Ceritra Saka Jawa Tengah
Timun Mas
Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani.
Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei
mongmongan yaiku durung diwei anak.Saben dina ndonga marang sing
Maha Agung njaluk diwei anak.
Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane ,
banjur raksasa aweh wiji timun."Tanduren wiji kui, mengko arep olih
anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana
syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh
marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju
karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.
Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina
dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui.
Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.
Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis
mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete,
ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget
senenge banjur diarani Timun Mas.
Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu
rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa
wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan
teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.
Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas
lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean
nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur.
"Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu,"
kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.
Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake
kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar.
Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa
ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang
hutan.
Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas
njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake
menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa
ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa
nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge.
Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang
raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa
kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.
Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun
Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji
timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen
lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti
kewaregen, banjur raksasa turu.
Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih
celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun
Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe
yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau
belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.
Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring
omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas
selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe
seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong
tuane, tanpa keweden maneh.Sumber :
http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/03/timun-mas_8941.htmlCeritra
saka Jawa TengahBawang Abang & Bawang Putih
Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku
rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi
keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung
dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining
dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire
ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.
Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang
Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang
kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan,
rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih
lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin
lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang
Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo
beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang
ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton.
Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane
Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh
pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan.
Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora
tau wadul.
Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai
Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe
ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren.
Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake
banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur
Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan
masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi,
beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih
seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing
dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake
dewek.
Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi
klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku
dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui
cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi
kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji
klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung
tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine
uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi
mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita
karo beyung tirine."Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora
peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah
seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"
Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih
gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur,
nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih
teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir
kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan
srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi
ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten
rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto
wangsul rasukan meniko." "Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet
cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman."inggih paman,
matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri
kali.Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela
maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah
gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan
totok lawang."Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua
mbukak lawang."Sapa koe nduk?" takon mbah kui."Kulo Bawang Putih
mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun
wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang
putih."Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon
mbahe."Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih."Iya. Mau
klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng
klambi kui," si mbah ngomong. "Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi
cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau
kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe."nggih mbah, kulo
bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo,"
jawab Bawang Putih kalih mesem.
Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang
Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis
seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih."Nduk, wis seminggu koe manggon
nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine
aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih
milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe.
awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur
Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto
sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang
Putih tekan ngarep omah.
Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung
tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh
kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah,
njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking
senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan
Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh
maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang
Putih langsung cerita apa anane.
NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni
rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging
saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring
omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang
dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih
sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama
pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis
seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih. "Bilih Mbah maringi
waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon
Bawang Abang.
Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro
waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede
lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.
Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge
ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk
bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar
waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui,
nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane.
Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi
mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.Kancil Karo MonyetBiyen
nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis
seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken
cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan.
Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing
esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta
serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru
banget critane.
Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip
tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah
lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila
lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong
nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni
sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.Ing sawijining
dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot,
ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi
asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane
Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.Monyet maringi
Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.Kancil :
"Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke
KancilMonyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo
aku,"Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen
sing maro," jaluke Kancil.Monyet aweh roti nggo diparo maring
Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing
adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.Kancil
maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet
ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring
Monyet, bagean sing gede dicekel dewek."Cil... nang ngapa ka gede
gone ko?," takon Monyet.Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe
pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki
wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.Monyet : "urung Cil!! kue
esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan
setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil.
hihihihiAhire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo
Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil
licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip
lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya
jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.Hehehehe matur nuwun mugi
crita wau nggadahi manfaat ingkang sae.
Sumber :
http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2010/03/iyen-nalika-eyang-esih-urip-lan-aku.htmlMISTERI
GUNUNG BROMO
Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka
kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka
daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi,
pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang
sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.Gunung Bromo esih
tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang
panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung
Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka
wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan,
panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa.
Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta.
Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang.
Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka
titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat
sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake
suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga
kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing
artine sing sehat lan kuat.
Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak
wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak
sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume
bayi lair, meneng ora nangis wektudilairake seka rahim beyunge.
Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.
Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu.
Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan
daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging
ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger.
Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat.
bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine
ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk
supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira
penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi.
Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge
sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng
kui.
Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan
meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng
gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di
gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip
karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya
bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku
nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing
pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging
wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk,
nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung
wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe
lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan
malih dadi gunung diarani gunung Batok.
Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara
Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko
seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing
bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko
Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa
Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti
"Panguasane
Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku
kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna
Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur,
simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger
urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis
suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni
keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi
percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.
Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken
nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu
dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko
Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anaklanang wadon, nanging
naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara
anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem
arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo
nyemburake geni.
Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo,
banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku
wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake
koe pada. Urip sing dame lan tentrem,sembahen Hyang Widi. Aku
elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake
sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.
Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger
lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan
kawah gunungBromo.
Sumber :
http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/04/misteri-gunung-bromo-jaman-bien-nalika.htmlKEMBANG
TURU LAN TRESNASuruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing
manuk ning dhuwur wit cedhak omah, nangiake wong wadon sing turu
ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe
.Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing membengi bar
dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.Sepasang sandal sing
ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut pinuju kamar
mandi sing cedhak karo ambene.Dheweke banjur adus,ora lali nanggo
sabun lan shampo.Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan
nganggo seragam putih abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong
wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing cedhak
rak-rakane.Nyisiri rambute sing dawa,alus lan endah.Ora lali
nganggo jepitan pita warna abang saengga nambah gawe ayune.Mbak
inah sing gaweane ngrawat wong kuwi dawuhi Dinda pinuju mangan ing
meja makan.Sakwise iku, Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing
kebak karo buku pelajaran musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep
sarapan bareng. Dinda banjur mangan lan langsung mangkat
sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas banter banget pinuju sekolahe
sing cedhak karo omahe.Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba
tanda gerbang wis arep ditutup.Tunggu pak, gebange ampun ditutup
rumiyin.Kula ajeng mlebu pak,Tulung bukake pak..suwun Dinda.kowe ki
rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok awan ngene iki.Iki ki lagi
sepisanan mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina sateruse.
tutur pak satpam. Dinda meneng nggolek akal supaya bisa mlebu,Dinda
gawe rupa melas kaya wong telung dina ora mangan.Ngrasa mesakake
pak satpam banjur mbukake gerbange.awas yo ,nek sesuk telat maneh!
Ora arep tak bukake gerbange! pak satpam nggrundel. Dinda langsung
markirke motor trus mlebu kelase sing anyar.Kelase apik lan mewah
kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar serta akeh benda benda sing
bisa gawe suara merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar
akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane.Temboke dikeki
ukiran gambar gambar tembang. Pokoke kabeh serba tembang..apa bener
kowe sing jenenge Dinda Sukma Putri??? takon bu guru . Dinda
nanggepi ulas-ulas Eeenggih bu..Kula Dinda Sukma Putri.Bu guru
saged nimbali kula Dinda mawon.Kahanan opo iki,Dinda ora reti.Dinda
mung bisa mikir lan nebak nebak wae.Manapa kok bu guru iso nakoni
kayo ngono. Apa amargi dinda suwi mlebu kelase apa amargi ora
nggedok lawange. Apa apa??? Lamunane rampung sakwise bocah wadon
ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning arep rupane.Hey..dindakowe
ki ngapa ??apa kowe lagi loro?? Ngapa kok rupamu koyo wong sing
lagi ndelok hantu gentayangan..? Dinda dadi kaget krungu ana hantu
gentayangan haa?? Apaa???hantu ??? hantu endi hantune ??? simbahku
bisa ngusir hantu lho ..? ben tak celuke simbahku supaya hantune
ditangkap..Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine.Sakwise kuwi
kelas sing maune tenang dadi rame.. hhaahaa Dinda Dinda..kowe ki
ngomong apa ta ?? hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah
takon ,.kowe ora reti ta? Kowe ki kaya hantu.Rambutmu
dawa,ireng,kulitmu putih kaya susu,ditambah bunderan ireng nang
matamu.Coba kowe madhep mburi.mesti ana bolongane ..,hahahaomong
salah siji murid lanange. Dinda nutupi matane ,dheweke isin amargi
bunderan ireng nang matane kuwi disebabake kurang turu.Dinda
kelingan membengi turu jam siji mbengi amarga kesenengan gawe lagu
aransemene .Bu guru nakoni Dinda membengi kowe turu jam pira
Dinda?? kowe ora kelingan nek hari iki hari sepisanan mangkat
sekolah ta ? Dinda sing isih isin mbukak tangane sing nutupi rupa
ayune. Kula nyuwun pangapunten bu..Buguru maklumi wangsulane Dinda
trus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet
mandhek.Yowis..anak-anaku,sak iki bu guru pengin reti bakat kepisan
kowe kabeh,mboh kuwi nari,nyanyi,mainke alat musik terserah
kowe,sing penting maju nang ngarep. Siswa pada maju nang ngarep
nunjukake bakat sing diduweni.Bocah lanang kang perawakane
dhuwur,rambut ireng,ganteng maju nang ngarep.Slirane banjur
nari,Tangane tengen lang kiwa cakap madukake karo tembang rep ring
ding dong ring ding dongTangane kaya sayap garuda sing mabur ing
angkasa.sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih,Ing pungkasan
, tariane sempurna banget.Suara keplokan saka siswa laine
nggelegar.. mak dheg rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi
mau mlaku pinuju ing ngarepe lan nepuk pundake sing cilik. Saiki
giliranmu,..moga sukses anggonmu maju..Batine Dinda rada geter kaya
wong kang lagi ketaman asmara. Dinda banjur maju ning ngarep lan
mulai aksine..aksine sing luar biasa.. Suara piano kang
merdu..endah,,alus,,lan tentrem.. kabeh siswa pada larut karo suara
merdune.Ana lagu ning kalbuku,Kuwi lagu sing nggawe aku
tentrem,Meneh lan meneh,Aku nduwe angen,Angenku ora bakal mandhek
nang kene,Aku percaya karo mimpiku,Aku mung wong wadon sing duwe
mimpi,Aku percaya karo mimpiku,swara keplok lan suraking
kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada melu ndelok
lan keplok-keplok.Ana wong wadon ayu ndelok Dinda akeh iri.
Aku..ora bakal kalah karo kowe,kowe mung itik kang elek rupa sing
mung sepisan untung,..namung aku pada kaya itik kang endah sing
mbendina untung Linda ninggalke kelas iku,.~~nang kantin
sekolah~~Wahhpenampilanmu apik banget din, suaramu merdu lan alus
bisa gawe tentrem nang atikuomong Siska.Luar biasa, bakatmu luar
biasa din..tanganmu trampil mencet grand piano kuwi.. tambah wong
lanang keriting ikuKamangka, Siska lan Bimbo duwe bakat sing pada
luar biasane..siska sing duwe awak apik bisa nari,..lan Bimbo sing
setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi.~~6 wulan sakwise
~~Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di
duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane.Angene nerusake
sekolah ing luar negeri yaiku Universitas Seni London gedhe
banget.Nalika dina kang untung Dinda entuk pengumuman saka Ibu
guru.Anak-anaku ,,Ibu arep ngumumake kanggo kepirang siswa.Ibu
pengin ngucapake selamat kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa
sukses.. Suasana dadi rame lan kabeh siswa dadi penasaran .. menapa
pengumumanipun ibu guru ?? Mboten sah gawe kita penasaran. Sakwise
suasana tenang ibu guru nerusake pituture mau.
Dinda,Siska,Linda,Bimbo,lan Rando entuk beasiswa sekolah Nang
Universitas Seni London tanpa biaya ,kowe yo podo entuk pesangon
saka pemerintah.Sak wulan mengkas kowe podo arep Ujian Akhir,ibu
guru ngarep kowe bisa nampilke sing terbaik nang ngarep juri,Kabeh
kaget,sing utama kelima wong mau.Dinda kaget,Akhire angenne bisa
kelakon.Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene
iki.Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo
ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan
kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo
tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi
panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine
dhewe-dhewe.Siswa-siswi gantian munggah panggung lan nampilke
tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora reti sing ditampilke apik
opo ora,sing penting wis usaha nampilke sing paling apik.Saiki
gilirane dinda,dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal biasane ora ngrasa
gugup kang gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak
Dinda,Kowe mesthi bisa Dinda,Kowe kan wus latihan keras nganthi
saiki ta ? ngapa mesthi wedi apik apa ora.lakonke sing terbaik
SEMANGAT.Oke?? Rando mbagekake grapyak.Dinda mesem lan ngangguk
oke,, nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku seneng karo
tarianmu Rando sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu hahhaa..ngapa
mung seneng karo tarianku,,,lha nek karo aku seneng ora ??? hahaha
Dinda kaget.Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah
panggung. Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora anaAku
persembahke lagu iki kanggo wongtuwaku,guru-guruku,lan wong sing
lagi wae maringi aku semangat.Dinda langsung nyanyi,.Swara gitar
sing dipetik dinda kaya lagu nang surga kang bisa damai lan
tentremake ati kang lagi gundah.Kabeh terpesona,kalebu juri kang
ana ing ngarep.Sakwise kuwi,acarane rampung.Akhire dina
keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang pesawat.wong wadon
nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe dinda
sethitik ora nyaman.kowe mesthi ngrasa seneng ta?.saiki kowe bisa
seneng sikek.Segedhe apa usahamu,kowe bakal kalah saka aku Dinda
kaget lan mesem sethitik dipeksa akuu.akuu ora bakal kalah saka
kowe.. Linda karo meseme sing sinis mangsuli lakonke sing
terbaik,kawan.. Meneh lan meneh,dinda digawe kaget karo wanita
iku.Sikep lan tindak tanduke sing saksuwene iki ditunjuke mung
dinggo gawe aku terpacu bisa menang.Linda banjur lunga ninggalke
dinda sing isih kaget.Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba
nang London.Dinda mlaku nang antara wong-wong kan lalu lalang nang
bandara,Rando saka mburi ngampiri Dinda sing kabotan gawa
kopere.Rando mbantu nggawakake koper gedhe
iku..piye?perjalanane,nyenengake ta ? rando takon. nuwun ya Ndo,..
wangsulane dinda kang swarane nganggo nada rendah saengga rando ora
bisa krungu suwarane.nuwun wis dadi Inspirasiku sak suwene iki
dinda neruske omongane.Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake
isin pinuju bis kang nganter ning penginapan.Kembang
turu,Tresna,krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras
lan donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda
reti,perjalanane ora mung mandhek ketok kene.Dheweke pengen
sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.Dinda
wani duwe pangangen-angen,lan pangangen-angen kuwilah kang bisa
nganterke dheweke ketok kene.Sumber :
http://dwifitriayu.blogspot.com/2012/06/contoh-cerkak-cerita-cekak-basa-jawa.htmlAKU
DURUNG KALAH
NGADEG neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore.
Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha
mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit
mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan
dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.
Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut
gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana
lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka
dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu
bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan
ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk "Puthu Mas " Aku banjur
mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak
Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing
padha tuku puthu bumbung.
Pak Wiryo padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek
panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon duwit. Mung bedane,
aku bisa tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel sing
paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing ruwangane
adhem.
Pak Wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben
esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi
ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane watara
rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate
weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo mesthi
sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa
diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen
digarap dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo
wis digusur arep kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi
ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak
cukupe). Coba yen jenenge diganti 'ganti untung'. Mula akeh
wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah
kuwi.
"Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?" Pak Wiryo
mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku
mbacutake takon maneh.
"Lah yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur
piye Pak?"
"Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih
pindah, wong pancen mboten gadhahane."
Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung
kari siji ning tanganku. Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo
aku nganggo basa alus. Mangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka
bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak
Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono
ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu
ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
"Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa
lho kalih kula."
Oalah, donya kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat
lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja.
Lair ning kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip.
Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen
kepengin apa-apa bisa keturutan.
Nanging wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti
ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip
kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu
diadhepi.
Sejatine miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan
sing kaya ngana kuwi wis digarisna dening sing Maha Kuwasa supaya
urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat
mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadeyan? Ing jaman
saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing kuwat
ngidak-idak sing kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi
ukuraning urip.
Pak Wiryo, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf
sing kudu minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise
kanggo pembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Wiryo arep ngapa?
Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing
ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.
"Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal,
terus gawe home industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang
supermarket?"
"Wah, mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan
kangelan ndadak pados puthu teng supermarket," Pak Wiryo ngguyu
latah-latah.
"Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting
saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten
gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek
kula dadi bakul puthu, anake kula nggih sampun ngantos kados
bapake."
Biyen aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe neng
pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar.
Aku malah ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing nggawa aku.
Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake
nganggur.
"Golek gaweyan saiki angel lho Pak."
"Wong tiyange tesih sekolah kok Mas."
"Rak wis lulus SMA ta?"
"Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis
napa... niku, skripsi napa,... Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh
rampung...kantun setunggal niku." Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah?
Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae.
Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.
Wis meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka
grobag puthune Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak Wiryo ora
katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa omahe
digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.
Sore kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak.
Ora maelu kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna
klakson. Stir dak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan
lapangan golf. Ning sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka
mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku saurute pager
sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.
Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo.
Nyawang mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh
wong nganggo helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh saka kana,
ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan
barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa
wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing
nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis
rata karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesti klebu salah sijine omah
sing dadi mangsane buldoser.
Srengenge manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan
panggonan kana. Perusahaanku ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.
Kelingan karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang
omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling
jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal
modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesti ana
sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen
sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo
mbangun unit anyar.
Srengenge mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih
menyang susuhe. Cagak-cagak listrik, gedhung-gedhung tingkat
njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik jogedan
sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah.
Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak
Wiryo. Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang
Batam. Anak sing nate tak tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah.
Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing
Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak Wiryo: "Yen
nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng
kalah...."(*)Dening:A.Adi/ Panjebar Semangat-04/2006Sumber :
http://cerkak.blogspot.com/2007/03/aku-durung-kalah-ngadeg-neng-tlampik.htmlSAWIJINING
WENGI ING MALIOBOROJam sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak
arep mangkat. Klambi kothak-kothak lengen dawa, clana jeans kluwus
ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar
Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora ana
eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing
dingameni, mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul
njupuk gitar sing gumlethak ing peturon, banjur jumahgkah metu saka
omah.
Angin wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem.
Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi langit. Nanging
Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. Lakune tumungkul, mecaki
trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati, pendhak wengi
lan parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen.
Tekan palang sepur wetan Pasar Kembang, Arul menggok menyang
sawenehe warung Hik pinggir dalan. Lagi wae manyuk lawangan,
dheweke weruh Herman, kancane ngamen lagi lungguh jegang ing bangku
pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki.
"Dak kira nek cuti," cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon
iku.
"Padhakna pegawe wae ... Cuti ya sesuk ora sarapan," Arul
lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus. Herman mung nggleges.
Dheweke menyat saka anggone lungguh, banjur nginguk menjaba. Ing
ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau, warung-warung lesehan
wis akeh sing digelar. Mobil lan motor tharik-tharik ngebaki
parkiran. Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi
papan jujugane uwong. Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki,
saweneh maneh ana sing jajan lan ngenggar-enggar ati.
Setengah jam candhake, Arul lan Herman wis katon jengkeng
sinambi genjrang-genjreng, adol swara sake warung lesehan sing
siji, menyang warung lesehan liyane. Anggone nyanyi gentenan,
gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor,
Arul sing nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman
sing nyanyi. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit
gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni bareng. Satemene asile
mono lumayan. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah. Awit racake
wong sing padha jajan, ora ana sing menehi kurang saka limang atus
rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora maido, wong niyat jajan mono
mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. Nanging
senajan mengkono, kerep ana perang campuh ing atine Arul. Gengsine
minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake, yen kanggo golek
dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa
timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka rumangsane,
ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Kaya kere sing nyadhong
kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel. Lan weteng
sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi.
"Ya ditrimak-trimakna wae dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake
dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Mengko rak ya tiba titi mangsane
rodhane mubeng mendhuwur," pratelane Herman, nalika sawijining
wengi Arul ngetokne uneg-unege.
"Bener kandhamu, Her. Rodhane lagi neng ngisor, tur mlindhes
telek lencung sisan. Dadine ambune ya blarengan," Arul sing lagi
sumpeg atihe, nyaut waton muni. Herman nyekakak saambane lambene,
nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro iku anggone memitran rakete
ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah, mesthi liyane
nyoba nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha
lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung.
Jam setengah siji, kaya adat sabene, wong loro leren ing ngarep
benteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi
ngetung pengasilane
.
"Wah, lumayan. Entuk nemlikur ewu wolung atus," cluluke Herman
sing dadi Bendahara. Dhuwit banjur dibagi loro, sing kumel-kumel
diwenehake Arul, dene sing rada anyar disaki dhewe. Arul mung
meneng wae, wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku.
"Malioboro pancen lahan subur. Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya
ula, Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok.
"Oalah Rul, gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu. Wong nyatane
ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae, kok."
"Ngonoa apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul
nyedhot rokoke jero. "Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen
ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh, jebul mung dadi tukang
mbarang?"
"Lha witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya
wis ora kurang-kurang. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang
Satpam, ya wis dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana
asile ..." Herman unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe
dhewe.
Rada suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan, kentir
marang gagasane dhewe-dhewe. Lampu-lampu merkuri kang jejer-jejer
ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. Bening kaya
kristal. Sauntara kuwi, senajan wis lingsir wengi, nanging
kendharaan panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing digoleki
...
"Mulih saiki, apa operasi maneh, Her ...?" Arul ngguwang
tegesane sing meh nylomot driji. Herman nyawang mengalor, penere
lesehan.
"Isih akeh sing dha jajan, ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho,
nolak rejeki."
"Ya ayo ...!" Arul menyat karo nyangking gitare. Herman
ngetutake ing mburine. Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul,
ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane dalan
Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing warung lesehan sing
manggon ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan
cedhake Gedhung Agung mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng,
tekan Sea Food, ora ana sing kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan
kidule toko Dynasti, dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru,
nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh.
"Wedhus ...! Homosex-mu kumat ya, Her ...!"
"Ssstt ... Lor-kulon arah jam sepuluh..:" Herman ngomong lirih
ing sandhing kupinge Arul. Arul nglirik papan sing dibisikake
Herman. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan, sinambi
ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa sraba-sraba, Herman
langsung menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine, senajan
rada anyel. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba
drijine keju, mripate uga wis mbliyut, kegawa awake kang sayah.
Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih. Saben weruh prawan,
mripate ijo. Kamangka pacare sing fotone tansah dislempitake ing
dhompet iku ya ayu ... Arul grenengan dhewe ing batin.
Nalika Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi, dumadakan gitare
direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. Saking kagete, Arul
mung mlongo.
"Mbak, roti bakar kalih susu segar, kalih malih ...! tanpa maelu
Arul sing plenggang-plenggong, bocah wadon iku aba marang
bakule.
"Arum ...?!" Arul ngulati karo njengkerutake alis. Rada
tidha-tidha, sumelang yen kleru. Sing diceluk jenenge mung mesem
karo mbalang liring.Ana kangen sumembul saka pletik-pletik sorot
mripate.
"Ya ampun, Arum ...! Lha kok tengah, wengi kluyuran neng kene?!
Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate
bening iku, sing banjur nimbangi kanthi nggegem kenceng tangane
Arul.
"Kluyuran ...! Padhakna pe-es-ka wae ...!" Arum mecucu. Kancane
sing nganggo sleyer abang nyekikik.
"Iki lho, kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro. Mula
mumpung ana prei, banjur dakjak mrene sisan. Idhep-idhep karo
bernostalgia," Arum mesam-mesem. mesem. "Lha awakmu dhewe piye,
Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora ana kabare?" bacute karo
mandeng manther praupane Arul.
"Dawa critane, Rum. Tur mboseni. O, iya ... Kenalke, iki
kancaku..."
"Aku wis ngerti, kok," Arum munggel cepet."Iki rak Herman, ta?
Play Boy-ne Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor
dipopor tentara kae ta?"
Herman mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing
sirahe. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur. Arum
banjur ngenalake kancane, marang Arul lan Herman.
Ooo ... Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing
jaremu "cool" tur "smart" ..." ujug-ujug si sleyer abang sing
jenenge Ayu iku cluluk.
"Ngawur ...! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang ... !" Arum
klejingan. Tangane kemawe, njiwit bangkekane kancane. Ayu
jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.
Arum iku satemene kancasaangkatane Arul, jaman isih kuliah
biyen. Malah kanca raket banget, awit kekarone padha dene aktif ing
Senat Mahasiswa. Kerep diskusi, debat lan,nindakake tugas kampus
bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu
lan.srawung, suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine
bocah sakarone. Mung emane, Arul sing minder merga kahanane sing
kesrakat, ora wani mblakakake pangrasane marang Arum. Sumelang yen
dikira ora ngilo githok. Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon,
mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki. Kahanan mengkono iku lumaku
terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka titi wancine
wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan
kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone
layang-layangan mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur
padha repot karo urusane dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane
minangka pegawe anyar, dene Arul repot anggone mider-mider golek
gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji lan sijine
padha dene ora ngerti kabare.
"Dadi nganti seprene awakmu isih nganggur, Rul ...?" Arum takon
ngati-ati sawise Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok
pangrasane.
"He'eh. Mula kanggo nyambung urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi
kalong neng Malioboro,"Arul mesem, ndhelikake atine kang getir.
Arum trenyuh banget. Mripate nganti kaca-kaca. Babar pisan dheweke
ora ngira, yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah
dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda karo kanca-kancane
lanang liyane iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono dheweke
kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku, banjur nglelipur lan
nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora kelakon, apa maneh saiki
sawise adoh?
"Sabar, Rul ... Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter, tur
tipikal pekerja keras. Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae..."
Arum nggegem tangane Arul kebak empat. Sauntara Herman lan Ayu lagi
ketungkul kojah ngethuprus, sajak gayeng banget. Sedhela-sedhela .
padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug apa.
Wengine mrambat sangsaya tuwa. Angin kang midid wiwit krasa
adhem ing kulit. Arul unjal ambegan landhung. Lungguh adhep-adhepan
sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki, marakake dheweke
kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang wektu-wektu
kepungkur kang endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa
dibutuhake dening liyan. Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya
saiki, mung kaya uwuh kang ora kanggo. Nyepet-nyepeti mripate sinq
nyawang. Arul nggresah sajroning ati, "Menyang endi lungane
wektu-wektu kang manis iku ...???!!!".
Dening: A.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006
Sumber :
http://cerkak.blogspot.com/2007/03/sawijining-wengi-ing-malioboro-jam.htmlCakar
Tukang angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo
rupane. Apa mula ngono, banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran.
Apa merga nyandange rapi banjur katon rupane bagus. Embuh. Bakune,
saben-saben kok tansah rapi. Klambi dilebokake, setlikan alus,
nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon cemleret, resik.
Wingi aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune
wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing
angkringane. Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak
takoni, jare badhine lumayan, kena kanggo nyekolahake anake kang
loro cacahe.Wengi iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane
mangan mung ana ing angkringan. Sanajan segane sethithik, mangan
rong wungkus wis kena dienggo sangu turu. Menawa mangan kaya ngene
iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan tengah mbokmenawa
aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane
angkringan dilawuhi irisan tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik.
Sanajan lawuhe mung tinggi eh, tempe, nanging krasa enak, apa sebab
wetenge lagi rumangsa luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku
isih kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane wae sing rada bedha.Arep
njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan.
Sangune ora tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh
utangan. Bisa kena dienggo lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku
amung padha. Padha-padha ora dhuwe dhuwit. Mengko malah mundhak
bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi wurung wae
anggonku pepinginan. Wong mung arep turu.Ceck Ceck Ceck, wingi, aku
mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi rombongan seka
adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan ana
ing angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging
dudu. Iki sing teka padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing
jajan ana angkringan kene pancen bedha. Gumun tenan aku. Wah wah
wah, elok tenan, padha mobilan. Paling ora, sepeda motoran.
Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu
Sing mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman
saiki. Kancanane uga bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune
wangi, kaya sandangan sing dikumbahke karo londri-londri kae. Aku
ora tau mlebu londri, nanging menawa liwat kae, ambune tekan
ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti dikumbahke.
Terus saben dinane kuwi, gaweane ngapa?
Sajakke dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah
sekolahan. Adoh saka rerupan mahasiswa sing biasane nyambangi
angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi tuwa ngene bocah
kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe
memanganan enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari
sithik, kapeksa nyegah pepinginan, olehe memanganan ora dumeh
pingin maneh. Banjur mangane padha nang angkringan. Lumrahe
ngono.He he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere.
Proyek, bayarane kok ora genah. Jare dibayar minggon, iki wis
telung minggu urung oleh bayaran. Pemboronge ra ngerti pa, aku ya
kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih untung anak bojo
omahe nang ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan arepo
mung lawuh janganan saka kebonan. Walah walahIki kok dadi aku
grundelan dewe.
Kae, ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe
cilik semrinthil, ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana
angkringan kene. Lha, kendhel tenan bocah kuwi. Langsung mlayu
ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang angkring. Lho lho lho,
langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji. E lha,
cakare olehe njupuk kok ya ora siji, loro njupuke kok ya lima. Apa
ya enthek kuwi mengko. Om, Om, es jeruk ya Om, patembunge banjur
mlayu rindhik lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek
aku ndeleng bocah kuwi mau.Bapak ibune nyedhak marang angkringan.
Sing wadon njupuk sega wungkusan papat. Dicekel ana tangane kiwa.
Pak, piringe pundi nggih.O, menika Bu, nembe pun betha saking
wingking, banjur diulungake piring kuwi mau dening si tukang
angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk
gorengan papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu
ngitung, cacahe jebul rongpuluh. Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka
banjur lungguh ana lesehan, tak kira jajanan kuwi mau ora arep
dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus digawa mulih kanggo
oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora kumanan.Lha
kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa
tengen, lan sing padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya
akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya rong puluh, nek rombongane papat
apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket lima. Gendheng tenan
aku iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu ngitungi wong
padha memanganan.Aku ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara
wedi paling. Sajak-sajakke wong ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe
sajak cengengesan. Tak banding-bandingake, arepa nang angkringan,
wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar gedhe-gedhe
ngono rak ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe
banget. Lha ora pener. Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya
arane, bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku
pelajaran wayah aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara
malah salah, dadi ujaran kang ora mungkin, sega ngrubung
tinggi.Sing tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak
rungok-rungokake olehe padha guneman ya ora ngomongake sekolahan,
kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar blas. Tembung dosen, apa
tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora kocap. Dadi
menawane ya dudu bocah kuliahan.Sing sisih kulon kae lumrah, wis
bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing lagi cerita bab
kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh paukumam
saka gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane
ngganggo garisan karo gurune. Manut critane, gurune pancen rada
galak. Bapak ibune manthuk-manthuk nggathekake criwise anake.
Sinambi ora leren anggone memanganan. Barang cakar rong puluh.
Mangane sepuluh-sepuluh.Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe
masak enak, apa wong-wong sing jajan nang kene pancen seneng mangan
cakar. Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena
ngono, tak belani ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti
rasane, wis ora kakean pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan
menawa aku bayaran, tak coba mangan cakar nang kene. Paling padha
wae.Rombongan sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang
telu, wadon loro. Pas teko, aku melu ngitung njupuke cakar seket
lima. Isih tambah neko-neko. Tambah gorengan, tambah krupuk, lan
embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali ana wong liya
akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya ora
kaget. Biasa wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka
kene tak kira isih rungu kuwi mau.He, Boby Setu wingi sida ngajak
Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.
Jelas, sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa
tha, Boby. ngendi ana sing nolak diajak Boby dolan, he he
he..Terus. Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency
kuwi ya gelem kok ajak jejogetan?Mulane sajak wegah-wegaha kae.
Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak bujuki terus, lan
ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya gelem
joget. Malah jogete, wuisss edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken.
Mesthi gelem. Ngomong wae kancane Boby. Mengko nang kana ketemu
Boby. Menawa kowe ngomong ngono mengko rak wonge gelem.
Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha
Lha dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.Ora krasa olehku
mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene
iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku
mangan sajak suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene.
Waduh ora pesen ngombe. Arep njaluk wedang putih mengko gek ora
oleh. Luwung bali wae.
Pinten mas kula, niki segane wau kalih
Niki nggih mas, nuwun.Aku banjur mlayu mak plencing ora nggagas
semaure tukang angkringan. Wong aku wis apal regane.
PanglarisAnyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi
wae ngerti ana angkringan nang papan kene?Paimin sing lagi
ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore
nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari
ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine
lagi mangan cakar.Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten
mriki.
Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki,
Mas, pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
Masak piyambak, Pak.
Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki
mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu
iki.
Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris.
Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.
Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
Kula, Paimin, Pak.Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak.
Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten.
Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga
sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku
biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit-
witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku
bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe
aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen
saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku
menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he, bapak kuwi mau cerita
akeh-akeh karo guyonan.Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak
kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan
tindak tandhuke.Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris
niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke
sekitar mriki napa pripun?
Ha ha ha ha, bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung
dhewe.
Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane
simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,
wangsulane bapake.
Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal
tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki.
Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin
angkringanmu rame. Piye, saguh ora?
Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.
Ha ha ha ha, bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon
bungah atine.
Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh
nglakoni.
Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula
manut Bapak!
Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.Bapak sing sajake wong
apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare
syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan
kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan
sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon
resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada
dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan
ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.Uwis
ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput
mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas,
njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana
rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora
mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men
sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang
kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur
mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir.
Menawa wis kebacut mampir kapok.Kuwi mau syarat sing sepisanan.
Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat
banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah.
Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek
diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke
ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo
mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat
panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa
kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane
bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing
payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak
nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing
loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin.
Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. Sampeyan bakul
nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul
angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No, karo noleh kancane
sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep
wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang
kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane
ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane
riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.Ora, Mas, ora apa apa. Apik
kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku.
Resik, apik.Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi
panglaris saking Pak niku tho pak, Paimin karo ngarahke dagune
marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae.
Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu,
noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.Nalika bapake arep
muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. Apik mas,
seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise
sampeyan nglakoni sing sepisan niku. Bapak kuwi mau banjur ngendika
sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir,
mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.Wiwit sesuk,
menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan
piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul
kanca-kancane. Eh mas, natane sing apik, Wis karo mlaku, bapake
isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik
kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening
Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang
resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake
teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi,
kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget.
Dodolane mesti cepet enthek.Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang
Paimin. Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min
mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada
ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon
sing dikarepake. Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa
dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan
sapa-sapa sing tuku nang kene. Bapake njelaske karepe marang
Paimin.Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi,
bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin, dudu,
dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor
ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah
bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha
omong-omongan nganti suwe. Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min,
kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene.
Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni
kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit
tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,
pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning
ora kumecap.Terus kapan kula nampi panglarise, Pak? pitakone
Paimin.
Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging
banjur bapake ngedika, Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku
mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci
bebakulan.
MALINGNalika sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak
Gendhon tanggaku sing brengose nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi
tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen seng nyolong pit montor
mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora susah nanggapi
kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak
Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen
ngrungokke.
Nanging Gendhon bener-bener dudu malinge, ta? pitakoku
mantebke.
Ya ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, wangsulane
tegas.
Wiwit cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing
ndhidik mangkono. Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen
sing dijupuk kuwi dhuwitku utawa dhuwite embokne?Yen pancen ngono,
kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?
Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang
wong-wong kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong
kuwi dha ra gelem ngerti.Apa kabeh tangga-tangga sing meri marang
kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana empere. Selagine aku
dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik uga
nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon,
lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi.Dheweke iku dudu petani,
wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak Gendhon iku
pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya
dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon
kuwi gaweyane mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae
parane.Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake
marang dheweke, Pak Gendhon mangsuli, menawa menawa anggone lunga
mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu dikuwatirke. Sing penting
mulih bias nggawa dhuwit, wangsulane karo ngguyu nggleges. Mosok
sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha. Lan
aku uga melu ngguyu.Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging
gendheng katone dheweke tetep ora gelem ngaku apa gaweyane., mula
amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake gunemku menyang bab
liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae mbuh lulus
mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog
minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol
ing terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang
ngluwihi sugihe tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias
dak gatekake, mesthi ora kurang saka sepasar, malah sok-sok nganti
rong minggu barang.Dene Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang
taun dadi tanggane, during tau sapejagong pisan-pisana. Pol-pole
mung winates manthuk utawa mesem yen pas pethukan ing ndalan utawa
yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne, Gendhon yen lunga
ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.Prasangka alane
tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira disebabake
klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha
ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae
digethingi wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa
ora gelem nekani bebrayane desa.Sikap lan sipate Gendhon lan
Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora gelem
srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing
ora cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane. JOKO BODHO MENYANG
NGAYOGYAKARTA
Joko..Joko, wis rampung aduse durung!
Durung Pakdhe, lhacepet-cepet ana apa tha Pakdhe?. Saking Pakdhe
Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab
pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora
ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar
adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana
ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae
tha Pakdhe?. Woalahle..le..bocah paling lelet dhewe. Ana..apaanaapa
kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang
Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah
lelete.Masyaallah.paringana sabar!. Wo.iyoyo..Pakdhe nuwun sewu aku
lali tha Pakdhe!. Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu
karepmu iku apa tha le..!!!!. Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk
pangapura boten nuwun duwit sewu!. Yowiswis ayo padha mangkat silak
ketinggalan sepur mengko!.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak
sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben
wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe
Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga
deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk
karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh
menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan
Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara
Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke
kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing
gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana
ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa
Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden
ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke
ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki
karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo
ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur
nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, Ana apa iki? Lagi kepenak
turu malah diganggu!, wisngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk,
dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!.
Wo..alah.mas-masnjenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis
sepure?. Waduhwaduh mas..mas karcise digawa kara Pakdhe..ku! omonge
Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe
ora pakdhene nangging wong liya. Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa
niki?. Mbotenmboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku
Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!. Nuwun sewu mas darakake
njenengan niki Pakdhe kula?. Raine Joka Bodho langsung abang
branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci
sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar
karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete
padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong
akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano
ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe
duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong
apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak
sepur. Iki ana apa tha?. Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?.
Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal
maneh wae!. Ampunampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh.
Yo.wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?. Ngenten lho pakdhe
kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah
karcisipun Pakdhe. Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku. Nggih
pak matur nuwun.
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak
karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku
ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan
eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho
kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak
warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke
kepingin klambi kuwi.
Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih. Yo wis ndang cepet
dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu
sandal dienggo solat id tho?. Inggih Pakdhe, njenengan niku moten
pelit-pelit sanget. Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo
sepatu sandalmu. Masyaallah nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene.
Yo.iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?.
Inggih Pakdhe pasti niku.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene
ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh
banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring
Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak
Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis
enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak
lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapokkapok tenan, pantesan wae
bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah
ngendulak-ngenduluk.
Sumber : http://papin17.wordpress.com/cerkak-bahasa-jawa/Menyang
Jakarta
Kocap kacarita, wonten salah sawijining pemudha ingkang
asmanipun Encup. Pawakanipun kuru, ireng melis-melis, dangkalen,
utawi Imelda. Encup menika pemudha ingkang dereng nate ngenyam
pendhidhikan. Kerjanipun namung dados buruh angkut ana ing
panggonanipun Pak Mamad, juragan jengkol wonten ing desanipun.
Wonten ing sawijining dinten, Encup melu nonton TV wonten ing
griyanipun Pak Mamad. Encup ningali berita banjir ingkang wonten
ing Provinsi Jakarta.
Pikiripun Encup mangkene, Wah, ning Jakarta kuwi penak ya? Apa
maneh yen lagi banjir.. Bisa nglangi nandi-nandi gratis. Eh ana Pak
Jokowi maneh.. Aku arep mrono ah!!
Sabanjuripun, Encup mantuk lan nemoni kanca dolanipun ingkang
nggadhahi asma Partono. Encup nyeritakaken apa ingkang dipuntingali
wonten ing TV marang Partono.
Partono beda sanget kaliyan Encup. Pawakanipun dhuwur, kulite
sawo mateng, saha sampun nate ngenyam pendhidhikan.
Dab! Kowe kuwi seneng nglangi, nah gelem apa ora yen nglangi
bebas nanging ora mbayar? pitakone Encup.
Wah! Penak kuwi.. Nandi, Cup? timbale Partono.
Jakarta!! Sesuk mangkat mrono bareng aku. Aku arep ndelok banjir
karo Pak Jokowi. Gelem apa ora, Dab? wangsulane Encup.
Bocah kalih wau banjur mantuk lan siap-siap kangge tindakan
menyang Jakarta. Sanajan namung gadhah dhuwit pas-pasan, bocah
kalih wau wani menyang Jakarta nitih sepedha motor.
Eh Partono! Kowe reti dalane menyang Jakarta? pitakone
Encup.
Reti aku. Liwat jalur kidul wae ya? timbale Partono.
Ya, aku manud wae.. Eh Dab!! Kuwi tegese apa? pitakone Encup
sinambi nunjuk rambu wonten ing sangarepipun.
Kuwi tegese dalan sing diliwati ora rata.. Dadi kudu ngati-ati..
wangsulane Partono.
Encup manthuk-manthuk tandha menawi mangertosi wangsulanipun
Partono.
Eh, Cup! Kowe wis luwe urung? pitakone Partono.
Uwis.. Kuwi ana warteg. Mandheg!! wangsulane Encup.
Awake dhewe ora oleh mandheg,Cup. Wis ana rambu yen ora oleh
mandheg.. jelase Partono.
Oh.. Ya.. Ora apa-apa.. Golek sing liya wae. Lanjut!! wangsulane
Encup.
Encup saha Partono terus menyang ngulon selot caket saking
Jakarta. Bocah kalih wau mandheg wonten ing salah sawijining warteg
ing pinggir margi. Ananging sederengipun mlebet warteg, wonten Pak
Satpam ingkang rawuh.
Le, yen parkir motor boten wonten mrika. ngendhikanipun Pak
Satpam.
Genea boten purun wonten mrika,Pak? pitakone Encup.
Amarga wonten rambu menika.. wangsulanipun Pak Satpam sinambi
nuduhake rambu Dilarang Parkir.
Ooo.. Inggih, Pak.. Sekedhap, kula pindah wonten ing tlatah
sanes.. wangsulane Partono.
Saksampunipun mindah motor, Encup saha Partono mlebet warteg lan
nedha enak sanget. Kira-kira sampun wareg, bocah kalih wau metu lan
nglanjutaken menyang Jakarta.
Wonten ing margi, Encup kelingan menawi srandhalipun ketinggalan
ing warteg menika. Encup nyuwun tulung Partono supados bali menyang
warteg.
Par!! Muter ndhisik!! Srandhalku keri.. omonge Encup.
Lha keri nandi, Cup? pitakone Partono.
Ana ing warteg mau kae lho.. jawabe Encup.
Wah ora isa muter,Cup.. Ana rambune kae!! wangsulane Partono
sinambi nuduhake rambu ing sangarepipun.
Sing ana gambar panah muter dicorek kuwi? Tegese ora oleh muter
arah? pitakone Encup.
Bener kuwi.. Pinter kowe, Cup! wangsulane Partono.
Amiinn!! Ya wis, ora apa-apa.. Cekeran wae.. jawabe Encup.
Langit selot suwe selot padhang. Rasanipun selot panas. Encup
saha Partono lagi sadhar menawi wiwit wau namung mubeng-mubeng.
Bola-bali medal gedhung-gedhung ingkang sami terus. Partono
bingung, Encup mumet.
Par! Wiwit mau kok mung liwat ngarep gedhung kuwi terus?
pitakone Encup.
Aku ya ora reti.. Adhuh, Cup!! Kok aku ora ndelok rambu pituduh
kae?? pitakone Partono sinambi nuduhaken rambu pituduh ingkang
nuduhaken menawi lurus Bandung, menggok tengen Sukabumi.
Aku ora reti, Par.. jawabe Encup.
Lha mau awake dhewe menggok tengen. Terus ana rambu Tikungan
tajam ke kanan. Awake dhewe melu nengen. Eh ana rambu kaya mengkono
maneh. Awake dhewe melu nengen. Terus.. Teruss.. Nganti bola-bali
awake dhewe mubeng-mubeng.. jelase Partono.
Bener kuwi..Alah!! Tobat!! Mumet aku, Par!! Eh awake dhewe kuwi
lunga menyang Jakarta. Kok malah liwat Bandung barang? pitakone
Encup.
Jakarta bisa dituju liwat Bandung kok.. Yo lanjut!! wangsulane
Partono.
Partono saha Encup nglanjutaken menyang Jakarta. Saiki wis yakin
menawi boten bakal mubeng-mubeng maneh. Ingkang utama boten bingung
arah, mlaku ngulon terus ngantos nemu tulisan Jakarta.
Pirang-pirang jam sampun diliwati. Margi-margi gedhe menapa alit
inggih sampun diliwati. Encup maca tulisan wonten ing sangarepipun,
Bekasi.
Par!! Urung tekan apa piye?? pitakone Encup.
Urung, Cup.. Sabar.. Eh!! jawabe Partono.
Ngapa, Par!! pitakone Encup.
Alon-alon.. Arep ana prapatan ing ngarep.. wangsulane
Partono.
Kowe kok reti saka ngendi? pitakone Encup.
Ana rambu kae lho.. Didelok coba.. jawabe Partono.
Encup ningali rambu ingkang dimaksud Partono. Sekalian ningali
tulisan-tulisan ingkang wonten ing sakiwa tengenipun margi
menika.
Par!! Wis arep tekan!! jarene Encup.
Jaremu mau lagi tekan Bekasi?? Piye? pitakone Partono.
Kae lho.. Ana tulisan sing unine Selamat anda memasuki kawasan
Jakarta.. wangsulane Encup.
Partono saha Encup seneng sanget mangertosi menawi sampun badhe
dumugi Jakarta. Malah sampun dumugi Jakarta. Ananging Encup dereng
puas amargi dereng ningali banjir saha ketemu Pak Jokowi.
Sonten menika, Partono saha Encup milih nyewa kos-kosan kangge
leren sewengi. Langite selot peteng. Partono saha Encup nindakaken
kewajiban sholat banjur nedha ing salah sawijining restoran.
Saksampunipun menika, Encup saha Partono tilem..
Enjing ingkang panas. Srengenge cetha sanget. Encup saha Partono
menyang mubeng Jakarta ningali banjir saha ketemu Pak Jokowi.
Ing sawijining dalan, ana rambu Jalan licin.
Par!! Ati-ati lho.. Dalane lunyu.. omonge Encup.
Kowe kok reti?? pitakone Partono.
Weh? Aja ngece aku, dumeh aku ora tau sekolah aku ora reti
apa-apa. Aku bisa mikir, Dab.. wangsulane Encup.
Wah.. Aku ora ngece jawabe Partono.
Aku ndelok rambu ngarep kae. Terus ndelok dalane, banjur ndelok
sing padha liwat. Kok padha ngati-ati. Berarti dalene lunyu..
Ngono, Dab!! jelase Encup.
Encup pinter saiki.. jawabe Partono.
Wis wiwit biyen.. wangsulane Encup.
Partono saha Encup terus lurus ngantos nemukaken tlatah ingkang
toyanipun kombang-kombang. Encup mesam-mesem lan Partono ngguyu
seneng sanget. Banjir!!
Dab!! Banjir!! omonge Encup.
Iya, Cup.. jawabe partono.
Apikk!!! wangsulane Encup.
Encup seneng sanget. Akhiripun bisa ningali banjir wonten ing
Jakarta. Partono namung ngguyu cekikikan ningali Encup ingkang
ndesa sanget. Saksampunipun menika, bocah kalih wau menyang madosi
Pak Jokowi. Ananging ngantos jam 3 siyang boten ketemu. Encup
mrengut.
Akhiripun Encup nemukaken fotonipun Pak Jokowi wonten ing
pinggir margi. Encup ngomong kaliyan fotonipun Pak Jokowi.
Pak, aku pengin kaya Bapak.. omonge Encup.
Pak, kok ora jawab? sambunge Encup.
Cup! Ayo bali menyang ngomah.. omonge Partono.
Mengko ndhisik. Lagi omong karo Pak Jokowi.. jawabe Encup.
Cup!! Kowe kuwi edan apa kepiye? Ayo bali!! ajake Partono.
Encup lan Partono bali menyang ngomah. Wonten ing margi, Encup
ndleming dhewe ngantos Partono ngguyu terus.
Par!! Ayo menyang warteg sing mbiyen kae.. Srandhalku isih ana
ing warteg kuwi.. omonge Encup.
Partono namung ngguyu. Pengalaman kapisan menyang Jakarta
ingkang tansah boten saged dipunlalikaken saking pikiranipun Encup
saha Partono. Akeh kadadean ingkang njalari Encup saha Partono
boten saged nglalikake. Tuladhanipun inggih menika bisa ningali
banjir, mangertosi rambu-rambu, mubeng-mubeng ing margi,
srandhalipun ketinggalan, didukani Pak Satpam lan
sanes-sanesipun.
Sumber: http://papin17.wordpress.com/cerkak-bahasa-jawa/Pak
DirmanJendral Sudirman iku salah sawijining pahlawan Indonesia kang
ulet, Jundral Sudirman nduweni sifat kang puguh kaya waja, suthik
lamun pasrah. Rikala Jendral Sudirman dadi manggalaning TNI
bebarenangan karo rakyat nyirnakake penjajah. Sajroning mandhegani
perang gerilya panggonane pindah-pindah, saka kutha siji menyang
kutha sijine.
Sajroning pindah saka kutha siji menyang kutha sijine Jendral
Sudirman akeh nemoni rubeda, amarga kabeh tindak tanduke tansah
diawasi maring penjajah. Mula kala mangsane mlakune Jendral
sudirman lan para pendhekare melbu metu alas, kadang kala leren ana
njero alas nganti pirang-pirang dinakanggo nyusun kekuawatan.
Rikala semana Jendral Sudirman mandegi perang gerilya ana ing
tlatah Ngayoryakarta, Surakarta, Madiun, lan Kediri. Pak Dirman
anggone ngadani perang gerilya kurang lewih pitung sasi. Ana
sajroning perang, Pak Dirman wes tau nandhang gerah, mulane
mrana-mrene tansah ditandhu karo pendhekare. Nadyan mengkono awit
saka kemurahan Gusti, Walanda kalah perange lan kutha Ngayogyakarta
bali menyang penguasane negara Republik Indonesia.
Tanggal 10 Juli 1949 Panglima Besar Jendral Sudirman kondur
menyang Ngayogyakarta kanthi ditandhu. Rakyat pada bungah lan aweh
pangurmatan dening Jendral Sudirman. Kondure Jendral Sudirman
didherekake Letnan Kolonel Soeharto, tekan Ngayogyakarta Jendral
Sudirman dipethuk dening Kolonel Suhud lan dienekake Upacara
Pangurmatan
Tanggal 29 Januari 1950 Jendral Sudirman ketimbang ing
ngarsaning Gusti tekan yuswa 34 taun. Layune kasarekaken ana Taman
Makam Pahlawan Kusumane negara Semaki Ngayogyakarta. Bangsa
indonesia kelangan pahlawan luhur kang uripe ditohake jiwa ragane
kanggo mulyaning bangsa lan negara Indonesia.
Nasibe Manungsa
Srengengene menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit.
Dhasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak encik kaya
ngiocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis
sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Naning
panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda
tanpa pinayungan kekayon terus wae dakpecaki. Kiwa tengene dalan
setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning
godhong-godhong jagung kang katon sapendeleng ing adoh kana.
Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung,
racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha
sing jare luwih gampang."No, Darno! Reneya!"
Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka
njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir
dawa aku jumangkah marani Kang Parman.
"Iki Iho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo
diserbu dhisik" sumeh, grapyak semanak, lan eseme sing ngatonake
untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman.
Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel
godhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing
amben-ambenan gubug."Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok
celuk-celuk. Tiwas kebeneran, malah ana undangan pesta kebun,"
sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman ngetokake rokok sing durung
dibukak segelane."Ponakanmu wingi rak tilik ngomah tangane Kang
Parman uwet mbukak bungkus rokok. Banjur ndudut sak ler, terus
disumet. Aku sing saben dina udutku mung mbako gewol, ya melu-melu
makmum ngrasakake nikmate rokok."Kerjane neng endi ta, Kang?"
"Neng pabrik plastik. Mbuh, saiki jare wis munggah dadi mandhor.
Jare lumayan ceperane"
"Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. Kerjane ya
penak, mung kari ngawas-ngawasi," sambungku karo ngleleg
tela."Maune lulusan apa, Kang?" aku nyambi nglangga teh ning botol
aqua sawise gorokanku krasa seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh
sosro. Legi sepet-sepete krasa tenan."Mung SMA, jane ya njaluk
kuliah maune. Ning kowe dhewe rak ya ngerti kahananku. Nyekolahake
tekan lulus SMA wae wis mengkis-mengkis ning dhadha, kok ndadak
arep nekat nguliahke, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe ngono ya
pinter, wong oleh rangking siji terus, kok. "Tangane Kang Parman
ndudut tela sak puk."Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya
bapake," eseme Kang Parman mlethek nyigar lambene krungu
pangalembanaku. Ning tenan, nalika isih sekolah Kang Parman kuwi
biyen pinter dhewe sak kelas."Ning pinter iku jebul kalah karo sing
jeneng begja. Kowe rak eling Umar kae ta?!"
"Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh kae?" takonku. Kang
Parman manthuk.
Pancene kabeh kancane sakelas Umar kalebu aku lan Kang Parman,
padha ngarani yen Umar kuwi bocah sing paling bodho. Mosok nalika
guru biologi takon kebo kuwi manak apa ngendhog, wangsulane jare
ngendhog. Mesthi bocah sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu Pak
Guru kang kudune nesu. Lucu meneh yen wayahe nembang utawa nyanyi,
tembang utawa lagu sembarang dhengah, iramane padha wae, kaya wong
menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar
giliran nembang utawa nyanyi, padha karo ing kelasku ana dhagelan.
Nganti kaku neng weteng merga kemekelen. Malah Bu Guru Eni, guru
kesenian, rikala lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane Umar,
merga saking ngempet ngguyu nganti mlayu neng kamar mandi."Kowe
ngerti, Umar kae saiki dadi Kepala Sekolah" kandhane Kang Parman
gawe kejotku. Mripatku nganti mblalak amba. Lha kok bisa! Kepala
Sekolah kuwi wiwitane rak kudu dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi
dadi narasumber kang pener lan bener. Gek-gek ndang menehi soal
marang muride, kebo kuwi ngendhog dibenerke. Rak payah! Utawa
gek-gek nalika didhaulat muride supaya nembang utawa nyanyi, eh,
ora bisa mbayangke aku. E, Iha sapa ngerti, yen nembang utawa
nyanyi dadi guyon, ndang lagu ndhangdhut utawa pop malah jagone.
Sapa ngerti!"Kok kowe ngerti yen dadi Kepala Sekolah, sing menehi
kabar sapa ta, Kang!"
Banjur Kang Parman crita. Biyen sakluluse saka SMP (bocah bodho
kok ya bisa lulus), Umar ngulandara golek gaweyan ning kutha
Semarang. Saben dina Umar ngleyeng menyang kantor-kantor, menyang
pabrik, nawakake tenagane supaya ditampa nyambut gawe. Nanging
kantor-kantor sing dileboni, racak ora ana lowongan. Mung bandha
ijazah SMP wae, arep diseleh ngendi. Lowongan sing pas ya mung
penjaga utawa pesuruh: Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana
penjagane. Saben dina dheweke ditampik saka kantor siji menyang
kantor sijine meneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane.
Nanging Umar sajak ora nglokro. Najan yen bengi direwangi turu ing
mesjid utawa terminal, esuke panggah nerusake niyate golek gaweyan.
Mbokmenawa iki sing dadi kehebatane utawa keluwihane Umar. Yen
cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan.Nganti ing
sawijining dina, Umar mlebu ing sawijining Kantor Kelurahan.
Kebeneran Pak Lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo
tenaga omah. Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh
lanang. Umar cekat-ceket nampa, tanpa takon sesasine dibayar pira.
Pokoke sing penting bisa temangsang dhisik. Soale wis krasa kesel
olehe rana-rene, mlebu metu kantor apadene pabrik. Soal mengko neng
kene kepenak utawa ora, dipikir mburi karo mlaku.Ing daleme Pak
Lurah, Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh
putra-putrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen mung perkara
gaweyan, sepisan dikandhani, Umar mesthi ndalan, ora ndadak
mindhan-mindhoni. Soal mangan-memangan, Umar ora tau protes
piye-piye. Kabeh panganan ora ana sing disiriki. Ora ana sing
dipantangi. Ora ana sing alergi.
Merga saka kemurahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA,
najan olehe mergawe minangka pembantu isih dibayar. Ora mung tekan
SMA, nanging diterusake nganti kuliah lan lulus nggondol sarjana.
Terus mulang ing SMP, terus dientukake putrane Pak Lurah.
"Dadi mantune Pak Lurah?" Kang Parman manthuk.
"Kok gelem-geleme ta bocahe wadon putrane Pak Lurah?!" protesku.
Banjur Kang Parman mbisiki aku" kabare putrane Pak Lurah sing kuwi
jare idiot."
Aku njomblak. Olehku mamah tela godhog daklerenke.
"Lha kok Umar gelem?!""Jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti
Allah. Menungsa ora bakal kuwawa nolak utawa ngemohi" Yen kon bukak
dalil bab kaya ngono Kang Parman pancen jagone."Sih kurang siji ta,
Kang?!" sambungku rada keminter."Drajat lan pangkat. Kudune rak
kowe ya Kang sing dadi Kepala Sekolah. Wong nalika sekolah, Umar
kae pintere kalah adoh karo kowe"Kang Parman mung mesem kecut. "Aku
ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah. Aku ora ngenger neng nggone
Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi wong tani gurem kaya
kowe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku dakturunake
menyang anak-anakku. Buktine, sekolahe oleh ranking siji wiwit saka
SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik, lagi sedhela wis
dadi mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya?!"
Aku gedheg karo ngglogok teh.Apa Kang?!"
"Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke,
ninggali rokok aku. Balik Umar?!"
"Geneya Umar Kang?!"
"Ora duwe anak. jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane
dokter, gen-e sing wadon luwih dominan. Dadi kemungkinan yen
anak-anake lair, dheweke ngeri mbayangake. Rak dheke dhewe ya
ngakoni, yen dheweke pancen bodho"
Weruh-weruh telane wis entek. Teh sak botol aqua ya gusis. Mung
Jarum 76e sajake sing isih. Terus diwenehake aku.
"Wis wengi, yo dha bali wae" pangajake Kang Parman karo mudhun
saka amben-ambenan gubug.
Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancen
werna-werna.
Cerpen Bahasa Jawa: Nasibe Manungsasaking Majalah Panjebar
SemangatSumber :
http://yuyunsaja.blogspot.com/2009/10/cerkak-nasibe-manungsa.htmlGELO
Srengenge durung katon jedul, nanging semburat abang ing sisih
wetan wes katon mbranang. Suwara manuk-manuk podho tuwuh dadi siji,
godhong ing wit-witan podho isih teles amarga embun, kabut e isih
kandhel lan alus. Ing desa ingkang adoh saking kuta, nanging cedhak
saking pasir menika ora ana suwara brebeg amarga montor utawa
kendaraan liya. Sing ana mung wong kang podho menyang sawah lan
pasar, ana sik nganggo pit lan ana uga sik mung mlaku amarga mung
cedhak. Ana omah kang reyot ing pinggir ndeso, omah kang mung
dinggoni wong loro, mbok Suriah lan anake sing isih jaka jenenge
Sapta. Mbok Suriah wes tuwa umure 60 taun lan jaka anak siji-sijine
umure 23 taun. Mbok Suri biyasa dijeluk karo warga lagi
lara-laranen. Sapta ora duwe gaweyan tetep nek lagi ra duwe gaweyan
Sapta mung nganggur neng ngomah. Le, tulung jupukke obat neng meja
ngarep! akon Mbah Suri. Nggih mbok sekedap, nembe adus niki.
Tanggap Sapta.Niki mbok obate, diombe ngangge wedhang niki.
Nuwun yo le. Sawise ngombe obat mbok Suri menyang sawah kaya
dina biyasane. Sapta mung neng omah ora duwe gaweyan, Sapta anak
kang males lan gaweyane mung dolan. Mbok Suri sanajan wes tuwa
nanging isih seneng guyonan, malah ana sing ngarani Mbok Gaul. Mbok
Suri menyang neng sawah karo kanca-kancane sing arep padha
tandur.Pripun kabare Sapta mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak
menyang sawah? takon Mbok Kondho.Inggih sae yu. Alah, anak siji kae
po gelem dijak nyambut gawe neng sawah. Tanggap Mbok Suri. Sawise
tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok Suri
ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Suri padha meneng wae,
dikira mung ngapusi amarga Mbok Suri biyasane seneng gojekan. Uwes
sepuluh menit Mbok Suri ora obah. Mbok Kondho sek ket mau
mendheleng ndelok Mbok Suri sek diarani apus-apus ujuk-ujuk nyeraki
Mbok Suri.
Eeeehh, iki Mbok Suri lara tenanan ora ngapusi. Gek digotong
neng omah e!
Gandheng neng kono mung ana mbok-mbok sing wes tuwa, sing ora
kuwat ngangkat. Mbok Kondho mlayu marani Sapta.SAPTAA!! Ibumu lara
neng sawah. Ayo gek ditulungi!! Sapta mlayu menyang sawah. Sawise
tekan sawah Sapta langsung nggotong ibune neng omah. Larane ibune
tambah nemen.
Iki kudu dipriksakke neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih
tambah nemen! Mbok Kondho kang tambah bingung.