Bahasa Jawa Kelas 11 PKBM Terang Bangsa BAB I SERAT WÉDHATAMA Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, ya iku: serat, wédha lan tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul mligi ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Miturut babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta, Serat iki kaya-kaya isih cedhak karo babone kang asli Pangkur.( https://jv.wikipedia.org/wiki/Serat_W%C3%A9dhatama) Paugerane Tembang Pocung Guru gatrane ana 4 Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris). Guru wilangane 12, 6, 8, 12 Tegese Gatra kapisan dumadi saka 12 wanda (suku kata), gatra kapindho enem wanda, gatra ketelu wolung wondo, lan gatra kaping papat rolas wanda. Guru lagune yaiku u, a, i, a Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (A), gatra kaping telu dipungkasi swara (I) lan gatra kaping papat dipungksi swara (A). Watak Tembang Pocung atau karakternya : Geguyon, nasehat, bebas Wos kang kamot ing tembang Pocung (wedhatama) Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan
16
Embed
BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,
This document is posted to help you gain knowledge. Please leave a comment to let me know what you think about it! Share it to your friends and learn new things together.
Transcript
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
BAB I
SERAT WÉDHATAMA
Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab
kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati
Arya (KGPAA) Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin
Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3
Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, ya iku: serat, wédha lan
tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama,
dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama
duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé
manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul
mligi ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Miturut
babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta, Serat iki kaya-kaya isih cedhak karo babone kang
asli Pangkur.( https://jv.wikipedia.org/wiki/Serat_W%C3%A9dhatama)
Paugerane Tembang Pocung
Guru gatrane ana 4
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris).
Guru wilangane 12, 6, 8, 12
Tegese Gatra kapisan dumadi saka 12 wanda (suku kata), gatra kapindho enem wanda,
gatra ketelu wolung wondo, lan gatra kaping papat rolas wanda.
Guru lagune yaiku u, a, i, a
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu
dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho
dipungkasi swara (A), gatra kaping telu dipungkasi swara (I) lan gatra kaping papat
dipungksi swara (A).
Watak Tembang Pocung atau karakternya : Geguyon, nasehat, bebas
Wos kang kamot ing tembang Pocung (wedhatama)
Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka,
amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara
Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu
luhur. Diandharake lamun wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem
ngupadi kanthi tenan
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
Serat Wedhatama (Pupuh Pocung 1-15)
Pada 1
Ngelmu iku Kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara
Ilmu(hakekat) itu diraih dengan cara menghayati dalam setiap perbuatan,
Diawali kemauan.
Artinya, kemauan membangun kesejahteraan sesama,
Teguh membudi daya menaklukkan semua angkara
Pada 2
Angkara gung Neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
Nafsu angkara yang besar ada di dalam diri,
kuat menggumpal,
menjangkau hingga tiga zaman,
jika dibiarkan berkembang akan berubah menjadi gangguan.
.
Pada 3
Beda lamun kang wus sengsem Reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama
Berbeda dengan yang sudah menyukai
dan menjiwai,
watak dan perilaku memaafkan pada sesama
selalu sabar berusaha menyejukkan suasana,
Pada 4
Taman limut Durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda saardi pengira
Dalam kegelapan angkara dalam hati yang menghalangi,
Larut dalam kesakralan hidup,
Karena tenggelam dalam samodra kasih sayang,
kasih sayang sukma (sejati) tumbuh berkembang sebesar gunung.
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
Pada 5
Yeku patut tinulat tulat tinurut
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mundhi diri Rapal makna
Itulah yang pantas ditiru,
contoh yang patut diikuti
seperti semua nasehatku.
Jangan seperti zaman nanti banyak anak muda yang menyombongkan diri dengan hafalan
ayat
Pada 6
Durung becus kesusu selak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma
Belum mumpuni sudah berlagak pintar.
Menerangkan ayat seperti sayid dari Mesir
Setiap saat meremehkan
kemampuan orang lain
Pada 7
Kang kadyeku Kalebu wong ngaku aku
Akale alangka
Elok Jawane denmohi
Paksa langkah ngangkah met Kawruh ing Mekah
Yang seperti itu termasuk orang mengaku-aku
Kemampuan akalnya dangkal
Keindahan ilmu Jawa malah ditolak.
Sebaliknya, memaksa diri mengejar ilmu di Mekah
Pada 8
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh
lumeketing angga
Anggere padha marsudi
kana kene kaanane nora beda
Tidak memahami hakekat ilmu yang dicari,
Sebenarnya ada didalam diri,
Asal mau berusaha,
sana sini (ilmu) tidak berbeda.
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
Pada 9
Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuka
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahya sekar srinata
Asal tidak banyak tingkah, agar supaya merasuk ke dalam sanubari
Bila berhasil terbuka,
pada derajat kemuliaan hidup yang sebenarnya,
Seperti yang telah tersirat dalam tembang sinom.
Pada 10
Basa ngelmu mupakate panemune
Pasahe lan tapa
Yen satriya tanah Jawi
Kuna kuna kang ginilut tripakara
Yang namanya ilmu, dapat berjalan bila sesuai dengan cara pandang kita.
Dapat dicapai dengan usaha yang gigih.
Bagi satria tanah Jawa,
dahulu yang menjadi pegangan adalah tiga perkara.
Pada 11
Lila lamun kelangan nora gegetun
Trima yen ketaman
Sakserik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah ing Bathara
Ikhlas bila kehilangan tanpa menyesal,
Sabar jika hatidisakiti sesama,
Ketiga, lapang dada sambil berserah diri pada Tuhan.
Pada 12
Bathara gung inguger graning jajantung
Jenek Hyang wisesa
Sana pasenedan suci
Nora kaya simudha mudhar angkara
Tuhan Maha Agung diletakkan dalam setiap hela nafas
Menyatu dengan Yang Maha Kuasa
Teguh mensucikan diri
Tidak seperti yang muda, mengumbar nafsu angkara
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
Pada 13
Nora uwus kareme anguwus uwus
Uwose tan ana
Mung janjine muring muring
Kaya buta buteng betah anganiaya
Tidak henti hentinya gemar mencaci maki.
Tanpa ada isinya
kerjaannya marah- marah seperti raksasa bodoh,
mudah marah dan menganiaya sesama
Pada 14
Sakeh luput ing angga tansah linimput
Linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawa gada
Semua kesalahan dalam diri selalu ditutup tutup dengan kata2,
mengira tak ada yang tahu,
bilang enggan berbuat jahat
padahal tabiat buruknya membawa kehancuran.
Pada 15
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa
Belum cakap ilmu buru2 ingin dianggap pandai
Tercemar nafsu
selalu merasa kurang dan tertutup oleh pamrih,
sulit untuk manunggal pada Yang Maha Kuasa.
TEMBANG GAMBUH
Tembang Gambuh – Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu
kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana
perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal
anane titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro
pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana
telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang. Ing tembang iku
rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa
utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho
iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung,
dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung. Serat kang
tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning tembang lan
paugerane tembang macapat.
Pathokane tembang Gambuh
Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5
Watake tembang Gambuh
Watake yaiku kakulawargan/akrab, sumadulur.
Makna tembang Gambuh
Tembang Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang iki
menehi pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem tenterem.
Serat Wedhatama (Pupuh Gambuh 1-35)
Pada 1
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.
Kelak saya bertutur,
Empat macam sembah supaya dilestarikan,
Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!
Disanalah akan bertemu,
tandha anugrah Tuhan.
Pada 2
Sembah raga punika,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
Sembah raga adalah,
Perbuatan orang yang olah batin,
Menyucikan diri dengan sarana air,
Yan sudah biasa lima waktu,
Sebagai rasa hormat terhadap waktu.
Pada 3
Inguni-uni ersua,
Sinarawung wulang kang sinerung,
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawagnyanipun,
sarengate elok-elok.
Pada zaman dahulu,
Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir,
Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan,
Memamerkan kebiasaannya,
amalannya aneh-aneh.
Pada 4
Thithik kaya santri Dul,
Gajeg kaya santri brahi kidul,
Saurute Pacitan pinggir pasisir,
Ewon wong kang padha nggugu,
Anggere guru nyalemong.
Kadang seperti santri Dul,
Seperti santri wilayah selatan,
Sepanjang pinggir pantai Pacitan,
Ribuan rang yang mempercayai,
Asal-asalan dalam berbicara.
Pada 5
Kasusu arsa weruh,
cahyaning Hyang kinira yen karuh,
ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko iku,
akale keliru enggon.
Terburu-buru ingin tahu,
Cahaya Tuhan dikira dapat ditemukan,
Menanti-nanti besar keinginan mendapatkan anugrah,
Namun gelap mataOrang tidak paham yang demikian itu,
Nalarnya sudah salah kaprah.
Pada 6
Yen ta jaman rumuhun,
tata titi tumrah tumaruntun,
bangsa srengat tan winor lan laku batin,
dadi ora gawe bingung,
kang padha nembah Hyang Manon.
Bila zaman dahulu,
Tertib teratur runtut harmonissariat
Tidak dicampur aduk dengan olah batin,
Jadi tidak membuat bingung,
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
bagi yang menyembah Tuhan.
Pada 7
Lire sarengat iku,
kena uga ingaranan laku,
dihin ajeg kapindhone ataberi,
pakolehe putraningsun,
nyenyeger badan mwih kaot.
Sesungguhnya sariat itu
Dapat disebut olah,
Pertama tetap kedua tekun.
Anakku, hasil sariat adalah,
Menyegarkan badan agar lebih baik,
Pada 8
Wong seger badanipun,
otot daging kulit balung sungsum,
tumrah ing rah memarah antenging ati,
antenging ati nunungku,
angruwat ruweting batos.
Orang segar badannya,
Otot, daging, kulit dan tulang sungsumnya
Mempengaruhi darah membuat tenang di hati.
Ketenangan hati membantu,
Membersihkan kekusutan batin.
Pada 9
Mangkono mungguh ingsun,
ananging ta sarehne asnafun,
beda-beda panduk panduming dumadi,
sayektine nora jumbuh,
tekad kang padha linakon.
Begitulah menurut ku,
Tetapi karena orang itu berbeda-beda,
Beda pula garis pembagian nasib,
Sebenarnya tidak cocok,
Tekad yang pada dijalankan itu.
Pada 10
Nanging ta paksa tutur,
rehning tuwa tuwase mung catur,
bok lumuntur lantaraning reh utami,
sing sapa temen tinemu,
nugraha geming Kaprabon.
Bahasa Jawa Kelas 11
PKBM Terang Bangsa
Namun terpaksa bertutur,
Karena sudah tua kewajibannya menasehati,
Siapa tahu dapat lestari menjadi pedoman tingkah laku utama,
Barang siapa bersungguh-sungguh mendapatkan,
Anugrah kemuliaan dan kehormatan.
Pada 11
Samengko sembah kalbu,
yen lumintu uga dadi laku,
laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing kawruh,
meruhi marang kang momong.
Berikutnya sembah kalbu,
Jika berkesinambungan juga menjadi olah,
Olah tingkat tinggi yang dimiliki Raja,
Tujuan ajaran ilmu ini,
Memahami yang mengasuh diri (guru sejati/pancer).
Pada 12
Sucine tanpa banyu,
mung nyenyuda mring ersuasi kalbu,
pambukane tata, titi, ngati-ati
atetetp talaten atul,
tuladhan marang waspaos.
Bersucinya tidak menggunakan air
Hanya menahan nafsu di hati
Dimulai dari perilaku yang tertata, teliti dan hati-hati