8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
1/33
BOEKOE SITI DJENAR
INGKANG TOELEN
Mangoenwidjaja
1931
BOEKOE SITI DJENAR INGKANG TOELN
Anggitanipun Kangjng Sunan Giri Kadhaton, panganggitipun nalika ing warsa 1457,
sinngkalan Pandhita Misik Sucng Tyas.
Cap-capan ingkang kaping pindho.
KAWDALAKN SARTA KASADE DENING: TAN KHOEN SWIE ING KDIRI 1931.
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
2/33
Penerbit: Tan Khoen Swie, - Kdiri
168 typ. Stoomdrukk. L.L.D. BL. 22-1-'31.
Hak pengarang diperlindungi Stb. 1912 No. 600 Fatsal 11.
Kitab ini syah bila ada tanda tangannya si penerbit:
1. TMBANG ASMARADANA.
1. sngsming tyas kumawa mrih | amanitrng laku tama | dimn antuk artining rh |
anglluri jaman kuna | knia winaspada | mamrih dadya jati tutur | dimn wikan yakinira ||
2. mangkya kang pinurwng ruwi | carita Sh Siti Jnar | jinarwa jinrng manh | mt
carita kang sawantah | saking srat Walisana | sanadyan ta nguni uwus | kh sarjana
kang ngrumpaka ||
3. tataning rh Sh Siti Brit | lir yasan sang kasusrng rat | Ki Sasrawijaya Ngijon | dyan
winangun malih marang | Kiyai Mangunwijaya |Lebih satu suku kata: Kyai
Mangunwijaya. ing kitha Wanarga dunung | ananging sajatinira ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
3/33
4. punika maksih nalisir | saking talring ruwiya | dene ta ingkang sayktos | mung kang
kawrat Walisana | yasanira jng sunan | ing Giri Gajah rumuhun | rikala candra sangkala
||
5. ing warsa Wawu winilis | pandhita misik sucng tyas | = (1457). yeka ingkang
salrse | nanging ta para sarjana | kang mdhar caritanya | Sh Siti Bang wali luhung |
kadya kang kawahyng ngarsa ||
6. yktine ya wus udani | mangsa ta muta tulia | dene dnnya mksa gsh | mung
anjarag nawur wulang | wnganing tyas pra mudha | karya sasandhaning wuruk |
asasndhn wali tama ||
7. sinalinan solan-salin | salsilahe nglmu tama | dimn mmt panggilute | marma dhuh
para taruna | darbea tyas saranta | ywa kasusu mosra-masru | ngarani para sarjana ||
8. panganggite muta tuli | ngarang wuruk ngayawara | wwarah tan sabnre | dhuh
anggr aywa mangkana | yn sira anungkara | pustaka yasng pra luhung | jingglngn
surasanira ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
4/33
9. rasane lan rasa jati | patitisna kang sanyata | yn wus antuk lan rasane | iku bae
matna | ywa mikir kang kinandha | nadyan dora lawan tuhu | jaragan dadi dongengan
||
10. kaya-kaya lakon ringgit | kang inganggit pra sujana | iku kabh wus malst | saking
ttalsing kuna | prlune mung kinarya | mt balungan mrih linuhung | dnnyarsa mlng
wwulang ||
11. mangkya sthine kang mamrih | caritane Sh Siti Bang | mt babon kang kacariyos |
jroning layang Walisana | dadya kang winicara | kacarita duk ing dangu | Kangjng
Sunan Giri Gajah ||
12. adarbe siswa sawiji | saking tanah Siti Jnar | wus kasub sugih kasktn | nama
Kasan Ali Saksar | katlah Siti Jnar | iya Sang Sh Siti Luhung | iya karan Sh Lmah
Bang ||
13. ya Lmah Bang Lmah Kuning | tan ana prabedanira | Sh Lmah Bang salamine |
annuwun ddunungan | rahsane nglmu rasa | ugr-ugring tumuwuh | Jng Suhunan
Giri Gajah ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
5/33
14. drng lga ing panggalih | wrin smune Sh Lmah Bang | watk wus akh sikire |
marmane datan sinungan | bok sak-sok buwang sasab | ngilangkn ling-aling agung |
tan anganggo masa kala ||
15. tyasira dahat rudatin | sira wau Sh Lmah Bang | anuwun-nuwun tanpolh | rumasa
tuna ing gsang | dadya sdya nmpuh byat | namur amt momor sambu | atindak karti
sampeka ||
16. duk samana Sunan Giri | nuju ing ari Jumungah | pan arsa mjang muride | Sh
Lmah Bang angrrpa | duh pukulun jng sunan | bilih kparng saarju | ulun bela
puruhita ||
17. ngandika Jng Sunan Giri | Allah durung pasang yogya | amjanga dina kiye |
marang ing pamintanira | wau ta Sh Lmah Bang | angrasa yn pinakewuh | butng ru
kabatinan ||
18. lajng kesah marang jawi | locitanira ing driya | yn mangkono tanpa gawe | ngawit-
awiti wus lawas | tiwas datanpa tuwas | mt wasana pijr kawus | rewa-rewa ingewanan
||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
6/33
19. mjang miji para kaji | sabn ing ari Jumungah | tan kna manjing sraos | rumangsa
yn tan kinarsan | bcik sun cidranana | tan ana druakanipun | mmikani pangawikan ||
20. Sh Lmah Bang wus udani | panggenan pamjangira | amatk aji sikire | sanalika
malih warna | arupa dindang seta | manggon ing panggonanipun | pamjanganing jng
sunan ||
21. ciptane wus tan udani | dnira tingkah mangkana | Jng Sunan Giri Kadhaton | ykti
datan kkilapan | solahe Sh Lmah Bang | angandika jng sinuhun | mring sagung para
sakabat ||
22. hh ta kawruhana sami | ingsun tan sida amjang | nora enak atiningong | besuk ing
Jumungah ngarsa | sida pamjang ingwang | dadya bubaran pra kaum | praptaning ari
Jumungah ||
23. kadhatngan para wali | sdya pagunman rahsa | angumpulakn kawruhe |
sampun amanggih sulaya | dadining rmbagira | Sunan Giri aturipun | inggih sumangga
ing karsa ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
7/33
24. nanging ulun nuwun alim | sdya amjang skabat | sarhne sampun mangsane |
kang para wali sadaya | jumurung ngayubagya | Sunan Giri tdhak gupuh | maring
pamjanganira ||
25. angumpulakn ngulami | wau ta Sang Sh Lmah Bang | datan kandhg pandyane
| dnnyarsa mtht sarahsa | nulya mancala warna | pan arupa cacing kalung | singidan
soring pratala ||
26. tan ana janma udani | mung Jng Sunan Giri Gajah | kang wrin sasolah tingkahe |
nanging tan ing munasika | rhning wus janjinira | maringkn nugrahan agung | maring
sakabat taruna ||
2. TMBANG SINOM.
1. hh ta padha kawruhana | dununge kang nungkat gaib | pan aputih warnanira | dene
gdhene rininci | mungguh ing jagad iki | tinandhinga pirang wu | yuta alam tan timbang
| tgse kang nungkat gaib | apan saking gaibing kang kanyataan ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
8/33
2. istiarah tan kajaba | istiarah tan umanjing | istiarah tan kawdal | tan kajro istiarahing |
saykti luwih gaib | tan owah gingsir puniku | langgng tanpa karana | kang jumnng ki
rokhani | apa rupanira duk nalikng dunya ||
3. nora owah sbutira | cahya mancorong nlahi | lir mas binabar anyar | dene ta
ingkang rokhani | pan Mukhamad sajati | aja sak aja masgul | ananging kawruhana |
sahing tekad kang prmati | pan llima prakara rubedanira ||
4. ingkang dhingin katon pisah | katon tunggal kaping kalih | kaping tri katon tan pisah |
ping pat mtu katon ykti | kaping limanirki | katon mtokakn iku | lah padha dn budia
| sakabhe para murid | aja pgat gonira musawaratan ||
5. yn darbe panmu sira | smantakna mring ssami | lah ta manh kawruhana | asma
ppitu puniki | Allah ingkang rumiyin | ping ro wujud mokal iku | wujud ilapi trinya | kaping
pate roh ilapi | kaping lima pan iya akyan sabitah ||
6. kaping nm akyan kajiyah | kaping pitune winarni | pan Allah lawan Mukhamad | iku
dn budia sami | matur kang para murid | pukulun sastunipun | kajarwanana pisan |
kantnanipun nampni | botn beda dadining pambudinira ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
9/33
7. Jng Sunan Giri ngandika | mungguh artining kang ykti | Allah pan jatining aran |
liring wujud mokal nnggih | Pangeran kang sajati | liring wujud ilapiku | jatining warna
rupa | dening aran roh ilapi | yaiku sajatine urip kita ||Kurang satu suku kata: iya iku
sajatine urip kita.
8. dene ta akyan sabitah | sajatining ana ykti | mungguh akyan kajiriyah | lire wayangan
kang pasthi | Allah Mukhamad liring | ya Allah rasulullahu | ing bedaning panunggal |
Allah sarira saykti | ing tgse salira puniku rahsa ||
9. iya sajrone kang rahsa | iku mapan datullahi | datullah dat rasulullah | karo pan dadi
sawiji | artine kang sajati | kang apurba langgng ingsun | purba jati wisesa | sajatining
nungkat gaib | dn pracaya tan liyan ykti punika ||
10. pra sakabat duk miyarsa | sabdane Jng Sunan Giri | tanggap atampi nugraha |
mathm dnira mmundhi | wasana matur malih | dhuh pukulun Jng Sinuhun | balik
ingkang punika | pan sampun tuwan logati | kang rumiyin rubeda gangsal prakara ||
11. kawijangna babar pisan | supados lajng gumlindhing | botn rndht angalndhang
| sagd bunar sukci wning | ngandika Sunan Giri | iku tan kna winuwus | kudu kanthi
nugraha | tmune sira pribadi | mngko lagi durung kna kabukaa ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
10/33
12. padha anggitn priyangga | kasaru sampun byar enjing | Kangjng Sunan Giri Pura |
kondur ing dalmirki | bubaran para murid | sowang-sowangan umantuk | warnann
Sh Lmah Bang | nnggih kang alaku sandi | lajng mdal saking sajroning pratala ||
13. wus awarna Sh Lmah Bang | tamsil sarahsaning nglmi | yn Pangeran ingkang
nyata | ykti sajatining urip | dadya sdya mandhingi | jumnng paguron agung | datan
purun anuta | maring Jng Suhunan Giri | mandar kdah amungsuh ing kabatinan ||
14. murtat murang tekad praja | tan ajrih yn knng sarik | kattangi driyanira | dnira
boya antuk sih | gya ksah saking Giri | mantuk mring dununganipun | tanah ing Siti
Jnar | lajng ngubalakn nglmi | kathah janma kacaryan apuruhita ||
15. marang sira Sh Lmah Bang | wjange tanpa rricik | lan wus atinggal smbahyang
| rose kewala liniling | mlng tanpa ling-aling | wus dadya paguron agung | misuwur
kadibyannya | dnira talabul nglmi | wus tan beda lan sagung para oliya ||
16. sangsaya kasusrng janma | akh kang amanjing murid | ing praja-praja myang
desa | dalah akh ing ngulami | kayungyun ngayum sami | kasoran kang wali wolu |
gunging paguronira | pan anyuwungakn masjid | karya suda kang maring agama mulya
||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
11/33
17. santri kathah kang kabawah | mring Lmah Bang manjing murid | ya ta Sang Sh
Siti Jnar | sangsayagung kang andasih | dadya imam pribadi | mngku sarh
bawahipun | paguroning nglmu kak | kawntar praptng nagari | lajng aran Sang
Pangeran Siti Jnar ||
18. pan tdhaking Majalngka | kalawan darah ing Pngging | kh prapta apuruhita |
mangalap kawruh sajati | nnggih Ki Agng Tingkir | kalawan Pangeran Panggung |
buyut Ngrang myang Btah | kalawan Ki Agng Pngging | samya tunggal paguron
mring Siti Jnar ||
19. ing lami-lami kawarta | maring Jng Suhunan Giri | gya utusan tinimbalan | duta wus
anandhang wling | mangkat ngulama kalih | datan kawarna ing nu | wus prapta ing
Lmah Bang | duta umark mangarsi | wus kapanggih lan Pangeran Siti Jnar ||
20. nandukkn ing praptanira | dinutng Jng Sunan Giri | lamun mangkya tinimbalan |
sarnga salampah kami | wit Jng Sunan miyarsi | yn paduka dados guru | ambawa
imam mulya | marma tuwan dn timbali | trang sagung kang para wali sadaya ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
12/33
21. prlu amusawaratan | cundhuking masalah nglmi | sagda nunggil srpan |
sampun wontn kang sak srik | nadyan mawi rricik | apralambang pasang smu | ywa
nganti salingsingan | Pangran Siti Jnar angling | ingsun tinimbalan Sunan Giri Gajah ||
22. apa tmbunge maringwang | ature duta kkalih | inggih maksih Sh Lmah Bang |
Pangran Siti Jnar angling | matura Sunan Giri | Sh Lmah Bang yktinipun | ing kene
nora ana | amung Pangeran sajati | langkung ngungun duta kalih duk miyarsa ||
23. andikane Sh Lmah Bang | wasana matur aris |Kurang satu suku kata: wasana
umatur aris. kadospundi karsandika | tka mkatn kang galih | paran ingkang
pamanggih | pangeran ngandika arum | sira iku mung darma | aja nganggo mmadoni |
ingsun iki jatining pangeran mulya ||
24. duta kalih lajng mdal | lungane datanpa pamit | sapraptaning Giri Gajah | mark
ing Jng Sunan Giri | duta matur wotsari | dhuh pukulun Jng Sinuhun | amba sampun
dinuta | animbali Sh Siti Brit | aturipun sngak datan kanthi nalar ||
3. TMBANG KINANTHI.
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
13/33
1. makatn wiraosipun | hh sira duta kkalih | ingsun mngko tinimbalan | ing ngarsa
Jng Sunan Giri | matura yn nora nana | kang ana Pangeran jati ||
2. sakala kawula rngu | paran kang kados pamanggih | dene angakn Pangeran | ulun
nuntn dn wangsuli | sira iku mung sadarma | ngaturake ala bcik ||
3. wau sapamyarsanipun | lgg Jng Suhunan Giri | jajabang mawinga-winga | kadya
age dn tdhaki | rinapu pra auliya | dhuh sang ambg wali mukmin ||
4. dn sabar panggalihipun | inggih katandha rumiyin | kakncngane ing tekad | gampil
pinanggih ing wingking | yn sampun kantnan dosa | kados botn bangkalahi ||
5. llh ing panggalihipun | myarsa sabdane pra wali | Kangjng Sunan Giri Gajah | duta
kinn wangsul malih | animbali Sh Lmah Bang | ujare kinn nuruti ||
6. jangji seba ngarsanipun | ujann ywa mindho kardi | duta lajng nmbah msad |
sampun prapta ing Siti Brit | panggih lawan Sh Lmah Bang | nandukkn dnnya
tinuding ||
7. mring Sunan Giri Kadhatun | pangeran dipun timbali | sarnga salampah kula |
Pangran Siti Jnar angling | mngko pangran tan ana | ingkang ana Sh Siti Brit ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
14/33
8. duta tan sawalng wuwus | sarhning sampun winling | inggih mangkya Sh Lmah
Bang | kang wontn dipun timbali | ngandika Sh Siti Jnar | pangeran tan amarngi ||
9. awit Sh Lmah Bang iku | wajahing Pangeran jati | nadyan sira ngaturana | ing
Pangeran kang sajati | lamun Sh Lmah Bang ora | mangsa kalakona ykti ||
10. duta ngungun lajng matur | inggih kang dipun aturi | pangeran lan Sh Lmah Bang
| rawuha dhatng ing Giri | sagda musawaratan | lawan sagung para wali ||
11. Pangran Siti Jnar nurut | lajng kering duta kalih | praptane ing Giri Gajah |
ppkan kang para wali | pangeran ing Siti Jnar | anjujug Jng Sunan Giri ||
12. lajng ingandikan arum | bagea pangran kang prapti | rawuhe ing ngarsaningwang |
Pangran Siti Jnar angling | dhuh pukulun sama-sama | tumka suka basuki ||
13. Jng Sunan ngandika arum | marma sanak sun aturi | kasok karobaning warta | yn
andika tki-tki | makiki nngkar nglmu kak | dadi paguron sabumi ||
14. ngasorakn wali wolu | mandar bawa imam sukci | datanpa sukci Jumungah | sastu
ngong anjurungi | pira-pira sira bisa | ngalim nglm para wali ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
15/33
15. Pangran Siti Jnar matur | gn amba purun bawani | mdhar gaibing Pangeran | awit
Allah sipat asih | asih samining tumitah | sabn titah angranggoni ||
16. nganggoa ugring nglmu | kang abuntas dn patitis | sampun ngatos slang sbat |
mundhak ambbingung pikir | amt ansar dadi sasar | sarana kirang barsih ||
17. pedah punapa bbingung | nganglakn ulah nglmi | Jng Sunan Giri ngandika |
bnr kang kaya sirki | nanging luwih kaluputan | wong wadhh ambuka wadi ||
18. tlnge bae pinulung | pulunge tanpa ling-aling | kurang waskitha ing cipta | lunturing
nglmu sajati | saykti kanthi nugraha | tan sabn wong anampani ||
19. Pangran Siti Jnar matur | paduka amindho kardi | dadak amrangi tatal | ttelane
ing dumadi | dadine saking nugraha | punapa botn ngulami ||
20. Sunan Giri ngandikarum | yn kaya wuwusirki | tan kna dn go rrasan | yn
gbrh amdhar wadi | Pangeran nora kuwasa | anane tanpa ling-aling ||
21. ndi kang ingaran luhur | ndi kang ingaran gaib | ndi kang ingaran purba | ndi
kang ingaran batin | ndi kang ingaran baka | ndi kang ingaran latip ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
16/33
22. ndi kang ingaran bsus | ndi ingaran bilai | yn baka babar balaka | bakal bubar
tanpa bibit | mangka Pangeran kang nyata | nora kna dn rasani ||
23. lan nora kna dinumuk | anane wahana gaib | matur Pangran Siti Jnar | sdya
purun amabni | bantahan masalah rahsa | sinapih kang para wali ||
24. dhuh sanak sakalihipun | ywa tansah abn prang sabil | prayogi kanyatakna |
wontn ing gn kang aspi | sampun spn spi hawa | sarahsa sagd anunggil ||
25. wontn kawkasanipun | yn mukid ykti karadin | jng sunan ing Giri Gajah | wrin
kdhaping sambang liring | sabdaning para oliya | lajng angandika aris ||
26. hh Sh Lmah Bang sirku | aja pijr amadoni | besuk ing ari Jumungah | padha
musawarat batin | ykti katandha kang nyata | llre asmarng nglmi ||
4. TMBANG ASMARADANA.
1. Sh Lmah Bang nayogyani | prapta ing ari Jumungah | nuju Ramlan wulane |
marngi tanggal ping lima | kumpul para oliya | andhng kalaning dalu | ngrakit papan
kang prayoga ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
17/33
2. sakathahing para wali | samya pagunman rahsa | ing Giri Gajah nggone | kang
karsa musawaratan | ing bab masalah tekad | dn waspada ing Hyang Agung | wajib
sami nyatakna ||
3. kang samya angulah nglmi | lamun bijaksanng driya | dadi wjang sayktine | tan
beda lan puruhita | mungguh rahsaning rahsa | pralambanging pasang smu | tan liya
saking punika ||
4. nadyan akh kang wwisik | wosing wasana wus ana | mung kari mt pratikle | ing
sawusira ppkan | Kangjng Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | lan Sinuhun
Kalijaga ||
5. Sunan Crbon myang kang rayi | Pandhanarang Sh Lmah Bang | lan Sinuhun
Majagunge | suhunan ing Bantn lawan | Suhunan Giri Gajah | samya agunm ing
nglmu | jnnge masalah tekad ||
6. Jng Sinuhun Ratu Giri | amiwiti angandika | hh sanak manira kabh | pratingkahe
wong makripat | aja dadi parbutan | dipun sami nglmunipun | padha peling-pinelingan ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
18/33
7. wong wolu dadi sawiji | ajana wong kumalamar | dipun rujuk ing karpe | dn
waspada ing Pangeran | nnggih Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | amdhar
ing pangawikan ||
8. ing karsa manira iki | iman tokid lan makripat | wruh ing kasampurnane | lamun
maksiha makripat | mapan durung sampurna | dadi batal kawruhipun | pan maksih rasa-
rinasa ||
9. Sinuhun Benang ngukuhi | sampurnane wong makripat | suwung ilang paningale | tan
ana kang katingalan | iya jnnging tingal | mantb Pangeran Kang Agung | kang
anmbah kang sinmbah ||
10. pan karsa manira iki | sampurnane ing Pangeran | kalimputan salawase | tan ana ing
solahira | pan nora darbe sdiya |Lebih satu suku kata: pan nora darbe sdya. wuta tuli
bisu suwung | solah tingkah saking Allah ||
11. Sinuhun Benang anuli | ngandikani wali samya | hh sanak manira kabh | punika
kakasih ngalam | yn mungguhing manira | jnnging roh smunipun | ingkang roh Nabi
Muchamad ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
19/33
12. nora beda ing roh iki | yn sdya mutabangatan | tan beda ing panunggale |
kadyaparan karsanira | matur wali sadaya | botn sans kang winuwus | sampun atut
sabda tuwan ||
13. pundi kang ingaran nabi | jnnging roh ing smunya | mapan iku kkasihe |
sadurunge dadi jagad | mapan jinatn tunggal | dn dadkakn karuhun | kang minangka
kanyataan ||
14. Sinuhun Majagung nnggih | amdharing pangawikan | ing karsa manira dene | iman
tokid lan makripat | tan kocap ing akerat | mung padha samngkasumngka. wujud | ing
akerat nora ana ||
15. nyataning kawula Gusti | iya kang muji kang nmbah | apan mangkono lakone | ing
akerat nora nana | yn tan ana imannya | tan wruh jatining nglmu | nora cukul dadi
jalma ||
16. Jng Sunan ing Gunungjati | amdhar ing pangawikan | jnnge makripat mngko |
awase maring Pangeran | tan ana ingkang liyan | tan ana loro ttlu | Allah pan amung
kang tunggal ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
20/33
17. Jng Sunan Kalijagangling | amdhar ing pangawikan | dn waspada ing mangkene |
sampun ngangge kumalamar | dn awas ing Pangeran | kadyaparan awasipun |
Pangeran pan nora rupa ||
18. nora arah nora warni | tan ana ing wujudira | tanpa mangsa tanpa nggon | sajatine
nora ana | lamun nora anaa | dadi jagadipun suwung | nora ana wujudira ||
19. Sh Bnthong samya melingi | amdhar ing tekadira | kang aran Allah jatine | tan
ana liyan kawula | kang dadi kanyataan | nyawa ing kawulanipun | kang minangka
katunggalan ||
20. Kangjng Molana Magribi | amdhar ing pangawikan | kang aran Allah jatine | wajibul
wujud kang ana | Sh Lmah Bang ngandika | ajana kakhan smu | iya Ingsun iki Allah
||
21. nyata ingsun kang sajati | jjuluk Prabu Sadmata | tan ana liyan jatine | ingkang aran
bangsa Allah | Molana Magrib mojar | iku jisim aranipun | Sh Lmah Bang angandika ||
22. kawula amdhar nglmi | angraosi katunggalan | dene jisim sadangune | mapan jisim
nora ana | dene kang kawicara | mapan sajatining nglmu | sami amiyak warana ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
21/33
23. lan malih sadaya sami | sampun wontn kumalamar | ykti tan ana bdane |
salingsingan punapaa | dening sdya kawula | ngukuhi jnnging nglmu | sakabhe iku
padha ||
24. Kangjng Sh Molana Magrib | sarwi msm angandika | inggih lrs ing smune |
punika dede wicara | lamun ta kapirsaa | dening wong kathah saru |Kurang satu suku
kata: dening uwong kathah saru. punika dede rrasan ||
25. tuwan ucapna pribadi | ajana wong amiyarsa | anuksma ing ati dhewe | punika ujar
kkran | yn ta knaa tuwan | amalangi jnngingsun | bok sampun kadi mangkana ||
26. nnggih Jng Sinuhun Giri | amdhar ing pangandika | pasthine Allah jatine | jjuluk
Prabu Sadmata | sampun pancas wicara | tan ana ppadhanipun | anging Allah ingkang
tunggal ||
27. ya ta sakathahing wali | angstokakn sadaya | mapan sami ing kawruhe | namung
sira Sh Lmah Bang | tan kna pinalangan | cingah wali sadarum | tan owah ing
tkadira ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
22/33
28. angandika Sh Siti Brit | pan sampun ujar manira | dnnya nututi kapriye | dhasare
ingkang amdhar | pamjange maringwang | punika wuruking guru | datan kenging
ingowahan ||
29. amksa tan kna gingsir | sinuwalan ing akathah | tan kna owah tekade | sampun
ujar linakonan | pan wus jangjining Suksma | Sunan Crbon ngandikarum | sampun ta
tuwan mangkana ||
30. punika ujaring jangji | ykti tinuduh ing kathah | nnggih sampun ing kukume | wong
ingkang angaku Allah | ngandika Sh Lmah Bang | lah mara tuwan dn gupuh |
sampun nganggo kalorehan ||
31. dhasar kawula labuhi | ngulati pati punapa | pan pati iku parnge | parnging sih
kawimbuhan | pan tansah kawisesa | kang tka jatine suwung | ana kodim ana anyar ||
32. ngulati punapa malih | nora nana liyan-liyan | apan aps salawase | nanging Allah
ingkang tunggal | ya jisim iya Allah | tokid tgse puniku | apan tunggal kajatnnya ||
33. sakathahing para wali | prasamya msm sadaya | miyarsa ing pamuwuse | kukuh
tan kna ingampah | saya banjur micara | amiyak wrananipun | nora nganggo sita-sita ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
23/33
34. angaku jnng pribadi | andadra dadi rubeda | ngrribdi wkasane | nnrang
anrak sarak | rmbuge angaliga | mawali pra wali wolu | winolon kurang walaka ||
35. lajng abubaran sami | kang para wali sadaya | kondur marang ing dalme | mung
Jng Sunan Giri Gajah | kang kawogan anglunas | kang murang saraking nglmu |
mumpung drng ngantos mraman ||
36. Jng Sunan Giri nyagahi | ing sirnane Sh Lmah Bang | yn sampun praptng
mangsane | adging nata ing Dmak | bdhah ing Majalngka | sadaya samya jumurung
| lajng samya pakumpulan ||
37. sagunging kang para wali | mrih bdhah ing Majalngka | dene kang jinago-jago |
sira wau Radn Patah | Lmbuptng Madura | lan sakulawarganipun | kang wus samya
tumut Islam ||
38. Jng Sunan Ngampl mambngi | mring para wali sadaya | lawan putra sadayane |
rhning Prabu Brawijaya | anlangsa sdyanira | mring para wali sadarum | pinardikakkn
kewala ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
24/33
39. Radn Patah matur aris | inggih nadyan makatna | jr tan nunggil agamine |
pangangkah kula ing mangkya | inggih sanuswa Jawa | sampun ngantos wowor sambu |
sagda nunggil agama ||
40. wus gumlng para wali | golonging gunm wus dadya | anglurugi Sri Pamase |
Brawijaya Majalngka | roncne tan winarna | enggale ingkang cinatur | Sang Aprabu
Brawijaya ||
41. sampun katitih ing jurit | angls lolos saking pura | kasangsaran saparane | gya
ngungsi ing ardi Sawar | puwara sri narendra | dyan ngrajut jagad kinukut | tan antara
sampun seda ||
42. Dyan Patah anglut ing wuri | duk wrin kang rama wus seda | dyan sumungkm ing
sukune | assambat wor karuna | Sunan Benang uninga | sigra marpki ngrrapu |
puwara layoning rama ||
43. dyan pinaripurna nuli | binkta dhatng ing Dmak | dene ta kang mikul layon | Jng
Sunan Benang priyangga | lan Dipati Bintara | sapraptaning Dmak laju | sinarkkn
paripurna ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
25/33
44. ri wusing mangkana nuli | para wali pakmpalan | samya gusthi jumnnge | Dipati
Bintara nulya | kajumnngkn nata | nng Dmak karatonipun | ingaran Ngawantipura ||
45. jjulukira sang aji | Kangjng Sultan Syah Akbar | ingkang dadya ppatihe | putra
Kyagng Wanapala | nama Patih Mangkurat | de kang jumnng pangulu | paduka Jng
Sunan Benang ||
46. saliyane para wali | samya jumnng pujangga | Ki Wanapala jaksane | samana wus
paripurna | adge sri narendra | sapraja tntrm rahayu | raharja kanthi nugraha ||
5. TMBANG KINANTHI.
1. nihan mangkya kang winuwus | Sh Siti Jnar ing nguni | sangsaya karya sandea |
maring sagung para wali | Jng Sunan ing Giripura | matur Sang Prabu Ngawanti ||
2. sapratingkahnya sadarum | dnira angorak-arik | saruning sarak sarengat | jumnng
guru ggurit | rosing sarasng rrasan | akarya suwunging msjid ||
3. lamun awta tumuwuh | ical bituwahing nguni | tan wontn purun smbahyang | ical
caraning nagari | anggring guru dn arah | sumarah anut kang murid ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
26/33
4. lawan cariyosing dangu | nalimpt anglmpit nglmi | tan saking wiji winjang | arda
marsadu anilib | nilm siluman ing lampah | milalah amalih warni ||
5. mangka adat kukumipun | punika dipun pjahi | ngandika Sultan Bintara | inggih
rinmbaga sami | manira sampun pracaya | ing pratinggah gampang rumpil ||
6. Jng Sunan Giri agupuh | anyuruhi para wali | pan sampun prapta sadaya | Sunan
Giri anulyaglis | mdharakn karsa nata | wali sadaya ngamini ||
7. Pangran Siti Jnar sampun | tinimbalan marang Giri | sapraptanira samana | lan sabat
kapitu ngiring | gindhg gadhunging tekad | tan owah kadya ing nguni ||
8. Sunan Kalijaga gupuh | sinasmitan Sunan Giri | saksana anarik pdhang | pan sarywa
ngandika aris | e kisanak iki paran | Pangran Siti Jnar angling ||
9. gaib arane puniku | ykti dumunung ing pasthi | parnging sih rahmatullah | yn
tumama karya lalis | pan dadya sawarga mulya | wasana ing alam akir ||
10. kang sru kinkr sinrung | rosing sarahsa sajati | mangkya arsa babar pisan |
sampurna ing nng ning | kaonang-onang kanang rat | paran kang dipun upadi ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
27/33
11. pdhang tinibakkn sampun | mring Pangeran Siti Kuning | pdhot jangga kapisanan
| kang rah sumamburat mijil | dinulu abang baranang | Sunan Kali msm angling ||
12. lah ta iki warnanipun | kang wantr amuntu pati | pan maksih lumrah kewala | gtihe
pan nora putih | jisime pan maksih wantah | wujude maksih kaksi ||
13. punang ludira tan dangu | pan amalih warna putih | kang jisim kinukut nulya | kinbat
saking sakdhik | tan kumdhap idhpira | panoningrat kang umksi ||
14. dupi wus mh pasang surud | kantun katon sakmrki | kacaryan mancala cahya |
gumilang-gilang nlahi | awarna catur prakara | abang irng kuning putih ||
15. tan antara gya rinacut | byar cahya panca kawarni | cahya wungu kang kapisan |
cahya biru kaping kalih | cahya ijm kaping tiga | dadu kaping patirki ||
16. cahya jingga limanipun | tan dangu kinukut malih | adadya cahya gumilang |
prabawanira nlahi | pan kadya pputran dnta | tan antara nulya gaib ||
17. sampurna kaananipun | punang rah kang warna putih | sakala istha sratan | winaca
ing para wali | ungle punang aksara | la illaha illullahi ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
28/33
18. sawusnya kang rah sumbut | rinacut datan kaksi | Jng Sunan ing Kalijaga |
pangandikanira wngis | pan kaya patining setan | jisim ilang tanpa lari ||
19. wau kang murwng don luhung | atilas wasita jati | e manungsa sesa-sesa |
mungguh ing jamane pati | ing rh ppuntoning tekad | santa santosaning kapti ||
20. nora saking anon rungu | rringa rngat siningit | labt asalin salaga | salugune dn
ugmi | ing pangagmaning raga | suminggah ing sanggarunggi ||
21. marmane sarak siningkur | karana angrribdi | manggung karya was sumlang |
mbuh-mbuh dn andhmi | iku panganggone donya | yn ing pati nguciwani ||
22. sajati-jatining nglmu | lungguhe cipta pribadi | pusthining pangsthinira | ginlng
dadya sawiji | wijanging nglmu dyatmika | nng kaanan nng ning ||
23. kndl swara kang karungu | wau ta Suhunan Giri | alon dnira umojar | e kanca
wasitng wangsit | yn rinasa sarahsanya | puntoning pati patitis ||
24. tan kewran waranng kawruh | nanging tanduke awadi | pan doning purwng
dlahan | sidi sidaning don adi | dumadi ywa kawadaka | linintu wanda samangkin ||
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
29/33
25. wali sadaya jumurung | saksana Suhunan Giri | anyipta kadbog lupah | wus antuk
sinabdan aglis | mangka lintuning kuwanda | Pangeran ing Siti Abrit ||
26. wus awarna jisimipun | para murid dn timbali | kapitu wus praptng ngarsa | tinodhi
rh paran kapti | murid kapitu aturnya | kdah mlu bela lalis ||
--- 28 ---
27. labuh labtaning guru | angugri lair batin | abantu bbantn atma | para wali tan
ndyapti | rhning tan kadrsan dosa | sangsara yn misesani ||
28. adrng andarung tyasipun | sabat kapitu rumanti | tumutur sang puruhita | mantp
ndya bela pati | dyan musthi kanang curiga | sadaya sampun ngmasi ||
29. para wali langkung ngungun | wontn malih ingkang prapti | sabat satunggal
kumdah | ngudi ambelani pati | ing guru kang wus sawarga | Sunan Giri lingnya manis ||
6. TMBANG DHANDHANGGULA.
1. aywa sira adrng rhning kapti | gurunira aliwat druhaka | manggung sinanggaa
dhewe | ya apa pedahipun | anglabuhi wong dosng Widhi | marmane kawisesa | trang
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
30/33
karsanng ratu | luputa ambubrah sarak | kang wus padha ingimanakn narpati |
lakuning kuna-kuna ||
2. angugmi agme ing nglmi | ngorakakn ing sarak sarengat | wus ana anggr-
anggre | ingkang muni ing kukum | anmahi ukuman pati | ing Ngarab Sh Mubarat |
tpane ing dangu | iya kukum ing nagara | dene wani tan ngimanakn agami | ugr
agming nata ||
3. sabat kang liningan matur aris | dhuh suhunan dhawuh kang mangkana | sanadyan
nistha patine | yn sampun jangjinipun | botn kenging dn sngguh nnggih | punika
pati siya | marmamba umatur | cumanthaka tan wrin angga | awit ssrpan yn sampun
dn sthi | nglmune botn ical ||
4. ppuntoning tekad wus karakit | tkaning tokid sampun pinasang | sumarah
sarahsaning rh | lair batin kawngku | pangawikan kang dn wikani | sumambung Jng
Suhunan | ing Carbon gupuh | bnr wuwusmu mangkana | nanging kaananing ngalam
kudu ngudi | dadining kanyataan ||
5. katrimane wong ngimankn nglmi | mara iki jisime dn enggal | paripurnann bcike |
pintak kang pakantuk | antarane ing tlung bngi | enjange dn dhudhuka | yn
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
31/33
gandanirarum | mratandhani katarima | antuk swarga yn gandane arus bacin | ykti tan
katarima ||
6. sabat siji anut rh ing kapti | layon dbog pan sampun pintak | sampuning
ngantawisake | jangkpe tigang dalu | layon pindhan dhinudhuk malih | mring sabat kang
anandha | gandanipun arus | badhg pnguk blarongan | atur tobat wkasan tumut
anyantri | pra wali langkung suka ||
7. wus pinndhm wau ponang jisim | nyata praptane antara dina | kapiyarsa ing
garwane | yn lakinira lampus | anng Giri Pangran Siti Brit | patine tanpa dosa |
langkung msgulipun | sanalika lajng dandan | lawan bkta kulawangsa sawatawis |
praptaning Giripura ||
8. jujug ngarsane Jng Sunan Giri | tmbung anggugat tan anarima | sapatine ing lakine
| tan wontn dosanipun | anmahi pati tan yukti | kalamun makatna | punapa sinuhun |
ical dnira kinarywa | wali mulya lampah asiya ing dasih | ngarnah nganiaya ||
9. dados kasbut yn kirang sidik | mangka pantse ambk sagara | Sunan Giri
andikane | ni bok mung darma ingsun | anglakoni karsaning aji | marmane kawisesa |
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
32/33
somahira iku | labte anandhang dosa | ngrusak sarak gorohi rhing nagari | ni Lmah
Bang aturnya ||
10. kadospundi karsane sang aji | tka daml karnah ing wadya | amisesa sakarsane |
pan ratu sipat luhur | sipat maklum lan sipat asih | apan laki kawula | mung mmjang
nglmu | kasampurnaning agsang | yn cidraa dados lpating nagari | lah inggih
punapaa ||
11. para wali sami dn lilani | mijangakn mjang ing ngilmu kak | mawi beda
ppandume | yn lakyamba kang lampus | nrak sarak lan anggorohi | nglmunipun
abatal | jidik wkasipun | saykti para oliya | botn sans inggih makatn pinanggih |
kados laki kawula ||
12. Sunan Giri kewran ing panggalih | kndl anganam-anam ing driya | katarbuka
wangsulane | manuhara ngngimur | yayi aywa sandeyng galih | patining lakinira |
manggih swarga luhur | wit wis dadya patmbaya | nora nistha mandar utama ing pati |
putus ing kasunyatan ||
13. ykti ingsun mung minangka margi | anjalari ngantr ing dlahan | cancud pancading
kapatn | lair batin jumurung | ni Lmah Bang duk amiyarsi | tanduking pamindaka | ragi
8/2/2019 SITI DJENARMangoenwidjaja
33/33
darbe lipur | wasana alon turira | yn makatn nyuwun pratandha ing mangkin |
swargane katarima ||
14. Sunan Giri kndl msu budi | budidaya dadining mangunah | mangningakn
ninge | gya mundur ing sabdarum | lah ta nini mara dn aglis | tumngaa ing wiyat | apa
kang kadulu | angstokkn ni Lmah Bang | sanalika lajng tumnga ing nginggil | katon
kang langit bdhah ||
15. sarta katon sawarga sarwadi | tanpa timbang yn ing alam donya | lakine lungguh
ing bale | kang rinngga raras rum | nunggil lawan kang para Nabi | sawusnya ni Lmah
Bang | pan lajng tumungkul | langkung suka anarima | mung ing benjang yn amba
nusul ing laki | mantuk ing rahmatullah ||
16. kadongakna sagda anunggil | wontn kaanan ingkang minulya | Sunan Giri
ngstokake | pangsthining tyasipun | ni Lmah Bang anulya mulih | lawan
sakulawangsa | wuwusn kang kantun | Jng Suhunan Giripura | duk samana sampun
ngaturi udani | lunase Sh Lmah Bang ||
TAMMAT