UNGGAH-UNGGUH
77
BAB V.UNGGAH-UNGGUHA. Purwaka
Adhedhasar SK Mendikbud No. 60/M.1993 sarta SK Kakanwil
Depdikbud DIY No. 017/113/Kpts/1994 katetepaken bili Basa Jawa
dipundadosaken muatan local wajib ing tataran Pendidikan Dasar.
Kanthi mekaten Basa Jawa wajib dipunwulangaken ing tataran SD saha
SLTP. Malah wiwit tahun 2006 adhedhasar Keputusan Kongres Basa Jawa
ingkang kaping IV wonten ing Semarang Basa Jawa wajib
dipunwulangaken ing SLTA (SMA, SMK, MA) ing laladan Jawa Tengah,
DIY, saha Jawa Timur. Malah SK Gubernur DIY No. 1 tahun 2009 bilih
dinten Setu minangka dinten Jawi ing lembaga pamarintah menapa dene
swasta. Tegesipun ing Setu lembaga pamarentah saha swasta, sekolah,
keluarahan, dinas-dinas, saha sanesipun dipunwajibaken ngginakaken
basa Jawa kangge pasrawungan. SK Gubernur menika dilajengaken SK
Bupati saha Walikota ing DIY, radin-radin ugi dinten Setu.Bab
menika kepasang yogya, kaleresan, nggumbirakaken manah, bilih
pamarentah kasdu saha karsa migatosaken Basa Jawa. Menawi
pamarentah kemawon gadhah pamarsudi, menapa kula miwah panjenengan
ingkang trahing Jawi badhe nyingkur dhateng darbekipun piyambak.
Kamangka basa menika ngemu budaya (menika hyphotesis
Saphir-Whorft). Tegesipun basa menika ngemu saha ngemot budaya.
Sedaya budaya kamot wonten basanipun, basa ngemuli budaya. Menawi
basanipun lestari, budayanipun ugi badhe lestari, menawi basanipun
dipunsingkur budayanipun saged kasingkur.Owah gingsiring jaman nut
ing jaman kelakone. Tegesipun basa Jawa saha budaya Jawa kedah
saged nglarasaken ombyaking jaman, nanging boten ategese keli.
Magepokan kaliyan ombyaking jaman wonten pinten-pinten pamanggih,
antawisipun:
(1) Para trahing Jawi sami kayungyun kaliyan kemajenganing
teknologi canggih, budaya manca, ingkang dereng temtu leres saha
laras kaliyan budaya Jawa.
(2) Kahanan kasebat mahanani budayanipun piyambak kadhesek saha
kaseser awit gandrung dhateng budaya manca.
(3) Pamanggih bilih wulangan basa Jawa menika kirang wonten
tanjanipun dhateng panggesangan. Menika cetha klentu awit ingkang
nama gesang menika boten naming mbetahaken ilmu teknologi, nanging
ugi seni saha budaya. Malah kapinteran srawung adhedhasar budaya
ingkang nglambari ilmu saha teknologi gadhah daya ingkang
sakalangkung tumanja tumuju gesang tumuju dhateng kamulyan saha
kabagyan. Tiyang ingkang pinter srawung langkung kasil ing
gesangipun tinimbang tiyang ingkang namung sangu ngilmu kapinteran.
Langkung kasil menawi dhasar pinter srawung, sugih ngilmu
kapinteran (ipteks: ilmu pengetahuan, teknologi, seni).
Pirembagan:
1. Kados pundi menggah pamanggih panjenengan magepokan kaliyan
SK Gubernur No. 1/2009?
2. Kados pundi caranipun supados kawicaksanan kasebat saged
tuwajuh (efektif saha efisien)?
B. Ginanipun Sinau Unggah-ungguh Basa Jawa(1) Ndhidik raos
kurmat
Unggah-ungguh saged ndhidhik raos kurmat awit tembung-tembung
ing unggah-ungguh basa menika sampun ngemu raos kurmat antawisipun
ingkang gineman kaliyan ingkang dipunajak gineman.
(2) Ndhidhik andhap asor anoraga
Ing tembung-tembungipun unggah-ungguh sampun ngemu bilih tiyang
ingkang ngajak gineman langkung ngaosi kaliyan ingkang dipunajak
gineman. Menika boten saged katilar kajawi ingkang ngajak gineman
menika langkung inggih drajat, pangkat, semat, utawi
yuswanipun.
(3) Ndhidhik tatakrami
Tembung-tembung ingkang netepi ingkang leres sampun ngemu tata
krami. Pramila tiyang ingkang leres sarta laras anggenipun matur
kanthi basa ingkang leres, tata kraminipun mesthi sampun katut ing
solah bawa. Tegesipun basa menika manunggal kaliyan solah bawa.
(4) Ngaosi budaya leluhur saha nglestantunaken asiling budaya
leluhur
Unggah-ungguh menika tilaranipun para leluhur ingkang sampun
nyipta sah angripta kanthi premati sarta kebak ing filosofi pramila
kedah dipunaosi kanthi nglentantunkan kanthi cara ngginakaken utawi
nindakaken.
(5) Mekaraken kawegiganing gesang (life skill) kadosta pranata
adicara, jagad pewayangan, seni kethoprak, nyerat cerkak, novel,
geguritan, lsp. Taksih kathah budaya Jawi ingkang ngginakaken basa
Jawi, awit menawi ngginakaken basa sanesipun kirang nges, upaminpun
wayang ngangge basa Indonesia utawi Inggris (lha menawi suluk tetep
ngangge basa Jawi), kethoprak tetep gayeng regeng menawi ngangge
basa Jawi.
C. Unggah-ungguh Basa Jawa ing SDWonten sawenehing pamanggih
bilih para trahing Jawi mudha samenika sampun kirang saged basa
Jawi, kirang tewajuh ngginakaken unggah-ungguh. Unggah-ungguh
menika magepokan kaliyan tata basa saha tata susila/tata krama.
Tata basa magepokan kaliyan ngginakaken basa jawa ing madyaning
pasrawungan. Bab menika ugi magepokan kaliyan cara ngurmati saha
ngaosi tiyang sanes kanthi sarana basa ingkang dipunginakaken ing
pasrawungan. Tata susila/tata krama magepokan kaliyan cara ngurmati
tiyang sanes kanthi solah bawa, patrap, utawi tumindak. Dados
unggah-ungguh menika manunggal antawisipun basa (muna-muni) saha
solah bawa (tindak-tanduk). Pramila tindak-tanduk, muna-muni kedah
dipunjagi. Menawi tiyang saged ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi
laras saha leres, limrahipun gadhah tata krama ingkang sae ugi.
Ing andharan menika unggah-ungguh ingkang kawedhar ingkang
magepokan kaliyan unggah-ungguh basa, kanthi dhasar:
(1) Unggah-ungguh tata basa sampun ngemot unggah-ungguh tata
krama. Tegesipun unggah-ungguh basa manunggal kaliyan tata krama.
Boten limrah tiyang ingkang ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi
sae, nanging patrapipun boten sae.(2) Ngantos samenika ingkang
sampun dipuncakaken ing madyaning masyarakat inggih unggah-ungguh
basa.
(3) Ngantos samenika ingkang sampun sinerat inggih nembe
unggah-ungguh basa.
(4) Tata krama limrahpun kakabar ing pamulangan-pamulangan
kanthi manunggal (integrated learning) kaliyan materi sanesipun
kadosta wewaler utawi pepali, gugon tuhon, bebasan, paribasan,
lsp.Manut pamanggihipun Kuswa Endah (1996) unggah-ungguh basa
ngrembag kados pundi pamicara saged milih tembung ingkang trep,
runtuting paramasastra, tuwin patraping solah bawa. Menika trep
kalitan paribasan ajining dhiri gumantung lathi, ajing raga
gumantung busana, ajining awak gumantung tumindak.
Unggah-ungguh basa Jawa prelu dipundamel prasaja, cekap wonten
kalih kemawon inggih menika ngoko kaliyan krama.
Satunggal-satunggalipun kapilah dados lugu saha alus, kados gambar
ing ngandhap menika.
LUGU
NGOKO
UNGGAH-UNGGUH
ALUSBASA
LUGU
KRAMA
ALUS
Tumrap para siswa SD malah ngantos tataran salajengipun
unggah-ungguh cekap kados ing nginggil andhedhasar pamanggih:
(1) Nggampilaken siswa anggenipun sinau, boten angel, boten
ruwet
(2) Kanthi gampil kasebat siswa boten kemba, boten ajrih
(3) Ing pasrawungan unggah-ungguh kasebat sampun nyekapi/
murakabi
(4) Buku-buku basa Jawa, cerkak, cerbung, geguritan, utawi
asiling kasusastran ugi ngginakaken unggah-ungguh menika (azas
fungsional).
D. Basa Ngoko
1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu inggih menika sarana wicara ingkang dumadi
saking sedaya tembung-tembungipun ngoko. Basa ngoko lugu kangge
micara:
a. Tiyang langkung sepuh dhumateng tiyang anem
b. Tiyang sepuh dhumateng anak
c. Tiyang sapantaran ingkang sampun rumaket
d. Ngunandika
e. Ratu dhateng kawula
f. Pangarsa dhateng andhahan
Contoh:
a. Dhik tulung aku jupukna buku gelas!
b. Bapak wis tau ngomong, menawa anak-anakku kabeh kudu sregep
sinau.c. Didit, ayo sinau tembang!
d. Wah jamane wis maju, kakeh sarwa maju, penyakit wae melu
maju, angel tambane.
e. Rangketen para durjana!
f. Perusahaan ini kudu bias maju.2. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus inggih menika sarana micara ingkang
tembung-tembungipun ngoko kacampuran krama inggil. Dene ingkang
dipunkramakaken sesebatan saha tembung kriya. Sesebatan upaminipun
tembung purusa (tembung sesulih) kados: panjenengan, panjenengane,
dalem (boten griya). Tembung kriya kadosta: tindak, sare, dhahar,
maos, lsp. Basa ngoko alus kangge micara:
a. Tiyang sepuh (ingkang langkung andhap kalenggahanipun)
dhateng tiyang anem langkung inggil kalenggahanipun.
b. Tiyang sapantaran nanging taksih kepengin ngurmati.
Tuladha:
a. Dhimas, apa sliramu sida arep tindak Jakarta?
b. Yen panjenengan mundhut buku, aku titip.
E. Basa Krama
1. Krama Lugu
Basa krama lugu inggih menika sarana micara ingkang sedaya
tembung-tembungipun krama. Basa krama lugu kangge micara:
a. Tiyang langkung sepuh dhateng tiyang anem, nanging taksih
kepengin ngurmati.
b. Pangarsa dhateng andhahan ingkang langkung sepuh.
Tuladha:
a. Menawi sampun mantuk, kula badhe tumpas peksinipun.
b. Pak, cobi kula dipunpendhetaken conto produk wonten ing
gudang.2. Krama AlusBasa krama alus inggih menika sarana micara
ingkang tembung-tembungipun dumados saking tembung krama saha krama
inggil. Tembung krama inggil kangge sesebatan saha tembung
kriya.
Basa krama alus kangge:
a. Anak dhateng tiyang sepuh
b. Tiyang anem dhateng tiyang sepuh
c. Tepangan enggal
d. Andhahan dhateng pangarsa
e. Kawula dhateng ratu
f. Tiyang ndedonga.Tuladha:
a. Bapak kula badhe study tour dhateng Bali.
b. Kula badhe matur Ibu.
c. Nuwun sewu asma panjenengan sinteen?
d. Bapak sedaya barang sampun kula aturaken Bu Lurah.
e. Kepareng kula matur Gusti?
f. Dhuh Gusti Allah mugi paduka paring rejeki ingkang halal saha
barakah, anak ingkang soleh solehah, kulawarga ingkang sakinah,
mawaddah, warahmah. Amin.
Pirembagan:
1. Basa ngoko alus saya dangu saya awis dipunprangguli. Menawi
sampun rumaket langkung kathah ngginakaken ngoko lugu. Basa ngoko
alus namung dipunginakaken dhateng tiyang-tiyang ingkang satuhu
pana bab unggah-ungguh.
2. Basa krama lugu saya dangu saya awis dipunprangguli. Tiyang
langkung sekeca ngginakaken basa krama alus. Krama alus sampun
murakabi kangge pasrawungan.
3. Hipotesis:Ing wanci badhe dhateng unggah-ungguh ingkang
lestari mratah NGOKO LUGU kaliyan KRAMA ALUS utawi NGOKO kaliyan
KRAMA.
Kados pundi pamanggih panjenengan?
F. Caranipun Mulangaken Unggah-Ungguh wonten ing SD
Supados siswa saged ngginakaken basa ingkang sae (laras saha
leres) inggih namung sarana gladhen utawi dipunlatih. Robert Lado
satunggaling ahli pamulangan basa nelakaken bilih sinau basa
mekaten prayoginipun dipuntindakaken saben dinten ngantos dados
pakulinan pakulinan (habitation: pembiasaan). Manawi sampun kulina
dangu-dangu badhe hanyalira (manunggal ing manah/pamikir). Manawi
sampun kasalira, micara kados sampun mili piyambak (otomatisasi),
kados boten sisah mikir, boten plegak-pleguk, boten a-e, micara
sempulur, nricis. Krashen (1988) mastani bab kasebab kanthi teori
monitor. Kanthi nguwaosi basa satemah pamicara saged mastani basa
ingkang laras, leres, menapa dene ingkang lepat. Ngilmu
paramasastra, pamilihing tembung, saha unggah-ungguh saged dados
pawitan kangge mastani (monitor) basa menika laras, leres, utawi
boten.1. Siswa SD kelas I IIIBeda kaliyan siswa jaman rumiyin,
siswa kelas I III samenika limrahipun sampun saged maos awit wonten
TK utawi ing kulawarga sampun dipungladhi maos. Namung ing laladan
karang pradesan bokmenawi taksih wonten siswa ingkang dereng saged
maos kanthi trampil. Gegaran pamulangan:a. Tumrap ingkang dereng
trampil maos, siswa dipunwulang unggah-ungguh kanthi sarana
lisan.
b. Tumrap siswa ingkang sampun saged utawi kepara trampil maca,
guru damel materi wicara tulis ingkang isi wicara prasaja.
c. Prasaja tembung-tembungipun.
d. Ukaranipun cekak
e. Materipun ugi cekak
f. Langkung kathah ngginakaken basa ngoko
g. Kramanipun sakedhik kemawon kangge tembung-tembung ingkang
kaprah kadosta sare, dhahar, matur, tindak, nyuwun, lsp.
Caranipun mulang unggah-ungguh I :a. Apersepsi bab
panganggenipun basa Jawi ing dalem, utawi kaliyan kanca-kancanipun
nalika dolanan, utawi nalika sowan eyang.
b. Kadamelna swasana kelas dados gumbira. Rame boten menawa
sauger ramenipun magepokan kaliyan materi (task on).
c. Siswa lajeng dipuntakeni ingkang dipuntindakaken nalika sowan
eyang, dolanan, utawi kahanan wonten griya. Syukur bage menawi
siswa purun crita (kados nalika wonten TK siswa mardika sanget
kangge mahyakaken wicara, malah kepara rame saut-sautan). Ing
kahanan menika lajeng dipundhawuhi supados cariyos, dene sanesipun
mirengaken. Sanesipun mangke pikantuk giliran.
d. Ingkang kacariyosaken dipunserat wonten ing papan tulis
kanthi dipunringkes utawi kanthi babaran enggal (kreasi) ingkang
boten nyimpang kaliyan intinipun.
e. Materi dipunwaos sesarengan ing kelas.
f. Materi dipunwaos kanthi klompok (saperangan kelas).
g. Materi dipunwaos kanthi piyambak utawi giliran.
h. Menawi materi kalawau wujud pirembagan saged dipunwaos kanthi
mawi paraga.
i. Siswa sanesipun saged damel piyambak adhedhasar
pengalamanipunm, saged nulisaken saking tembung kemawon ngantos
ukara.
j. Evaluasi kanthi dipuntakeni lisan bab ingkang kalawau
karembag.
k. Materi dipunwangsuli kanthi ringkes.
l. Tumrap kelas ingkang sampun trampil nyerat saged dipunsukani
PR bebas damel ukara utawi nyerat bab-bab ingkang katindakaken
saking tembung ngantos ukara.Cara mulangaken unggah-ungguh II:
a. Apersepsi ingkang wonten gayutipun kaliyan materi ingkang
badhe kawulangaken.
b. Guru mahyakaken topic (kompetensi dasar) ingkang badhe
kawulangaken.
c. Guru wiwit mulangaken kanthi mahyakaken materi ingkang awujud
tembung, ukara, utawi wicara.d. Siswa saged maos kanthi kelas,
klompok, saha individu.
e. Guru pitaken ingkang angel tumrap siswa.
f. Materi dipunwangsuli.
g. Siswa mraktekaken materi (saged dipunwoas utawi wonten
ngajeng kelas)
h. Siswa nyerat tembung, ukara, ngantos carita magepokan kaliyan
pengalamanipun.
i. Guru pitaken ingkang dipunserat siswa.
j. Wangsul dhateng materi baku kanthi ngringkesk. Evaluasi guru
saged dhawuh nyerat tembung ngantos ukara, isining materi, tembung
ngoko, tembung krama.
Tugas:
1. Kadamelna caranipun mulang unggah-ungguh nalika siswa matur
ibu arep nyuwun arta.
2. Idem nyuwun idin badhe dhateng wingking?3. Idem matur amargi
telat?
2. Siswa SD kelas IV - VI
Menawi siswa SD kelas I III dipunwulang unggah-ungguh kathah
kanthi lisan, siswa kelas IV VI SD kathah kanthi tulis (sinerat).
Gegaranipun:a. Materi taksih prasaja kemawon sampun ngantos
angel-angel.
b. Sanadyan prasaja, tembung langkung kathah, ukara tetep
prasaja boten panjang-panjang (ukara tunggal), isinipun magepokan
kaliyan ingkang dipuntindakaken siswa sadinten-dinten.
c. Tembung ngoko saha krama imbang
d. Kademela swasana kelas ingkang gembira.
e. Siswa mardika/bebas usul, ngginakaken basa Jawa ngoko utawi
krama.
f. Cak-cakanipun basa / unggah-ungguh langkung kagatosaken.g.
Guru saged damel teks waosan, pacelathon
h. Guru saged ngginakaken teknik simulasi (mraktekaken
pacelathon dipunparagakaken dening siswa).
i. Siswa saged cariyos piyambak (monolog) ngangge basa ngoko
utawi krama.
j. Siswa ugi saged damel pacelathon kanthi piyambak utawi kanthi
klompok, lajeng dipungadhi, salajengipun dipunpraktekaken ing
ngajeng kelas.
k. Sampun ngantos katalompen siswa kadhawuhan ngecakaken
unggah-ungguh wonten griya, masyarakat, utawi wonten sekolah.
Caranipun mulangaken unggah-ungguh I:
1. Apersepsi magepokan kaliyan bab-bab ingkang katindaken
siswa.
2. Siswa saged nyerat ingkang kantindakaken ngangge basa ngoko
utawi krama nalika nyuwun arta, sowan eyang, nalika dolanan utawi
cariyos ingkang dipunpireng ing kulawarga. Siswa ugi saged nyerat
awujud pacelathon.3. Saged ugi anggenipun damel kanthi klompok.
4. Siswa kasuwun maca ingkang dipunserat utawi saged cariyos
kanthi lisan.
5. Guru pitaken dhateng kelas menapa isinipun. Menika kangge
mecut siswa supados micara.
6. Makaten kanthi giliran 3 4 klompok, boten prelu sedaya
supados boten bosen.
7. Guru ngringkes paring teori bab unggah-ungguh saha
cak-cakanipun. Guru saged ngginakaken media pasinaon.
8. Evaluasi: guru saged pitaken isinipun ingkang sampun
kacariyosaken kalawau utawi magepokan kaliyan teori, utawi
cak-cakaning teori (aplikatif).
9. Guru dhawuh supados ngecakaken unggah-ungguh ing
pasrawungan.
Cara mulangaken unggah-ungguh II:
1. Pre tes utawi apersepsi magepokan kaliyan ingkang wonten ing
materi.
2. Guru mahyakaken topik utawi kompetensi dasar ingkang badhe
dipunsinau.
3. Guru pitaken sinten ingkang sampun nate ngalami kados wonten
ing topik kasebat. Ingkang ngalami saged cariyos ringkes.
4. Guru wiwit ngandharaken materi praktis upaminipun
unggah-ungguh tiyang mertamu, lapuran menawi dipunutus sampun
rampung, unggah-ungguh pamit sekolah, lsp.
5. Guru saged ngginakanen media.
6. Siswa nyemak kalajengaken pirembagan (dhiskusi: usul,
pitaken) magepokan kaliyan materi utawi media.
7. Guru pitaken bab-bab ingkang magepokan kaliyan materi.8. Guru
ngandharaken teori unggah-ungguh sinambi mangsuli materi setunggal
baka setunggal.
9. Kalodhangan kangge pitaken.
10. Guru ngringkes materi ingkang kawulangaken.
11. Evaluasi: guru taken bab-bab ingkang magepokan kaliyan
materi, guru saged dhawuh siswa saged mraktekaken materi.
12. PR damel cariyos, pacelathon, madosi tembung ngoko saha
kramanipun.
13. Guru dhawuh supados ngecakaken unggah-ungguh ing
pasrawungan.Tugas/pirembagan:
1. Kados pundi pamanggih panjenengan bab cara pamulangan
unggah-ungguh kasebat?
2. Kacariyosna pengalaman panjenengan, mulang unggah-ungguh
ingkang tuwajuh mbekta asil ingkang sae!
G. Wicara Adhedhasar Unggah-Ungguh1. Pamit SekolahBUDHAL
SEKOLAH
Jam setengah pitu Widada, Widati lan Widaningsih wis tata-tata
ubarampe sekolah lan wis sarapan bebarengan karo bapak lan
ibune.
Bu Wasita lan Pak Wasita uga arep tindak kantor .
Bu Wasita : Apa wis padha rampung kabeh ?
Widati : Sekedhap Bu, Dhik Ningsih nembe ngangge sepatu.
Pak Wasita : Yen kabeh wis padha rampung, ayo enggal budhal
mengko mundhak telat.
Widada : Ayo Dhik, enggal budhal.
Widaningsih : Iya Mas, iki aku wis rampung.
Kabeh padha metu saka ngomah, Widada salaman karo bapake lan
ibune. Astane bapake dicandhak lan diaras
Widada : Bapak, kula nyuwun pangestu badhe bidhal sekolah.
Pak Wasita : Iya dak pangestoni lan sing ati-ati, aja lali
dedonga luwih dhisik.
Widada : Inggih Pak, dhawuhipun Bapak kula estokaken.
Bu Wasita : Sing ngati-ati ya, enggala bali.
Tetelune mangsuli : Inggih Bu, sugeng enjang.
2. RAPAT PEMUDHA
Nuwun, para kadang kula sepuh, Kangmas Mbakyu ingkang
kinurmatan
Para kadang kula anem, Dhimas Nimas ingkang sutresna.
Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah swt ingkang
sampun paring kanugrahan, satemah ing wanci menika kula miwah
panjenengan saged kempal kangge rapat pemudha.
Keparenga ngaturaken adicara rapat utawi pepanggihan ing dalu
menika.
Sepisan, pambuka
Kaping kalih, atur pambagya dening ketua pemudha
Kaping tiga, pirembagan program kegiatan.
Kaping sekawan, panutup.
Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun karantam.
Sumangga ngancik adicara sepisan, pambuka. Sumangga adicara kabuka
kanthi ndedonga manut agami piyambak-piyambak utawi kanthi maos
basmalah. Sumangga.
-----basmallah---
Matur nuwun, mugi kanthi donga utawi waosan basmallah
pepanggihan ing dalu menika ngasilaken pirembagan ingkang
manfangat. Salajengipun atur pambagyaharja saking wakil ketua
pemudha. Dhumateng Mas Ajisaka, sumangga.
-------pambagyaharja------
Matur nuwun, bokmenawi para kadang kaneman sampun ngaturaken
unjukan saha pasugatan sanesipun kersaa para kanca ngunjuk saha
dhahar nyamikan. Adicara salajengipun pirembagan program kegiatan.
Kangge ngrembag menika kula pasrahaken dhumateng ketua pemudha nun
inggih Mbak Anggraini.
-------pirembagan------
Kanthi mekaten adicara rapat ing wanci menika sampun paripurna.
Mugi ingkang sampun karembag saged katindakaken kanthi sae.
Kula minangka pranatacara bokmenawi wonten tuna dungkaping atur
nyuwun agunging pangaksama. Sugeng dalu, sugeng kondur, rahayu kang
sami pinanggih. Nuwun.
3. TULADHA PRANATACARA ING UPACARA PENGANTEN PRASAJA
Nuwun, kepareng matur dhumateng para kasepuhan, pinisepuh, saha
sesepuh ingkang minulya, para Bapak Ibu tamu ingkang satuhu
kinurmatan. Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah
swt ingkang sampun paring sih kanugrahan.
Kaperanga kula sumela atur, badhe ngaturaken menggah ingkang
dados rantamaning adicara upacara penganten ing siyang menika.
Adicara kapurwakan kanthi pambuka.
Adicara kaping kalih atur pambagyaharja.
Ingkang kaping tiga pasrah saha tampi calon penganten
kakung.
Adicara kaping sekawan adicara ijab qobul.
Dene adicara kaping gangsal, pengaosan utawi wasitatama.
Kapungkasan kanthi panutup.
Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun karantam.
Sumangga adicara kapurwakan kanthi kula maos basmalah.
Sumangga.
Adicara salajengipun atur pambagyaharja. Rehning ingkang
hamengku karsa boten kuwawi matur, pambagyaharja dipunwakili Bapak
Gunadiharja. Dhumateng Bapak Gunadiharja sumangga, dene Bapak-Ibu
Suharjana kasuwun kepareng hangampingi Bapak Gunadiharja.
Sumangga.
--------pambagyaharja------
Mekaten kalawau atur pambagyaharja. Salajengipun adicara pasrah
calon pinanganten kakung ingkang dipunsarirani Bapak Suranta Aji.
Sumangga.
------pasrah----------
Pangandikan pasrah tumuli badhe dipuntampi Bapak Suwarja
minangka wakilipun Bapak-Ibu Suharjana. Dhumateng Bapak Suwarja,
sumangga.
--------tampi--------
Minangka tandha hanetepi adat Bapak Ibu Handika calon besan
badhe hangaturaken ubarampe srah-srahan. Dipunwiwiti pisang sanggan
saha ubarampe salajengipun sumangga katampi dening Bapak-Ibu
Suharjana.
Salajengipun calon pinanganten kakung kakanthi tumuju dhateng
sasana ijab qobul. Dhumateng Bapak Daru minangka seksi saking
kulawarga calon pinanganten kakung sarta Bapak Warsana seksi saking
kulawarga calon pinanganten putri kepareng lenggah.
Bapak Naib ugi kepareng lenggah, mekaten ugi bapak wali nun
inggih Bapak Suharjana. Tumuli calon pinanganten kalenggahan ing
jajar kaliyan wali. Adicara ijab qobul salajengiun kula aturaken
Bapak Pengulu. Sumangga.
----ijab qobul----
Adicara ijab qobul sampun paripurna. Dhumateng Bapak seksi,
Bapak Naib ngaturaken panuwun. Salajengipun sri penganten
kalenggahaken ing sasana pinajang dipunembani ingkang bebesanan.
Adicara sinigeg sawetawis. Dhumateng para kadang kaneman sumangga
katur, hangaturaken pasugatan. Para tamu ingkang sampun tampi
pasugatan keparenga ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning
penggalih. Suamngga.
-------sigeg-------
Boten hangirangi pakurmatan saha kanikmatan para tamu ngunjuk
saha dhahar nyamikan, keparenga kula nglajengaken adicara nun
inggih wasitatama. Sri penganten pinaringan wasitama dening Bapak
Haji Sudarmaji. Sumangga.
------wasitatama--------
Mekaten kalawau menggah wasitatama saking Bapak H. Sudarmaji,
mugi handayani sri penganten saged gesang sakinah, mawwadah,
warahmah. Amin. Salajengipun kulawarga badhe ngaturaken lelalengan
beksan Yudaasmara, sinambi para kadang kaneman ngaturaken pasugatan
dhahar tasyakuran.
-------tari yudaasmara----
Sampun paripurna sedaya adicara. Tumuli sri penganten miwah
ingkang bebasan jengkar tumuju wonten sangandhaping tarub saperlu
nampi jawat asta pangestu saking paratamu ngiras pantes, kulawarga
ngaturaken agunging panuwun dhumaten para tamu.
Bokmenawi anggen kula ngaturaken adicara wonten kalepatan,
nyuwun agunging pangaksama. Sugeng kondur, rahayu kang samya
pinanggih. Nuwun.
4. TULADHA ATUR PANUWUN KULAWARGA ING SRIPAH
Assalamu alaikum wr.wb
Para takziah ingkang minulyeng budi, keparenga kula matur
minangka wakil saking kulawarga Bapa-Ibu Anggara Suprapto. Kanthi
atur sugeng rawuh, kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami
dene para takziah sampun kepareng nelakaken bela sungkawa awit
sedanipun Almarhum Bapa Anggara Suprapto.
Perlu kawuningan bilih Almarhum Bapa Anggara Suprapto sampun
sawetawis gerah sepuh. Kula sakulawarga sampun budi daya pados
husada amrih danganing gerah, mulya jati jati satemah mulya Bapa
Anggara Suprapto. Nanging kridhaning dhiri datan bisa mbedhah
garising pasthi. Bapa Anggara Suprapto seda kanthi tentrem yuswa 85
taun. Almarhum nilar garwa nun inggih Ibu Anggraini Sutiyah sarta
putra 5, wayah 16.
Para takziah ingkang minulya. Bokmenawi rikala sugengipun
almarhum kagungan kalepatan dhumateng para takziah keparenga paring
pangapunten. Kajawi menika bokmenawi almarhum ugi kagungan
sesanggeman ingkang dereng purna keparenga takziah pirembagan
kaliyan ahli waris.
Kulawarga Ibu Anggraini Sutiyah taksih nyuwun gungan, bokbilih
para takziah longgar wekdal keparenga wiwit mangke dalu bibar isak
ngantos pitung dinten rawuh ing wisma dhuhkita saperlu maos puji
dzikir tahlil.
Perlu kawuningan bilih, layon badhe kasarekaken ing sasana laya
Mulya Jati ingkang tebihipun saking mriki 200 meteran. Awit saking
menika dhumateng para takziah ingkang boten kabidhung ing
karepotan, kersaa nguntapaken Almarhum Bapa Anggara Suprapto
ngastos ing sasana palereman ingkang pungkasan.
Mekaten, kula ingkang minangka wakil kulawarga, bokmenawi wonten
lepating atur saha tata krama nyuwun pangaksama.
Nuwun. Wassalamu alaikum wr.wb.
H. NGOKOKRAMAKRAMA INGGIL/ALUSBHS. IND.A
aku
kula
adalem/kawula
sayaakon
aken
dhawuh/utus
menyuruhanak
anak
putra
anak/putraanut
tumut
dherek
ikutapa
menapamenapa
apaaran
nama
asma
namaasor
awon
andhap
jelekati
manahpenggalih
hati/pikerawak
badan
sarira
badanaweh
suka
paring/nyaosi/ngaturimemberayo
manggasuwawi*
mari/silakanBbali
wangsulkondur
pulang/kembalibatur
rencangabdi
pramuwismabojo
semah
garwa
suami/istribrengosrawis
gumbala*
kumisbutuh
betah
kersa
butuhDdhewekepiyambakipun panjenenganipun
dia/beliaudhengkuldhengkul jengku
lulutduwe
gadhahkagungan
punyaEembuh boten mangertosduka
tidak tahuendhas sirah
mustaka
kepalaenggo
angge
agem
pakaienom
enem
mudha/timur
mudaepek
pendhetpundhut
pintaGgawa
bekta
asta
bawagawan
bekta
ampilan*
bawaangawe
damel
ngasta/yasa
buat nyambut gawe nyambut damelngasta
bekerjagelem
purun
kersa
maugeni
latu
brama*
apigugah
gigah
wungu
bangungugu
gega
ngestokaken
menurutigunem
ginem
ngendika
berkataIiket
udheng
dhestar
ikat kepalaimbuh
imbet
tanduk
tambahirung
irung
grana
hidungJjaga
jagi
reksa
jagajaluk
suwun
pundhut
pintajamu
jampi
usada
obatjaran
kapal
kuda/turanggakudajare
caiyosipun
ngendikanipunkatanyajarit
sinjang
nyamping
kainjeneng
nama
asma
namajupuk
pendhet
pundhut
ambiljungkatserat
pethat
sisirKkalah
kawon
kasoran*
kalahkandhacariyos
ngendika
berkatakarep
kajeng
karsa
kemauankathok
sruwal
lancingan*
celanakena
pikantuk
kepareng
bolehkeris
dhuwung
wangkingan
keris
klambi
rasukan
ageman
pakain
ko/kok sampeyan
panjenengan
engkau
kon
ken
utus
suruhkongkonkengken
utus/dhawuh
disuruh
kowe
sampeyan
panjenengan
engkaukrungumireng
midhanget
mendengar
kubur
petak
sare
kuburkuru
kera
susut
kurusLlair
lair
miyos
lairlaku
lampah
tindak
jalan nglakoninglampahi
nindakaken
melakukanlanang
jaler
kakung
laki-lakilara
sakit
gerah
sakitlawangkonten
kori
pintulunga
kesah
tindak
pergiMmaca
maca
maos
bacamangannedha
dhahar
makanmanggonmanggen
lenggah
tempat tinggalmari
mantun
dhangan
sembuhmata
mripat
paningal
matamati
pejah/tilar
seda
meninggalmayit
jisim
layon
mayatmelu
tumut
ndherek
ikutmenyangdhateng
tindak
pergi/kemetengwawrat/ngandhegmbobot/nggarbinihamilminggatkesah
lolos/kentar
minggatNnesu
srengen
duka
marahngisingbebucal
bobotan
hajat besarngreti
ngertos
priksa/pirsa
tahuOoleh
angsal
kepareng/pikantuk
bolehomah
griya
dalem
rumahomah-omahemah-emah
krama
nikahomongginem/sanjang
ngendika
berkataPpangantedha
dhaharan
makananpek
pendhet/suwunpundhut
pintapelananganpejaleran
kalam*
penispikIr
manah
penggalih
pikerRrambutrambut
rikma
rambutrewangrencang
abdi
pembanturungu
pireng
midhanget
dengarSsadulursedherek
sentana*
saudarasikil
suku
sampeyan
kakisilih
sambut/ngampilpundhut ngampil
meminjamslamet
wilujeng
sugeng
selamatsuguh
segah
sugata
jamuansusah
sisah
sungkawa/sekel
sedihTtak/dakkula
adalem/kawula
sayatakon
taken
nyuwun priksa/
mundhut priksa
dangu
bertanyatamba
jampi
usada
jamutangi
tangi
wungu
bangunteka
dhateng/dumugirawuh
hadirtilik
tuwi
tinjo
tandangtonton
tingal
priksa
lihattuku
tumbas
mundhut
belitunggangtumpak
nitih
naikturu
tilem
sare
tidurtutur
sanjang/criyosparik priksa/caos priksaberkatatuwa
sepuh
yuswa
tuaUulih
antuk
kondur
pulangundangtimbale
aturi
undanguntu
waos
waja
gigiurip
gesang
sugeng
hiduputang
sambut/ampilnyuwun/mundhut ngampilhutangWwadon
setri
putrid/wanita
perempuanwaras
saras
dhangan
sembuhwarisantiliran
pusaka*
warisanwedangbenteran
unjukan
minimanweruh
sumerep
priksa
melihatweweh
suka
maringi/nyaosi/ngaturimemberiwetu
wedal
wiyos
keluarwicara
wicanten
ngendika
berkatawong
tiyang
priyantun
orangI. TEMBUNG-TEMBUNG MENIKA BOTEN WONTEN KRAMA ALUSIPUN
AAbangabrit
merahadhemasrepdinginadohtebihjauhadolsadejualakehkathahbanyakamargaamargisebabambawiyarluasambuambetbauamorkempalkumpulanawontenadaarang
awisjarangawansiangsiangayomanggaayoBbakalbadheakanbakosatatembakaubangetsangetsangatbanjirbenabanjirbanjurlajengkemudianbanyutoyaairbareppembajeng/bajengsulungbatabanonbatu
batabatinbatosbatinbathikseratbatikbayenbabaranmelahirkanbebekkambanganbebekbenerleresbenarbengidalumalamberasuwosberasbesukbenjing/benjangbesok
(tidak tentu
harinya)beciksaebaikbiyenrumiyindahulubisasagedbisabolahbenangbenangbocahlareanak-anakbubarbibarbubarbubrahbibrahbubrahbudhalbidhalberangkatburiwingkingbelakangburubedhakburubuwangbucalbuangCCangkemtutukmulutcedhakcelakdekatcendhekandhaprendahcerakcelakdekatcelengandhapanbabi
hutancendhekandhaprendahcilikalitkecilcobacobicobacritacariyosceritacukupcekapcukupDdadidadosjadidalan
margijalandawapanjangpanjangdesadhusundesadhayohtamutamudhemenremensenengdhewepiyambaksendiridhisikrumiyinduluandhuwitartauangdi-dipun-di-dinadintenharidluwangdlancangkertasdomjarumjarumdududedebukandugadugisampaidurungderengbelumEedanewahgilaeling
emutingatenak ecaenakemasjeneemasendipundimanaendhegkendelhenti
madhegkendelberhentiendhogtigantelurenggonenggentempatentek
telashabisesukenjingpagiGgalomenika lhoitu
lhogamandedamelsenjatagamelangangsagamelangampanggampilmudahwigatiwigatospentinggawe-gawedamel-damelberbuat
pura-puragedhangpisangpisanggedheagengbesargeneyakenging
menapakenapa/mengapagenepjangkeplengkapgentigentosbergantiangetihrahdarahgilomenika
lhoini
lhogodhongrondaungolekpadoscarigorohdoradustagulagandhisgulagunaginaguna/manfaatgunungredigunungguyugujengtawagumuyu/ngguyugumujengtertawaIijoijemhijauijollintutukarikimenikainiikumenikaituilang
ical
hilanginguingahpeliharaintenselaintenirengcemenghitamisihtaksihmasihisinlingsemmaluisingbobotanbuang
hajat besariwakulamikanJjabajawiluarjagosawongjago/ayam
jantanjalupanjajalu/tanduk kaki
ayamjampukuljamjarwajarwiterjemahjatijatosjati(kayu jati)
sejatisejatosipunsesungguhnya
sayektisayektosipunsesungguhnyajawajawijawajerolebetdalamjerukjeramjerukKkabehsedayasemuakacekkaotseri(dalam
arti harga)kalilepensungaikambilklapakelapakamituwakamisepuhyang
dituwakankamotkawratmuatkanarikasanakanggokanggeuntukkapan benjing
menapa/kala
menapakapankarikantunkapankarokaliyandengankaruankantenankaruankaton/ketokketingalkelihatankayakadossepertike-/ka-kapingke-
kapisankaping satunggalpertamakebo
maesakerbaukejabakejawikecualikepeneksekecaenakkembangsekarbungakemenyanselakemenyankena
kengingkenakenerikisinikepriyekados
pundibagaimanakepungkepangkepungkepungkurkepengkeryang
lalukerepasringseringkeselsayahcapaikesusukesesatergesa-gesaketaraketawiskelihatan(ketahuan)kinanggantenmakan
daun
sirihkirakintenkirakirimkintunkirimklasagelarantikarkliruklentukeliruklumpukklempakkumpulkonorikudi
situkrasakraosterasakudukedahharuskulonkilenbaratkuningjenekuningkurangkirangkurangkuwawakuwawisanggupkuwatkiyatkuatkuwatirkuwatoskawatirLlaginembe/sawegbaru(proses)lakonlampah
cerita(dalam sandiwara/wayang)lalikesupen
lupalandalandibelandalelarasesakitpenyakitlarangawismahallawaslamiusanglayangseratsuratlebulebetmasuklegimanismanislemahsititanahlemarilemantunalmarilembutlembathalus/lembutlemulemagemukleren
kendel/ngasoistirahatlimagangsallimalirulintutukarliwatlangkunglewatliyasaneslainlorokalihdualorlerutara
ngalorngalerke
utaralumrahlimrahlumrahlungguhlenggahdudukluputlepatsalahluwihlangkunglebihMmadumabenmadumajumajengmajumalingpandungmalingmambumambetbaumenawamenawikalaumanehmalihlagimangkanamekatendemikianmangkenemekatendemikianmanukpeksiburungmarakakemurugakenmenyebabkanmarga/dalammargijalanmuwahmiwahdanmarimantunsembuhmauwau/kalawautadimawamawidenganmenangmimpangmenangmenawamenawikalaumenengmendeldiammenjangansangsamkijangmengkenemekatendemikianmengko/samengkomangke/samangkenantimentas/laginembebaru
sajamenyangdhatengke-miturutmiteratmenurutmlebumlebetmasukmorimontenmorimudhun
mandhapturunmuga-mugamugi-mugisemogamulamila/pramilaoleh karena
itumundhak
mindhaknaik(tingkatan)mungnamunghanyamunggahminggahnaikmungguhmenggahdanmungsuhmengsahmusuhNnagaranegarinegarangajingaosmengaji
ngalorngalerke
utarangarepngajengdepanngisorngandhapbawahnulingajengkemudiannusunesepmenyusu(asi)Oobahebahbergerakobongbasmiobongombeunjuk
ngombengunjukminumopahepahgaji/bayarorabotentidakowahewahberubahPpadhasamisamapadhangpajarterang(sinar)paidopaibentidak
percayapajegpaospajakpanahjemparingpanahpapatsekawanempat
prapatanprasekawanperempatan
saprapatsaprasekawanseperempatpanasbenterpanaspangertenpengertosanpengertianpanggonanpanggenantempatparipantunpadipasasiampuasapasarpekenpasarpatipatosbegitu(menyangatkan)
ora pati enakboten patos enaktidak begitu
enakpayupajenglaku(harga)pekaranganpekawisanpekaranganpendhapapendhapapendhapapikulrembatpikulpingkapingkalipirapintenberapapirantipirantosalatpitayapitadospercayapitayakiyatkuatpitikpitikayampomahanpekawisan
pekarangan dan ana
rumahnyaprecayapitadospercayapradapraospradaprekaraprekawisperkaraprayogaprayogilebih
baik/sebaiknyapraubaitaperahuprihatinprihatosprihatinpringdelingbambupriyayipriyantunorangpuludasapuluh
sepuluhsedasasepuluhputihpethakputihRradaradiagakranamrikake
sanarataradinmeratarattan/dalanradinan/radosan/margijalanrasaraosrasarebutrebatrebutregaregihargarekasarekaosmenderitarembugrembagpercakapan/bicara/rembugrembuganrembaganberembug/berundingrenerikike
siniributribetribut(banyak
kesibukan)rinarintensiangriyayariyadihari raya idul
fitrirombakrombakrombakrobahrebah
rokoksesrokokrubuhrebahrubuhrumatrimatdipelihararuntuhrentahruntuhruparupiwajahrupakripaksempitrusakrisakrusakrusuh
resahrusuhSsadermasadermisekedarsakloronsekaliyan
berduasaguhsagahbersediasaikisamenikasekarangsakasakingdarisalahlepatsalahsambungsambetsambungsamubarangsamukawissemuasanggasanggisanggasapasintensiapasapilembulembusasiwulanbulanselaweselangkungdua
puluh limasemono/semanasemantensedemikian
ini/seginisenengremensenengsebutsebatsebutsedhelasekedhapsebentarsedhengcekapcukupsegasekulnasisegarasegantenlautansemayasemadosminta
waktu
lagisenengremensenangseparosepalihsetengahsepisepensepisepranaseprikadari
dahulusepreneseprikisampai
sekarangsarwasarwiserbasawahsabinsawahsepuluhsedasasepuluhseruserakerassesukbenjingbesok
(hari
berikutnya)setalisetangsulsetalisetengahsepalihsetengahsethithiksekedhiksedikitsijisetunggalsatusuruhsedhahsirihsurupserapserapsuwarasuwantensuarasuwargasuwargisurgasuwedangulamaTtalitangsultalitampa
tampiterimatandurtanemtanamtangan
astatangantanggatanggitetanggatanggungtanggeltanggungtaribeksa/tarostarian/dimintai
persetujuantaunatepernahtawatawitawartelutigatigatemupanggihketemuteruslajengkemudiantinggaltilartinggaltuduhtedahtunjuk
tulisserattulistumulitumunten
segeraUudanjawahhujanugaugijugautawautawiatauWwalulang/lulangwacucal/cucalkulitwaratawaradinratawarnawarniwarnawatuselabatuwissampunsudahYyenmenawi
kalauketerangan* : awis-awis dipunginakaken
Tugas:Katambahana bilih taksih wonten tembung-tembung ingkang
kirang utawi kirang pas!