(h.i) Rĕgi f 0,35 Serie No. 192. Wedalan Bale Pustaka (h.ii) Layang Balewarna Amratelakake kahananing bale pomahane wong cilik ing tanah Jawa, lan cununtun amurih raharjaning omah-omah. Anggitane Mas Sasrasudirja Mantri guru ing pamulangan ongka II I Gĕrtĕk (h.iii) Isine layang iki. Bubuka kaca 1
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
(h.i)
Rĕgi f 0,35
Serie No. 192.
Wedalan
Bale Pustaka
(h.ii)
Layang Balewarna
Amratelakake kahananing bale pomahane wong cilik ing tanah Jawa, lan
cununtun amurih raharjaning omah-omah.
Anggitane
Mas Sasrasudirja
Mantri guru ing pamulangan ongka II
I
Gĕrtĕk
(h.iii)
Isine layang iki.
Bubuka kaca 1
Kahananing omah-omah ing padesan 4
Kahanan sajroning omah 7
Pakarangan ing desa 11
Prayogane omah 14
Pangupakaraning pakarangan sakubĕnge omah 20
Pangrĕksane tatanduran 23
Dununging kandhang utawa lumbung sapanunggalane 27
Panjagane omah sawĕwĕngkon 30
(h.1)
Bubuka
Sapa kang ora kapengin duwe omah pakarangan. Aja maneh kang
wong bumine tanah Jawa, dalah wong monca kang pancen arep manggon
lawas, akeh kang padha marlokake ngupaya omah lan pakarangan. Ing
tanah Jawa kene biyen kĕna diarani arang-arang ana omah, isih akeh alase.
Desa siji lan sijine ĕlĕte adoh bangĕt, tur sadesa mau omahe ora akeh. Saya
lawas wong tanah Jawa sangsaya mundhak jiwane, tumĕkane saiki alas-alas
wis ora sapiraa, amarga padha dibubak digawe padesan, sawah utawa tĕgal.
Mangkono uga kang akeh-akeh sabĕne omah ewis pĕpĕt, iku kang nelakake
yen uwong padha dhĕmĕn omah-omah. Ana maneh tandhane: dhek biyen
wong doltinuku lĕmah ora akeh, lan rĕganing lĕmah iya murah. Barĕng wong
wis mundhak akeh, rĕganing lĕmah banjur dadi larang, amarga akeh kang
melik kanggo pomahan. Luwah maneh ing nagara gĕdhe, utawa panggonan
kang rame, rĕganing pomahan larang banget. Wong sugih-sugih akeh kang
gĕlĕm tuku pakarangan, banjur didĕgi omah disewkake. Lĕmah pakarangan
kang sajroning kutha kang ana sapinggiringe dalan gĕdhe, rĕgane nganti bisa
tikĕl sapuluh tinimbang ing padesan, amarga yen diĕnggoni gampang kanggo
ngupajiwa. Wong kang panguripane babakul lan utawa marung ing omahe,
wis mĕsthi milih panggonan ing pinggir dalan.
Miturut barita ing jaman kuna bab babade tanah Jawa, wiwit biyen
wong bu (h.2)-mi ing tanah Jawa kene uga wis padha duwe omah, ĕmbuh
nyonto wong hindhu, ĕmbuh bangsa liyane. Nanging omahe durung patiya
kukuh lan durung becik. Kaya kang dicaritakake ing babad Indiya, dhek
jaman kumpĕni durung lawas angajawa, omah-omah ing cĕdhak kraton isi
payon kajang, pagĕr pring, lan cilik-cilik. Prabotan lan rĕrĕngganing omah ora
ana babar pisan. Mongka iku omah kang ana ing kutha, pancene luwih bĕcik.
Dadi omah ing desa-desa utawa kang adoh karo kraton wis mĕsthi ora
pangaturan babar pisan. Ya gene dene omahe wong bumi biyen kaya
mangkono. Iku sababe mangkene:
Kapisan: durung akeh tuladha utawa piwulang bab gawe omah kang
prayoga.
Kapindho: jarene para panggĕdhe ing jaman kuno iku isih nindakake
sawĕnang-wĕnang marang bawah parentahe, ora kĕna wong cilik madhani
apa maneh ngungkul-ungkuli panggedhene. Mulane wong biyen banjur ora
gĕlĕm gawe omah prayoga, sabab wĕdi marang dhudhuwurane mau, ora
wurung diniaya.
Kaping telu: ing jaman samana isih jaman dauru, tansah ada pĕrang,
kapriye bisane kobĕr andandani omah lan ngupakara pakarangane, sabab
arang-arang ana ing omah, kang mĕsthi padha nglurug pĕrang.
Ping pat: sanajan ora nglurug perang: dhek biyen akeh rurusuh, wong
mateni uwong, anjarag rayah darbeking liyan, sapapadhane kalakuwan kang
agawe cilakane uwong. Dadi samongsa ana wong kang omahe katon rada
gĕdhe utawa bĕcik dikira sugih, ora lawas mĕsthi ana dursila kang tĕka
mrono.
(h.3) katrangan patang prakara iki wis nyakupi kanggo mratelakake sabab-
sababe omah ing jaman biyen ora ana kang becik. Anggĕr wis ngadĕg kĕna
digawe ngaub bae wis cukup. Kaya mangkono turun-tumurun kongsi
saprene, wong cilik ing tanah Jawa isih nglastarekake ĕnggone omah-omah
ora dipranata kalawan pantĕs, mangkono uga pakarangane uga ora dipikir
murih bĕcike, mung naluri kang uwis-uwis. Undhaking kawruh lan pĕncaring
nalar iku saka akeh tuladhane lan saka piwulang, apa dene kudu
kukumpulan. Sarehne ing tanah Jawa kene wong bumine durung sapiraa
kang dhĕmĕn ngundhakake kawruh, dadi tataning omah-omah iya ora
sapiraa undhaking bĕcike. Siji loro iya wis ana omah kang rada pantĕs utawa
mrabot, iya iku omah kang cĕdhak kutha, utawa omahe wong kang wis
jĕmbar jajahane, dadi wis wĕruh tuladha saka liya bongsa. Ewa dene bale
pomahan mau iya durung kĕna diarani bĕcik tĕmĕnan utawa nyukupi. Sabab
ana omah kang bĕcik balungane, ĕnggone mraboti utawa ngrĕngga sawiyah
bae. Sawĕneh prabote mĕpĕki, nanging panatane ora bĕnĕr. Ana maneh
kang wis kabĕnĕran omah lan prabote, ora diopeni, wĕkasan enggal rusak
utawa bubrah. Omah dalah prabote bĕcik dikaya ngapa, manawa ora
timbang lan pakarangane, iya dadi ala lan saru. Ora kurang wong kang
dhĕmĕn bĕcik, nanging reh ning tumindake mung saka tiru-tiru bae, ora
gĕlĕm sinau, dadi kĕrĕp kaliru. Pangrasane anggone nata omah lan
pakarangane wis nyakupi, ora weruh yen malah dadi cacad lan ngalan-alani.
Sanajan wong cilik ing jaman saiki wis akeh kang sumup marang
omah la (h.4) -n pakarangan kang bĕcik, ewa dene saka wangkot lan
cupĕting nalare ora gĕlĕm gawe kaya kang wis disumurupi iku. Saupama
diprentahana lan ditakoni sababing wĕgah, wangsulane ora maton, mung
amburu lan anggugu panĕmune dhewe, kayata:
Sabab ora duwe sarat, sabab ora parlu. Ana kang ngira ora beda,
mundhak dadi kangelan bae. Ana maneh kang mangsuli sabab mundhak
ngungkul-ungkuli, ora lumrah tongga-tanggane. Nitik wangsulan ing dhuwur
iku, nelakake wong cilik utawa wong padesan padha durung mangĕrti
mungguh pigunane bĕciking omah lan pakarangan, yen mangkono patrap
pangrĕksaning bale pomahan iya ora sumurup. Wong kang ora bisa gawe
bĕciking omah lan pakarangan, iya ora bisa mranata isen-isene, dadi ora bisa
mĕngku marang darbeke, wĕkasan ora bisa mulangi wong kang dadi
wĕwĕngkon sajroning omah, wis mĕsthi ora bisa sĕnĕng uripe.
Kahananing Omah-Omah ing Padesan
Dununging omah kang padha ana ing padesan iku kĕna diarani ora
karuwan, katara bangĕt adĕging omah mau mung manut siring atine dhewe.
Wanguning omah warna-warna, mangkono uga balungan utawa payone, ora
parlu dicaritakake, amarga wis akeh kang nyumurupi. Kang parlu
dipratelakake, apa ta cacade omah mau, mangkene: meh sabĕn omah ing
padesan iku mĕsthi rapĕt ora didelehi dalan angin utawa jandhela, dado
sanajan wayah awan, yen ana sajroning omah iya pĕtĕng, luwih maneh yen
lume (h.5) -bu ing sĕnthhong, ora bisa sumurup apa-apa yen ora nganggo
colok. Mulane dirapĕti mangkono, pamurihe aja kongsi ana wong bisa
sumurup isen-isene sajroning omah. Yen didelehi jandhela utawa dalan
angin, gampang bisane wong nginjĕn ing jĕro, dadi durjana banjur bisa
mamaling mĕtu jĕndhela mau. Panĕmu kang mangkono mau dadi tondha yen
wong kang cupĕt ing budi iku tansah nyujanani ala marang liyan. Durung
mĕsthi durjana gĕlĕm mamaling mrono, lan apa sabĕn wis dirapĕti mangkono
banjur ora tau mamaling, dadi iku panĕmu luput. Sareh ning pandĕlĕnge wis
manuh marang pĕtĕng, dadi dalah pamikire iya pĕtĕng, ora bisa mikir kang
sampurna, mongka pĕtĕng iku ngrusakake piranti ing pandĕlĕng, iya iku
mata. Tondha yĕktine yen mata iku dhĕmĕn marang padhang, saupama
wong andĕlĕng papan kang jĕmbar, ditandhing karo andĕlĕng sajroning
sĕnthong kang rupak lan pĕtĕng, kapenak ing mata iya luwih kapnak ana ing
panggonan kang jĕmbar mau. Manawa mata kanggo andĕlĕng ana ing
pĕpĕtĕng kurang kĕdhepe, sabab kapĕksa mandĕng samubarang kang
didĕlĕng supaya katon cĕtha, wĕkasan karasa pĕgĕl, rasaning ati iya dadi
sumpĕg, ambekan ora landhung, gampang tuwuh ing lalara ing sajroning
awak.
Soroting srĕngenge ora bisa malĕbu ing omah marga saka rapĕting
pagĕre. Ananging pagĕr mau ora kukuh, panggarape daya-daya rampunga,
utawa yen pagĕr pring iya melik iride, mulane dadine pagĕr tipis tur rimpil,
wuwuh-wuwuh ĕnggone ngetrapake ora trĕp, dadi saru dinĕlĕng. Sawĕneh
ing panggonan ana omah kang pagĕr bata mĕntah, wragade luwih akeh
timbang pagĕr pring, ananging pamasange bata mau ora diarah-arah amurih
jĕjĕg lan rata, dadi mung pathok tamumpang, (h.6) tarkadhang sarampunge
ora dilepa, ora kapenak dinĕlĕng. Ana omah kang pagĕr gĕbyog, kayu rana
bĕcik, nanging panggarape kurang alus, dadi eman-eman kayune. Ana
kalane pagĕr-pagĕr mau dibathik-bathik sarana cet warna-warna, utawa
nganggo tir disĕlang-sĕling labur, rumasane bĕcik nanging malah sĕpĕt
dinĕlĕng, amarga ora karuwan aturane lan corake pating caloneh. Ora
ngĕmungake pagĕr omah bae dalah pagĕring glindhing utawa grobag akeh
kang ginawe kaya mangkono, kajabane dibathika pĕtha kakĕmbangan utawa
cĕplok-cĕplokan ana kang digambari wayang,kewan, utawa liya-liyapagne
kang ora mempĕr babar pisan.
Pagĕr sĕnthong ana kang dirangkĕpi kepang banjur digapit-gapit
pating slerang, dadi rupa kothak-kothakan pasagi utawa pasagi ambata,
nanging dinĕlĕng kaya barang tambalan, pating tĕremplek ora nyĕnĕngake.
Adĕging omah ing padesan angĕnĕr dalan, amurih adhakan kanggo
lunga tĕka, lan bisa andĕlĕng apa kang liwat ing dalan kono. Nanging isih
akeh omah kang adhĕpe anjarag ngungkurake dalan, dadi upama dalane ana
lor, lawanging omah ana king kidul, yen arĕp mĕnyang daplan mau kudu
mubĕng utawa mĕtu ngiringan omah. Sanajan wus tetela yen lawanging
omah kang mangkono mau angewuh-ewuhi lan nyanyuwel laku, apa dene
dinulu ora prayoga, ewa dene ora gĕlĕm ngowahi, pamurihe yen ana
pakewuh saka ing dalan, kang duwe omah enggal bisane oncat. Utawa
sarehning kĕmlaratan isin manawa sajroning omah kongsi katon ing akeh,
mulane lawanging omah mungkur, kang adhakan diambah iku dirapĕti.
Panĕmu kang mangkono iku ora prayoga, panunggalane nyujanani ala
marang (h.7) liyan. Rikuhe anggone katon miskin, nganti ninggal kalumrahan,
babasan wĕdi ing wawayangane dhewe. Malah ana maneh Wong many
nyirik omah madhĕp mangetan utawa mangulon, padha ngarani omah kang
mangkono iku sangar, dadi sanajan dalane gĕdhe mujur mangidul, adhĕping
omah mĕksa nurut ĕnĕring dalan, madhĕp mangidul lan madhĕp mangalor,
dalane dumunung ing ngiringane omah. Sajatine yen ora ditarekahi, omah
kang madhĕp mangetan utawa mangulon iku dhasar ora kapenak. Yen
madhĕp mangetan ing wayah esuk katlorong srĕngenge, kang madhĕp
ngulon kĕtlorong ing wayah sore, dadi soroting srĕngenge malĕbu ing omah
marakake panas, nanging yen dialang-alangi layar utawa ĕndi dalaning sorot
kang malĕbu ing omah ditanduri pĕpĕthetan lan kakayon kang anggrĕmbĕl,
wis mĕsthi bisa nyirnakake panas mau. Saking gugon tuhone kang tanpa
maton, luwih maneh saking kurang panĕmune, nganti ora bisa ngreka daya,
lan ora gĕlĕm ngowahi panĕmu kang uwis, kuwatir bakal kacilakan, awit
pitaya bangĕt dadi sangar. Ana panunggalane many disiriki ngatase
lawanging omah, iya iku yen nganggo butul lan kang dadi sagaris karo
lawang ngarĕp, piyandĕling anti marakake boros. Saupama nyata mangkono
wis mĕsthi wong kang omah nganggo lawang tĕrusan banjur mlarat kabeh,
mongka ora, dadi tetela pamikir kang mangkono iku ora gumathok.
Kahanan Sajroning Omah
Aliya saka dununging lawang-lawang, kalumrahane sabĕn lawang
sĕnthong padha diselehI aling -aling sĕmbagi, mori utawa liya-liyane, ana
(h.8) -nging aling-aling mau nganti salin rupa amarga saka rĕgĕde, ora tau
dikumbah. Wiwit tumraping lawang wis ora dibukak-bukak yen durung
patingsranthil, kang marakake enggal rĕgĕd utawa enggal amoh mau amarga
saka ora ngĕmungake digawe aling-aling base, kang kĕrĕp digawe usap-
usap tangan kang rĕged. Yen kabĕnĕr kasusu sok digawe nyrĕbeti pairing
utawa sangkir. Sahduwure lawang sĕnothing dirĕnggap lisir, kang digawe
mori disulam-sulam banyu mas utawa disulam bursi, ing pinggir digawe
patingkranthil, pangrasane kang nganggo iya luwĕs lan asri. Mongka
sanyatane katon patingtrembel tur patinggremyablah, ora asri nanging malah
ngrĕrĕgedi. Dununging sĕnothing kang dirĕngga-rĕngga mau padha
ngadhĕpake lawang, dadi adhakan katone, pamerange sajroning omah ora
kĕname kapasthekake. Yen omah mau mung siji Thom, ngadat perangan
kang buri digawe sĕnthong jejer loro, utawa telu. Sĕnthong mau ngadhĕpake
lawang. Turahane kang digawe sĕnthong kang sasisih didelehi amben, kang
tĕngah iya iku saantarane sakaguru dianggo jogan, kang sisih maneh
didelehi pagĕr lan ana lawange, iku digawe lawange. Amarga saka iku
manawa mangsane olah-olah, kukuse mulĕk ing sajroning omah, nganti
rĕkasa bisane ambĕkan. Saking lawase kambah kukus, rangken sarta
langitan dadi warna irĕng kaya ditarang, sawangan patingkranthil lan pating
krĕncang, banjur kawuwuhan langĕs diyan kang nganggo lĕnga ala, dalah
pagĕr lan kabeh sajroning omah padha kĕna ing langĕs. Sanajan bĕtah
manggon, pancene ing kala mangsane mamangan plan lungguhan iya sok
kalaraban sawang mau, apa sababe ora gĕlĕm nyaponi. Mongka was tetela
yen sawang lan langĕs mau didĕlĕng anglarani mata lan ngrĕgĕdi, ye
ngĕnani panganan dadi ngĕ (h.9) -rĕs. Kang ambabayani bangĕt manawa
katut ambĕkan, andadĕkake rĕgĕding kĕbul, wĕkasan dadi lara watuk lan
mĕngguk, yen lumĕbu ing mata dadi belekĕn, dene yen ngrebeli klasa utawa
sandhingan iya dadi rĕgĕd tur macĕt. Klasa kang digĕlar ing amben iku
kahanane ora beda karo aling-aling sĕnthong kang kasĕbut mau, aja mung
krebelan sawang dalah ditĕleki pitik uutawa diisingi anake iya mung cukup
dikuconi bae. Amben iku digawe turu, mangan, lulungguhan lan nĕmoni
dhayoh. Piranti kanggo sabĕndina arang disingkirake, tumpukanana ing
amben, bantal jarik kanggo kĕmul, sandhangan kang rĕgĕd durung digirah,
sĕnthir, ajug-ajug, malah tarkadhang cĕthing utawa buntĕlan kumpul ana ing
amben. Samongsa parlu kanggo nĕmoni dhayoh, barang-barang mung
disisihake bae, waton lan cagaking amben apa dene saka-saka utawa ing
blandar, kang adhakan bangĕt ing pipen lawang, iku kabeh mĕsthi padha
patingsaloneh kanggo ngusar-usarake ĕnjĕting dariji kang diluthik kanggo
nginang. Malah ana kang dijarag dilotheki ĕnjĕt atharik-tharik , iku kanggo
cathĕtan rupa-rupa. Ana kang kanggo pepengĕt nicil utang, lan petungan
kehing bĕras kang dianggo, sapanunggalane. Padoning amben utawa
sĕnthong kang ngisor pating jlareh tilas didubangi, ngadat sacĕdhaking
amben diselehi gantar utawa tambang kanggo sampiran. Ĕndi kang rupa
sandhangan iya banjur disampirake ing kono, didĕlĕng nganti kaya dhasaran
prombengan. Mulane sampiran diseleh cĕdhak amben, pamurihe gampang
anjupuk sandhangan. Longaning amben banjur kanggo kandhang pitik, lan
kanggo andeleh barang warna-warna, kayata: pacul, arit, kayu, malah
kanggo andeleh tela, kimpul kang ditandho. Mongka longan mau ora tau