PIDATO NASEHAT PERNIKAHANApril 10, 2008
. : . Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan
ingkang kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo
hormati. Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT
ingkang sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito
sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing puniko majlis,
dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi
pernikahan ingkang sanget keramat meniko Mugi-mugi kerawuhan kito
sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh kito
sedoyo. Amien. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang kaping
kalih mugiho rohmat tadzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun
limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho
poro ahli keluarga lan sohabatipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati
! Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di
kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam,
melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab
nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken
dawuhipun kanjeng Nabi :
Ingkang artosipun :
Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh,
krono besuk ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro
kabeh Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah.
Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados
kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko
merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun
pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah.
Dene Islam didalam nikah meniko, dados syarat syahipun nikah. Poro
rawuh ingkang kulo hormat ! Salajengipun menurut sebagian Ulama,
wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah meniko asalipun
tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha (Nikah )ing tigang huruf kolowahu
anggadahi singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer
setunggal huruf Nun meniko singkatan sangking kata Nimat, tegesipun
tiang dados manten utawi tiang nikah meniko ngraosaken nikmat lahir
lan batin. Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata
Karomah utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun
mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun meniko
dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun
raja lan permaisuri. Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking
kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi
sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun,
benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem
piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling,
tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh
garwane Poro rawuh ingkang kulo hormati !! Kajawi saking meniko
taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun
laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler
sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang
sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-
dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus
jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang
bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun. Alloh
sampun dawuh wonten Al-Quran
Artosipun : Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin
dateng tiang estri Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler,
ing antawisipun inggih meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler,
kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu
toat, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis
maksiat. Shoho menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang
estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan njagi
bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken
dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :
Ingkang artosipun : Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro
sawang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko siro
perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga
awake lan bondo siro Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten
atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih.
Kupat lepet taline janur Lepat luput tetep dadiho sedulur Akhiripun
sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun
pangapunten.