Top Banner
TEDHAK SITEN / SITI KELOMPOK 3 : DESI NUR OKTAVIA ( XI MIA C / 05 ) EKO URIP FIBRIANTO ( XI MIA C / 07 ) EL MEDINA AULIA PUTRI ( XI MIA C / 08 ) LUTFIAN JAYA SUDRAJAT ( XI MIA C / 16 ) MIFTAHUL YASIKA ( XI MIA C / 17 ) QUEEN SAFIRA RAMADHANI ( XI MIA C / 24 )
11

Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

Jan 18, 2017

Download

Education

Hana Medina
Welcome message from author
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
Page 1: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

TEDHAK SITEN / SITIKELOMPOK 3 :DESI NUR OKTAVIA ( XI MIA C / 05 )EKO URIP FIBRIANTO ( XI MIA C / 07 )EL MEDINA AULIA PUTRI ( XI MIA C / 08 )LUTFIAN JAYA SUDRAJAT ( XI MIA C / 16 )MIFTAHUL YASIKA ( XI MIA C / 17 )QUEEN SAFIRA RAMADHANI ( XI MIA C / 24 )

Page 2: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

PANGERTEN

Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih

punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti

kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten nduweni arti ngidhakake sikil ing lemah /

pertiwi.

Tedhak siten yaiku sawijining upacara adat kang ditindakake nalika

jabang bayi umur pitung lapan utawa 7 x 35 dina. Tedhak Siten ngambarake

kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa

ngarep. Supaya ing tembe si jabang bayi bisa kuwat ngadhepi alangan-

alangan kanggo mujudake apa kang dadi gegayuhane.

Page 3: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa

kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik

ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge

ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang

ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya

jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku

yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala,

kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake

upacara tedhak siten.

Page 4: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

UBARAMPE KANG DIBUTUHAKE1. Sesaji selametan : sega tumpeng, jenang abang lan

putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar

2. Juwadah/jadah : ana pitung werna yaiku abang, putih,

ireng, kuning, biru, jambon, lan ungu

3. Kembang setaman kang diwadhahi bokor gedhe

4. Lemah

5. Andha saka tebu kang wis direngga

Page 5: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

PIRANTI KANG DIBUTUHAKE1. Kurungan pitik kang dirias nganggo janur utawa kertas maneka

warna

2. Pari

3. Kapas

4. Kembang telon : melati, mawar, lan kenanga

5. Beras kuning

6. Buku lan alat-alat tulis

7. Kaca

8. Jungkas/sisir

9. Dhuwit receh

Page 6: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

Manut kapitayan sesepuh, yen si jabang bayi milih buku lan

alat tulis, mbesuke bakal pinter jalaran sregep sinau.

Yen milih kaca, jungkas/sisir, mbesuke bakal pinter dandan

(ngrias/pepaes).

Wondene yen milih dhuwit, mbesuke si jabang bayi bakal

pinter nyambut gawe utawa golek dhuwit.

Page 7: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

TATA CARA1. Diwiwiti kanthi jabang bayi ditetah kanggo midak jadah kang cacahe

ana pitung werna,

2. Jabang bayi diunggahake supaya menek andha saka tebu kang wis

direngga,

3. Bayi dilebokake ing kurungan pitik. Ing sajroning kurungan pitik

diwenehi bokor kang isine pari, alat tulis, dhuwit, kaca, lan

sapanunggalane,

4. Bayi njupuk salah sawijining isi kang ana ing bokor,

5. Acara tambahan yaiku nyebar beras kuning lan dhuwit,

6. Banjur, bayi didusi nganggo kembang setaman supaya bayi kasebut

sehat lan nggawa ganda arum tumrap keluwargane ing tembe.

Page 8: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

TEGES SIMBOLIK1. Andha tebu nduweni teges simbolik tebu, kalebu keratabasa

lang tegese antebing kalbu. Diajab supaya mbesuk anggone

nggayuh gegayuhan manteb lan cepet kasil.

2. Juwadah/jadah pitung werna mengku teges supaya mbesuk

bisa mrantasi werna-werna pepalang.

3. Kurungan pitik mengku teges supaya mbesuk bisa srawung

ing sajroning masyarakat kanthi becik, lan ngugemi

sakabehe paugeran, tata cara, lan adat istiadat kang becik

ing urip bebrayan.

Page 9: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

4. Werna-werna barang

Andha saka tebuKurungan pitik Jadah pitu werna, sega tumpeng,

jenang, lan jajan pasar

Lemah lan kembangDhuwit receh Isine kurungan yaiku dulinan bayi

Page 10: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

Panggonan Tedhak sinten Bayi dituntun midak jadah

Bayi milih salah sawijining isi sing ana ing bokor

Bayi menek andha saka tebu

Page 11: Budaya Jawa Tedhak Siten/Siti/Mudun Lemah

MATURNUWUN

Bayi diadusi banyu kembang