake maneh ing karya sastra miturut Hartoko
sinebat tanda-tanda zaman.
Cerita fiksi Jawa bisa dibedakake ana 3 jinis yaiku roman, cerita pendek, lan
novel. Roman nyaritakake saperangan gegambaraning panguripan sawijining pawongan
utawa episode kehidupan sawijing tokoh lan adhakane tokoh digambarake nganti
tumeka pati. Akeh-akehe roman ngandharake cerita kanthi dawa lan kaperang dadi
pirang-pirang bab kang rada dawa. Bab-bab iku antara liya digresi utawa lanturan,
yaiku perangan cerita kang diandharake kanthi rada dawa, senajan ta ora ngandharake
paraga utama.
Cerita pendek yaiku jinising prosa fiksi kang ngandharake salah sawijining
adegan utawa episode ing panguripaning sawijining wong lan kaandharake amung
cekak, panggonan kadadeyan uga amung siji, lan enggal rampung diwaca ing wektu
kang cekak utawa ora pati suwe katimbang roman (a single sitting). Roman lan Cerita
Pendek ing sastra Jawa wiwit sumebar ing taun 1900-an.
Novel ing kene kalebu karya kang paling anyar dhewe, saka tembung Yunani
novellas kang ateges anyar. Suwe-suwe roman kalah popular lan para pengarang wiwit
nganggit jinising karya sastra awujud novel. Prosa fiksi Jawa wiwit sumebar akeh rikala
wwit ana pengarang-pengarang novel utawa cerita-cerita cekak kanthi basa Jawa. Wiwit
taun 1950 nganti tekan 1960 akeh diterbitake novel-novel basa Jawa. Waluyo (2008:
59-61) ngandharake para pengarang novel Jawa kaya ta:
a. Periode 1940-1950
Periode iki ana pengarang kang asma Harjowirogo, Yasawidadga, R.B. Sulardi,
M. Supardi (Waluyo, 2008: 59-61). Wondene asil karyane kaya ing ngisor iki.
1) Harjowirogo nganggit novel kaya ta: Pamoring Dhusun, Dhendhaning Angkara,
Sapa Ilang Suhe, Donya Damel Pepeteng.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 9
2) Yasawidagda nganggit novel Purasari, Ni Wungkuk ing Bendha Growong, Pethi