BAB I PURWAKA1.1 Lelandhesan panlitenTlatah Jawa kalebu wilayah
kang jembar lan akeh pendhudhuke. Anane wilayah kang jembar lan
pendhudhuk kang akeh, nyebabake asil kabudayan kang maneka warna.
Masyarakat Jawa kawentar minangka masyarakat kang nduweni kabudayan
kang adiluhung. Salah siji asil kabudayan yaiku sastra. Kasusastran
minangka salah siji unsur kang ora bisa dipisahake klawan manungsa
ing panguripane. Amarga sastra iku minangka asile kabudayan.
Cundhuk karo andharane Ratna (2004,11) yen karya sastra minangka
bagian kang ora bisa dipisahake karo kabudayan. Salah siji asil
kabudayan kasebut yaiku kasusastran Jawa.Kasusastran diripta dening
para pangripta kanggo medharake sakabehe babagan ngenani kedadeyan
kang ana ing bebrayan. Najid (2009:10) ngandharake yen sastra
minangka wujud refleksi kasunyatan lan pengalaman urip. Adhedhasar
pengalaman urip lan kedadeyan-kedadeyan kang ana ing bebrayan iku
bisa mbiyantu panganggit anggone medharake ide-ide kanggo ngasilake
kasusastran. Kejaba kuwi, tujuwan anane sastra ing tengah-tengah
masyarakat yaiku kanggo weneh patuladhan tumrap manungsa supaya
bisa tumindak kang luwih becik. Pangrembakane kasusastran Jawa bisa
kaperang manut wektu pangrembakan lan jinising reriptan sastrane.
Purnomo (2007: 79) ngandharake, kasusastran Jawa manut jinising
reriptan sastra kaperang dadi kaya mangkene. Kapisan, yaiku
kasusastran Jawa kang nggunakake basa Jawa kuna kanthi wujud
reriptan sastrane arupa kakawin, yaiku Ramayana wujude kandha
(puisi) lan Mahabharata wujude parwa (prosa). Kaping pindhone,
kasusastran Jawa kang nggunakake basa Jawa madya kanthi wujud
reriptan sastrane arupa kidung, yaiku turur kanthi wujud puisi lan
prosa, Katelune, yaiku kasusastran Jawa klasik kanthi wujud
reriptan sastrane arupa tembang macapat. Kaping papat, yaiku
kasusastran Jawa kang nggunakake basa Jawa modern utawa mutakhir
kanthi wujud reriptan sastrane arupa reriptan kang kadayan
panggunane puitika sastra saka bangsa kulonan utawa Eropa.Ing
kasusastran Jawa, akeh anggitan kang medharake ngenani kedadeyan
urip kang maneka warna lan budhaya ing salebete panguripan bebrayan
Jawa.Suwarni(2013:1)ngandharakeyenpangrembakanesastraJawadiperangdaditelungperiode,yaikusastraJawakuno,sastraJawapertengahan,lansastraJawaanyar.Kasusastran
Jawa yaiku kasusastran kang nggunakake basa Jawa, diasilake dening
masyarakat Jawa lan sumebar ing masyarakat Jawa. Pamawas miturut
Poerbatjaraka (1957) ngandharake yen periode kasusastran Jawa
diperang dadi papat, yaiku: (1) Kasusastran Jaman Kuna, (2)
Kasusastran Tengahan, (3) Jaman Islam, lan (4) Jaman Surakarta
Awal. Jaman Islam lan Jaman Surakarta awal iki bisa kalebu ing
jaman kasusastran Jawa Anyar. Minangka tetinggalan kasusastran ing
jaman biyen kang bisa menehi katrangan kanthi cetha yaiku naskah
(Soeratno, 1997:9). Naskah yaiku tinggalane leluhur kang tibanjurs
tangan ing kertas, lontar, kulit kayu, lan rotan (Djamaris,
2002:3).Kitab Nawaruci iki mujudake salah sawijine sastra Jawa
lawas sing nduweni wujud naskah. Adhedasar pangrembakane Sastra
Jawa, Kitab iki kalebu asil karya Sastra Jawa Pertengahan. Kitab
iki ditulis nggunakake basal an aksara Kawi kang cacahe ana 8
pupuh. Kitab asli Nawaruci ditulis ing godhong lontar kang nduweni
kahanan nyedhihake banget, amarga akeh tulisan lan kaca kang ilang.
Miturut Prijohoetomo Naskah asli Nawaruci ditulis dening Empu
Syiwamurti udakara taun 1500-1613. Kitab Nawaruci nduweni
nilai-nilai sing luhur, salah sijine yaiku ngandut nilai budaya
kang wis suwi narik kawigatine para panliti. Adhedhasar sing
nuduhake ana ing ndhuwur, ing kalodhangan iki bakal ngonceki
ngenani nilai-nilai budaya jawa. Nilai-nilai budaya minangka
piranti kanggo ngonceki perkara kapercayan lan pola pamikire
masyarakat Jawa, kanthi luwih njero lan cetha. Panliten iki diajab
nduweni paedah tumrap pamaos kanggo nambahi kawruh ngenani
panguripan sosiale manungsa, mligine ngenani kapitayan marang
adat-istiadate wong Jawa lan panguripane masyarakat.
Utamane ngenani ruwat kang bakal diandharake sajrone panliten
iki. Ruwatan miturut asal-usule critane yaiku gegayutan karo anane
Bathara Kala kang senengane mangan wong. Wong kang dadi mangsane
Bathara Kala yaiku wong kang kalebu golongane wong sukerta. W.H.
Rassers (sajrone Djoko Suryo dkk, 1985:90) njlentrehake yen ruwatan
karo wong Jawa digawe kanggo ngluwari pawongan saka kakuwatan
supranatural ala kang ngancem pawongan-pawongan kang apes anane ing
donya iki. Kakuwatan supranatural iki dudu mung ngancem
pawongan-pawongan kang apes (wong Sukerta) ananging uga ngancem
kabeh kaluwarga. Bebaya iku miturut wong Jawa tradhisional saka
dewa kang salah lair yaiku Bethara Kala.
Prosesi ruwatan mujudake saperangan tradisi kang asale saka
kapitayan ing bebrayan Jawa kang dadi salah sawijine prosesi sakral
kanthi pangajab kanggo nolak bebaya kang dilambangake Bathara Kala.
Salah sawijine kang dadi inceran Bethara Kala yaiku bocah sukerta.
Bocah sukerta kasebut yen ora diruwat arep oleh bebaya. Malapetaka
nggambarake kasengsaran, lara, uga dadi bebaya urip kang abot.
Tembung mala kang tegese rusuhan lan petaka tegese kitiban. Saengga
bebaya bisa ditegesi ketiban reribet. Dadi wong utawa bocah Sukerta
kasebut kena bebaya, mula kudu diresiki kanthi diruwat. Mula
adhedhasar andharan kasebut, bakal diandharake ngenani tradhisi
ruwat sajrone Kitab Nawaruci ing ngisor iki.
1.1 Punjere PanlitenAdhedasar kang wis diandharake ing
lelandhesane panliten, mula prakara-prakara kang bakal ditliti
yaiku:1. Kepriye wujud lan isi Kitab Nawaruci?2. Kepriye analisis
unsur ruwat kang ana sajrone Kitab Nawaruci?
1.2 Tujuwane PanlitenAdhedhasar punjere panliten kang bakal
dionceki ing panliten iki mula panliten iki nduweni tujuan:1.
Ngandharake wujud lan isi Kitab Nawaruci.2. Ngandharake unsur ruwat
kang kinandhut sajrone Kitab Nawaruci.
1.4 Paedahe Panliten1. Panlitenikidikarepakebisanduwenipaedah
kanggo panliten-panlitensastra mliginesastra lawas. 2. Kanggo para
pamaos, panliten iki muga bisa didadekake dalan kanggo ngerteni
kasusatran Jawa. 3. Bisadidadekakebahanajarmliginemata kuliyah
sastra Jawa 4. Bisa
nggampangakepamacaanggonemangertenilanmahamiisisajrone Kitab
Nawaruci.
BAB IIANDHARAN2.1 Wujud lan IsiKitab Nawaruci kang dadi objek
panliten iki kalebu salah sawijine naskah kang ngandharake bab
ruwat. Warni (2013: 100) ngandharake yen nemtokake pabanjurs lan
wektu pabanjursan Nawaruci ora angel. Amarga ing pungkasane crita
ana kolofon kang ngandharake data ngenani pabanjurs kasebut, kaya
pethikan kolofon ing ngisor iki :Iti Tattwajnananirmala apusira mpu
Siwamurti. Telas sinurat sang hyang pustaka tattwajnana nimala I
Caka, rah 5, tenggek 3, caturdasi cukla ring dina Cwa, Ca ning Wugu
irika tlas linikiteng prajadeseng Cwecchapura, wuryan nikang
purusan, we tang ing wartmara. Santosakena wirupa ing aksara mwang
unikanya apan ulah ing atyanta mudhalpasastra, kewalyakedeh milwa
nurat, sang aparab Jemuharsa. OM saraswati nama, OM Gemung
ganapataye namah. Om cri Gurubhyo namah.Adhedasar kolofon ing
ndhuwur Nawaruci digawe dening Mpu Siwamurti, lan reriptan kasebut
diarani Tattwajnananirmala (piwulang suci). Ing sajrone kolofon uga
nyebutake jeneng Jemuharsa, minangka pabanjurs. Jeneng sakloron
kasebut kalebu jeneng samara. Nawaruci digawe karo Brahmana agama
Hindu kang ngarani dheweke Mpu Siwamurti. Ngenani papan panggonan
nalika pabanjursane yaiku ing prasajedeng Swecchapura, ngarani
salah sawijine dusun ing Swecchapura (Klungkung). Nanging isih
durung cetha menawa papan panggonan kuwi kalebu mandala, panggon
tapa, utawa omah. Nawaruci ditulis ing Klungkung dening brahmana
agama Hindu. Lan wektu nalika nggawe naskah kuwi yaiku 1 Caka rah 5
tenggek 5, bulan Crawana , tanggal 14 paro petang. Mula saka
informasi kuwi bisa didudut menawa wektu nalika nggawe naskah
Nawaruci yaiku tanggal 14 Juli tahune durung cetha. Nanging
Prijohoetomo menehi angka tahun 55, abad ke-14. 2.1.1 Ringkesan
Kitab NawaruciDriyodana, Sang Prabu negari Gajahoya, kandha marang
Pandhita Drona yen dheweke kepingin mateni Werkodara sing nalika
kuwi lagi meguru marang Drona, wusanane diutus dening Drona supaya
ngupadi banyu Mahapawitra kanggo kasampurnan ngelmune. Saka
pituduhe Drona, banyu Mahapawitra kuwi dumunung ing sumur Dorangga,
Werkodara banjur enggal budhal menyang sumur Dorangga. Nalika ing
njerone sumur, dheweke ora bisa nemokake apa kang dadi panyuwune
Drona. Kapara sing ana malah ula gedhe cacah loro, lanang lan
wadon. Kelakon Raden Werkodara perang lumawan ula-ula kasebut.
Werkodara kasil ngasorake ula loro kasebut kanthi disuduk nganggo
kuku Pancanaka.Werkodara banjur mbacutake lakune tumuju Gajahoya.
Drona lan Driyodana kaget banget nalika weruh Werkodara isih urip.
Werkodara kandha menyang Drona yen banyu Mahapawitra ora ana ing
sumur dorangga. Drona banjur kandha yen ature mau jebul kliru.
Banyu Mahapawitra ora dumunung ing sumur Dorangga, nanging ing
Tegal Andhadawa.Enggal budhal sang Werkodara menyang Tegal
Andhadawa. Ing kana dheweke ora bisa nemokake apa-apa. Sing ana
mung panggonan kang gersang tanpa ana panguripan. Ora suwe,
Werkodara ketemu karo sawijining raseksa sing jenenge Indrabahu.
Raseksa kasebut nedya mangan Werkodara. Mula kekarone kelakon andum
yuda. Pungkasane Werkudara kasil mateni Indrabahu. Sawise Indrabahu
tiwas, saka anggane metu wewujudan. Wewujudan kuwi ora liya Bathara
Indra. Bathara Indra ngaturake panuwun marang Werkodara merga wis
ngluwari dheweke saka mala kang wis disandhang rolas taun. Sawise
Bathara Indra bali menyang kahyangan, Werkodara enggal bali menyang
Gajahoya. Nalika kuwi neng kana lagi ana paseban. Werkodara teka
kanthi nggawa endhase Indrabahu, njalari kabeh kang ana ing paseban
padha keplayu wedi. Driyodana mlayu, dene Sang Drona semaput.Nalika
sang Drona wis sadhar, dheweke takon endi banyu Mahapawitrane.
Diwangwuli Werkodara yen dheweke ora bisa nemokake banyu kasebut.
Banjur Sang Drona kandha yen dheweke mau lali. Dheweke lagi
kelingan yen banyu Mahapawitra kuwi ana ing dhasaring samudra
Lawana Udadhi. Sang Drona uga kandha yen Werkodara ora
dikeparengake migunakake aji-aji, apa dene prahu. Dheweke kudu
nglangi yen kepingin entuk banyu kasebut.Enggal budhal sang
Werkodara tumuju menyang Lawana Udadhi. Teka ing Indraprastha,
Werkodara kepethuk karo ibu lan sedulur-sedulure. Werkodara enggal
kandha yen dheweke diprintah dening sang Guru supaya ngupadi banyu
Mahapawitra kang dununge ana ing telenging samudra Lawana Udadhi.
Werkodara enggal pamit, kairing tangise Kunthi, dropadi lan para
sedulur Pandhawa.Kacaritakake, Raden Werkodara wis ana ing gisiking
samudra. Dheweke enggal nyemplung ing samudra kuwi. Anggane
diobat-abitake ombak nganti maambal-ambal natap watu karang.
Wusanane raden Werkodara tumeka ing seda. Kadherekake para abdi
kang uga melu nyemplung. Weruh Werkodara kang seda, sang Nawaruci
tuwuh rasa welase. Raden Werkodara lan para abdine diuripake maneh.
Neng kana Sang Nawaruci ngripta pulo anyar ing tengahing samudra.
Pula kang endah, sugih tetanduran lan sato kewan. Werkodara
disuguhi who-wohan lan panganan sing enak-enak. Raden Werkodara lan
para abdi banjur mangan telap-telep merga keluwen.Werkudara nemoni
Nawaruci kanggo nggoleki banyu Mahapawitra ing Samudra Lawana
Udadhi. Nawaruci aweh panemu yen Werkudara wis diapusi dening
gurune dhewe yaiku Drona nanging Werkudara wis antep pamikire
marang Gurune. Drona aweh prentah marang Werkudara kanggo nggoleki
banyu Mahapawirta. Nawaruci kandha yen banyu Mahapawitra ora bisa
digayuh tanpa dheweke. Banyu sejati kang suci mung Sang Hyang Tirta
Kamandalu. Banyu iki angel ditemokake. Kanggo nggoleki banyu
Mahapawirta, Werkudara kudu prang minangka simbol kekuwatan.
Nawaruci aweh wangusulan yen sing ngripta donya yaiku Anantawisesa
sing nduweni teges wani urip ing sekabehe donya. Sang Hyang Mhurca
tegese ora katingal. Nglewih yaiku tegese ora ana padhanane.
Werkudara takon marang Nawaruci ngenani pangimpene. Apa kang ilang
ing ragane manungsa nalika mati. Werkudara takon, "sapa sing nunggu
ragane manungsa?", Nawaruci mangsuli, ana telu yaiku Sang Hyang
Manon, Sang Hyang Pramono, Sang Hyang Patunggu urip. Werkudara
rumangsa utang budi marang Nawaruci kang menehi wejangan kanggo
dadi manungsa kang utama. Werkudara kepengen weruh panggonane banyu
Mahapawirta. Nawaruci menehi weruh panggonane (Baratawarsa) salah
sawijine dhaerah perang saengga kudu ngati-ati. Nawaruci menehi
wejangan ngenani Anima, lakhima, mahima, isyitwa, prapta, prakamnya
lan yathakamawasyayitwa. Werkudara takon ngenani darma minangka
muride sang pandhita Dheweke ora seneng mangan, ora nduwe rasa
lara, ora endah, seneng ngguyu, ora nyenengake lan sombong. Bima
takon marang nawaruci apa kang sinebut sunyi. Dheweke puncak dewa,
mantra kang utama, puncake ilmu, lan kasekabehane ilmu yaiku
nirajnana. Iki kang sinebut dharma kauwus uwusan yaiku hak, ukum,
lan kuwajiban kang sampurna. Telerep yaiku kilat wengi, lesus yaiku
angin pusar, gereh yaiku guruh, benter yaiku guntur, gledheg yaiku
gludhug, pather yaiku petir. Taya nduweni teges ora ana. Suksma
yaiku glombang angin panas. Bakal tumeka atita, anagata, lan
wartamana ing niskala yaiku ora ana.Sang Awirota ninggalake
Nusakambangan banjur budhal menyang Barunapada panggonane Sang
Hyang Baruna. Awirota teka ing Brahmaloka panggonane Batara Brahma
banjur menyang Indrapada panggonane Sang Hyang Indra. Budhal
menyang Wisnupada panggonane Batara Wisnu banjur menyang Kanakawati
panggonane Sang Hyang Paramiswara. Sang Awirota ora mangerteni
panggonane Sang Hyang Yama yaiku nraka. Nawaruci ngongkon Awirota
supaya nemoni Sang Hyang Asmara. Ing Kahyangan Awirota dipapak Sang
Hyang Asmara. Awirota njaluk tulung Sang Hyang Asmara supaya
diwenehi weruh panggonane Sang Hyang Amrtanjiwane. Sang Hyang Kuni
menehi weruh panggonane Sang Hyang Amrtanjiwani yaiku Siwamurti
nanging panggonan iku mbebayani amarga akeh dhayangane. Awirota
teka ing panggonane Sang Hyang Amrtanjiwani nanging dheweke ora
mundur ngandhepi para dhemit. Ing kono Awirota mateni naga raseksa.
Masiya ngadhepi mungsuh kang nduweni gegaman kang sekti nanging
Awirota ora tatu babar pisan. Awirota diserang dening rajapanulah
sing ndadekake sirahe bocor. Nawaruci aweh pitulungan marang
Awirota. Awirota kasil nduweni Sang Hyang Amrtanjiwani banjur
nerusake lakune.Sang hyang paramesthi diadhep dening
dewatanawasanga, caturlokapala, pancaresi, saktaresi, widadara,
widadari. Sang hyang paramesthi bingung amarga sang hyang
amrtanjiwani dijupuk sang awirota. Nalika Sang awirota nggawa mlayu
banyu sang amrtanjiwani, dheweke diserang dening para dewatasanga.
Sang awirota digepuk sirahe nganti pecah. Sang hyang acintya
ngrebut banyu panguripan saka bathara bayu. Para nawatadewa
kabingungan amarga banyu amrtanjiwani ilang maneh. Sang hyang
jagadnata nglipur atine sang hyang paramesthi guru banjur
cepak-cepak semedi ing merupastika.Sang awirota wis ninggalake
suralaya. Tumekane ing bumi dheweke menyang gajahoya saperlu nemoni
sang hyang drona lan sri maharaja driyodhana. Banyu mahapawitra
didudohake marang drona, nanging drona ora percaya yen banyu
kasebut banyu panguripan.Mangerteni kadadeyan kuwi nawaruci mudhun
ing bumi. Sang hyang acintya murka amarga pangucape drona. Nawaruci
nerangake marang drona ngenani banyu mahapawitra kang aran sang
hyang amrtanjiwaniWerkudara budhal menyang lawana udadhi saperlu
nemoni drona kang wis disedakne utawa diuncalne nawaruci ing
samodra lawana udadhi. Werkudara nggunakake jalasangara kanggo
nggoleki drona. Drona kang ana ing dasare segara ditulungi dening
werkudara. Drona rumangsa getun amarga ngongkon bima nggoleki banyu
panguripan. Drona lan bima bali menyang gajahoya.Drona ngandhani
driyodhana yen bima kuwi pawongan kang utama amarga wis nulungi
dheweke. Nalika bima dijak pesta drona, dheweke ora gelem amarga
kepengin mulih menyang indraprastha. Sipat drona kang ala ora ana
tandhingane lan tindak tanduke ora pantes diconto.Ing bageyan iki
dicritakake ngenano Raden Werkodara utawa Bima kang nyiapake dhiri
lair sarta batin kanggo nglakoni tapa lan ora bisa bali menyang
Indraprahasta sadurunge ngrampungake tapane. Dheweke niyat banget
nglakoni tapa lan budhal menyang Prthiwijati. Kabeh pancadriya wis
dipateni pratandha yen tapane wis bisa diwiwiti. Para Nawadewata,
pancaresi lan caturlokapala ngadhep menyang Sang Hyang Pramesthi
utawa Bathara Guru saperlu kandha yen ana pawongan kang nglakoni
tapa kanthi apik lan tenanan banget. Banjur Bathara Guru nduweni
rencana kanggo nggodha Sang Angkusprana liwat wolung widadari kang
ayu-ayu. Wolung widadari iku ngupaya kanggo nggodha, nanging Sang
Angkusprana ora bisa diperdaya lan tetep nglakoni semedhine.
Bathara Guru ngongkon supaya Bathara Lumanglang ngundhang Sang
Angkusprana menyang Suralaya (panggonan para dewa), nanging ora ana
asile. Malah ndadekake Bathara Lumanglang nyembah marang Sang
Angkusprana. Kahanan iku uga ndadekake Bathara Wisnu uga nekani
Sang Angkusprana saperlu menehake undhangan saka Bathara Guru.
Nanging dheweke uga nulak undhangane Bathara Wisnu. Saiki wis ana
rong dewa kang nyembah marang pawongan biyasa. Banjut Bathara Guru
lan kabeh dewata nawangsa, caturlokapala sarta pancaresi budhal
menyang Prthiwijati saperlu ngrusuhi tapane Sang Angkusprana lan
sapa wae kang tapa ing Prthiwijati. Geni syiwa ngobong Prthiwijata
lan para pawongan kang tapa ing kono njaluk tulung marang Sang
Angkusprana. Sang Angkusprana nyabda supaya geni syiwa bali menyang
Suralaya. Para dewa lan widadari padha nangis lan njaluk keslametan
marang Bathara Guru. Banjur Bathara Guru dhewe nekani Sang
Angkusprana saperlu ngundhang dheweke menyang Suralaya, nanging
dheweke uga nulak. Bathara Guru nesu lan nyabda supaya Sang
Angkusprana dadi raksesa, nanging sabdane iku balik menyang Bathara
Guru lan para nawadewata. Para dewa padha nesu lan nyerang
Indraprahasta.Amarga tekane para dewa kang malih dadi raksesa ing
Indraprahasta, ndadekake balai Wawarnan ing Manguntur rusak lan
Balai Pamancaran uga ora ninggalake tilas. ABathara Guru njaluk
marang Sang Angkusprana supaya bisa kaya biyen maneh. Banjur Sang
Angkusprana ngijabahi panjaluke mau. Para dewa bisa bali maneh kaya
biyen lan uga bali menyang Suralaya. Mula dheweke bali menyang
Indrprahasta. Ing kono, dheweke disambut Sri Bathara Ibu Suri, Sang
Dropadi, Raden Dhananjaya, Nakula lan Sadewa. Sang Pandhawa nyambut
tekane Raden Bima kanthi nggawe adicara gedhe-gedhenan. 2.1.2 Ruwat
Sajrone Kitab NawaruciTembung ruwat yaiku 1) Luar saka panenung
(wewujudan sing salah kedaden); 2) Luar saka ing beban lan
paukumaning dewa; 3) Dipateni tumrap kewan kang mbebayani
(Purwadarminta, 1939:534). Sajrone tradhisi Jawa Kuna, ruwat
diweruhi minangka konsep lukat kanthi teges dihapuskan, dibatalkan,
dilepaskan, dibersikan, disucikam (Zoetmulder,
1982:611-612).Ruwatan yaiku ritual sakral kanthi tujuwan kanggo
mbebasake, ngresiki wong saka samubarang kang dideleng ora becik
utawa ala sarta jahat. Sajrone ruwatan uga ana, kekarepan,
pepenginan, supaya manungsa adoh saka bebayan. Menawa ora diruwat
miturut kapitayan manungsa kuwi bakal oleh bebayan, manungsa iki
diarani wong sukerta. Ruwat ora mung mbebasake wong saka
pangaribawa ala nanging luwih cundhuk ngresiki wong saka dosa kang
sinebut mala utawa klesa kang ana sajrone badane. Ngruwat yaiku
ngudari ruwet renteng kanthi cara ngadani pagelaran wayang purwa
lan jupuk crita tartamtu. Uga ruwatan arupa salah sawijine bentuk
utawa cara kanggo nggayuh kasenengan utawa hiburan guna nglalekake
keruwetan batin (Sastroamidjaja, 1964:145-163).Nawaruci kalebu
reriptan sastra golongan kapisan, Exorcist Tales. Werkudara
minangka paraga utama tanpa disengaja ngruwat saperangan paraga
sajrone kitab Nawaruci, senajan nyatane Dorna kang ngutus Werkudara
nggoleki mahapawitra, mung kanggo alas an. Tujuwan utama Dorna
mateni Werkudara yaiku amarga diutus bujukane Duryudana. Unsure
kang ana sajrone kitab Nawaruci bakal dijlentrehake ana ing ngisor
iki :Werkodara sing nalika kuwi lagi meguru marang Drona, wusanane
diutus dening Drona supaya ngupadi banyu Mahapawitra kanggo
kasampurnan ngelmune. Saka pituduhe Drona, banyu Mahapawitra kuwi
dumunung ing sumur Dorangga.Werkodara nuli enggal budhal menyang
sumur Dorangga. Sawise tekan kana, Werkodara enggal nyemplung ing
sumur kasebut. Nalika ing njerone sumur, dheweke ora bisa nemokake
apa kang dadi panyuwune Drona. Kapara sing ana malah ula gedhe
cacah loro, lanang lan wadon. Kelakon Raden Werkodara perang
lumawan ula-ula kasebut. Werkodara kasil ngasorake ula loro kasebut
kanthi disuduk nganggo kuku Pancanaka lan diuncalake menyang
ndhuwur.Ula loro sing wis dipateni dening Werkodara kasebut
pranyata panjilmane widadara lan widadari sing jenenge
Syarasambaddha lan Harsanandi. Kekarone nangis bagya lan ngaturake
panuwun marang Werkodara amarga wis bebas saka sukerta minangka
ruwat saka Werkudara bajur kekarone bali menyang kahyangan.
Werkodara banjur mbacutake lakune tumuju Gajahoya. Drona lan
Driyodana kaget banget nalika weruh Werkodara isih urip. Jalaran
kekarone nganggep yen Werkodara bakal mati dening Ula gedhe ing
Sumur Dorangga.Werkodara kandha menyang Drona yen banyu Mahapawitra
ora ana ing sumur dorangga. Drona nuli kandha yen ature mau jebul
kliru. Banyu Mahapawitra ora dumunung ing sumur Dorangga, nanging
ing Tegal Andhadawa.Enggal budhal sang Werkodara menyang Tegal
Andhadawa. Ing kana dheweke ora bisa nemokake apa-apa. Sing ana
mung panggonan kang gersang tanpa ana panguripan. Ora suwe,
Werkodara ketemu karo sawijining raseksa sing jenenge Indrabahu.
Raseksa kasebut nedya mangan Werkodara. Mula kekarone kelakon andum
yuda. Nalika Werkodara andum yuda lumawan Indrabahu, bumi kaya
horeg. Iwak-iwak padha koncat saka segara, wit-wit gedhe padha
rubuh, kewan-kewan padha mlayu metu saka alas.Wusanane sang
Indrabahu kasoran. Werkodara kasil midak lan nindhih raseksa kuwi.
enggal wae raseksa kuwi diangkat. Indrabahu ngripih-ngripih njaluk
supaya aja dipateni, nanging ora digubris. Werkodara kasil mateni
Indrabahu lan gulune diuntir nganti pedhot.Sawise Indrabahu tiwas,
saka anggane metu wewujudan. Wewujudan kuwi ora liya Bathara Indra.
Bathara Indra ngaturake panuwun marang Werkodara merga wis ngluwari
dheweke saka mala kang wis disandhang rolas taun. Dheweke malih
dadi raseksa kuwi jalarane diukum dening Sang Paramesthi. Nalika
Sang paramesthi lan garwane liwat ing ngarepe bathara Indra,
dheweke malah mung males-malesan kanthi ngongkang-ongkang sikile.
Mula saka kuwi dheweke banjur dadi Raseksa lan bali menyang
Surgaloka. Ing pungkasan crita saperangan dewa diruwat dening
Werkudara.
BAB IIIPANUTUPKitab Nawaruci minangka karya sastra. Karya sastra
yaiku seni sastra sing kalebu tapak tilas arupa tulisan, tapak
patilasan lan uga bisa dimangerteni lumantar basa. mula, serat iki
kalebu sastra, amerga cerita rakyat sing awujud buku utawa tulisan
lan ora cerita langsung saka narasumber. Warta asile budaya jaman
biyen sing ana ing naskah lama bisa diwaca kanthi media tulisan
arupa naskah. Karya sastra Nusantara sing sumimpen ing naskah
minangka pamikiran para leluhur. Kitab Nawaruci iki kalebu Sastra
Jawa Pertengahan. Kitab Nawaruci iki ditulis dening brahmana Hindu
udakara tanggal 14 paro petang. Utawa tanggal 14 Juli tahune durung
cetha. Nanging Prijohoetomo menehi angka tahun 55, abad ke-14 ing
desa Klungkung. Ditulis karo basa lan aksara Kawi ing godhong
lontar kang kahanane wis ora apik maneh, akeh kaca kang ilang.
Sajrone kitab Nawaruci dicritakake menawa Werkudara ngruwat rong
ula gedhe kang nyatane widadara lan widadari yaiku jenenge
Sarasambada lan Harsanandi. Dheweke bebas saka sukerta nalika
Werkudara mateni rong ula kuwi kanggo kuku pancanaka. Uga raseksa
kang diarani Indrabahu kang satemene Bathara Indra, dheweke uga
bebas saka sukerta nalika dipateni dening kuku pancanake Werkudara.
Uga ana saperangan dewa liyane kang diruwat dening Werkudara. Ing
pangrembakan sawise sajrone bebrayan Jawa ruwatan dadi tradhisi,
tradhisi kasebut dilakoni minangka salah sawijine pepenginan supaya
manungsa dislametake saka mala kang mbebayani panguripane manungsa.
Kanthi ruwatan, manungsa ngrasa dilindungi karo kekuwatan gedhe
kang dipercaya minangka kekuatan saengga sajrone bathine tuwuh rasa
tansah eling, tobat, tumungkul, manembah, nenuwun, manages, nywun
ngapura, sumeleh, pasrah, lsp. Sajrone ruwatan kasebut ana piranti,
sesajen, kurban, utawa mantra kang didadekake sarana utawa medhia
kanggo njembatani komunikasi antarane manungsa kanthi kekuwatan
kang dipengini. Sajrone masarakat ruwatan diejawentahake sajrone
saperangan kagiyatan spiritual kayata slametan, bancakan, memetri,
bersih desa, sedekah bumi, ider bumi, ngadani pagelaran, lsp.
Maksud ruwatan yaiku muja lan nyuwun rahayu utawa slamet, utawa
urip raharja, Prosesi ruwatan mujudake saperangan tradisi kang
asale saka kapitayan ing bebrayan Jawa kang dadi salah sawijine
prosesi sakral kanthi pangajab kanggo nolak bebaya kang
dilambangake Bathara Kala. Salah sawijine kang dadi inceran Bethara
Kala yaiku bocah sukerta. Bocah sukerta kasebut yen ora diruwat
arep oleh bebaya. Malapetaka nggambarake kasengsaran, lara, uga
dadi bebaya urip kang abot
KAPUSTAKANDjamaris, Edward. 2002. Metode Penelitian Filologi.
Jakarta: CV ManascoNajid, Moh. 2009. Mengenal Apresiasi Prosa
Fiksi. Surabaya: University Press Poerbatjaraka. 1957. Kapustakan
Djawi. Jakarta: Djambatan. Purnomo, S. Bambang. 2007. Filologi dan
Studi Sastra Lama. Surabaya: Penerbit BINTANG Poerwadarminta, WJS.
1939. Bausastra Djawa. Jakarta: J. B. Wolters' Uitgevers atau
Maatchappij N.V. Groningen. Ratna, Nyoman Kutha. 2004. Teori,
Metode dan Teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka
BelajarSuwarni. 2013. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: Perwira
Media Nusantara Suryo, Djoko, dkk. 1985. Gaya Hidup Masyarakat Jawa
di Pedesaan Pola Kehidupan sosial, Ekonomi, dan Budaya. Jakarta :
Depdikbud Direktorat Jenderal Kebudayaan Proyek Penelitian
Indonesia Gunung Agung. Zoetmulder, P .J . 1983. Kalangwan, Sastra
Jawa Kuna Selayang Pandang, Terjemahan Dick Hartoko, seri ILDEP,
Jakarta, Penerbit Djambatan.
16